Senin, 28 November 2011

Wasiyate Pakdhe Pujosoewito

B E B U K A

I. Aku, Soekirman Poedjosoewito, Jeruk, Kepek, Wonosari, Gunungkidul, Ngayogyakarta, Umur 71 tahun. Perlu anggawe tinggalan wujud Buku Wasiyat Keya­kinan Kasuksman Pran-Soeh, kang kaampil dening Rama RPS.Sastrosoewignyo Jagalan Munthilan.
II. Buku Wasiyat kahimpun saka buku asllne/babune kang wus meh kendran/rusak.
III. Buku Wasiyat iki daketik dhewe,rampung pangetikku, banjur dakjilidake. Wondene ngenani pangrakiting tembung/ukara kurang apik,lan akeh lupute anggon­ku ngetik.Pancen dakakoni,aku ora ahli basa/sastra, mung tumeka samene kabisanku.
IV. Mungguh wigatine aku ninggal Layang/Buku Wasiyat iki, nduweni tujuan pokok iya iku:
1. Kagungane ngelmu Panjenengane Rama Resi Pran­-Soeh Sastrosoewignyo tetep bisa lestari murni, ing salawas-lawase, aja nganti dadi ngelmu jarene besuk.
2. Nyethakake lan angganepi ngelmu kang samar lan kurang, aja nganti mbingungangake marang sapa bae kang arep ngudi ngelmune Rama RPS.Sastrosoewignyo.
V. Wasana ing sateruse, bokmanawa ana sadulur kadang golongan kang arep ngapikake sarana dicapake, disalin nganggo basa Indonesia, Inggris lan liya-liyane kena, janji aja dislewengake.


Wonosari 1 Januari 1986
Kaimpun dening
(Poedjosoewito)
Perangan 1 (sapisan)
SARA SILAHE RAMA RPS. SASTROSOEWIGNYO

1. Sara silahe Rama RPS.Sastrosoewignyo, mung bakal.ka­terangake lajere bae. Kajupuk wiwit saka Eyang buyut, se­bab mung dijupuk saperlune waton cukup dimangerteni, bab asal usule Panjenengane.
2. Panjenengane Rama RPS. Sastrosoewignyo miyos saka trah Kyai Wirobongso kapernah Eyang buyute Rama RPS. Sastrasoewignyo.
Kyai. Wirobongso, kang bebadra, cikal-bakal/ngawiti dedunung ing Desa Babadan, Sleman, Ngayogyakarta Hadiningrat, Kalebu wewengkon Propinsi Jawa Tengah. Kutha Sleman kaper­nah ing salore Kutha Ngayogyakarta, udakara 12 Km adohe. Dadi Kyai Wiropati kuwi kalebu Kebangsaan Indonesia golongan suku Jawa asli/Mataram deles.
Panjenengane Kyai Wirobbngso ngasta padamelan ing Jaman nalika samana ana ing Pangreh Praja/Jaman Pemerintah Hindia Belanda, ngasta: Panewu Kabupaten Sleman Ngayogyakar­ta. Yen ing jaman Republik Indonesia iki, ing Pamong Pra­ja, ngasta Camat Kabupaten Sleman Ngayogyakarta. Ngrasuk Agama Islam; Ngulama. Mungkul pangibadahe. Gentur kasutapane. Bontos ing kawruh ka Islaman. Ing saben dina­ne: Kyai Wirobongso mulang ngaji, Ing wektu sawise bubar ngayahi peprintahan.
3. Kyai Wirobongso kagungan putra kakung, asma Kyai Wiropati. Ngasta padamelan ing reh kaprajan hiya Pangreh Pra­ja ing wektu saiki. Pamong Praja: dadi Mantri Kabupaten Sleman. Uga ngrasuk Agama Islam. Bab ka Islamane bontos ba­nget. Apa maneh kasutapane, tapa bratane ngungkuli ramane. Bab kawruh Islam faham banget, lan mencarake Agama Islam. Panjenengane (kyai Wiropati) mungkul semadine, anggone ngudi ngelmu kasunyatan, ngelmu kebatinan, elmu kemakrifatan, hiya ngelmu ghoib, butuh mangerti lan pana/weruh kanthi netra batin, nyatane anane dat Kang Maha Suci. Nganti dire­wangi kanthi laku tapa brata kang mawarna-warna. Mungguh laku kang ditindakake antarane: mbrakah, mutih, tapa ngrambang, sare kekadar, apa dene ngebleng (pati geni). Kang wose: nyandhet meper ubaling hawa-nafsu, lan nandukake rasa tresna lan asih marang sapadha-padhane titah Jan nuju pra­na. Mungguh teges lan maksude tembung nuju prana: saka­behing pangandikane lan solah bawane mranani lan duwe rasa kang cocog, antarane panggalihe sing ngandika lan sing di­paringi pangandika. Tumrap bab laku kang mawarna-warna, lan pangesthine marang Gusti Kang Maha Kawasa kanthi: tekading panggalih kang wis golong lan gilig. Kyai Wiropati kanyata dadi priyayi kang kinyai-kyai, dening uwong desa kiwa tengene lan uwong manca desa, kang wus kondhang kaloka sidik paningale, priksa sadurunge winarah lan waskitha. Marga kawaskithane mau, Kyai Wiropati bisa paring pitulungan apa bae marang uwong-uwong kang padha nyuwun pitulungan, lan bisa luwar naka panan­dhang karibedan kang warna-warna.
4. Kyai Wiropati kagungan putra kakung kang asma Kyai Natatrisula, ngasta Pamong ing Sleman.
Iya Kyai Natatrisula iku keng ramane RPS.Sastrosoewignyo. Dadi Rama RPS.Sastrosoewignyo iku kapernah buyute Kyai Wirobongso saka pancer rama.
5. Lan Rama RPS. Sastrosoewignyo uga ka­gungan Eyang buyut kang asma Kyai Haji Ngisa. Eyang buyut saka pancer ibu.
Mungguh larahe mangkene:
Kyai Haji Ngisa kang dedalem ing Banyutumumpang, Kragawanan, Sawangan, Magelang dhaerah Kedhu. Panggaotane among tani. kalebu kaum tani bentil, kagungan watak jujur, lugu/prasaja tumemen, tanggon tangguh nuhoni enggone among tani. Keno winastanan pliket banget marang lemah.
Panjenengane ngrasuk Agama lslam, lan wani ngantepi apadene ngrungkebi marang Agamane.

Kyai Haji Ngisa kalebu ora sugih, nanging gandheng andu­weni antep lan madhep marang Agamane kanggo netepi rukune Islam 5 prakara, kang nomer 5 kang sinebut munggah Haji, direwangi gemi nastiti lan ngati-ati kanggo nindakake ni­yate munggah Haji mau. Tekad lan niyate anggone munggah Haji menyang Mekah Panjenengane nganti suwe banget anggone keklumpuk sangu. Sawise anggone keklumpuk sangu wis kapetung cukup, Kyai Haji Ngisa nindakake geneping
rukun Islam 5 (lima) prakara, hiya iku rukun Islam kang kalima.
6. Sakundure saka nindakake munggah Haji menyang Mekah, panguripane rada rekasa sebab sawahe mung kari saperangan, jer liyane wus diedol kanggo sangu nalika angkate. Sanajan katone mangkono,Kyai Haji Ngisa panggalihe tetep merwira,ing sadjroning panggalih rumaos kalegan wus bisa nindakake munggah Haji menyang Mekah.Ateges anggone ngra­suk Agama Islam kena diarani sembada lan genep.
Ing wektu sateruse tindak lan watake tansah lugas lugu lan jujur,apa maneh tumemen,ing sapemburine pengaruhe saya mundhak gedhe,ndayani disuyudi ing uwong akeh.Kadayan sa­ka iku mau putrane kakung kang asma Kyai Mangunsastra ka­pilih lan piniji dening uwong akeh dadi Penatus ing Tum­pang,Kragawanan,Sawangan.
Dadi Kyai Haji Ngisa kagungan putra kakung asma Kyai Mangunsastra, sateruse Kyai Mangunsastra kagungan putra. Iya iku putra lan putri akeh. Ing antarane putrane Kyai Mangunsastra kang samono mau,ana putrane putri kang si­ji dipundhut mantu dening Kyai Wiropati,kajodhokake lan Kyai Natatrisula, lan iya Nyi Natatrisula iku ibune Rama RPS. Sastrosoewignyo,utawa kang dadi lelantaran miyose Rama RPS.Sastrosoewignyo ing alam donya.

RINGKESAN SARA-SILAH MANGKENE:

Pancer Rama
KYAI WIROBONGSO


RAMA RESI PRAN-SOEH SASTROSOEWIGNJO
KYAI NATATRISULA
KYAI WIROPATI
Pancer Ibu
KYAI HAJI NGISA
KYAI MANGUNSASTRO
NYI NATATRISULA






TAMBAHAN KATERANGAN

Kyai Natatrisula iku isih turun ningrat, sanajan ing kono ing sangarepe asma ora ana aksara R (ateges Raden). Mungguh ningrat iku ateges bangsa luhur, tembunge liya bangsawan. Mula Panjenengane dalah para putrane kabeh, dening tangga teparo lan masyarakat umum sinebut Raden kang cinekak Den.

***A***

Perangan 2 (kapindho).
WIYOSE RAMA RESI PRAN-SOEH SASTROSOEWIGNYO.
Sadurunge Rama RPS.Sastrosoewignyo miyos ing alam donya, ora ana kang matitisake bab ana lan orane keelokan, pra­lambang lan pratandha-pratandha apa dene sasmita kang si­nurupan utawa disumurupi dening umum,kang gandheng karo miyose.
Mung ana sabda utawa weca ing sajeroning kurang 5(li­mang) tahun karo wiyose Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoe­wignyo.
Nalika Kyai Natatrisula dadi manten anyar, ramane ing­kang asma Kyai Wiropati paring pangandika/meca marang pu­trane. Dene weca mau ing tahun 1863 Masehi.
Dene weca mau mangkene: Putuku (anakmu) kang nomer loro besuk metu lanang, jenengna: Gunung Rama Pran-Soeh iku kinacek karo sapadha-padhaning titah.
Nalika Kyai Wiropati paring weca bakal miyose Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo, ing alam donya, dikantheni weca gandheng karo bakal sedane Kyai Wiropati dhewe.
Weca mau mangkene:"Yen adhine Gunung Rama Pran-Soeh wis lahir, iku calone wedok,iya ing wektu iku lelakonku wis rampung."
Bareng wis diserantekake weca kasebut ing dhuwur mau tu­meka 5 tahun lawase,weca tinemu cocog/nyata temenan. Kyai Natatrisula kagungan putra kang nomer loro mbabar putra miyos kakung. Ing wektu kuwi pinuju dina Rebo Pa­ing Tgl:12 Jumadilakir tahun 1797 utawa Rebo Paing Tgl: 30 September 1868 Masehi. Lan ngestokake dhawuhe Kyai Wi­ropati,putrane kakung mau diparingi asma"Gunung Rama Pran‑Soeh" Let sawatara waktu maneh, Kyai Natatrisula kagungan putra maneh,kanyata miyos putri. Ing wektu pinuju wayah bubar bangun esuk, ngarepake sedane Kyai Wiropati. Panje­nengane isih nindakake sembahyang subuh, sarampunge sembah­yang subuh, isih nilak-niliki putrane mantu kang lagi nglarani/arep nglahirake jabang bayi, kanthi ngandika:"Putuku wis meh, aku iya meh”. Ka-nyata kelakon rayine "Gunung Rama Pran-Soeh" lahir we­ruh padhang hawa, hiya kanyata miyos putri Kyai Wiropati sareyan, terus lelaku,kanthi kaanan kang katon tenang lan tentrem

wasana ing wektu iku uga terus seda.
Ing wektu iku ndadekake gumune uwong ing masyarakat kono, lelakon.kang ngelok-eloki nampa kabungahan lan nampa ka­susahan,iya kuwi bebarengan slametan mbrokohi bayi lan slametan surtanah sedane Kyai Wiropati.
Nanging tumrape sapa bae kang ngerti wecane Kyai Wiro­pati ing batin ngakeni yen pangandika mau kabeh tinemu cocog/nyata.
Ateges Panjenengane Kyai Wiropati kuwi tinitah dadi ma­nungsa kang cinaket dening Gusti Ingkang Maha Kawasa, lan manungsa kang sidik ing tingal lan waskitha.
Mula ora mokal,marga sidik lan waskitha duwe daya, panga­ribawa, akeh kang padha teka layat, ora karuwan akehe jer ngiras pantes duwe tujuan ngalap berkahe Kyai Wiropati.
Nalika Rama RPS.Sastrosoewignyo isih timur/bayi,ngenani kaelokan lan kamokalan,ana lan orane ora ana kang mati­tisake,kala rikala, sadurunge miyos.
Rama Ibune ora diparingi weruh/ora dijarwani ing sawantahe dening Kyai Wiropati,mungguh kapiye ing tembe burine mau. Ing jaman samana,trapsilaning antarane mantu marang mara­tuwa kang sacara akrap sesambungane ing saben dinane ora wani,apa maneh wani nyuwun priksa kanthi neges-neges lan tlesih,babar pisan ora wani.Ing salagine antarane putra­ne dhewe, tumrap marang uwong tuwa wedi lan asih banget. Uwong tuwane luwih-2 Ibune, tansah eling dhawuhe utawa wecane Kyai Wiropati, yen Gunung Rama Pran-Soeh bakal kinacek padha-padhaning titah.nanging kapriye nyatane bab kinacek lan bedane karo titah liyane,durung mangerti. Apa bakal dadi uwong sugih,apa kajen keringan,apa bias duwe pangkat kang luhur(gedhe), apa waskitha lan sidik kaya Eyange Kyai Wiropati lan sapanunggalane,kabeh mau mung ana ing panggalih,dadi durung mangerti wedhare. Mungguh katresnane uwong tuwane (Rama lan Ibune) kang katandukake marang Rama RPS.Sastrosoewignyo (Raden Gunung) nalika isih bayi,lan marang putra-putrane kabeh,bab pang­gula wenthahe padha,tan ana kang binedakake,ora ana emban cindhe emban siladan lan mawa cara-2 kang lumrah ing masyarakat kono ing wektu iku.





***A***


Perangan 3 (katelu)
NALIKA TIMURE RAMA RESI PRAN-SOEH SASTROSOEWIGNYO
1. Raden Gunung: hiya asma iku asmane Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo nalika isih timur durung kagungan garwa. Umume kanggo bangsa Jawa ing wektu samana uwong kang wis duwe bojo kanthi ijab resmi,terus duwe jeneng tuwa,dene jeneng mau kang maringi tetenger saka uwong tuwane dene kang diparingi gelem nganggo.Nanging wektu saiki umume sawise jejedhohan padha ora duwe jeneng tuwa.
Mungguh jeneng tuwa iku sejatine jeneng sawiji kanggo je­nenge uwong loro.Raden Gunung kagungan Rama kang asmane Kyai Natatrisula, mesthi bae ngrasuk Agama Islam lan Pan­jenengane nindakake solat limang wektu (sembahyang). Panjenengane ngasta pagaweyan/pangkat Demang. Pangkat kang dhuwur dhewe tumrape desa kono, apa maneh adoh cedhake isih turun ningrat (turune bangsa luhur/bangsawan). Karana iku Panjenengane dalah putra-putrane tansah isih sinebut Raden dening tangga teparone.
Mangkono uga Gunung Rama Pran-Soeh uga sinebut Raden Gu­nung Rama Pran-Soeh. Adhakane katelah sinebut Raden Gunung.

Kyai Natatrisula kaanane bebudene beda banget karo Rama lan Eyange cara kacang mono ninggal lanjaran.Yen Rama lan Eyange banter kasutapane,mungkul pangibadahe,lugas lugu panindake,nanging Kyai Natatrisula mung tansah seneng-2 nandukake kamurkaning panggalih,ora nuhoni ka Islamane, apa maneh ora ngesthi makrifat lan panembahe,kelut lan ora bisa ngendaleni hawa nafsune/kerem ing Nafsu, lali lirwa marang kuwajibane (pagaweyan), marang garwa putra sarta kalenggahan sarta kaprawiran.

Kaanan bebuden kang kaya mangkono mau, mahanani kahanane panguripane dadi comprang-campreng. Bale omah ora kapang­galih. Apa maneh kagungane lemah kang jembar iya kuwi le­mahe lungguh uga ora bisa kasaid, dadi ora ana, sumbang­ surung saka pepanenan hasiling lemah, perlu kanggo tam­bahing cagaking urip. Bab iku mau ndayani uripe lan panggalihe Nyi Natatrisula ora tentrem, lan kang rinasa ing ati mung nggerus. Kang banget njengkelake panggalihe Nyi Natatrisula anggone raben, seneng wayuh,kongsi ora kondur, lali dalem lan lali marang putra-putrane.
Isining sadjrone panggalih hiya pangudasmaraning driya, upama ajaa wis peputra trima pisah, urip bali menyang Banyutumumpang Kragawanan Sawangan, urip saurip-uripe kum­pul lan uwong tuwane.
Nanging ngelingi lan nyawang putra-putrane kang isih ci­lik-2 isih remuwet, panggalihe kawelas asih kang kandheg ing telenging ati, mula pangudarasaning ati kang nedya pi­sahan ora dileksanani. Panggalihe dikuwat-kuwatake.

2. Para putra-putrane kang prasasat linalekake ora rinem­bug dening ramane, Kyai Natatrisula, kang mung rinegem lan karembug ibune, kang prasasat lamba marga kurang rinembug kakunge, lan kaanane rekasa lan mrihatinake banget padha tansah susah, ora berag, ora tentrem panggalihe, luwih-2 tu­mrap Raden Gunung tansah nggrantes lan ora tentrem, priksa kaanane ibu lan ramane tansah paben.
Bab iki nambahi nalongsa lan kaprihatinane apa maneh ka­sutapane Raden Gunung, dhahar sapisan sadina, sare ing sa­papan-papan (kekadhar ing tegal-tegal). Jalaran ora betah ana ing ngomah, awit ora tahan priksa lan mireng rama ibune padha padu.
Nyi Natatrisula saking gempunging panggalih kongsi ora mang­galihake marang kakunge, kang diprihatinake mung putrane, muga bisa tulus widada, luwih-2 yen ngelingi wecane Kyai Wiropati ngenani Raden Gunung tansah nglangut pangga­lihe, kerep bae Nyi Natatrisula ora kersa dhahar lan ora ker­sa sare, nganti tekan lingsir wengi.

Kadayan Nyi Natatrisula tedhak turune kaum tani kang miskin mula kagungan dhasar panggalih jujur, welasan, tumemen, kandel rasa prikamanungsane, hiya rasa tepa-salira, kaga­wa wis nyalirani dhewe rasane uwong kang nandhang kemla­ratan, kang sarwa-sarwi rekasa, duwe panggayuh durung mes­thi kasembadan karepe. Malah saka mlarate kerep kanyata/kadadeyan marga duwe dhasar panggalihan gedhe rasa pri­kamanungsane, pinuju ana tangga teparo kang nandhang kasu­sahan marga kasripahan, mangka banget welase marang sadu­lur kang kasusahan mau, mangka panjenengane ora duwe dhuwit lan ora kagungan apa-2 kanggo ulung-2 pratandha bukti melu bela sungkawa, satemah nggadhekake agem-agemane sembet kang hawujud embuh kasemekan embuh nyamping,lan apa liyane kang ora misra/ora sapira payune perlu kanggo paring bantuan/sokongan, kanggo gotong-rovong amrih entheng sesanggane uwong kang kasusahan mau.

3. Raden Gunung rerewang nyambut gawe ibune ing sabisa­bisane,isining panggalih amrih ngentheng-enthengi sesangga­ne ibune.
Dene Kyai Natatrisula kanyata akeh laline tinimbang elinge marang wecane Ramane kang ngenani Raden Gunung, kabukti tanpa manggalihake/ngaruha ke luwih-2 nambahi panjaga lan panggula wenthah marang para putrane. Kaanane mung katungkul nuruti kersa pribadi.
Kang nggumunake Raden Gunung kuwi wiwit timur kurang lu­wih yuswa 10 tahun (sepuluh tahun) wis kerep nampa dhawuhe Rama Pran-Soeh kanthi cetha lan mangertos kang kinarsakake. Dhawuh mau wujud sasmita maya kawahya, ing alam sare. Iya iku: Nalika Panjenengane gerah banget, gerah panas, ing alam pasupenan kaya arep sinosor ing mliwis, batine ing alam alus/supenan yen ora ana pitulungane Ingkang Maha Kuwasa mesthi tekan pati. Tujune konangan (dimangerteni) kewan kang memper mliwis mau banjur lunga. Iya karana bab kuwi Panjenengane ngejibake yen bakal waras lan pancen kanyata uga tumuli waras temenan.
Kyai Natatrisula, ora panjang yuswane seda nalika kagungan yuswa 42 tahun (patang puluh loro) tahun.
Sapungkure sedane Kyai Natatrisula mesthi bae panguripa­ne Nyi Natatrisula nrenyuhake banget. Putra-putrane isih cilik-2 durung ana siji-sijiya kang mentas. Raden Gunung saya tambah gedhe prihatine lan mbudi daya amrih sudaning sesanggane ibune, kapriye supaya bisane entheng. Dene bab pambudi-daya mau Panjenengane direwangi suwita/ngenger-2 lan uga nyambi sakolah. Nganti bisa tamat sako­lah Rakyat (ing jaman Penjajahan Walanda) sekolahan angka II ana ing Godheyan, Ngayogyakarta. Perlu dimangerteni pasuwitan utawa pangengeran Raden Gunung kuwi ora mung sapangengeran bae tegese anggone ndherek/ngawula ora netep sapapan, nanging pindhah-pindhah pasuwitan.
Pangengeran mau kawitane (wiwitane) ing Sleman, terus pin­dhah menyang Dharatan/Sendhangpitu, terus Ngijon.
Saka ing Ngijon banjur pindhah suwita ing sawijining uwong kang apangkat Demang kang asma Srema, suwita ing kono ora pati suwe.
Wektu Raden Gunung ngalami gesang/urip ing pangengeran utawa ing pasuwitan, kang apindhah-pindhah enggon, lan mesthi bae ganti bendara seje watake, nanging Panjenenga­ne bisa ngladeni apa kang dadi karepe bendarane/sing dingengeri, si bendara dadi lega mareming atine.
Amarga Panjenengane tanggap sarta lantip banget batine, apa maneh landhep perasaane atine, prasasat ngawuningani batine liyan.
Sadjroning suwito Panjenengane durung tau diprintah lan diatak dening kang disuwitani, awit wis ndhisiki tumindak, lan nyocoki kang dadi karepe bendarane/sing disuwitani. Nate Panjenengane ngalami lelakon kang ora ngapenakake panggalihe Raden Gunung, iya kuwi lelakon nalika ngenger sawijining ngulama/Kyai kang misuwur. Panjenengane wus nyambut damel mawarna-warna lan ora leren-2. Kena diarani sarwa-sarwi manut lan miturut. Pak Kyai mau ora marem lan ora lega yen durung ngungseb-ungsebake (dipethes ing pagaweyan) marang Raden Gunung mau. Pak Kyai tau mrentah supaya ngaritake jarane, kanthi muni-2 sing kanggo lesan/sasaran anake dhewe.
Raden Gunung tanggap batine Pak Kyai, mulane Raden Gunung terus nyandhak kranjang, nuli lunga ngarit, kanthi raosing panggalih kesakit-sakit, muwun sajroning batos, waspane trocosan lan nalongso ing batos, ing ngatase caos printah bae teka nganggo ngunek-unekake, mangka ora weya ing kuwajiban. Let sawatara dina Raden Gunung ngadhep Pak Kyai nyuwun pamit saka pangengeran. Pak Kyai ngabulake pamite Raden Gunung. Saungkure Raden Gunung saka pangengeran, ora an­tara suwe Pak Kyai mau lara banget, kongsi tumeka ing a­jale. Malah ora mung cukup samono bae, sawise ditliti/di­gubah kanyata suksmane Pak Kyai mau nampa ukume Rama Pran-­Soeh. Bab nyatane prakara iki bisa disekseni ing alam a­lus, alam kasuksman iya alam sasmita-maya.
Raden Gunung kagungan kamas. Kamase mau kapundhut mantu dening sawijining Kyai kang misuwur. Kyai mau asma Dipa­wedana dalem ing Plered. Kang dadi gurune/pangandele pa­ra bangsawan(para luhur) ing Kraton Ngayogyakarta Hadi
ningrat.
Raden Gunung tumuli ndherek Kyai Dipawedana mau, ngiras maguru pisan. Raden Gunung ditresnani banget lan prasa­sat dianggep putrane dhewe, kongsi disupitake pisan.
Bab lelakone Raden Gunung mau kang kasandhang kabeh bisa kanggo nggambarake sapira kasangsarane Raden Gunung kang nganti dadi gawe besane. Mangka dadi adad kasusilan Jawa antarane besan karo besan kuwi padha rebut kaprawiran lan kamonceran,nyirik aja nganti kalah kaprawirane, lan nyi­rik aja nganti kaluhuran budi. Iya kanthi lelantaran besane kang asma Kyai Dipawedana mau (Kyai Guru) apa dene putrane kaponakan dipundhut garwa ampeyan dening Kangjeng Sultan,Raden Gunung bisa suwita ing Kraton Ngayogyakarta rikala sugenge Kangjeng Sultan Hamengku Buwana kaping VII.













***A***


Perangan 4 (kapapat).
TINARBUKANE RAMA RESI PRAN-SOEH SASTROSOEWIGNYO
1. Raden Gunung mumpuni ing kesagedan, ora tampik paga­weyan kasar lan alus ngerti sastra lan kasusastrane pi­san, ahli marang kesenian, tembang, beksa lan gendhing, kawimbuhan kagungan suwara bae uga ora nguciwani. Kagungan budi lan watak suci, jujur, andhap asor, gedhe te­kade, eklasan panggalihe, sumeh/ramah tamah apa dene tan­sah gawe leganing liyan, lan nyirik yen kongsi agawe ge­laning sanak. Ora nggumunake yen Panjenengane tansah ditresnani kang disuwitani, apa dene karo kanca-kancane kang tunggal bareng nyuwita. Uga sapa bae sesrawungan karo Panjenengane iya lanang iya wadon sarta kang kapernah nom apa dene tuwa. Panjenengane ora tau kagungan agem-ageman luwih saka loro utawa telung pengadeg, awit manawa diparingi ganti,embuh saka bendarane, embuh kiriman saka Ibune mesthi kang sa‑ pengadeg diparingake apa dene disuwun marang/dening kanca-kancane kang nunggal pasuwitan.
2. Ana ing Kraton, Raden Gunung kagawa suwarane becik, bening lan arum, saya maneh ngerti sastra lan gendhing, mula didadekake abdi tukang maos buku-2 babad lan buku-2 tembang liyane. Dene kuwajiban liyane iku, momong lan ka­la mangsane ngladosi. Dening Kangjeng Sultan piyambak, Raden Gunung ditresnani banget embuh saka kasagedan lan watak,embuh ana sebab-2 liyane. Anehe yen caos bekti (nyembah) mung diparengake nganggo astane siji kang sisih tengen. Bab iki apa karana wus tau nunggal guru,apa karana tabete Kangjeng Sultan wis wuninga mungguhing batin Sejatine Raden Gunung ora padha dimangerteni.
3. Raden Gunung kajaba mangertos aksara Jawa lan latin, uga mangertos aksara Arab, saka anggone sinau ngaji. Yen bab tembung-2 Arab, Panjenengane ora nyinau. Buku-2 babad mawarna-warna kang wus kawaos, kayata: Babad Pajajaran,Majapait,Demak,Giyarti lan sapanunggalane. Mangkono uga buku-2 kang kawaos,kayata: Pustaka Raja, Layang Rama, Layang Menak,Ambiya (Iman Sujana) lan sapanurggalane. Wirid,Suluk lan buku kebatinan mawarna‑warna Ora nggumunake yen Panjenengane faham isine buku-2 mau jer dadi waosane dina-2 ing sajroning suwita ing Kraton. Iya karana, maos-2 iku Panjenengane akeh banget tambahing kawruh lan kupiyane; kang gandheng lan lelakone ngaurip, ape dene bab kawruh kebatinan rupa-2. Sanajan akeh buku-2 waosane, kang banget narbuka panggalihe mung Babad Demak lan Babad Mataram, jer buku mau kang agawe gumregahing panggalihe, kongsi nemtokake tekad kang disembadani temenan kanthi laku tapa-brata lan ditohi pati. Mungguh Babad Demak kang narbuka panggalihe,iya iku: Nalika Seh Maulana, diaturi ngestreni deg-degan Masjid Demak ora bisa rawuh, lagi perlu pangandikan karo Gusti Allah. Dene Babad Mataram, kang narbuka panggalihe, carita kang nerangake manawa Kangjeng Sultan Agung Mataram iku bias sapatemon lan Kangjeng Ratu Kidul. Iya bab pangandikan karo Gusti Allah lan bab sapatemon karo Kangjeng Ratu Kidul iku kang dadi pepenginane Raden Gunung. Yen Seh Maulana bisa,Kangjeng Sultan Agung Mataram bisa, sebab aku iya manungsa. Dene yen aku ora bisa trima bali marang asal-usulku/bali marang kasidan jati. Mangkono pangudarasane lan tekade Raden Gunung. Wiwit nalika metu tekade kang mangkono iku, saben-2 Panjenengane miyambak lan kendel bae, kaya ana kang tansah dipenggalihake, ndadekake pitakonan lan ngungune abdi-2 liyane, dikira yen mentas tampa deduka, utawa kasusahan liyane. Panjenengane njarwani saperlune lan tansah ngepenakake atine kanca-kancane, kanthi tansah ngombyongi panindak kaya adad saben.







***A***


Perangan 5 (kalima)
RESI PRAN-SOEH SASTROSOEWIGNYO NAMPA WAHYU KANG SAPISAN IYA “WAHYU ILMU SEJATINING PUTRI”


1. Kaya kang wus dicaritakake manawa Raden Gunung banter tapa-bratane,dhahar sapisan sadina sawengi,sare kekadhar, dadi pakulinan wiwit timur. Kaprihatinane mau diterusake, wiwit ngenger ing Dharatan Sedhangpitu, kongsi tumeka suwita ing Kraton Ngayogyakar­ta.Malah sawise suwita ing Kraton, lakune (tapane) saya ditambahi, awit saka piwulange Kyai-2 kang padha digu­roni,mula Panjenengane kerep mutih (nyirik asin) mbrakah
siram lan kungkum ing wayah wengi ana ing Kali Gajah Wong, Opak lan Praga.Penggalihe, laku, ora ana ilange,sapa nger­ti bakal nyaketake pangkat apa kaluwihan liyane. Luwih-2 bareng mosik panggalihe kersa ngembari Seh Maula­na lan Kangjeng Sultan Agung Mataram, tapa-bratane ditam­bahi, laku pasisiran,menyang pasisir Kidul, seminggu sa­pisan terus-terusan; kanthi tekad melenging galih,yen tan kasembadan trima binanjuta yuswane.
2. Bareng wis disalirani tapa-brata tetahunan ora ana kabul kawusanane,kasiling panuwunan durung mantra-man­tra ana paja-pajane,saya putek panggalihe.
Pasuwitane, pagaweyan,luwih-luwih kasenengan wis ora klebu ing panggalih, jer mung kaleksananing gegayuhan kang kaesthi.
Wiwit dina Slasa Kliwon terus-terusan kongsi 11 (sawelas) dina lawase Panjenengane pasisiran menyang Parang-tritis, pasisiring Samodra Hindia sakiduling Ngayogyakarta.Sore pangkat saka Kraton, bengi tapa ngambang lan langen nga­gem dhesthare (iket lembaran) yen sayah ngaso ing pasisir sadhela,terus bali kondur menyang Kraton Ngayogyakarta, Mangkono terus-terusan ing sajroning 11 (sawelas) dina. Dene anggone langen ing sagara,kagalih bilih Kangjeng Ra­tu Kidul angedhaton ana ing sagara Kidul wadhag,iya, ing samodra Hindia mau.
3. Bengi kang wekasan, malem Jum'at Kliwon, pinuju tanggal 13 Sura tahun 1819 utawa tanggal 29 Agustus 1890 ka­ya bengi kang uwis-uwis. Panjenengane langen ngagem plem­bungan dhesthare ing sagara Kidul.Saben-2 kabuncang ing alun kapinggirake, bali manengah maneh, kongsi meh te­ngah wengi lan karsane sapatemon lan Kangjeng Ratu Kidul ora kasembadan.
Sawise kabuncang minggir maneh dening alun Panjenengane nglokro, pepes panggalihe, ora niyat bali manehgah,sari­rane Raden Gunung ndhrodhog, wel-welan, amarga kadhemen lan katisen, tindak sempoyongan nuju marang Seh Maula­nan (gunung papan pasareyane Seh Maulana) nuli leng­gah madhep, mangidul,asesendhen " wit nagasari" Lan ce­cekelan " watu bantheng prucul" nedya ngaso lan nyepi.
Nalika samana lingsir wengi, rembulan sumunar Samar-Samar, lintang pating karethop,gebyaring ombaking sagara pating pancurat, punthuk pating pethuthuk, kekayon lan grumbul pating garembel,ora ana angin,jumeguring alun sumela ka­la-kala,lamat-lamat kaprungu, Beburon alas wis ora ka­prungu. swarane, kajaba pangeriking jangkrik lan unine pam­beluking kokok-beluk angrerepa aweh panglipur marang sang tapa (Raden Gunung).
4. Raden Gunung saya nglangut panggalihe, muwun sajeroning batos, eling lelakone, gawang-gawangan, wis tininggal ra­ma, eling ibu, raka lan rayine, eling kasangsaran lan papa­cintrakane.
Saya tambah nalongsa lan karanta-rantane, dene tansah ka­gol duwe gegayuhan kapengin pangandikan karo Gusti Allah sarta sapatemon karo Kangjeng Ratu Kidul bae ora kasemba­dan. Beda temen karo Seh Maulana lan Sultan Agung Mataram. Panjenengane angrasa apes, angrasa asor, remuk lan putek ing panggalih, satemah mung pasrah marang Kang Murba Ja­gad, kanthi pangajab lan tekad golong-gilig, suka lila lebur ing wektu iku uga.
Bawane saka mentas tindak adoh, kungkum lan lelangen,apa dene mungggah gunung Seh Maulanan, sarta ora dhahar apa­-apa, luwih-luwih wis lungse wektu durung sare, iya jalaran saka sayah, lapa Lan arip, Panjenengane nuli sare.
5. Ing alam sare, alam alus, alam kasuksman, lan iya ing alam sasmita maya, Panjenengane enget yen lenggahe madhep mangidul, priksa sagara alembak-lembak, alun nga­pyuk ing gegisik, meh tekan ing sampeyane.
Sagara kapriksan terus kakedhepake ilang sirna sipating sagara, tumuli ana alas mawa wit-witan krambil pating jalejer lan wit-witan liyane kaya kahanan sanyatane ing pasisir kidul,alas mau ana wite waringin angrembaka, gedhe dhuwur, meh kesundhul ing wiyat, apa dene katon wi­ngit lan angker. Bareng Raden Gunung mbatos baya iki dadi Kratone para Jim pri perayangan lan dhemit brekasakan, sakala ana wujud (sipat) Kraton kang mawa alun-2 jembar, kang la­gi disaponi uwong pirang-2 kongsi katon gilar-2 lan ngi­lak-ilak, dening para abdining Kraton mau. Kang ndadekake ngungune panggalih, dene saka antarane kang padha nyapu mau ana uwong loro tilas kancane magang (su­wita) ing Kraton Ngayogyakarta kang wis padha mati. Ma­lah uwong mau padha ngawe-awe Panjenengane. Panjenengane ora kersa, kanthi nyasmitani gedheg-gedheg, sarta mbatos "Padha kesasar suksmane kancaku iki". Saya kejot Lan ngungune panggalihe Raden Gunung, bareng maspadakake wit wringin kanyata kapencokan dening beburon alas, awujud manuk sapitik jago gedhene, wulune jali meh lurik kemiri, buntute dawa jelamprah, cakare gedhe nggegi­risi tur mawa jalu mingis-mingis. Kaelokane dene manuk mau mawa praba (sorot) abra mara­kata abang mblerengi sarta tansah mandeng marang Panje­nengane. Panglocitaning panggalihe "Samono kamokalane sing Kuwa­sa" sajegku tumitah neng alam donya, durung tau tumon be­buron kang mangkono. Manuk kapandeng terus dening Raden Gunung, kakedhepake sir­na padha sanalika, tumuli ana kenya sulistya ing warna, ngagem kapraboning Nata, endah busanane, angure rikma, ban­jur malih rupa, kang pasuryane padha/kembar rupa Lan Ra­den Gunung, wingit pasuryane mrepegi Panjenengane. Pangagem isih tetep kapraboning Nata. Raden Gunung kejot banget, ngungun lan runtik ing pangga­lihe luwih-2 bareng Jinangkar asmane, lan pitakon kang dadi kersane. Panjenengane mbatos, yen genah ratuning jim setan, iya lelembut ing sagara kidul, buktine mangerti asmane. Sateruse pratela yen arep menyang Demak (enget yen Seh maulana diaturi tindak Demak). Kenya mau ngalang-alangi, Raden Gunung puguh, satemah dadi pasulayan lan dadi panca kara rame banget. Raden Gunung kasoran, kaungseb-ungsebake meh ora bisa ngglawat, suwe anggone kalindhih, rumangsa lingsem banget, nggrantes marang kang Kuwasa, dumadakan e­nget yen kagungan Aji (senjata) Pamungkas, arsa katamaka­ke kanthi kadamokake.
Sang Kenya uninga krenteging panggalihe Raden Gunung, mu­la tutuke Raden Gunung gya binungkem. Raden Gunung judheg, nanging tansah enget, mula Aji Sanjata Pamungkas kanthi ngeget katamakake .(kadamokake) metu ing grana. Sanalika Sang Kenya kontal, tiba kejlengkang gya rinuket dening Raden Gunung arsa pinejahan. Durung kongsi kaleksanan Sang Kenya musna manunggal dadi sajuga (luluh ing ang­gane) lan ing wektu iku uga ana swara “Mentara saka Kra­ton, ngalor ngulon sacedhake Gunung Tidhar.Tapaa ngrame ing guwa samun 31 tahun lawase, ing tembe nimbulake lakon, nengahi para lakon".
6. Ilange swara Raden Gunung wungu saka sare, kanthi ge­ter lan legeg-2 ing panggalih. Panglocitane "Kaleksanan anggonku kepengin sapatemon karo Kangjeng Ratu Kidul, ka­ya Kangjeng Sultan Agung Mataram, apa dene kaleksanan pa­ngandikan karo Gusti Allah, kaya Seh Maulana.
Iya Kenya kang kembar warna lan Panjenengane iku kang si­nebut Wahyu Sejatining Putri iya Kangjeng Ratu Kidul Ra­tuning para lelembut ing sagara Kidul,"(samodra laya iya samodra pati)". Iya iku awujud lan kahana sagara ana ing alam alus, alam sasmita maya.
Perlu katerangake mungguh kang sinebut Wahyu Sejatining Putri, iya iku: Nafsu Putrine Raden Gunung. Nafsu Putri tegese melik (sengsem) marang kakung, lan kang kagungan Nafsu Putri umume mung kaum Putri/Wanita. Sarehne ing wektu iku wus gagat esuk lan marga dayane ke­kerengan ing alam alus/alam samadi turu kanthi ndhredheg mangka wiwitan kaseser, lan kaungseb-ungsebake suwe banget, iku ndayani/numusi sarirane Raden Gunung wus prasasat tanpa otot bayu (tanpa krekat) satemah mudhune saka Seh Maulanan mung kanthi mlorot jer ora kiyat tindak. Kanggo pikuwating sarira Panjenengane ngersakake jajan pecel lan srabi, amrih kiyat tindak kundur menyang Kraton Ngayogyakarta.



***A***



Perangan 6 (kaenem).
RAMA RESI PRAN-SOEH SASTROSOEWIGNYO WIWIT NGGE­GEGI KEYAYINANE NETEPI DHAWUHE RAMA PRAN-SOEH

1. Wiwit nampa Wahyu kang kapisan, Raden Gunung rumaos lega panggalihe,nanging saben-2 thukul krenteg kang ngru­beda panggalihe. Upama: Aku ana Kraton gaweyanku mayar, tur cocog lan ka­bisanku,apa maneh wus ditresnani bendara lan disuyudi kanca-kancaku. Dhawuh 31 tahun (telung puluh siji tahun) baya piye.ke­dadeyane ing tembe, apa aku bisa kuwat. Iya yen iya, la yen ora ? Bab iku lumrah tumrap manungsa sapa bae, yen isih karaketan Nafsu,kang tansah kepengin enak kepenak,kagungan rasa sa­mar,gajeg lan sumelang. Saben thukul rasa kang mangkono sakala sinayudan,yen Pan­jenengane nampa dawuh wewentehan tansah gawang-gawangan, pepuntoning tekade begja cilaka yen ngantepi dhawuhe Gusti Allah,mokal samongsa setya marang Gusti Allah kongsi nemahi sangsara, kajaba uwong kang cupet ing budi. Luwih-2 dhawuhe ditampa dhewe lan disekseni dhewe. Yen u­wong kongsi nyelaki lan ora ngantepi batine dhewe, rak prasasat maido ora percaya marang dhiri pribadi, padha ba­e ora duwe aji dhirine (tanpa rega). Panggalihan kang kaya mangkono mau banjur ngencengake te­kade netepi dhawuhe Rama Pran-Soeh. Mula banjur nyuwun pa­mit, medal saka pasuwitan saka ing Kraton Ngayogyakarta, sanajan diowel lan digondheli dening Sri Sultan dhewe. Bebasan, dipalangana mlumpat didhadhunga medhot, abot batine dhewe lan dhawuhe Rama Pran-Soeh.
2. Ingkang uwa Raden Gunung wis sawetara suwe pindhah Saka Krapyak menyang Pundhong. Iya saka iku Raden Gunung sowan ingkang uwo, nyuwun pamit yen arep ndherek ingkang paman saka ibu, menyang dhaerah Kedhu. Ingkang uwo uga marengake, nanging kaprayogakake lerem dhi­sik sawatara dina, sokur genep sasen-sasen. Pamundhute ingkang uwo disandikani, amrih ora cuwa panggalihe. Ing Pundhong nalika iku lagi mubal-mubale pasinaon kesenian gendhing lan joged, ndayani tontonan mawarna-warna. Saka nom-noman (para mudha) ing masyarakat kono mawas ing wektu iku mung Raden Gunung kang mumpuni (undhagi) tumrap gending lan beksa, mula disuwun kersaa mandhegani/ngom­byongi. Rehne Panjenengane tansah gawe lega lan nyirik gawe kagoling liyan, panuwunan mau dituruti, apa maneh dha­sar dadi karemenane. Mulane Panjenengane ngalami dadi tontonan mawarna-warna; kayata: srandhul, giyar-giyar, prawan sunthi, topeng, andhe-andhe lumut, kethek ogleng, wa­yang uwong lan sapanunggalane. Lan ing tontonan mau, Panjenengane tansah dadi kekembange ing kono, jer sarwa-sarwi luwes lan mranani. Kaanan mangkono mau kongsi tumindak setahun, lan meh bae arep ngeremake/nglalekake Panjenengane anggone ngantepi lelakon. Bab iku bisa digambarake ing ngatase jiwa pemudha kumpul padha mudhane.Tujune banjur oleh dhawuh-dhawuhe Rama Pran-Soeh kang ngelingake bab Wahyu kapisan, supaya tapa ngrame ing sacedhake Gunung Tidhar. Enget bab iku, Panjenengane banjur pamit ingkang uwo, lan ora keguh diendheg lan dialang-alangi dening sapa bae, ing satemah ingkang uwo marengake kanthi paring puji as­tuti.
3. Raden Gunung ana ing dhaerah Kedhu ndherek ingkang paman, iya iku rayine ingkang ibu, ngasta upas ana ing Te­jawarna. Kagawa saka ngantepi dhawahe Rama Pran-Soeh anggone dedalem tansah apindhah-pindhah, kersane golek panga­laman lan ngiras nambahi kaprihatinan/laku ana ing desa Ngemplak Tambakan, Semawung, Prumpung, Ngadiwarna, Ponggol, Sabrang lan Kembaran. Raden Gunung wiwitane ngasta Carik ana ing Tejawarna, ban­jur pindhah ngasta Carik ana ing Langgengsari. Iya ing wektu iku Panjenengane krama kang kapisan/kawitan, oleh Putrane Ngulama (kaprenah rayine Garik Langgengsari kang diganti Panjenengane iya ipene Carik kang wus ngajal). Miturut adat tata cara/kalumrahane uwong Jawa, wiwit krama iku wis ora kasebut-sebut asmane timur maneh, jer wis ngagem asma sepuh iya iku: Sastrosoewignyo apa de­ne Panjenengane tansah ora kasupen nambahi "RPS" ing sangarepe asmane, dadi: "RPS.Sastrosoewignyo".
Nanging umum ing wektu iku ora anggatekake lan ora maelu apa kang kinarsakake RPS. mau, malah sebutan kang kalu­mrah Panjenengane iya iku: Raden (Den) Carik.
4. Panjenengane mantu ngulama mulane asring sembahyang (solat), ngaji lan sapanunggalane kaya umume uwong ngra­suk Agama Islam. Nanging sanajan nangkono ngenani gendhing-­gendhing lan beksa Panjenengane ora nglalekake, ajeg dadi karemenane. Malah nate Panjenengane ditemtokake dadi Imam sembahyangan ana ing Masjid Pabelan, kang makmum uga akeh banget. Nalika Panjenengane adzan, wiwitane dharik, ngan­ti galik-galik, dhasar suwarane apik, nanging saya suwe dadi nyimpang, lagune nyleneng, wekasane dadi Pangkur Pari-Purna. Mesthi bae dadi kagete kang padha arep melu sembahyang makmum, mulane bareng Panjenengane noleh ngiwa nengen memburi, resik gusis sing padha makmum, wis bubar/metu saka Masjid. Sawise/sabubare iku Panjenengane yen kapethuk kanca kang padha sembahyang ing Masjid Pabelan mau tansah diplengosi. Mara sepuhe kang maune ora jodho, bareng ngrungu pawarta/ kabar ing Pabelan saya banget ora cocoge. Nanging Panje­nengane RPS.Sastrosoewignyo tansah.ngemong, awit kajaba wangsulane sruwa-sruwi maton sarta nyata, uga mawa cara­-cara kang cucut lan mranani sasolah bawane, apa dene ing bab liyane tansah gawe leganing mara tuwane. Panjenengane peputra siji, ora dawa yuswane, ajal ing wek­tu bayi, mangkono uga, garwane ora antara suwe nututi tilar donya. Sawise setahun lete saka sedaning garwane, Panjenengane urip kumpul rerayatan wis luwih saka 10 tahun (sepuluh tahun).
5. Wiwit ana ing dhaerah Kedhu kaprihatinan lan tapa bratane RPS.Sastrosoewignyo ajeg bae jer tekade netepi dhawuh iya iku: Tapa ngrame ing guwa samun. Mungguh kang kinarsakake iya iku tapa kang ora ngetarani (sinamun, si­namu dana) tapa lan prihatine ditutupi ora diogleng-oglengake amrih ora kawistara ing liyan. Tegese ngrame ka­ya ombak-umbuling akeh ana ing pasrawungane uwong umum/masyarakat. Guwa samun tegese ora lan dudu guwa-2 lan song-song ing Pagunungan kang singup lan sepi nyenyet ora si­naba ing manungsa, nanging karsane aja nganti kawanguran /dimangerteni ing uwong liya olehe kagungan laku iku. Tumrape uwong Jawa tapa kang disumurupi liyan iku wus aran kewanguran, suda ganjarane, apa maneh yen diogleng­-oglengake/diongasake/ditonjol-tonjolake amrih ketara, iku nyimpang saka tujuane uwong tapa. Uwong tapa mesthine mangreh lan meper nafsu, yen diongasake ateges golek wah, golek wadhuh, supaya dieringi dianggep yen peng-pengan lan liya-liyane, iku jenenge katut ing nafsu. RPS.Sastrosoewignyo kena cobaning Rama Pran-Soeh gerah gatel lan gudhigen kang nganti njijiki banget. Kajaba ku­wajiban kang perlu banget Panjenengane tansah mempen ana ing dalem bae, jiguh lan pakewuh sesrawungan lan uwong a­keh. Panjenengane nglumuhi lan ngrumaosi, iya yen ora pa­dha gigu. Garwane bae kang wus gendhon-rukon lan tresna-­tinresnan wis 10 tahun (sapuluh tahun) luwih anggone ngla­dosi katon ora pati rahap lan ora pati sreg, eklase mung katon ing lahir, nanging batine rada gigu, bab iku RPS.Sas­trosoewignyo ora kasamaran, mangka jodho/bojo mono kudu cocog lahir lan batine, tresnane ora mung yen katon becik rupane, isih nom mulya bagas waras lan sapanunggalane, na­nging sanajan ora katon becik rupane, wis dadi tuwa pinuju kacingkrangan, luwih-2 yen lagi nandhang suker-sakit, kudu tetep tresna, malah katresnan mau ora mung kandheg ing alam donya bae. Mulane garwane diparingi priksa becik­-becik dimangertekake lan sateruse diajak pepisahan (pegatan) sarta arep kapasrahake marang rama ibune. Sakawit garwane kaya dhinodhog panggalihe, muwun rumang­sa kaluputane. Nanging sawuse diparingi katerangan mawar­na-warna, tinimbang nerusake rasa kang ora sreg mundhak niksa awak ing saterus-teruse, mulane olehe rerayatan di­pedhot ing wektu iku. Bab iki uga kaleksanan kanthi padha eklase, dadi banjur pepisahan. Panjenengane niti priksa salirane piyambak, ngraos yen la­gi diukum ing Gusti Allah, buktine gerahe gatel ora dha­ngan-2, garwa sing adate tresna bae dadi ora tresna, malah banjur pegatan pisan, mitra karuh suda cacahe. Iya karana iku Panjenengane niyat ngukum salirane piyambak ngiras dadi lelakon pisan. Banjur kersa ngenger uwong kang mla­rat banget, prasasat kere, jer panggaotane sing wedok tukang ngangsag pari (tegese ngangsag pari, yen pategalan/sawah kang wus dieneni rampung, mesthine isih ana sing kari siji loro) banjur diangsag/digoleki kekerene. De­ne sing lanang tukang mocok-deresan (menek lan munggah ngudhunake bumbung deresan). Panjenengane ing wektu iku isih tetep dadi carik, mula yen pinikir pancen nggumunake. Panjenengane ngalami sare ke­trocohan, lan tlimake damen, uga nyalirani dhahar sarana didadakake pari angsagan, iya iku pari mau dipanggang/ digoreng ing sangan dhisik supaya garing kena ditutu. Wektu iku Panjenengane nggentur tapane, amrih gerahe eng­gal dhangan, saben bengi kungkum ing kali Senawa, lan uga kali Pabelan, lelakon kuwi ing tahun 1905. Panjenengane oleh dhawuh saka Gusti Allah, yen saben arep mapan sare supaya ngaturake panuwunan sarana ngucapake/ngunekake ayat al Qur’an yaiku ayat/surat Eklas, surat Anas, lan alfatekah, ambal kaping 11 (sawelas). Dhawuh mangkono mau uga kaestokake kongsi matahun-tahun. Sarana tansah kungkum, gerahe gatel tumuli dhangan, sawise dhangan lagi kersa ke­kumpulan maneh.
6. Kajaba saka iku kasutapane kagentur maneh, kagem panu‑kune panuwunan marang Gusti Allah, supaya diparingi jodho(garwa) kang bisa nurunake dosa, iya iku kagungan putra. Panjenengane kagungan tekad ora bakal melik (golek) kang mung sarana pilihan lahir, luwih-2 mung saka dayaning naf­su kabiraen bae, lagi bakal krama yen jatu-kramane iya calon garwane pinilihake (tinuding) dhawuh saka Gusti Allah.
Saka manthenge panuwunane lan nggrantes temenan diparingi dhawuh lan tinuduhake calon garwane kang durung ngumur dewasa, mulane kudu nyabarake/nyarantekake ndhudha 7 ta­hun lawase.
Dhawuh bab calon garwane, katutan dhawuh kang wose supa­ya bisa nyampedi kabutuhan ing saben dinane kalayan lu­mrah, iya iku kudu lelantaran nyambut gawe karo Bangsa Ti­ong Hoa "Kho Kiem Gwan" jenenge.
Kabeh dhawuh mau ditetepi. Panjenengane sabar lan tahan ndhudha 7 tahun. Panggalihe mangkene: Nyuwun dhawuh saka kamurahane Gusti Allah wis diparingi dhawuh (katerangan) yen ora netepi lan ora ngestokake rak nyepelekake sing paring dhawuh.
7. Kaleksanan ing tahun 1912 Panjenengane krama kang ka­ping telu, agarwa kang didhawuhake dening Gusti Allah. Kamokalane jebul sing calon garwane iya kersa, mangka RPS.Sastrosoewignyo wis yuswa 44 tahun, mangka garwa lagi ngancik dewasa. Bab iki yen kawawas jablas ora jeneng mokal, sebab apa kang kinodratake dening Gusti Allah mes­thi kelakon. Kaleksanan RPS.Sastrosoewignyo guyup-rukun anggone rera­yatan, bisa kagungan putra akeh, mesthi bee dadi kasok ka­tresnane marang garwa lan putrane, kongsi panggula wenthahing putra kang cilik-2 pisan disalirani dhewe.
Ngumbahi agem-agemane putra, momong, ndulang lan sapanung­galane disalirani dhewe. Bab iku dadi loking tangga tepa­ro ing ngatase Carik mangka kalenggahane uwong lanang, ing wektu samana kaanggep luwih unggul tinimbang uwong wadon, kok kersa ngumbahi dhewe. Loking tangga teparo ora gawe keguhing panggalihe, awit kagungan panggalih mangke­ne: "Wong anakku, rohku, sapa sing kudu ngrembug yen ora aku”. Sanajan wus tekan gegayuhane bab putra lan garwa, Panjenengane ora kabesturon lan ora mung kandheg anggone tapa ngrame. Malah ora mung tetembangan lan beksa bae, nanging uga ngersakake ulah kridhaning kawanteran jemparingan lan balapan dara, lan liya-liyane. Samono mau anggone ka­gungan kersa mung kagem sesrawungan ana ing bebrayan kono, kang kabeh mau mung kanggo tutuping tapa bratane. Nate.Panjenengane jemparingan kang dadi nggumunake uwong Akeh, iya iku: anak panahe menggak-menggok lakune kok bisa pener/pancer lesane. Mula kerep banget dibotohi dening u­wong-2 Tiong Hoa.
6. Panguripane RPS.Sastrosoewignyo wektu iku rekasa rumah tanggane morat-marit, putrane akeh lagi remuwet, dedalem ana ing desa Prebutan. Daleme kampung mung pangeret loro, payone rapak, gedhege clumpring, akeh kang bolong pating srowoh. Agem-agemane garwane luwih-2 salirane dhewe ora misra, kanggo tuku benik bae ora bisa/kober, kabukten mung abenik katalenan nganggo klobot. Ewa samono Panjenengane tansah setya lan eling marang Gusti Allah, ora keguh godha gebyaring donya, ana ing pasrawungan tansah katon gembira lan mrawira, lire ora ngatona­ke susah sedhihe, apa dene adol welas ingah-ingih lan sa­panunggalane. Nalika Panjenengane tindak ing dalan gedhe diampirake de­ning Hartawan Tiong Hoa Khouw Kiem Gwan arane, Panjenenga­ne uga pinarak. Sawise lelenggahan Panjenengane ditari apa kersa dadi tukang ukur lemah (landmeter). Panjenenga­ne maringi wangsulan kersa, jer enget nalika nyuwun jodho marang Gusti Allah katutan "Khouw Kiem Gwan". Sabanjure Panjenengane didadar/diuji bab etungan ukuran lemah, kanyata bisa lan kanthi cepet/rikat. Panjenengane banjur mbantu Khouw Kiem Gwan, kawitane dibayar saben sasine RP.75 (pitung puluh lima rupiah). Wiwit wektu iku Panjenengane nyambi nyambut gawe partikelir/suwasta. Kapercayane Khouw Kiem Gwan marang Panjenengane gedhe banget, malah dipasrahi dhuwit maewu-ewu kanggo nukoni le­mah, nebasi tembakau, kapriye rigen lan rembuge RPS.Sastro­soewignyo diturut terus dening Khouw Kiem Gwan, sebab sajeroning Panjenengane mbantu dheweke bisa dadi lan sugihe.
9. RPS.Sastrosoewignyo saiki kerep banget tindak tegal‑sawah, esuk sore ora leren-2 sanajan nyambut gave dikaya ngapa dhahare uga isih ajeg sadina sapisan, antarane jam 12.00 tekan jam 13.00. Panjenengane ora nate jajan, apa maneh dhahar ing sapapan-papan. Kanggo njaga yen nonggang nanggunge kundur saka ukur-2, asring nganthongi EMPING lan GEDHANG RAJA sajake dhaharan iku kang dadi kersane. Iya wiwit gandheng lan Khouw Kiem Gwan, Panjenengane wiwit nyatitekake tanduran tembakau kapriye pamilihe winih, ji­nis-jinise, pangipuke, panggawene/panggarape lalahan, rowek ngimbu lan ngrajang nganti tumekane mepe lan ngrumate pi­san. Mangkono uga ngetung enteke ragad, dalah ngira-ira calon pepayone. Panjenengane kagungan kawruh lan panga­laman kang sampurna, awit wis ngecakake tetahunan, lan da­di piyandele Khouw Kiem Gwan ing bab tembakau. Malah Pan­jenengane kagungan pamanggih, yen uwong tani kepengin su­gih dhuwit, kuwi kudu nandur tembakau lan yen arep nan­dur tembakau kajaba pawitan dhuwit, kudu pawitan panger­tian lan kapethelan/kasregepan.
10. Wektu iku panguripane RPS.Sastrosoewignyo ora jeneng kebangeten, sanajan iya kapetung isih kemlaratan. Prihatin lan kesenengane uga isih ajeg. Pametune kang rada lumayan kagem nyantosani tapane,kanggo dana-driyah apa-dene tetu­lung ing liyan. Luwih-2 yen ana punggawa desa kang karibedan.angrusak dhu­wit kas, Panjenengane mesthi dhangan tetulung, kanthi reka­daya warna-2 kang kanggo mitulungi sarana tumindak kang bener ora tumindak apus-krama lan silip (pokok tumindak jujur lan temen). Bab iki wis dadi dhasaring panggalihe, "yen uwong seneng pangkat kuwi, kudu tresna lan ngeman marang pangkat". Bayar anggone dadi landmeter dipundhut kala mangsa, yen kagungan betah, mung sawetara (ora kabeh) kang dipun­dhut, dene kekerene/turahane dititipake (dicelengi) marang Khouw Kiem Gwan dhewe. Nate Panjenengane mentas bayaran, banjur mundhutake nyamping garwane, kojure dikira nyamping saka sapa-sapa, mulane dadi gendra. Wiwit nalika iku Panjenengane nemtokake umume wanita iku sujanan (sigen) lan gedhe-gedhening mu­ringe, (samongsa sing lanang tumindak silip. Apa maneh yen uwong wadon diwayuh ). Ing tembe burine Panjenengane ora kersa mundhutake apa-2 marang garwane, sebab durung mesthi kebeneran, malah nu­kulake brahala. Katresnan ora perlu dituduh-tuduhake, sing perlu anggolekake pametu (dhuwit) miturut kabisane. Uwong wadon kang ngobetake/ngecakake, uga melu mbudi-daya a­mrih cukupe, iku jenenge gendhon-rukon/rerayatan/gotong-­royong. Kerep bae garwane diparingi kitir, mundhut bayare marang Khouw Kiem Gwan, yen arep tetuku kareben milih dhe­we, malah agem-ageman kang kagem Panjenengane pisan ke­rep-kerepe kang mundhutake uga garwane.























***A***


Perangan 7 (kapitu)
RAMA RESI PRAN-SOEH SASTROSOEWIGNYO NAMPA WAHYU
ILMU SEJATINING KAKUNG LAN " WAHYU ROH SUCI” IYA "WAHYU UTUSAN”

1. RPS. Sastrosoewignyo nalika kagungan momongan (putra) telu, nampa cobaning Gusti Allah kang luwih dening abot. Nalika iku ana ambah-ambah (pageblug) ndayani nggegirisi banget, prasasat lara esuk sore mati, lara sore esuk mati. Ambah-ambah lelara mau gampang banget tumulare, njalari kurang tilik-tinilik lan sanjan-sinanjan ing wektu iku. Kaanane karang padesan kongsi samun, uwong-2 padha kekes lan tintrim, sepi nyenyet ora ana sebawane. Ing wayah bengi isih sore enteh, uwong-2 wis ora padha wa­ni metu ing jaba, mung tansah les-lesan ambiyuyut kaya tan­sah arep turu bae. Bab iki kaya kena daya prabawane kang ora sebaene. Garwane RPS. Sastrosoewignyo ing wektu iku gerah banget, kaserang ambah-2 kaya kang akeh-2. Mbudi-daya mawarna­-warna ora ana dayane, malah saya suwe saya katon banget (rekasa) gerahe, bebasan wis madal tamba. Sarirane katon rusak banget, anggagra kusika (kari lung-lit) tingale kongsi cowong, remane nganti brondhol.Wis mesthi bae RPS. Sastrosoewignyo banget sekele, luwih-2 bareng garwane wis 3 dina mbogor, ora kersa dhahar lan ngunjuk, ora obah ora polah, ora ngucap ora segu, kajaba mung nglengger kari ke­tege. Angles panggalihe, enget tresnaning garwa, enget pu­trane isih cilik-2, mula panggalihe kang ora-ora. Apa ma­neh yen midhanget pamothahe putrane kang cilik dhewe, nangis nyuwun nesep/ngunjuk, panggalihe kaya rinemet-remet.
Nalika samana pinuju Jum'at Pon Tgl: 15 Jumadilakir tahun 1848 iya tanggal 29 Maret 1918. RPS.Sastrosoewignyo, rakane ipe aran Pawirareja lan abdi­ne wadon aran Ibah, kongsi bakda tengah wengi ora sare nenggani kang gerah mau. Jubeg panggalihe, kumembeng was­pane, jer ora tegel mriksani kahanane kang gerah mau, ing batos angur salirane kang minangka dadi gegantine. Kanthi sered pangandikane dhawuh marang ipene dalah abdine, su­paya nyaketi kang gerah, lan wanti-2 aja ditinggal turu, jer Panjenengane kersa nyepi, sare piyambakan. RPS. Sastro­soewignyo wis pirang-2 dina ora dhahar lan ora saged sa­re, perlu njaga kang gerah, sarta ngopeni putrane kang isih cilik-2, mangka panggalih judheg, angles lan tansah anggam­barake kang ora-2 bae, jer yen kongsi kebacut bakal kapri­ye dadine, luwih-2 putrane ing tembe. Pantoging tekad nyuwun marang Gusti Allah suka-lila binanjuda bali ndhisiki, yen garwane ora pinaringan dhangan. Panggrantes kang ambeg pati mau, kandhas ing panggalih lan ndhrindhil ngantepake tekad kang mangkono mau kongsi les tumuli sare.
Ing alam sare, alam alus, alam kasuksman lan iya alam sasmita maya, Panjenengane rumaos metu saka ing dalem, te­kan ing plataran kanthi sekel jer enget gerahing garwa, tindak asedhokap-asedhakep arsa anggolekake usadaning garwa. Bareng mriksani mandhuwur, banget kejote dene ana pedhut gegolongan, lan saka pedhut mau jumudhul montor mabur, apa dene ilange montor mabur, ana kenya kang abusa­na priya, sarta bareng jleg tumurun ing ngarsane RPS.Sas­trosoewignyo dadi priya sawantahe, kang kembar rupa, gedhe dalah dedeg pangadege padha lan Panjenengane. Sang Priya nyebut kakang marang Panjenengane, lan pratela manawa wus suwe banget anggone anggoleki lagi katemu iki, sarta pita­kon bener lan orane anggone nyebut kakang, sajatine tu­wa endi. RPS. Sastrosoewignyo pratela yen wus bener, tuwa Panje­nengane kacek 32 dina (telung puluh loro dina) dene 33 dinane (telung puluh telu dinane) lagi ana Sang Priya, lan mundhut priksa wigatine nggoleki. Sang Priya pratela yen arep masrahake Wahyu Adeg telu­ning Atunggal, iya Wahyu Roh Suci iya Wahyu Utusan. Dene wujude aksara "A" ana sajeroning bunderan ing kertas putih sarta mawa cahya anelahi, awit Sang Priya wis ora kuwat kanggonan. Wahyu tumuli tinampakake marang RPS. Sastrosoewignyo kanthi linebokake dhewe dening Sang Priya ing sak dhuwur sisih kiwa, ageme rasukan Panjenengane. Bareng ditiliki dening RPS.Sastrosoewignyo piyambak ak­sara " A " mau wis musna tanpa lari, awit wis manjing ing jajane kang sisih kiwa.
Sawise iku Sang Priya njaluk pepintaning pangan, endi kang dadi memangsane. Winangsulan dening Panjenengane yen lagi ngrembug butuhe dhewe, golek usadaning garwane, kang lagi gerah, lan iya meruhi katon mbalenjer. Sang Priya njarwani, supaya diklomoti lan diunjukake ba­nyune pipisan pincuk kang wis mentas kanggo, lan saguh nanggung mesthi marine, Panjenengane ora susah sumelang panggalihe. Sarehne Sang Priya wis mitulungi, mulane diajak lunga bakal katuduhake kang dadi memangsane. Nalika mider-2 mau jinegog ing asu, Sang Priya mau gila kepati, ndhe­sel-dhesel gondhelan Panjenengane. Sang Priya njedhol turusing dhadhah/pager pakebonan kanggo tekenan, sa­wise iku dituduhake sawijining Kyai ing Sedayu, kang tansah muja-brata amrih sugih bondha donyane, katutugan kabeh kasenengane, garwa akeh tur ayu warnane, apa dene unggul ing samu barang bab.
Sawise iku banjur bali, lenggah ing plataran, kanthi nerangake lan prajanji dum-duman pepintaning memangsan (wewengkon). Dene memangsan kang dadi bageyane Sang Priya (pepintane Sang Priya) iya iku:
a. Sapa bae kang manembah lan muja-2 Sang Priya.
b. Sapa bae kang tansah njagakake pitulungan lan nganti kawengku ing Sang Priya.
c. Sapa bae kang nunggal tekad lan pakarti karo Sang Priya.
d. Sapa bae kang kena kagodha dening Sang Priya.
e. Sapa bae kalebu uga kewan lan tanem tuwuh kang kena linimpe lan karebut, apa dene kakalahake (dikuwasani) Sang Priya.
f. Sapa bae kang sengit sarta gila kepati marang asu, mesthi tunggale lan memangsane Sang Priya.
Kosok baline kang padha eling lan manembah marang suksmane RPS. Sastrosoewignyo, iku dudu pepintan lan memangsane Sang Priya. Malah memangsan kang wus karebut Sang Priya pisan, samangsa eling lan konangan dening RPS.Sastrosoe­wignyo, ora sida dadi memangsane Sang Priya.
Rampunge prajanjiyan iku Sang Priya pamit bali, lan pratela yen gedhe panuwune, sarta nyaguhi bantuan samangsa kaperlokake. Kinedhepake dening RPS.Sastrosoewignyo sirna tanpa lari awor lan swasana murti. Wektu iku wis meh rahina RPS.Sastrosoewignyo wungu sare, banget getering panggalihe, luwih-2 bareng midhanget kenthong gobyog (dara muluk rambah kaping pindho) pratan­dha kasripahan ing papan-2 kang tinuding dadi memangsane Sang Priya,mangkono uga papan kang jinedhol turuse dening Sang Priya.
4. Panjenengane tumuli utusan marang rakane ipe (Pawira­reja) supaya golek pincuk kang wus mentas kanggo. Pawira­reja tumuli enggal-enggal golek menyang dalan gedhe, lagi entuk/oleh sawise meh tekan stasiun Tegalsari, tumuli di­gawa mulih kaaturake marang RPS.Sastrosoewignyo, nuli kapipis dening abdine wadon, banyune pipisan pincuk mau ka­borehake (kaklomotake) sarta katetesake ing tutuke garwane. Padha sakala kang gerah wiwit obah-obah lan ngglawat, sateruse lan dadi waluyane.
RPS. Sastrosoewignyo saking rena lan ngungune penggalihe kongsi rawat waspa. Samono kamokalan lan panguwasane Gusti Allah, kang tansah paring conto kang temen-2 nyata. Wondene conto mau kaparingake ing alam alus alam kasuksman, iya alam sasmita-maya.
5. Perlu diterangake, manawa Priya kang kembar rupa sarta padha gedhe lan dedeg piadege karo RPS.Sastrosoewignyo mau, iya iku kang sinebut Wahyu Sejatining Ka­kung, iya Nafsu Kakunge RPS.Sastrosoewignyo. Dene Naf­su Kakung mau, tegese kang melik (sengsem) marang pu­tri (wadon) lan umume mung uwong lanang kang ndarbeni Nafsu Kakung mau. Kang kasebut ing ngarep mau sadurunge tumapak ing plataran, arep-arepan lan RPS.Sastrosoewignyo, awujud wa­nita amenganggo priya, iku wanita kang wus kapethuk nalika nampa Wahyu Sejatining Putri ana ing sagara Ki­dul. Dadi sing kagungan Wahyu Sejatining Kakung lan Wah­yu Sejatining Putri kuwi mung Utusane Gusti Allah, iya RPS.Sastrosoewignyo. Dene yen manungsa/titah lumrah mung nduweni Nafsu siji. Uwong lanang utawa wadon mung nduweni Nafsu siji. Utusane Gusti Allah kagungan nafsu warna loro (lanang lan wadon) iku sejatine barang sawiji. Bisa molah lan malih, iku sinebut Babuning Nyawa/Nafsune uwong sadonya. Iya iku bisa gawe lara, wirang-isin, kagol, tuna cilaka, lan bisa gawe pati. Mesthi bae mati sing kesasar dadi memang­sane Sang Priya, dudu kersane Gusti Allah.
6. Dene suksmane RPS.Sastrosoewignyo kang wus pisah lan Hawa Nafsune iku Jumeneng Utusane Gusti Allah (ana ing alam kuning). Yen isih lengket karo Nafsune, cara ing pakeliran Bathara Guru tangane papat, iki jumeneng Hakim (ana ing alam abang). Suksma sucine RPS.Sastrosoewignyo jumeneng Babuning Urip (Bibiting Urip) iya Bibiting sakabehing lir. Karana RPS.Sastrosoewignyo wis bisa ngalahake lan murba/menang karo Nafsune, jumeneng Babuning pati lan Urip, lara lan waras, kagol, lega, bungah, susah, begja, cilaka lan sapanunggalane.




























***A***

Perangan 8 (kawolu)
RAMA RESI PRAN-SOEH SASTROSOEWIGNYO WIWIT MULANGAKE NGELMUNE GUSTI ALLAH

1. Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo sawise nampa Wah­yu Roh Suci sarta Wahyu Sejatining Kakung, ora mung kan­dheg marem samono, awit kagungan kersa nlesihake panger­tosane marang kabeh isi lan wewadining alam alus, alam kasuksman, alam sasmita-maya kang uga sinebut alam gho­ib.
Tapa-bratane kagentur, temahan Panjenengane ngawuningani daya-dayane sarta pecah-pecahe Wahyu Roh Suci/Wahyu Utusan apa dene Wahyu Sejatining Putri/Kakung.
a). Manawa ana manungsa kang kasil panuwunane, magang lu­rah kelakon dadi Lurah, bebakulan bisa bathi, lara da­di waras, ingancam utawa kataman bebaya bisa slamet, atine bingung dadi.tentrem, nenandur bisa tulus, sula­ya bisa dadi rukun lan sapanunggalane iku kabeh saka: daya-dayane Wahyu Roh Suci/Wahyu Utusan. Sarehne Wahyu Roh Suci/Wahyu Utusan iku wus manunggal ing suksmane Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo, iya suksmane Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo iku kang sinebut Utusan (Utusane Gusti Allah), ing samangsa su­mandhing ing apa/sapa bee, ndayani kabekjane kaya ka­cetha ing dhuwur mau. Dene Utusane Allah mau bisa mo­lah lan malih kang tanpa wilangan cacahe, wujud apa bae tansah paring katresnan lan kabegjan marang kang weruh /dicaketi.
b). Ing purwakaning sejarah wis diterangake yen titah kang kinodrat dadi Utusane Gusti Allah iku, kang suksmane tinunggalan Wahyu "A" kang mawa cahya suminar ane­lahi, dene cahya mau pancen kagungane Utusan, kang a­teges uga kagungane Gusti Allah, mula sinebut CAHYA­NING ALLAH. Daya-dayane Cahyane Allah mau mesthi bae padha karo daya-dayane kang kagungan Cahya Iya iku Utusan/Gusti Allah, mulane apa/sapa bae kang sinandhing, tinungkulan luwih-2 kang mengkoni/nyekeli, uga ate­ges: sinandhing, tinungkulan apa dene oleh kabegjan.
c). Kosok baline ngenani Wahyu Sejatining Putri/Kakung, iya iku Hawa Nafsu/Nyawa/Satruning suksmane Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo, daya-dayane uga ko­sok balen lan Wahyu Roh Suci/Utusan. Yen ana tanem tuwuh kaparak ing ama/ora bisa tulus anggone nenandur, ingon-2 kang ora bisa ngrebda bebra­nahan, dedagangan padha rugi, anggayuh apa-2 ora ka­leksanan, ati kang ora bisa tentrem, peperangan kang timbul, anane pleseh pageblug, anane lelara, pepati lan sapanunggalane, iku kabeh yen katiti priksa ing alam alus iya iku saka daya-dayane Wahyu Sejatining Putri/Kakung kang bisa mobah-molah lan molah-malih, bisa pecah-pecah sipat sewu warnane, lan wis kate­rangake ing ngarep bisa malih: Jemparing Purwa Ma­dya wusana/Manuk kang wingit rupane, montor mabur. Dene pecah-pecahe uga mawarna-warna banget kang ka­beh-kabeh wis dikawuningani dening Rama Resi Pran-­Soeh Sastrosoewignyo, bisa kanyatakake ana ing alam alus. Kayata: Jim/lelembut, anane lelara nular, lum­puh, lelara pitik, panjebluging gunung lan liya-lyane. Mangkono uga bisa malih wujud geni,banyu,angin, pangan kang maneka warna, memedi rupa-2 lan liya-liyane isih akeh, pokok kang dadi pepalang maneka-warna, bisa dadi pamurunge laku kautaman lan kasuciyan. Dadi Wahyu Sejatining Putri/Kakung, maliha lan wujuda apa bae, mung tansah gawe pituna marang sapa/apa bae kang dicaketi/sinandhing.
2. Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo uga matitisake kang ngenani pribadine para manungsa, ngenani badan wa­dhag lan aluse (raga, nyawa lan suksmane). Raga (badan wadhag) iya aku kita ing alam donya, kena lara lan kena ing pati, kena rusak lan ora langgeng. Suksma (badan alus/Rohani/Uripe) iya aku alus kita kang ana ing alam antara/akerat (pungkasan). Nyawa (Hawa Nafsu) dadi rowang samongsa ana ing alam donya, dadi mungsuh samongsa tumekaning pati. Samono mau yen a­na ing donya bisa ngendhaleni/meper/ngalahake marang Nyawane mau. Yen ana ing donya mung nguja hawa Nafsune/nuruti apa sing dadi kekaremane si Nyawa, tumekaning pati kerem lan tetep dadi jajahane si Nyawa. Suksmane ora bisa uwal isih lengket dadi siji, jenenge mati kesasar (bisa ana ing paukuman utawa pasiksan). Dadi iya rowang iya mungsuh. Perlu katerangake amrih cethane mangkene: Kanggo panger­tiane uwong umum (uwong sadonya) ngarani suksma lan nya­wa dianggep padha. Mangka sejatine kosok balen. Pancen uwong urip ana ing alam donya kuwi nuruti Nyawane. Kabeh rasa kanggo butuhing si raga kuwi nuruti nyawane. Upamane: butuh nyandang, mangan, omah, bojo, lan liya-liyane kuwi kabeh butuhing si Nyawa. Mula yen raga wis kon­catan nyawane dadi mati, wis ora duwe rasa. Ragane dipendhem ana ing pakuburan. Dene suksma kang isih lengket karo nya­wane isih nduweni rasa mawarna-warna. Suksma suci duwe ka­rep/osik yen diosikake dening Gusti Allah lan ora mikira­ke enak kepenak empuk-eyup sapiturute, mung kari kersane Gusti Allah arep dimanunggalake (oplosing) karo Gusti Al­lah apa arep rada suwe ana ing alam Kuning, apa ana alam putih, kuwi purba-wisesane Gusti Allah, apa arep dititaha­ke menyang donya maneh. Kang perlu digoleki iya kuwi wujuding Nyawa, perlu disu­murupi dening kabeh para manungsa.
Ngelmu kang kapencarake dening Rama Resi Pran-Soeh Sastro­soewignyo sinebut ngelmuning Gusti Allah ana 3 (telung) prangkat cacahe, iya iku:
a). Utusane Gusti Allah karingkes Utusan.
b). Cahyane Gusti Allah karingkes Cahyaning Allah.
c). Nyawa: Hawa Nafsu, iya satruning suksmane para ma­nungsa karingkes Nyawa.
Ngelmuning Gusti Allah 3. (telung) prangkat iki perlu di­goleki lan diweruhi (makrifat) dening para manungsa sadu­runge tumeka ing pati, awit yen ana ing donya durung we­ruh nyatane, samongsa tumeka ing pati iya bakal ora weruh. Sing calon nampa begja cilaka kuwi dudu ragane, nanging suksmane,raga saka bumi bali menyang bumi.
Mungguh cethane mangkene:
a). Utusane Gusti Allah iku kang paring dhawuh lan didhe­reki dening suksmane para manungsa,yen katrima bisa manunggal lan Gusti Allah(bali apa mula bukane).
b). Cahyaning Allah:iku dadi pandoming suksmane para manungsa nuju ndherek/jumbuh/kepethuk/sowan/ngadhep lan Utusane Gusti Allah.
c). Nyawa/Hawa Nafsu, iya satruning suksma/begaling suks­ma ana ing alam kubur/antara. Kuwi ditinggal ana ing kono.
Bisane oleh dhawuh lan bisa sowan Utusane Gusti Allah sa­rana weruh ngelmu 3 (telung) prangkat, ateges uwong kang wus katam ngelmu 3 prangkat.
Ngelmu 3 prangkat mau sadurunge tumekaning pati uga kena digunakake kanggo butuhing si Raga/wadhage ana ing alam donya.
3. Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo mulangake ngel­muning Gusti Allah 3 prangkat mau, marang mitra-karuh kadang kawanuhan wiwit tahun 1921.
Dene cara-2 kang kapigunakake isih kanthi cara padhukunan durung sacara blak-blakan, sinipatan dening umum. Akeh uwong-­uwong kang padha nyuwun tulung marang Panjenengane, amar­ga oleh pepeteng/reribet, kayata: ngelu mules lan liya­-liyane. Panjenengane anggone paring pitulungan kanthi le­lahanan, ora nganggo uba-rampe apa-2 (ragat/syarat). Ma­lah kosok baline Panjenengane maringi pasugatan marang sapa bae kang padha nyuwun pitulungan ing daleme. Kabeh kang nyuwun pitulungan umume padha marem, awit kaja­ba katampa kanthi becik-2, ora kena ing ragad-syarat, ra­cake padha kasil panuwune. Iya ana kang ora hasil, karana kodrating Gusti Allah, diparingi priksa dhisik sarana perlambang, lan sing nyuwun bisa tanggap/mangerti apa kersane. Panjenengane mencarake/mulangake ngelmu 3 prangkat ora daya-2 banjur diwulangake, ngenteni/nyarantekake wektu kang prayoga cocoge dhawuhe Gusti Allah kang katam­pa. Luwih dhisik katujokake marang uwong-2 sapa bae kang wus gedhe kapercayane marang Panjenengane, lantaran saka anggone nyuwun pitulungan bisa kasil.
4. Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo kang wus kasu­wur sinebut uwong tuwa (Kyai) dhukun, ora kendhat anggone gentur tapane. Kurang dhahar, sare ing sapapan-papan (ngludra ing jogan), gedhe danane, tansah gawe lega lan mareming liyan, mujudake pakulinan kang wus mbalung sung­sum, utawa wis manjing/dadi watak. Ora nggumunake yen sa­ya gedhe pangaruhe apa dene tinresnan ing uwong akeh, uga panggedhe nara-praja (dhedhuwurane). Rakyat (uwong sewu) ing kalurahane golong-gilig tekade, yen Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo, umume yen ngun­dang Den Carik, kaluputan karo Negara/Pamarintah kaping pira bae bakal kapilih maneh dadi Carik. Kosok baline saka Panggedhe dhedhuwurane saupama Panjenengane kongsi katampik dening rakyat ing wengkone, bakal katetepake dadi carik ana ing papan liya, Panjenengane wus marambah-­rambah bakal kaangkat dadi Lurah, nanging tansah mopo (ora kersa nglampahi) awit Carik mono tansah srawung lan ngladeni butuhe uwong akeh, ora gepokan dhuwiting pa­marintah, mung nyekeli petung angka, dadi adoh saka tu­mindak kang ora samesthine. Jembaring pasrawungan kapigunakake kanggo mencarake ngel­muning Gusti Allah kanthi tlaten lan ora nyengka, jer pan­jenengane yakin kang bisa katut dadi muride mung yen dha­sar tunggal. Anggone nerangake ngelmune Allah ora ngeblak, sarta cocog mungguhing lahir-batine. Dhawuhe marang muride: yen sadurunge, mapan turu supaya nenuwun marang Gusti Allah, nyuwun katemu karo Utusane, nganggo ukara mang­kene:
“Roh suci kang sadurunge jagad gumelar, lan sadurunge Adam tumurun ing alam donya, kagungan suksma langgeng kang tan kena rusak, lan tan kena hukum dening Gusti Allah, Panjalmaning rusul donya. Manggon ing awang-uwung kang amengku isi, pilih janma kang wikan".
Ngenani "Cahyaning Allah" Panjenengane ora paring rumpa­kaning ukara kang mranani, awit mungguhing nyatane yen ka­temu lan Utusan luwih maneh yen katemu lan Roh Suci, mesthine yen waspada bisa meruhi Cahyaning Allah. Mang­kono uga yen disatitekake pisahing nyawa saka Suksma iku uga saka kadayan/kaprabawan dening Cahyaning Allah. Panjenengane mung paring sanepa/pepindhan mangkene: Kangjeng Sunan Kali Jaga kagungan lisah Jayeng Katon, yen Kresna kagungan Kembang Cangkok wijayakusuma, yen Kangjeng Nabi Mohamad kagungan Lintang johar, yen ing Islam ana Nur Mohamad lan ing Agama Kristen ana Lintang Panjer Enjing". Kuwi kabeh kang kinarsakake iya Cahyaning Allah. Sadurunge nyenyuwun marang Gusti Allah padha kadhawuhan maca Surat Eklas, Surat Anas, lan Alfatekah, siji-sijine diwaca kaping 11 (sawelas) rambahan, tumuli panuwunane kanthi tambahan" Yen boten kapareng nyumanggakaken pejah­ gesang kawula kunjuk ingarsa dalem Gusti Allah, ingkang nguwaosi sadaya alam dalah saisinipun”. Sateruse nuli dhi­kir kongsi saturune. Paringe wangsulan Gusti Allah kace­tha ing wektu turu. Pakartining suksma (aku alus kita) kang rumangsa menyang ngendi-endi ing sajeroning ngimpi (sema­di turu). Impen ana kang ngarani nampa wisik, tayuh, ilham, firman, sasmita-maya iya iku sajatine dhawuh saka Gusti Allah lumantar Utusane. Apa kang katampa dening murid-muride utawa meruhi apa lan ngapa, ana ing alam impen, sawise tangi dieling-eling lan yen bisa nulis iya dicathet, ing sabanjure diseksekake/disuluhake marang Panjenengane, mangkono sateruse kong­si Ngelmu 3 prangkat mau wis bisa diweruhi kabeh, jenenge wus pinaringan katam. Yen wis katam banjur diparingi co­ban/diuji. Sawise babar cobane/lulus ujiane tumuli didu­nungake wadi-wadining ngelmu 3 prangkat/dhodhok selehe apa dene daya paedahe ana ing alam donya lan ing alam alus/alam kasidan jati.
5. Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo tansah ndhawuha­ke lan paring conto marang murid-muride amrih tansah becik tumindake (jujur suci) apa dene tansah olah kasutapan. Pangandikane:” Dadi muridku kuwi abot, ora saben uwong kuwat dadi muridku, kudu nglakoni lan prihatin. Godha kang abot dhewe, yen lanang kagodha wadon, yen wadon kagodha lanang, kang sugih kuwatir yen bandhane dak apusi, kang mlarat padha kabotan kuwatir yen ngelih. Kang dhuwur pang­kate lan pinter-2 padha nyepelekake, kang asor lan bodho‑bodho padha ora ngrembug. Kajaba iku muridku kudu manembah ing Gusti Allah, kudu mbantu Nagara, kudu tresna uwong tuwa lan anak bojo, Sregep nyambut gawe, ora kena laku bandrek jina, ora kena wayuh, ora kena drengki, srei,jail, muthakil, lan tumindak silip. Yen iki kabeh dilakoni aku tanggung mesthi slamet donya, kubur, lan kerat. Ing bab kaprihatinan Panjenengane ndhawuhake amrih muride saben-2 padha nyirik uyah (nganyep/mutih) sesuci/adus ing wayah bengi ngarepake mapan turu, apa dene paring la­rangan aja kongsi padha duwe pakareman.





***A***


Perangan 9 (kasanga)
LELAKON LAN KAMOKAIAN-KAMOKALAN SARTA BAB-BAB
KANG NGANEH-ANEHI KANG DISALIRANI DENING
RAMA RESI PRAN-SOEH SASTROSOEWIGNYO

1. Sawise Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo mencara­ke ngelmune Gusti Allah, tekane uwong saka manca desa tanpa kendhat, kajaba nyuwun pitulungan, uga nedya meguru/ang­geguru marang Panjenengane. Pancen keh-kehe timbul rasa kepengin maguru mau, saka mar­ga pitulungan kang kaparingake, uga tampa katerangan-2 kang­ ngenani ngelmu 3 prangkat, perlu kanggo sanguning pati kang bener (kasidan jati). Pribadine Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo solah bawa­ne dalah pangandikane ngrespateni lan gawe lega sarta maremake kang padha sowan. Uwong-2 kang padha dedunung ing sakiwa tengene daleme, duwe panganggep yen Panjenengane iku Kyai/Dhukun kang linuwih, dene kaluwihane bab apa ora mangerti, mung nilik saka akehe uwong kang padha sowan mrono kongsi padha gumun. Saka kang nyuwun pitulungan lan murid-muride pi­san, racake padha ora ngerti manawa Panjenengane timbul ing alam donya ngampil tugas kuwajiban kang wigati sa­ka Gusti Allah, dadi mung katarik saka tumindak apa de­ne dhawuhe kang tansah cocog lan neniteni kaluwihan-2 liyane. Tumrap Panjenengane piyambak, luwih-2 sawise kinuwatake dening Wahyu Utusan kang wis tinampa, Panjenengane wis o­ra ragu-2 maneh anggone netepi dhawuhe Gusti Allah.
2. Kamokalane Gusti Allah wus akeh kang dikawuningani, ewa samono rehne Wahyu Roh Suci wis manunggal ing sarira­ne kang ateges Panjenengane wis tinunggalan dening Gus­ti Allah, mula kerep bae Panjenengane nindakake kamokalan-kamokala­ne Gusti Allah, kang mungguh tata-lahire prasasat ngi­barake kaluwihane piyambak. Bab iku ora kanggo umuk som­bong, semongah sesongaran, nanging kanggo nenangi marang uwong akeh amrih padha pracaya lan eling marang Gusti Allah kang hasipat mokal, jer Panjenengane piyambak tumindak apa bae kang mokal-mokal pratela yen mung sadrema sarta sumendhe apa dene saka daya kuwasane Gusti Allah. Dene bab ka­elokan-kaelokan mau kang kasumurupan/kaseksen dening umum/uwong akeh kayata:
a). Panjenengane singsot ana ing sadhuwuring kedhung, iwak lele pating kecopak lan pating jligut padha me­tu kabeh, kongsi pirang-2 senik/tenggok, dipupu lan mratani uwong sadesa kono.
b). Panjenengane mancing iwak uceng nganggo sada blarak, mangka tanpa baneh (pakan) kongsi pendhereke kuwalahen nyekeli saka kerepe nyabetake.
c). Panjenengane nandur waluh sauwit, awoh telu, warna te­lu wujude, siji bunder kepleng, nomer loro lonjong, dene kang katelu sakawit dawa lonjong nuli bunder mlenthu.
d). Panjenengane nandur lombok sauwit, awoh warna loro, iya iku lombok gedhe lan lombok cilik(rawit).
e). Panjenengane nandur kangkung, sawise diolah krasa pait nyethek, sanajan dikela nganggo daging pisan, kongsi uwong-2 desa kang padha kelan, padha kepengin mbuktekake, bareng ngrasakake padha gebres-gebres.
f). Panjenengane nandur pongge kabuntel sepet ana ing desa Prebutan, sawise dadi wit duren anehe samangsa kembange sing akeh ing ngepok, wohe kang ndadi ing dhuwur, kosok baline yen kembange kang akeh ing dhu­wur, wohe kang dadi ing ngepok/ngisor. Wit duren mau saprene dadi pratandha ing keblat endi kang dadi e­nering kembang (woh mau) iya ing kono timbuling gulangan anyar/muride Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo. Yen sing awoh ing dhuwur sing padha gegulang para luhur, dene yen ing ngepok, sing gegulang Rakyat biasa (Petani, Dhagang, Buruh lan liya-­liyane).
g). Mangkono uga Panjenengane ngawuningani luwih dhisik pa­pan-2 kang arep timbul pageblug, arep timbul perang, gunung-2 kang bakal njeblug.
h). Ing nalika gunung Merapi njeblug ing tahun 1930 sarta ngetokake lahar, lan lahar mau mili nganti tekan daerah Munthilan, kapetung ing pakarangane daleme Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo ing Kampung Jagalan uga ki­lenan lahar. Anehe lan kamokalane lahar mau dipurba, diabani/didhawuhi manut, didhawuhi mandheg iya mandheg, didhawuhi mlaku iya mlaku, didhawuhi metu sawetane da­leme iya manut. Katerangan/kenyataan iki disekseni/di­mangerteni saka putrane piyambak kang asma:R. Sindu­widagda, asma timur R.Mukri. Kadadeyan iku R.Mukri isih timur digendhong keng Ramane.
3. Panjenengane remen banget marang ingon-2 manuk perku­tut, puter, pitik, dara, asu, tawon lan iwak rupa-2. Rena manuk perkutut karana Panjenengane lebda ing seni karawitan lan seni swara. Yen ngingah dara nganti atusan, kanggo kelangenan balapan sarta sengsem kasuciyane dara mau, dene tansah nunggal karo jodhone, sanajan dimor dara akeh banget, lanang wadon campur. Pitik, luwih-2 jago, pancen dadi kersane. Kajaba pancen kodrate jago se­neng tarung, uga dadi piranti kanggo mranata jagad ing alam batine, amrih kasucian bisaa tansah ngendhih ka­murkaning jagad. Mula nalika ana ambah-2/ama lelara pitik, kang ndayani pitik-ritike meh ludhes, Panjenengane prihatos banget, nyenyuwun marang Gusti Allah apa kang dadi tumbale. Dawuhe Gusti Allah ngenani tumbale abot banget, iya iku Panjenengane kudu ora lumrah, kudu tapa ngedan 11 dina lawase, saben dina Pon lan Kliwon esuk, pinuju pa­saran Munthilan, Panjenengane tapa ngedan, ngagem ageman jangkep, dhestharan midih, jas ireng laken lan nyampingan wiron mlipis, nanging nyunggi kranjang isi jagung calon kanggo pakan pitik. Malah ora mung nyunggi kran­jang bae, srempangan krupuk terung lan slondhok (alen­-alen gedhe) disandhati. Mesthi bae bab iku dadi gumune / ngungune lan dadi geguyone uwong akeh. Sawise disarati mangkono abote, lelara pitik ing wektu iku uga tumu­li sirep.
Bab anggone remen ngingu asu, ana gandheng-ginandhenge karo Wahyu Sejatining Kakung dadi tetumbal/diwedeni lan tetulake jim/lelembut. Kajaba iku Panjenengane ngi­ngah ingon-2 liyane direwangi luru-2 lan wani tuku larang banget, samangsa netepi dhawuhing Gusti Allah (ayat) kang merlokake bab iku minangka tetumbal.
Dene ingon-2 kang banget ora diparengake iya iku bebek lan babi, sebab umume ngingu bebek iku mung kanggo en­dhog-endhogan, ateges mateni wiji urip, lan maneh nggambarake wayuh wedok pirang-2 kang banget ora dadi kersane. Wondene ingon-2 babi kagawa saka bab-2 kang gandeng lan kasarasane badan.
4. Tanduran kang dadi kersane iya iku tanduran pari lan tembakau. Tanduran pari dadi gambaring ngelmune Allah kang kapencarake, kang uga ateges gambare murid-muride ana ing alam batin.
Panandure pari kagawe giliran/lir-gumanti, kaangkah aja kongsi kantu beras, ngengeti yen putra-wayahe lan murid­muride akeh banget.
Sarehning wiwit timur mula kang dadi anteping pangga­lihe mung among tani, mulane ing kawruh tetanen, ka­gungan pangertosan lan pangalaman kang sampurna. Mang­kono uga bab nandur tembakau kanthi tujuan kanggo nyam­pedi kabutuhan padinan lan samangsa ana kaperluan kang gedhe-2, mula panandure kongsi pirang-2 bau. Malah sok kersa nebasi lan tandho tembakau barang. Panjenengane tansah enget, samangsa kongsi comprang-campreng ing bab kabutuhan, asring ndadekake lan nimbulake lelakon kang
ora suci, ora jujur, kayata: adol ngelmuning Gusti Allah kang katampa mung kanthi lelahanan, nampa ruba lan tetindihi, nggampangake darbeking anak-putu/murid-muride, mangka iku kabeh sinirik dening Panjenengane. Kanggo nyukupi
kabutuhan-kabutuhan kang saya gedhe, iya iku kabutuhan kapribaden saya tambah akeh murid-muride. Panjenengane ngalami dedagangan rupa-rupa, kongsi nate bakul mercon ubengan antarane pasar Munthilan, Bo­robudhur lan Magelang. Panjenengane ora marengake yen murid-muride ngrentenake/nganakake dhuwit, na­nging majibake karukunan kang hasipat gotong-royong lan mbantu marang uwong kang padha kacingkrangan. Sarehning Panjenengane tlajere kaum tani, mulane ka­jaba remen banget nenandur, uga pliket banget marang lemah. Durung tau Panjenengane adol lenggahe/bengkoke, luwih-2 lemah sanggane sanajan mung oyodan utawa tahunan. Kosok baline, malah kerep-kerepe mundhuti kongsi putra-putrane diakoni/diparingi sawah lan pomahan dhe­we-dhewe. Bab kang anggawokake sawanci Panjenengane tindakan, yen mrangguli wiji apa bae, kang migunani marang ma­nungsa, embuh beton, embuh pongge, kemiri, kara lan sa­panunggalane, kang ora padha karawat/kecer ana ing dalan utawa papan-2 liyane mesthi banjur dipundhut dikanthongi/disaki lan samangsa ana papan kang dipang­galih prayoga (bisa nguripi) sanajan lemah mau dudu kagungane, wiji mau tumuli ditandur.
5. Nalika Panjenengane isih dalem ing Prebutan, kagungan raka ipe nak-sanak kang dadi Kamituwa. Panjenengane nari marang ipene mau, gelem/seneng apa ora dadi Lu­rah. Ipene mangsuli, senenga kae mokal bisane, sebab rumangsa kalah pinter lan kalah ditresnani ing u­wong akeh tinimbang Panjenengane. Apa dene Lurahe isih meger-2/isih dadi Lurah. Ipene supaya nyarantekake sawatara, iya iku antarane 9 sasi engkas, yen wis kelakon antara 8 sasi suwene, ipene mau mesthi sengit marang Panjenengane, iya bab iku Pan­jenengane ora terus dedalem ing Prebutan. Ipene mau banget maido, luwih-2 yen bakal sulaya, awit kajaba sa­dulur ipe, rumangsa nganggep guru marang Panjenengane. Let 9 sasi apa kang kaweca katemahan/nyata temenan, lu­rahe leren awit kaluputan ngrusak pajeg. Kamituwane nuli ngganti dadi Lurah, let 8 sasi Lurah anyar mau sulaya karo Carike (Panjenengane) awit Lurahe anyar nggegam­pang dhuwiting Nagara. Panjenengane ngajokake panuwunan pindhah Kalurahan Jagalan, kang kapinujon Carike lowok/ lowong. Panuwuna­ne nyuwun pindhah bisa kabul, tumuli pindhah saka Prebutan menyang ing Jagalan. Nalika Panjenengane pa­mit marang ipene (Lurah tilas Kamituwa) mratelakake yen anggone sengit marang Panjenengane dudu lupute i­pene, kosok baline saka anggone ngestokake dhawuhe Gusti Allah kang wus diwedharake 17 sasi kang kapungkur.
6. Nalika jaman klasir ing wiwitane tahun 1930 Panjenenga­ne bebarengan uwong akeh padha klasir ana antarane ka­li lamat lan Blongkeng, uwong akeh padha cingak lan o­ra ngerti karsane, dene Panjenengane maringi jeneng ke­dhokan-2 sawah kang diklasir mau dijenengake Watu murah, watu tumpuk lan watu lumbung. Disuwuni priksa apa darunane, Panjenengane mung paring wangsulan, wa­tu murah calone murah watu, watu tumpuk calone watu­ne kaya ditumpuk, dene watu lumbung calone watune ge­dhene salumbung-lumbung.
Muride Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo sumebar ing ngendi-endi, akeh uga kang asale saka ereng-erenging Gunung Merapi kang sisih lor kulon.
Antarane murid-murid ana siji kang setya banget sarta jelas mungguhing batine, jenenge Pak Surorejo. Saking mungsede bab kebatinan (jelas/lobok banget marang dha­wuh-dhawuhe Gusti Allah), dening uwong umum dianggep u­wong sing ora ganep/majenun. Nalika samana Pak Surare­jo nampa dhawuhe Gusti Allah kanthi cetha wewentehan, yen gunung Merapi bakal jeblug, malah kasebutake jam, dina lan tanggale uga sasi lan tahune pisan. Saka ta­ngi turu terus sowan Panjenengane Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo menyang Munthilan/Jagalan perlu ngatura­ke lan nocogake dhawuhe Gusti Allah kang tinampa mau. Bareng diparingi wangsulan yen dhawuh mau tetep nyata, dheweke banjur mulih, perlu ngungsekake anak bojone lan raja kaya sarta barang darbeke. Sawise iku ngubengi desane, karo bengak-bengok anguwuh-uwuh, yen miturut dhawuhe Gusti Allah Rama Carik Jagalan dina iki jam samene Gunung Merapi bakal njeblug, desa iki bakal ku­rugan lahar, mulane padha ngungsiya, yen aku kongsi go­roh keboku epeken kabeh. Uwong desa padha ora nggugu, malah padha ngarani yen Pak Surorejo edane ndadi/banget mendem ngelmu. Pak Su­rorejo anggone ngubengi lan ngelikake menyang uwong-2 ing desa kono marambah-rambah nganti ambal ping 4 (papat) akitrang-kitrang anangis angguguk saking anggone kami welasen. Rehne dhweke ora digugu, dheweke tumuli lunga karo na­ngis turut dalan, wis mesthi bae uwong-2 akeh kang nga­rani yen Pak Surorejo edan temenan. Apa kang dikandhakake Pak Surorejo katemahan/nyata, gunung Merapi njeblug/njepluk nggegirisi nalika tahun 1930 ngepasi dhawuhe Gusti Allah. Banjir lahar lan watu-2 ngebaki papan-2 sakiwa tengene Munthilan. Kali Lamat kang ngubengi pekarangane Rama Resi Pran-Soeh Sastro­soewignyo mili lahar. Uwong ing pakampungan padha ngungsi, mangkono uga ke­luargane Panjenengane. Dene Panjenengane kanthi dikan­cani abdine kang ' aran Pak Lepok, kang ngladosi Panje­nengane ora kesah-2 saka dalem kang banget ngungune uwong akeh, dene Panjenengane ora kersa ngungsi. Per­lu disumurupi manawa kedhokan-2 sawah kang diparingi jeneng Watu murah, watutumpuk, watu lumbung, kabeh mau padha kabukten kebak watu kang katut ing lahar. Sawise iku lagi padha ngerti apa kang kinarsakake Panjenengane rikala pinuju klasir.
Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo wuninga ing sadu­runge winarah, lire priksa samubarang bab kang bakal kelakon. Sejatine apa kang arep dumadi/kedadeyan wus kawahya dhisik ing alam alus. Luwih-2 Panjenengane kang wus tinunggalan dening Gusti Allah, wah maneh tan­sah tumindak suci, sarta gedhe tapa-bratane, kongsi sembada mranata/ngasorake lan murba-misesa Hawa Nafsune.
Salagine titah lumrah janji suci tumindake lan banter tirakate, yen gelem ngesthi temenan bisa kaparingan weruh lelakon apa kang bakal kasandhang, arep nampa kasusahan lan kabungahan mesthi nampa dhawuh dhisik saka Gusti Allah. Kamokalan kang gandeng saka sidik paningale Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo iku akeh lan warna-2 banget, ngawuningani Wahyu Ratu, Wahyu Bupati, jabang bayi kang isih ana ing kandhutan bakal metu lanang apa wadon, endhog sapetarangan calon netes pira 1an bakal kapriye ing tembe burine, wuninga dhayoh-2 kang bakal sowan dalah apa kang dadi wigatine si dhayoh mau lan sapanunggalane. Bab kamokalan-2 Panjenengane tumeka ing wektu se­dane ora pisah karo lelakon kang mokal-2, mangkono mau tumrap sapa bae kang mung mangerti tata-lahir. Kosok baline tumrap uwong kang mangerteni batine (aluse/suksmane) bab kang mokal-2 mungguhing ke­lahiran iku sanyatane barang kang lumrah, malah se­jatine yen ora ngelok-eloki mangkono mungguhing kasuciane, kawaskithane, gedhene tekad, ambeg adil lan luhure budine, kuwi kang malah ngelok-eloki, jer ora keplok karo batine.











***A***
Perangan 10 (kasepuluh)MENCARAKE NGEMUNE ALLAH NGANGGO WAYANG KULIT
(WAYANG PURWA)

Muride Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo saya akeh, kang umume sinebut "Kadang golongan" nyinau ngelmuning Allah ateges anggolong marang Panjenengane. Kadang go­longan mau mula bukane kadadeyan saka uwong-2 kang padha nyuwun pitulungan, uwong kang seneng nggeguru kawruh kebatinan, uwong kang seneng kadigdayan/kanuragan, para ahli tirakat lan prihatin, apa dene uga ora ku­rang-2 uwong kang wus nduweni pangertian Agama Islam kang wus dadi piyandele/pengangsone uwong akeh. Antara­ne kadang golongan mau kang perlu dicritakake ing ke­ne iya iku: Ahmad Suhada, Kyangkongrejo, Kuthorejo, Begelan lan Kartawiharja gembonging Agama Islam ing Sayangan, Munthilan. Mangkono uga bakal kasebut-sebut kadang golongan kang gedhe lelabuliane, luwih-2 kang tembe burine kapetung sakabate Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo, kang mengko-mengkone dadi seksi lahir-batin tumrap Pan­jenengane, apa dene rerewang nerusake tugas-kuwa­jibane.
2. Kyai Ahmad Suhada kalebu uwong kang mukmin lan nduweni pangaruh kang lumayan ing papan dununge, sebutan Kyai lan jeneng Ahmad Suhada nelakake yen dheweke uwong Jawa kang kapetung ngerti marang Agama Islam, lan nyatane mulang ngaji lan ngedegake pasantren. Sanajan mangkono dheweke isih rumangsa durung sem­purna sesurupane ing bab kasuksman lan wewadine pa­ti, mulane ninggal papan dununge, meguru ing pon­dhok sacedhake Pacitan, kongsi sawatara suwe. Nalika dheweke ana pondhok, sajeroning turu rumang­sa nampa dhawuhe Gusti Allah kang cetha wewentehan mangkene: Ahmad Suhada kowe aja katrem lan kabestu­ron mung tansah ngaji bae, sing perlu golekana makna­ne sahadad kang tanpa sadu. Kang dhawuh nuli musna ngawiyat. Ahmad Suhada tangi apungun-pungun, sawise iku dheleg-dheleg. Dheweke susah banget kongsi sa­wetara suwe ore enak mangan lan turu. Pantoging na­lare, kabeh supenan diaturake Kyai kang disuwitani, nyuwun katerangan kang sejatine. Kyai mau jujur lan Prasaja yen durung/ora mangerti semaya sawatara di­na dheweke arep neges dhisik marang kang gawe Urip, nedya mempen/ngebleng pati-geni lan niyat solat is­tikaroh ana ing Langgar, pitung dina pitung bengi la­wase. Bareng wis dilakoni lagi oleh patang dina bae Kyai nimbali Ahmad Suhada, dipangandikani mangkene: wis begjane awakku ora menangi lelakon iki, kowe endang lunga saka kene menyang Dhaerah Kedhu, kang kok goleki bakal katemu. Dhawuhe Kyai diestokake, dheweke njajah ing weweng­kon Kedhu, sengadi bakul wade lurik Kuthaharja, ing batin nggoleki wahanane impene.
Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo tansah nerusake anggone tapa ngrame ana ing guwa samun, kang ateges duwe laku kang ora ngetarani, dadi kaya tumindake/pakartine uwong lumrah. Panjenengane kerep lelangen sukan-2 balapan dara, jemparingan kang nyontoni bab kawanteran lan ketrampilan bab olah kridhaning jem­paringan. Yen beksa dadi gawoking akeh, uwong nonton durung gelem mulih yen Panjenengane durung nyalirani. Yen beksa tayub, samangsa Panjenengane pineksa didega­ke uga, nglegani kanthi milih ringgit/ledhek kang ku­ciwa/ala rupane (sarwa asor apa-apane) apa dene tan­sah adoh tanpa gepokan, dadi mung mligi seni beksane kanggo nglegani panuwune uwong akeh.
Malah ora mung kandheg samono, kerep kedadeyan yen Panjenengane ana ing dalan, apa ana ing sawah, sok di­keploki lan digameli bocah angon, Panjenengane asring beksa pisan, dene kersane ora liya mung gawe lega, sinambi nutupi tapa-bratane. Kagawa asring mangkono, uwong kang padha meruhi akeh sing nganggep kang ora­-ora marang Panjenengane.
Ana ing Masjid Munthilan bakda solat Jumuah, Ahmad Suhada tetepungan lan Kartawiharja, Gembonging Agama Islam ing Kampung Sayangan Munthilan.
Ahmad Suhada ngrambu-ngrambu ana lan orane Kyai kang misuwur ing sakiwa tengene Munthilan, diwenehi kate­rangan yen ora ana. Uga ana nanging ora jeneng mi­suwur, iya kuwi Carik Jagalan, kang isih gelem nga­botohan lan jejogedan kaya uwong ora genep, ewa sa­mono dening murid-muride uga kaanggep Kyai kang peng­pengan. Malah Ahmad Suhada diprayogakake ora susah ne­moni bae. Ahmad Suhada kenceng.banget tekade kepengin weruh, mulane terus sowan menyang Jagalan lan kapinu­jon Panjenengane ana ing dalem. Bareng Ahmad Suhada sumurup/weruh Rama RPS.Sastrosoewignyo enget yen iya Panjenengane kang paring dhawuh nalika ana ing pondhok, mula gurawalan laku dhodhok arep ngraup sampeya­ne nedya angaras pada, caos pangabekti, nanging pinenggak-penggak tan kena. Ahmad Suhada tumungkul amari, ke­lu, ing batin karanta-ranta jer babar pisan ora ngira-k­irakake. Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo ora kekilapan, Ah­mad Suhada dijarwani, yen kabeh-kabeh mau saderma sa­ka karsane Gusti Allah, mula supaya nambahi kasetyan marang Gusti Allah.
Sabanjure Ahmad Suhada dadi muride, nyinau ngelmune Gusti Allah kongsi katam. Iya dheweke iku kang mi­witi mencarake ngelmune Gusti Allah ana ing kiwa tengene Kuthaharja.
5. Kartawiharja sawise mangerteni pangaruhe Rama RPS. Sastrosoewignyo saya gedhe, apa maneh Ahmad Suhada nganti katut, ing rasa rumangsa gedhe dosane yen ora bisa ngendhih pangaruhe, apa dene nelukake Panjenenga­ne. Mulane ing sawijining dina ngelengake sowan Rama RPS.Sastrosoewignyo, kanthi niyat nedya milut/mikut Panjenengane supaya mlebu Agama Islam, jer Panjenenga­ne uga ngakoni Agama Islam, supaya nuhoni dalil-2 lan rukune Agama Islam kang kacetha ing Kitab Al Qur’an. Kartawiharja njlentrehake surat-2 lan ayat-2 mawar­na-warna, amrih Panjenengane kraos nylempang, satemah kersaa bali dadi - uwong Islam kang sejati. Sawise iku Panjenengane paring wangsulan kanthi pa­semon lan katembangake: "Tirta, wiyat sida guri man­ca-warna, edan kula kapilut luwesing basa. Petis ma­nis sarining kaca benggala, aja ngucap yen durung we­ruh ing rasa." Sateruse Kartawiharja ginrujug ing pitakonan. Sapa sing mangerteni maknane: Tangawud? maknane surat Eklas ? maknane surat Anas? Maknane surat Alfatekah ? Sapa kang mangerti nyatane jim kang "lengket ing dhadhaning para manungsa ?” Allah iku sawiji, sapa kang bisa nyawijekake kongsi meruhi nyatane yen Allah iku siji ? Andhak ana kang nekseni temenan yen Kangjeng Nabi Muhamad iku Utusane Gusti Allah ? Iki anggoleki barang nyata lho, dudu apalan lan negesi tembung. Dak kira, ing donya ora ana kang bisa prakara iki, yen ora nganggo cara-caraku. Suwarga neraka besuk-2 dirembug, Wong kaanane saiki bae durung mangerti. Mara arep ndherek Kangjeng Nabi Mohamad kuwi, saiki suksmane (uripe) ana ngendi? Dedege Kangjeng Nabi No­hamad karo aka dhuwur endi? Yen kacek kaceke pirang senti? Dak pesthekake padha ora weruh. Pungkasane Kartawiharja ora bisa ngunggahi rembug, malah suwe-suwe banjur anggegulang dadi kadang golongan. Dheweke saben-2 didhawuhi nyuwun marang Gusti Allah supaya katemu suksmane Kangjeng Nabi Mohamad. Ing alam alus dheweke tansah katemu karo Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo, mulane banjur netepake ing batine, ma­nawa ing antarane Nabi Mohamad lan Rama Resi Pran-­Soeh Sastrosoewignyo iku barang siji. Sawise Kartawi­harja katam, kaparingan warna-warna gandheng-ginan­dhenge Nabi sing dhisik-2 karo Panjenengane, mang­kono uga Kitab siji-sijine kongsi mangerteni yen wa­yang purwa (Pustaka Raja Purwa) iku uga Kitab suci ka­ya dene Al Qur’an, bangunan saka Kangjeng Sunan Kali­jaga, njupuk sari-sarine lelakone Nabi kang biyen-2. Kartawiharja nuli melu mencarake ana ing Dhaerah Ke­dhu.
6. Wiwit nalika iku, Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo mencarake ngelmune Gusti Allah kanthi migunakake piranti wayang purwa/wayang kulit, iku kabeneran ana go­longan anyar, asmane R. Sastromujono ing Ngayogyakarta, kang mangerteni bab wayang purwa lan mumpuni ing gen­dhing. Saben dina ngepasi wiyosane Rama RPS.Sastrosoe­wignyo, iya iku dina kang ngepasi nampa Wahyu kapi­san lan kapindho, kadang golongan padha ngananakake pe­ngetan, seneng-seneng lan slametan malah ana kang wa­yangan pisan. Kartawiharja nerang-nerangake ngelmune Allah kanthi kaseling maca Kitab Al Qur'an, nuli ga­melan talu, wayange wiwit, lakone kapiridake lan bab-­bab Ngelmuning Allah 3 prangkat salah siji. Wis mesthi bae sumebaring kadang golongan agawe kurang senenge pameluking Agama liya, Luwih-2 kang Kitab su­cine kajelas-jelasake bareng tontonan wayang, bab iku dianggep sirikan banget, mula nalika pengetan ana ing Tambakbaya sakulone Magelang, nampa rintangan kang gedhe, iya iku dikrutugi watu marambah-rambah, kongsi gagal anggone pengetan ora bisa diterusake. Rama RPS. Sastrosoewignyo kaungsekake, kagawa kesah dening pa­ra pandhereke, katitihake montor. Montor titihane isih tansah kaburu lan kakrutug ing watu, kongsi pecah-pe­cah kacane, nanging Panjenengane lan pandhereke kabeh padha slamet, ora ana cilik ketaton, gedhe kongsi ke­drawasan. Sateruse dadi prakara, kang padha gawe gendra padha kaukum dening Pamarintah/nagara, marga tan tri­mane Panjenengane. Mangkono uga papan sakiwa-tengene kono, karana kanggo mitenah Panjenengane nampa wewelak saka Gusti Allah sawatara tahun lawase tanduran pa­dha pusa, ora dadi/ora tulus. Nalika wayangan ana desa Tingal,Borobudhur, uga nam­pa gangguan, nanging wayangan bisa katerusake. Uwong-2 kang ora padha seneng padha nyebawani Rama RPS. Sas­trosoewignyo kanthi tetembungan kang ora kepenak kinuping: " Lha, kae methongkrong kae, bangkokane, lha kae celenge ". Panjenengane kanthi sabar paring wangsulan:" Aku ora isi apa-2, kajaba mung nindakake dhawuhe Gusti Allah. Sing muni: "celeng" kowe ngetokake tetembungan celeng, dadi batine isi (ana kandhange) celeng." Kajaba disebawani, uga gedheg pengkerane lenggah kaogrog-ogrog nganggo cucukan carang pring kang dilancipi, apa dene uwong-uwong mau padha ngeculake tawon kongsi pirang-2 glodhog. Wayang bisa katerusake awit uwong-2 kang agawe kisruh banjur bubar dhewe-2, awit wis miris kadang golongan kang cacahe akeh banget, apa dene ananing Po­lisi kang njaga.
7. Sarehning ing Munthilan akeh kang ngrasuk Agama Kha­tolik, saka antarane uwong-2 mau uga ana kang dadi ka­dang golongan. Dene Panjenengane ndhidhik marang pame­luking Agama Khatolik kang nggolong mau, supaya padha nyuwun marang Gusti Allah katemu suksmane Gusti Yesus. Sawise uwong-2 mau ana ing alam alas mung tansah katemu lan Rama RPS. Sastrosoewignyo, mula padha setya marang Panjenengane. Ing sateruse kawulang ing bab-2 liyane kongsi padha katam, kang agawe pamareming atine, awit padha ngerti nyatane nekseni ing alam batin, apa kang kinarepake lan kanyatahaning Lintang Panjer Enjing lan sapa se­jatine Sang Panebus Dosa. Mesthi bae sulaya lan geseh karo kaum Khatolik, nanging ora kongsi ndayani rube­da apa-2. Ora nggumunake yen Kyai-2 guru ngelmu kebatinan, kang padha suda muride kang ateges suda kawibawane lan san­dhang pangane padha sengit marang panjenengane nuli nganakake fitnah rupa-2, ndakwa pengapus, ngelmu goroh, nglanggar kasusilan, lan liya-liyane, kongsi ana kang tekan ing Pangadilan, kang wusanane uwong kang padha mitenah Panjenengane malah padha dihukum.
8. R.Sastromujono terus rerewang Rama RPS. Sastrosoewig­nyo mencarake ana ing Ngayogyakarta sarta Godheyan. Tumuli oleh kanca kang asma Secaharjana, Tebon Godhe­yan lan Hadisudarma Gendhol, Tempel kang ndayani sa­ya akehe kadang golongan. Mung emane R.Sastromujono lan Kartawiharja ora bisa ngiket kadang golongan kang wus ewon cacahe. Bab iku embuh saka kurang ngepasi cara-2 kang kapigunakake, apa dene kurang nuhoni dhawuh-dhawuhe Gusti Allah. Nalika iku antarane tahun 1931 tekan tahun 1936 kadang golongan sumebar ing ngendi-endi. Pamarintah Penjajah walanda ngawasi, nanging sarehne ora ana bukti-2 kang ngrugekake bebrayan apa dene punggawa nara-praja ing wektu iku padha nekseni dhe­we ing bab kapribadene Rama RPS.Sastrosoewignyo, mula malah ndhawuhake aja kongsi punggawa Pamarintah pa­dha ngganggu.
















***A***
Perangan 11 (kasewelas)
KADANG GOLONGAN SUMEBAR ING GUNUNGKIDUL

1. Ing tahun 1937 ing Gunungkidul Ngayogyakarta, ana ka­dadeyan kang ubur/rame, dadi rembug kang sawatara su­we, iya iku: kereme R.W. Harjasujadi Wedana Semanu, nalika lelangen pasisiran karo Controleur B.B. Wonosa­ri. Ora mung ahli waris lan para punggawa pamarintah bae kang ngrembug prakara iku, kalebu uga uwong akeh/umum, kang tujuane pangrembug kapriye sebab-sebabe, kapriye kedadeyane lan kang banget wigati apa ora bi­sa timbul/mentas. Kyai-2 kebatinan, ahli petung lan klenik padha kelarisan, lan keh-kehe padha meca yen sawatara dina maneh bakal timbul/mentas, janji di­sarati iki-iku, abon-2 lan sesaji kang warna-warna. Nanging kabeh mau ora ana kabul kawusanane/nyatane. Sukiyata Marta Harjasirwoko (S.M.H.Sirwoko) tumrap ana ing Semanu kalebu uwong kang seneng prihatin lan seneng maguru, luwih-2 ing kanuragan/kadigdayan lan ngelmu kebatinan. Dening pendhudhuk Semanu S.M.H.Sirwoko kapurih mi­terang bab kereme R.W.Harjasujadi marang Kyai Carik Jagalan Muthilan, kang miturut goteking akeh, kabiwara tekan Semanu, manawa Panjenengane Kyai kang waskitha. Tumuli S.M.H. Sirwoko nyaguhi tumuli budhal/mangkat kaeterake Priyayi Guru Sekolah jenenge Leo Sarima Prawiradiharja, mantune Pak Suter Prebutan iya iku u­mat Khatolik kang wus dadi kadang golongan.
2. Rama RPS. Sastrosoewignyo wus wuninga yen bakal kata­muan S.M.H. Sirwoko, mulane nimbali murid-muride di­dhawuhi ndherek manggihi tamune, iya calon muride kang digoleki wiwit tahun 1918. Sawise S.M.H. Sirwoko nga­dhep Panjenengane mratelakake kang dadi wigatine, su­paya diparingi bisane marem meruhi dhewe, dadi ora sumendhe katerangan sapa-2. Mulane didhawuhi nyuwun priksa dhewe marang Gusti Allah piyambak. Ing sabanjure diparingi priksa mungguh cara-carane tapa-brata lan panyuwunane. S.M.H. Sirwoko nyagahi, nyuwun sacepet-cepete bisane mangerteni mungguh kereme R.W. Harjasujadi mau kapriye apa wis seda apa isih sugeng lan bisa bali/mentas. Sanajan nganggo laku sing abot. S.M.H. Sirwoko kadhawuhan tapa ngrambang/kungkum ing sajeroning 11 bengi. Dhawuhe Pan­jenengane disaguhi/diestokake. Mulihe/baline saka Munthilan wis nicil kungkum ing sangisoring kreteg Bun­der (Kali Oya) nuli katerusake kungkum ing Kedhung Tom­pak turute Kali Jirak Semanu. Uga kungkum ing sangisoring kretek Jirak rada sisih ngisor/kulone. Durung kongsi genep 11 dina/bengi lawase anggone nindakake kungkum, malah lagi 4 bengi bae wis oleh dha­wuh cetha ana ing sajeroning pangimpen, iya alam alus. Wiwitane mangerteni dalan saka Semanu mangidul tekan pasisir Kidul, mangerteni kahanane R.W. Harjasujadi, kawitan kongsi kacemplunge ing sagara, tumekane lela­kon ing sateruse kang ing batin nemtokake yen ora ba­kal bisa timbul maneh (mentas isih sugeng wadhage). Cetha wis seda lan suksmane kesasar melu Sang Pri­ya iya Kangjeng Ratu Kidul. Tumrap S.M.H. Sirwoko tampa katerangan mangkono wis marem. Sabanjure rayine R.W. Harjasujadi kang tembe burine asma K.R.T.Suryaningrat, nyuwunake syarat amrih lipure para keluwarga kang tininggal marang Panjenengane Rama RPS. Sastrosoewignyo. K.R.T.Suryaningrat uga bisa priksa yen rakane wis ora bisa bali/wis seda lan jisime bae ora bisa men­tas, ilang larine, dene suksmane rakane cetha kesasar, padha apa sing diweruhi dening S.M.H.Sirwoko. Ing sabanjure K.R.T. Suryaningrat dadi kadang golongan. S.M.H. Sirwoko gegulang tumuli katam, kacoba mawarna-­warna, bisa mangerteni kang kinarsakake Panjenengane. Wiwitane S.M.H. Sirwoko ngembe (nyepelekake) marang Panjenengane, nanging kadayan mangerteni kaluwihan-2 bab apa bae lahir lan batin temahan wedi lan tresna asih marang Panjenengane, tetep dadi siswane.
3. Sejatine S.M.H.Sirwoko sadurunge kapethuk ana ing alam wadhag/donya, wis tau ngimpi kepethuk/katemu luwih dhisik karo Rama RPS. Sastrosoewigpyo, iya iku nalika dheweke turu ana ing Guwa Rancangkecana pakulone Playen. Nalika dheweke meh kagodha lelembut wadon, diengetake lan ditulungi uwong tuwa ngagem theklek iya iku Rama RPS. Sastrosoewignyo. S.M.H. Sirwoko oleh dhawuhe Gusti Allah kang supaya rerewang mencarake ngelmu 3 prangkat lan anggoleki tunggal, bokmanawa wis. ginaris tunggal kang kawitan Martasuwita lan Sukirman Poedjosoewito sing isih kepener kakang nakdulur (isih tunggal embah) dene Poedjosoe­wito isih mempeng-mempenge sakolah Agama Islam lan ana ing Pondhok-2 Pasantren, pancen uwong tuwane dalah embahne pisan iya ngrasuk Agama Islam. Embah buyute Martosuwita lan Poedjosoewito dadi Naib ing Semanu asma Abdulatip, Kyai kang kajuwara kaislamane ing we­wengkon Semanu. Dene embahe jenenge Abdulkasim dadi bong supit, lan uga kondhang yen nyupiti enggal bisa mari/waras lan ora metu getihe. Sukirman Poedjosoewito kagugah melu gegulang ngelmu 3 prangkat amarga: nalika kakange lara banget lan wis tumeka ing wektu lelaku, ngundang adhine kang je­neng Sukirman, mratelakake yen kabeh apalane lali ka­beh, njaluk diwarahi/dituntun apa sing dibutuhake, ka­yata: Tangawud, sahadat, alfatekah lan liya-liyane, mangka kakange kuwi ngenani kaislamane tikel-tekuk/luwih pinter tinimbang Sukirman. Malah sambat-2 pe­teng lan bingung linglung kaya uwong kang ora duwe kapercayan. Sukirman ing batin nguda rasa mangkene: manut wulangan sing tak tampa besuk yen ana ing alam Kubur kudu eling pitakonan 6 prakara, mangka kakang iki durung tumeka ing pati bae wis lali kabeh apalane, banjur endi ngelmu sing perlu tak udi/sinau. Kekarone nyinau/gegulang ngelmu 3 prangkat tumuli katam, sabanjure kasusul sadulur anyar sing dadi tunggal golongan iya iku: Martawiyogho, Martaradana, Martasuyitna, Resadirya lan isih akeh maneh kadang golongan kang nyinau kanthi gangsar katame, njalari gelis/enggal banget sumebare ing Gunungkidul. Kanggo piranti nyebarake mau nganggo cara aweh pitulungan sacara pedhu­kunan kang tanpa ragad/syarta lan kanyata akeh bukti­ne bisa basil sapa bae kang ditulungi.
4. S.M.H. Sirwoko tumuli sawetara wektu nyebarake ngel­mune Gusti Allah ana ing Godheyan mbantu/nyantosani Secaharjana, sambene dadi Guru Mohamaddiyah ngiras kanggo ngerteni wulangan Islam. Martaradana bebadra ana ing Ngleri, Kapanewon Pla­yen, dene Martawiyogho mencarake ana ing Wonosari, sabanjure nyantosani Ngayogyakarta lan Imogiri, dene Wonosari katerusake dening Poedjosoewito lan Sastro­sarjana. Ing Semanu lan kiwa-tengene katanggung jawab Martasuwita. Martasuwita sadurunge ngadhep Rama RPS.Sastrosoewignyo ana ing alam donya, uga wis tau pinanggih ing alam im­pen/alus, kepethuk/ketemu ana ing kali Kakiman (satu­rute kali Jirak Semanu) iya iku dhuwur kali Bangsong, nalika iku wujud/jumeneng Sunan Kali Jaga, ngagem jas putih srebanan cinaket cahya kang menco­rong (nalika dheweke ngudi ngelmu kebatinan). Kang uwis-2 Rama RPS. Sastrosoewignyo iku kajaba kang perlu banget, langka kersane tindak mrana-mrana, lu­wih-2 ing bab mencarake ngelmune Gusti Allah aja nganti paribasane sumur lumaku tinimba. Murid kang ewon mau kawitane padha sowan ing daleme dhewe-dhewe. Kajaba samangsa dina-2 pengetan/kaperluan ana ing sa­wijining papan ngendi bae kang lagi padha nganakake pengetan/karameyan/kaperluan, Panjenengane lagi ker­sa ngrawuhi/nindaki, nanging iya ora kabeh papan/pang­gonan sing dirawuhi iya mung sacara giliran. Panje­nengane paring berkah lan paring wejangan-2. Padha-2 papane kadang golongan, kang kerep dirawuhi iya iku ing Gunungkidul, bab iku saka akehe murid­-muride/sakabat-2 kang kakersakake ngembat ruwet­-rentenge lelakon lan uga kadayan anggone kagungan pu­tra mantu ana ing Gunungkidul, dadi ngiras-ngirus ti­lik putra-wayah.
5. Rama RPS. Sastrosoewignyo kagungan putra akeh kong­si 14 (pat belas) kang isih tulus sugeng kena diemong mung kari 6 (enem) kakung 4 putri 2. Tumrap panggula-wenthahe marang putra kapasrahake gar­wane, dene Panjenengane mung ngulad-uladake. Panjenenga­ne tansah ngudi amrih putra-putrane aja kongsi kagol. Yen putrane lagi padha sare, anggone pangandikan bae lirih-2, yen tindak ajinjit-jinjit amrih aja mbribeni. Yen putrane nduweni panyuwunan, kabudi-daya amrih bisa­ne katurutan, samono uga kajaga supaya aja kongsi u­gungan, dadi katresnane ora katuduh-tuduhake (dike­tarak-ketarakake). Kajaba yen garwane gerah kang ba­nget kongsi ora bisa nesepi, putra-putrane ora kapa­reng diunjuki powan/susu sapi/melk, awit miturut Pan­jenengane kodrate Gusti Allah bocah kuwi nusu biyunge dadi ora nusu kewan, mundhak wateke/bebudene kapanga­ruhan jiwa kewan. Pajenengane nyirik banget ora kersa ngandika ala (lekoh/ kasar) marang putra-putrane lan uga marang liyan, awit kajaba saru rinungu, kuwatir yen katemahan tembe buri­ne, ora wurung mung getun kaduwung. Bab sirikan muni ala iku mawanti-wanti kadhawuhake marang murid-muride. Panjenengane mardi banget amrih pu­tra-putrane mempeng/maju sekolahe, kala mangsa Panje­nengane keras ndukani putrane iya mung karana mung ngajokake sakolahe. Ing bab ngudi kapinteran kawruh lahir, agama ape bae ora dadi pepalang, sebab yen dha­sar tunggal tekan titi wancine bakal tinarbuka dhewe. Ngenani putra gandhenge lan agama, Panjenengane ngu­piya lelakone Kangjeng Nabi Nuh, kagungan putra telu, kang siji nggeguyu ramane, sing nomer loro rada ngan­del rada ora setuju iya ora, maido iya ora, dene kang nomer telu mbantu lan nggugu marang ramane, kang ka­sebutake ing carita nalika Kangjeng Nabi Nuh sare we­wadose katara, ana putra kang malah nggeguyu, ana kang ngenengake bae, kosok baline ana kang welas mbantu nu­tupi. Putra-putrane Rama RPS.Sastrosoewignyo kawitane padha sakolah Khatolik, cocoge lan kemajuan sakolah ing Munthilan. Panjenengane tresna banget marang putra-putrane. Dhawuhe mangkene:"Anak iku gempalane awak/daging, yen nyepelekake anakku, padha bae nyepelekake' aku". Panjenengane ora mbedak-bedakake antarane putra lanang lan wadon, lanang bakal mengkoni sisihane wadon, wadon bakal mengkoni sisihane lanang. Sanajan putra mantu kaanggep putra dhewe, luwih-2 yen wis duwe putra/tu­wuh. Pancen umume ing wingi-2 mareme yen wis duwe anak lanang. Ana sing ngresula anake mung wadon kabeh. Anak lanang jare gedhe tanggung jawabe. Sejatine anak wadon iya bisa duwe rasa tanggung jawab, malah nyatane, a­keh kang luwih rahab sarta gemati samongsa uwong tuwa lagi nandhang suker-sakit. Wus Katerangake yen panganggepe putra lanang, wadon sarta mantu padha bae, mung bae tumrap peparing kang arupa barang, raja-kaya, sawah, pakarangan, penganggo kang aji, meksa kabeda-beda miturut kaanane, kanthi tujuan kang sekeng tur cilik pangkate, apa dene anak kang brayate akeh, iku luwih kapanggalihake, jer iku kang diperlokake diparingi ra­da kacek. Panjenengane nalika oleh garwa kanthi ijab Islam. Na­lika garwane kena pangaruhe sanak-sadulure arep baptis Khatolik nyuwun pamrayogo lan idin marang Panje­nengane. Nanging Panjenengane ora marengake, kanthi wangsulan mangkene:" Yen kowe baptis Khatolik iku nuruti atimu dhewe sakarepmu, yen mung nuruti sedulur­-sadulurmu, ora kena, aku ora rila, padha-2 nuruti rak angur nuruti aku ta, wong aku iki bojomu, lan kowe kuwi tunggal karo aku." Awake dhewe iki cocog karo Agama apa bae, sebab sejatine Dat/wujud siji, dianggep beda-beda.
6. Rama RPS. Sastrosoewignyo yen njodhokake/ngomah-omaha­ke putra, nemtokake ora ndhasarake bondha, pang­kat, rupa lan syarat kelahiran liyane, dene kang dadi pokok netepi dhawuhe Gusti Allah sapa kang kinodrat dadi jodhone putrane mau, sebab yen ing batin wis ki­nodrat dadi jodho, ing lahir kang nglakoni padha sreg lan leganing atine, dadi ora ngrasa pineksa, apa dene mung seneng kadaya saka kaburu nafsu. Kayadene nalika mundhut mantu Martaasmara Wonosari Gunungkidul, sawise Panjenengane nekseni ayat-2 dhawuhe Gusti Allah marambah-rambah, mangkono uga saka kadang go­longan ing Gunungkidul, luwih-2 Martaasmara dhewe jer wus katam lan uga wis nekseni, prasasat wis Ora ana maneh kang kapanggalihake kajaba mung tekane wektu diwasa lan tetepe dina ijabe. Dadi Ora ana rembug kang gandheng lan paningset, srakah, gawan, tukon apa sanguning panganten luwih-2 bebana kang ngaran-arani kaya kang akeh-akeh kang isih dadi kalumrahan ing wektu iku, lamaran-2 saka uwong liya ing sadurunge lan kang ambarengi rembug kang miturut ukuran lahir sruwa­sruwi luwih ing apa-apane, kabeh tinolak karana ora hadhedhasar dhawuhe Gusti Allah. Rama RPS. Sastrosoe­wignyo yen dhawuh apa-apa, kerep-kerepe mung dise­mu, kanggo nglatih landheping panggraita, kajaba marang kang kethul banget panggraitane, dhawuhe kapa­ringake kanthi sawantahe. Sadurunge Martaasmara resmi kongkonan ngaturake pa­nglamar, mlimpingi luwih dhisik nyaosake serat sara­na kongkonan kang surasane nyuwun wiji kemiri. Rama RPS. Sastrosoewignyo tanggap marang surasane la­yang, mulane paring wangsulan mangkene:" Hasareng pu­nika, kula ngintunaken wiji kemiri, kajawi punika ku­la gadhah wiji sekar mandhalika, nedheng-nedhengipun mekar-mekar, kula kinten sae lan cocog sanget katanema wonten Gunungkidul, temtu badhe ngrembaka, woh lan thu­kulanipun kathah. Yen sakinten nak guru ngresakaken supados kengkenan mendhet, tinimbang namung kabatos." Bareng wis ana dhawuh kang mangkono, kadang golongan Gunungkidul wus ora ragu-2 maneh nerusi rembug, kongsi Martaasmara kelakon ijab lan Rr.Wening, sempulur ing sateruse sarta apeputra akeh.
7. Kadang golongan kang akeh mau kawitane sinebut O.M.M. cekakan saka tembung Oemat Mohamad Munthilan. Dene kang kinarepake dudu umate Kangjeng Nabi Mohamad kang ana ing Munthilan, awit ing Munthilan dhewe ora sepiraa a­nane kadang golongan, malah kadang golongan kang akeh ana sajabane Munthilan. Dene karepe kang pokok Mun­thilan iku ana panjalmane Mohamad, iya iku Rama RPS. Sastrosoewignyo. Sateruse O.M.M. dijarwani Oemat Moha­mat Manunggal, kang mengku karep anjuran dadi sawiji, golong-gilig manunggal karep saeka-praya, jer nyata­ne ing batin nunggal asal.
Kagawa ana kadang golongan saka pameluking Agama Kha­tolik lan Protestan, mulane ora nyetujoni yen saben­-saben migunakake tembung Mohamad. Sabanjure O.M.M. ban­jur dadi cekakan Oe (U)mat Marsudi Makrifat, awit pancen kanyatane kadang golongan andhasarake kapercayan lan piyandele kanthi makrifat, iya iku meleking netra ba­tin, meruhi kaanane alam alus. Saka kadang golongan kang terpelajar padha thukul ra­sa tanggung jawabe bisaha ngelmune Gusti Allah kapencarake kanthi gampang, lan njaga yen ana pepalang bisa­a tumuli gampang ditanggulangi lan dibengkas, mula dirasa perlu anane pakumpulan kadang golongan, lan uga kaleksanan ngedegake organisasi kang sinebut P.O.M.M., cekakan saka tembung:"Pakumpulan Oe(U) mat Marsudi Makrifat, dene pengurus-penguruse kedadeyan saka S.M.H. Sirwoko, Martaradana, Martawijogho, Martasuwito lan sapa­nunggalane. Dene P.O.M.M. mau kongsi sawatara suwe bisa sumebar ing Kedhu, Sleman, Ngayogyakarta lan luwih-2 ing Gunungki­dul kongsi tumeka ing titi wancine kawujudake dadi or­ganisasi liya kang tansah kalarasake lan kabutuhane kadang golongan.











***A***
Perangan 12 ( karolas )
KADANG GOLONGAN ( O.M.M. ) NALIKA NGAREPAKE
PERANG DONYA KAPINDHO LAN SAJERONING PENJAJAH JEPANG


1. Sawise kadang golongan duwe pakumpulan kang sinebut P.O.M.M. saya nggampangake sumebare. Yen kala mangsa ana bab kang gegayudan lan urusan O.M.M. cukup karampunga­ke dening para pengurus P.O.M.M. Mangkono uga anane ada-ada bab apa bae, kang gandheng kaperluan anggawe tambah rukun, rumakede kadang golongan apa dene ndhidhik amrih saya setya lan sumungkeme marang Rama RPS.Sastrosoewignyo. Ada-ada mau kawujudake dening P.O.M.M. kanthi nganakake saraseyan, laguning gendhing, dalah sagerongane pisan, gubahan-2 lakon wa­yang, kang saben-2 kagelarake marang kadang golongan sarta marang umum, kang njalari saya akehe kadang go­longan. Dene gubahan-2 anyar mau kajaba kanggo piranti njembara­ke, kang pokok kaya kang kapratelakake iki:
a. Gendhing Tri Asmara Tunggal, kagubah saka Puji lang­geng, pujiyan kang kanggo nenuwun samangsa nampa ka­susahan apa bae (anake ngelu, atine ora tentrem mar­ga kacingkrangan panguripane lan sapanunggalane). Malah Puji Langgeng yen kawatak/kaucapake ing alam alus bisa slamet saka gangguan jim/lelembut, awit kabeh lelembut ora bisa meruhi kang pepujian mau.
b. Gendhing Tri Pusara Mudha, gerongane Sinom kang kawitane kagubah saka aji tetulaking bebaya kang asring katindakake dening Rama RPS. Sastrosoewignyo.
c. Gubahan wayang Srikandhi racut, nyasmitani marang umum bakal perang donya kapindho: Ratu Walanda Putri (Wilhelmina) jengkar saka prajane. Lakon Guru ka­wiyak, nggambarake yen Jepang kang njajah kita a­sengadi memulang, sejatine ngumbar kamurkane, kang babaring lakon bakal kawiyak/kaweruhan alane.
d. Kajaba iku isih akeh maneh gubahan-gubahan kang gandheng seni swara, seni karawitan sarta seni pa­dhalangan.
2. Ngarepake ambruke Pamarintahan Walanda S.M.H.Sir­woko ngetokake buku "Garan Pusaka Batin" kang nye­thakake wigatining ngelmune Gusti Allah 3 (telung) prangkat kang kaampil dening Rama RPS.Sastrosoewignyo, lan pokok-pokoke carane ngudi/nggayuh. Dene Martawijogho anggawe buku "Kunci Pusaka Batin" kang mratelakake cara-cara nggayuh ngelmune Gusti Allah/rapal-rapal/apalan-apalan, kapigunakake mitu­rut dhawuhe Rama RPS. Sastrosoewignyo ing wektu iku. Buku rong warna mau kaecapake kanggo cecekelan ka­dang golongan kasiarake marang sapa bae kang mbutuha­ke. Kanthi buku rong warna mau mesthi bae akeh sa­thithike agawe jembaring tebane kadang golongan, awit saka uwong kang dedunung adoh, sarta angel hubungane, bisa mangerteni lantaran buku mau. Mangkono uga wigatine O.M.M. kang nggayuh ngelmune Allah, padha disumurupi ing akeh, bisa migunani, apa ngrugeni marang masyarakat. Mesthi bae diangkah ora bakal ngrugekake/ngganggu katentremaning bebrayan/masyarakat.
3. Ngarepake tekane Wadya Bala Jepang ing Tanah Jawa, Rama RPS. Sastrosoewignyo andhawuhake supaya anggoleki Juru Slamet. Kadang golongan wis padha niteni bakal ana bebaya, mulane kabeh padha olah kaprihatinan.Teme­nan ananing perang mremen tumeka ing Tanah Jawa (In­donesia). Walanda kalah diusir dening Jepang. Wusa­na Jepang sing ganti panguwasa ana ing Indonesia. Nalika Wadya Bala Jepang tumeka ing Munthilan, ora ana uwong kang wani methukake awit ora ngerti basa lan karepe, mangka Jepang misuwur kejeme saben-2 mi­lara uwong. Wektu iku awit saka dhesekane Nara Praja ing Munthilan, Rama RPS.Sastrosoewignyo diaturi methukake Wadya Bala Jepang kang lagi teka mau. Panjenengane nyagahi lan didherekake dening uwong akeh. Panjenengane ora ngerti basane, nanging mangertos ka­repe jer wis mangerti batine/krentege, prasasat kadadekake Juru basa, perlu nampa rembug/gunemane si Jepang mau. Pamarintah Jepang migatekake banget marang O.M.M. lan P.O.M.M. buktine S.M.H.Sirwoko lan Martaradana wola­-wali/kerep kapanggil ing Kantor Kepolisian, Kantor kempei Tai lan uga menyang Kantor Kochi, kang perlu ka­urus prakara iku. Malah kedadeyan: Abdul Muniam Inada Panggedhene Kantor Urusan Agama Pusat Jakarta, mer­lokake teka ing Semanu, perlu ngurus bab iku marang S.M.H.Sirwoko. Kagawa sadurunge iku wis ana dhawuh saka Gusti Allah, supaya ninggal lunga (nglungani) mulane sedyane Abdul Muniam Inada mau ora kelakon, jer S.M.H. Sirwoko sesingidan/andhelik ing pagunungan kang adoh saka Semanu lan sengadi yen menyang Kutha durung karuwan baline/ulihe. Kabeh kadang golongan lanang, wadon, enom, tuwa padha mituhu marang Pemimpine luwih-2 marang Rama RPS. Sastrosoewignyo ora wani nyulayani sathithik bee. Tau S.M.H. Sirwoko nganjurake supaya Pemuda-2 O.M.M. kang isih legan/lamban supaya nyrantekake anggone omah-2/rabi, nyarantekake dhisik ing sawatara tahun. Anjuran kang banget abote iku uga padha digatekake, mung siji loro bae kang jejodhohan /omah-2 ora bisa netepi. Dene wigatine anjuran mau yen wis tekan tahun kang wus katemtokake para pemudha mesthi mangerti bakal ke­piye kedadeyane. Pamarintahan Jepang tumindake mung sawenang-wenang, dadi pepalang tumrape O.M.M. anggone njembarake tebane. Sapatemon uwong akeh dibatasi ora oleh, organisasi kang ora nocogi kabubarake, tansah terus-terusan nga­wasi lan ora menehi kamardikan marang Pimpinan pakumpulan-2. Mula kadang golongan ing lahir katon Setya marang Pamarintah Jepang, sebab ora bisa kruyak-kruyuk ke­kumpulan karo kadang golongan. Yen padha arep sowan menyang ing Munthilan mung sacara giliran, baka sathi­thik ora wani gemrudug. Ing sadurunge kelakon arep larang pangan lan sandhang Rama RPS. Sastrosoewignyo wis paring pralambang, Panjenengane ngagem agem-ageman kang wis amoh/luwas/Suwek rontang-ranting, apa dene mundhut dhahar thiwul (sega saka gaplek) sing biasane ore/durung tau dhahar sega thiwul mau. Anggone paring pralambang dha­har thiwul nalika Panjenengane tindak ing Gunungkidul lenggah omahe Pak Poedjo-soewito Jeruk. Mangkono uga bakal ambruke Pamarintah Jerman sakanca­ne, patine Hitler, Panjenengane ngawuningani luwih dhi­sik lan paring pratandha rupa-2 kang padha sineksen kadang golongan, padhane nalikane patine Hitler, Pan­jenengane kagungan kelangenan asu heldher mati.
4. Antarane murid-muride Rama RPS.Sastrosoewignyo iku, o­ra sathithik saka golongan ningrat, iya iku tedhak turune bangsawan ing Ngayogyakarta. Panjenengane mli­gekake marang murid-muride kaum bangsawan ndhawuha­ke:"Eyang dalem Sinuwun Sultan Agung Mataram, ing­kang sumare ing Pajimatan, Imogiri, punika suksmani­pun sapriki taksih lan saged dipun padosi. Suksma pu­nika boten kenging pejah, gesang langgeng. Langgeng tegesipun rumiyin wonten sapunika tirah wonten, ing salajengipun tansah wonten kemawon. Mila sami kula a­turi madosi, nyuwun dhateng Gusti Allah, kula tanggel mesthi saged pinanggih. Semanten wau yen nggega lan miturut atur kula, inggih punika lampahipun tumindak suci. Yen atur kula punika dora kula purun dipun gantung ing alun-2 eler ngantos pejah lan ba­lung-2 kula kajengipun nggegreki. Dhawuh kang mangkono antepe iku kang ndayani murid­muride saka kaum ningrat padha anggregut pangudine. Sawise padha nyumurupi bukti nyatane, yen kang digo­leki iku sanyatane Panjenengane, nuli dheweke padha ambapa lan sumuyud mungguhing lahir batine. Ewa samono kagawa ana ing bebrayan kaum bangsawan mau kagungan kalenggahan sing dhuwur/beda banget karo kadang go­longan, mulane prasasat ore duwe hubungan karo kadang golongan, mung karo Panjenengane bae srawunge. Lan bi­asane saben-2 sowan ing Jagalan saben duwe panuwunan, embuh ana suker sakit, kepengin pangkat, mundhak pangkat, lan liya-liyane. Rama RPS.Sastrosoewignyo kaya kang katerangake ing ngarep, tansah paring lega marang sapa bae kang duwe panyuwunan. Wis satrepe yen uwong kang manger­teni/nekseni ing batine sapa to Panjenengane iku, cetha yen manungsa kang istimewa beda lan manungsa liyane, luwih-2 yen digandhengake karo Wahyu ka­pindho cetha yen Panjenengane kagungan bageyan.
5. Kaya nalika jaman penjajahan Walanda, Jepang uga ora ngganggu Pajenengane, malah Residen Kedhu ing wek­tu iku, aweh layang pratandha kang mbuktekake yen Rama RPS. Sastrosoewignyo iku tetuwane O.M.M. sarta mulangake ngelmu suci. Wis mesthi bae anane layang pratandha kang mangkono mau ndhasarake laporane pa­ra Punggawa Nara Praja kang umume tresna marang Pan­jenengane. Anggone padha tresna mau kagawa padha nyu­murupi yen Panjenengane tansah netepi kuwajiban kang disalirani (Carik), jujur panindake lan tansah dha­ngan mitulungi sapa bae. Kang padha nyuwun pangestu amrih padha munggah pangkat, padha didhawuhi mang­kene:"Kula aturi nyuwun kemawon kaliyan Gusti Allah, yen badhe saben mapan sare, nyuwun pinanggih kaliyan ingkang nguwaosi pangkat (drajat) sawarnining pang­kat ing donya punika. Yen saged pinanggih, pangkat ing­kang Panjenengan sedya tentu kadumugen, kula ingkang tanggel. Kanyataane kabeh sing bisa katemu suksmane Panjenenga­ne ana ing alam alus/impen katemu walaka lan mengang­go kang jangkep, lumrahe/umume padha bisa kaleksanan duwe pangkat, utawa munggah pangkat, kang iku ndadeka­ke ngungune lan saya tambah anggone tresna lan asih ing Panjenengane. Emane dheweke mung golek kabegjan ing kalahiran ma­lah yen wis katurutan karepe, akeh kang padha lali marang Panjenengane. Pancen ora nggumunanke akeh-akehe manungsa mung mentingake kadonyan, ana sing direwangi tapa brata nyepi ing kuburan-2/guwa-2, malah ana kang njaluk ban­tuane jim/setan supaya bisa kaliwat. Lan ana kang mung sregep nyambut gawe ing samurwate manut apa bakate, kanggo nyampedi kabutuhane uripe. Yen bisaa ana donya sing enak kepenak, katurutan apa sing dikarepake, duwe pangkat dhuwur, sugih bandha bandhu. Biasane uwong kang sugih donyane lali marang butuhing si Suksma, kanggo sanguning pati sing ­bener. Pancen urip ana ing donya ora gampang, yen bisa ku­du eling marang butuhing suksmane ora mung wadhage/ ragane bae, kudu bisa mbage kanggo butuhing raga 50%, kanggo butuhing Suksma iya 50%. Su­kur kanggo butuhing suksmane luwih akeh apa 75%. La­gi bisa 50% bae kuwi wis apik. Panjenengane Rama RPS. Sastrosoewignyo timbul ing donya ngampil ngelmune Gusti Allah kang piguna ba­nget kanggo sangune Suksma samangsa ragane wis tu­mekaning janji/mati. Mula uwong sing padha pinaringan katam ngelmu 3 prang­kat iku begja banget, kena kanggo ing salawas-lawase. Iya iku sawise ninggal donya, kena kanggo nemtokake urip ing sapemburine (urip tumimbal).



***A***
Perangan 13 (katelulas).
KADANG GOLONGAN ING JAMAN PROKLAMASI KAMARDIKANING REPUBLIK INDONESIA
1. Kadang golongan ora beda lan uwong liyane, bungahe tanpa upama sawise Jepang kalah lan Indonesia dadi Nagara Mardika kang sinebut Republik Indonesia. Ka­mardikaning Nagara, kadang golongan uga melu rere­wang lan ngetog kekuwatan sarta kabisane. Kang enom-2 padha nglawan tentara sekuthu kang ndharat, kang tuwa padha nenuwun nganggo cara kebatinane, sarta sya­rat-2 liyane, apa dene melu rombongan Kyai-2 kang padha diasrama dening ada-adaning Pamarintah. Mapan ana ing Ambarukma, Ngayogyakarta, suwene nganti 21 dina. Kadang golongan melu diasrama mau iya iku: 1. Martasuwita, 2. Suryaningrat, Bupati Gunungkidul, 3. Poe­josoewito, 4.Martaradana, 5. Harjasanjaya. Pengurus P.O.M.M. uga bebarengan lan Organisasi-2 liyane kanggo nyantosakake adeging Nagara kanthi ca­ra apa bae kang bisa kawujudake. Nalika K.N.I. (Komite Nasional Indonesia) kaanakake ing Gunungkidul, wakil P.O.M.M. melu dadi anggotane. Rama RPS. Sastrosoewignyo piyambak dina-2 disuwuni syarat dening pemudha-2 kang arep maju mapagake mungsuh. Ing wektu syarat cethen kang kabukten akeh daya-dayane iku saka kadang golongan kang diasra­ma awor Kyai-2 sa dhaerah Ngayogyakarta mapan ana Ambarukma kasebut. Nalika Magelang dibroki Wadya bala Sakuthu (Gurka), Panjenengane kakersakake mbantu amrih mundur lan lungane Gurka saka kono, Panjenengane nyagahi sa­uger dieterake tekan alun-2 Magelang. Ing wektu iku ora ana kendharaan, anaa iya mung dhokar/andhong/ke­reta, kuwi bae arang-2 kang wani ndherekake. Mulane Panjenengane didherekake Wadana Munthilan, Budiman asmane, nitih dhokar kang dikusiri disalirani dhewe dening Wedana Budiman mau. Sadalan-dalan kandheg sarta kabalekake dening bageyan keamanan, nanging bi­sa terus kanthi nuduhake layang tugas wigati, ing wektu iku serangan wis wiwit, mriyem lan bedhil be­brondongan suwarane anggegirisi. Nanging Panjenenga­ne lan Wedana Budiman terus bae, tanpa miris tetep ing tekade, kongsi tumeka ing alun-2 Magelang. Pan­jenengane medhak mbuwang tumbal sarta petak (tiwi­krama). Sakala nuli mendhung lelimengan temah dadi udan deres banget, bledheg nyamber-2, kilat thatit saliweran kang ndayani giris lan mundure Gurka sa­ka Magelang, mengalor bali menyang dhaerah Semarang. Sawise rawuh ing dalem disuwuni priksa dening putra-wayahe, lan paring wangsulan: " Dudu aku, kang bisa ngundurake Gurka saka Magelang, kae lho bocah-2 enom, gagah-2 isih semengit, kendel lan banter-2, duwe prabawa nekakake udan, bledheg, Gurka banjur miris, wu­sanane mundur." Putrane Rama RPS. Sastrosoewignyo piyambak loro kang tansah nyalirani nyerang ngusir mungsuh, mesthi bae pinaringan tumbal kang tansah agawe keslametane, sa­najan kerep bae putrane mau ngadhepi lelakon kang muta-watiri lan mbebayani banget.
2. Kamardikaning Republik Indonesia agawe leganing uwong kang seneng kekumpulan, rapat-2 lan sapanunggalane. P.O.M.M. kang wus suwe (jaman Jepang) ora katon ge­rak kamempengane, samengko gumregah maneh, kadang go­longan kruyak-kruyuk maneh, sinambi nanggapi suwasana kamardikan. Dina mulya Rebo Paing, Jum'at Kliwon, Jum’at Pon, iya iku dina wiyosan, nampa Wahyu kapisan lan kapindho, kapigunakake kanggo kekumpulan lan rapat-2. Rama RPS. Sastrosoewignyo piyambak kersa rawuh ing papane kadang golongan ing Temanggung, Bathang, Tempel, Godheyan lan Gunungkidul. Ing wektu iku Gunungkidul lagi kaserang lelara pes kang nggegirisi banget, pepati tanpa wilangan ing sa­ben dinane. Mangka kurang 110 (satus sepuluh) dina sa­ka arep timbule lelara pes mau Panjenengane wis ngan­dika/ngelingake: "Gunungkidul katon peteng dhedhet supaya padha nggoleki Juru Slamet, yen ora bisa ka­pethuk mesthi bilahi". Siji lorone kadang golongan uga ana kang ora gumregah temahan kataman ing lela­ra mau (pes) dadi lan ajale. Nanging sabageyan akeh padha slamet ora kaserang/kataman ing lelara pes mau, luwih-2 sing padha bisa kepethuk/jumbuh Juru Slamet ana ing alam alus. Akeh uga kadang golongan kang kaserang ing lelara pes mau, nanging sawise diparingi tumbal saka Rama RPS. Sastrosoewignyo, iya iku didhawuhi kelan/angolah walulang kebo landhoh (kebo kang wis tuwa nganti mati ngurak) lan nandur wit puring ing plataran sangarepe lawang kang padha lara tumuli bisa waras. Ing wektu iku kadang golongan padha nggregut, eling marang gegayuhane, samono uga akeh tambahe golongan anyar, awit giris ananing pepati, lan mangerteni ke­slametane kadang golongan, apa dene nyumurupi bener lan nyatane apa kang padha wineca lan rinembug. Upamane:" Kana bakal kasripahan, jim/lelara pes sa­iki pindhah mrana, desa kana mesthi kaserang pes." Sing lara banget ing omah kae mesthi ora bakal mati, bisa tumuli waras, sebab kepethuk/jumbuh Juru Slamet lenggah mrana." Mangkono weca lan pirembugane para kadang golongan yen padha pinuju kekumpulan, cocogan anggone padha mentas nampa dhawuhe Allah. Kapranan bab weca lan pirembugan mau ana tambahan kadang golongan anyar, iya iku Darmawasita banjur melu nyinau lan dadi kadang golongan. Saka kawicaksanane kang anenuntun iya iku Martasuwita ing Semanu, apa dene saka man­tepe, ndayani enggal gangsar panggayuhe ing saweta­ra dina bae pinaringan katam. Dene laku kang pokok prasetya ing jroning batine kanthi temen-2, yen ngel­muning Allah iki nyata lan piguna tumrap para manung­sa, ing sabanjure Darmawasita saguh mbelani lan men­carake. Rawuhe Rama RPS. Sastrosoewignyo ing Gunungkidul wek­tu iku paring duka marang kadang golongan, luwih-2 para pemimpine, sebab nganjurake pembrantasan lelara pes mung ndhasarkae kawruh lahir bae, kurang migateka­ke prakara batin. Yen ahli kamakrifatan/batin kudu nyuwun sarana batin luwih dhisik, sawise iku lagi usaha lahir. Panjenengane sawise paring deduka banjur paring te­tumbal amrih tumuli sirnane lelara pes mau, kang uga tumuli ndayani sirep lan sirnane lelara mau. Sejatine tumrap para kadang golongan dedukane Rama RPS. Sastrosoewignyo mau katampa kaya dene diparingi ganjaran kang gedhe, didukani ateges isih ditresnani ing Panjenengane, kang njalari rahayu ing pembu­rine. Panjenengane uga paring wejangan kang gandheng lan kamardikaning nagara gandhenge karo tugas kuwajiban kang kaampil. Panjenengane asring ngandika mangkene:" Negarane dhewe, nganggo dhasar ke Tuhanan Yang Maha Esa, awake dhewe lahir batin nekseni anane sesembahan kang Maha Tunggal (sawiji) lan bisa nyawijekake. Bung Karno (Presiden R.I.) lan sapendhereke, kalebu uga aku ka­beh iya duwe Negara dhewe, kang wus mardika, anak putuku kudu mbantu marang Negarane dhewe, aku mono ka­ro sapa-sapa cocog-cocog bae, anggere cocog kersane Gusti Allah, iya iku ngrembug uwong akeh, dadine di­tresnani uwong akeh. Mardika mono emoh dijajah lahir lan batine.Tegese lahir emoh dijajah walanda, uga sapa-2 iya emoh dijajah batine/suksmane iya emoh dijajah dening Nyawane/Nafsune. Sapa kang weruh pen­jajah batin/suksma, kajaba mung murid-muridku kang padha ngerti/weruh.
3. Undhang-2 Dhasar Negara Republik Indonesia kang ba­nget ndadekake mareme kadang golongan, iya iku nganggo dhasar ke Tuhanan Yang Maha Esa sarta Demokrasi, kang kasebut ing Panca-Sila dhedhasaring Negara R.I. bab iki atages dhedhasar liyane kok ora mbiyantu i­ku ora, mung kang kaanggep wigati lan maremake marang kadang golongan. Manawa kawawas luwih jembar maneh, dhasar ke Tuhanan iku mengku sakabehe, luwih-2 bab Peri Kamanungsan. Demokrasi iya iku kang aweh kebebasan marang uwong duwe panemu, duwe paham, kapercayan, agama lan piyan­del apa dene menehi hak wewenang kang padha ing sa­mu barang bab. Demokrasi ing bab panguripan lan bab kalenggahan kang padha jroning bebrayan iku wujud nyatane Keadilan Sosial kang kalebu uga ing Panca­sila. Dene bab Kabangsan, dhasar sijine maneh uga ora cengkah lan ke Tuhanan Yang Maha Esa, sebab sadurunge Peri Kamanungsan kawujudake kanthi sempurna, mesthi didhasari luwih dhisik Kebangsaan, kaya dene uwong lagi bisa tresna ing sapadha-padha, manawa wis bisa tresna marang uwong tuwa lan anak bojone. Kosok baline amujo-mujo bangsane dhewe kang ateges ngurangi anggone ngajeni marang liya bangsa uga ora prayoga.
4. Rama RPS. Sastrosoewignyo asring ngandikakake manawa wiwit jagad gumelar kongsi ing saterus-teruse, manung­sa kuwi ana kang ngandel lan setya marang Gusti Allah, ana kang ora ngandel/percaya, bab kuwi kinuwatake a­nane Wahyu kapindho, wis kapratelakake kang dadi we­wengkone/bubuhane Wahyu Sejatining Kakung/Putri, kang ateges endi kang ndherek Gusti Allah, lan endi kang mung kandheg ing alam Nafsu (papane Wahyu Sejatining Kakung/Putri). Ngenani bab iku ke Tuhanan Yang Maha Esa ora ateges memeksa marang kapercayan kang ora mangkono, apa de­ne kang tanpa piyandel babar pisan, jer sanyatane wis padha ginantungan kodrat dhewe-dhewe, lan ing sateruse dadi tanggung jawabe pribadine manungsa dhewe-2 marang Gusti Allah, wiwit alam donya tumeka­ne alam kelanggengan. Wondene ngelmune Allah kapencarake, adhedhasar ang­goleki tunggal, kang lali supaya eling, kang kabes­turon supaya gemregah, mesthi bae ora kena dipek­sa, kudu metu saka kesadharane/prentuling atine dhewe-2, sanajan anggone mencarake ana ing papan kang ora adhedhasar Demokrasi pisan. Panjenengane dhawuh marang murid-muride supaya nyu‑ wun priksa sapa to kang mranata Jagad saisine iki lan kadadeyan kang warna-2 iku saka daya-dayane sa­pa. Aku ora mlebu partai apa-2, nanging aku dadi pambelaning uwong mlarat, uwong lara, lan uwong ka­susahan lan liya-liyane kongsi uwong sing kapi­kut Ijajil/Jim bae padha tak belani, samono mau sing anggugu marang aku.
5. Putrane Rama RPS. Sastrosoewignyo kang pembarep asma R.B. Dwijosubroto iku dadi pameluking Agama Khatolik kang setya, panjenengane dadi Guru Sekolah lanjutan. Nalika isih nyambut gawe ana ing Malang, Kancane kang nunggal keyakinan nemu reribet. Iya iku daleme asring kagodha Jim/lelembut, kang banget anggawe ora tentreme atine, sanajan ora agawe kapitunan lan kasusahan kang gedhe. Dheweke anane mung judheg, sebab ora tinemu nalar, nalika pinuju turu ngerti-ngerti wus ngalih panggonan, ana suwara kula nuwun, bareng diwetoni ora ana apa-2, asring gragapan samongsa ngli­lir ing tengah wengi, mangka isine omah ora ana kang cicir. Kahanan kang mangkono mau wis diihtiyari la­hir lan batin, meksa ora kasil, agawe saya ora ten­treme anggone dedunung. R.B. Dwijo nyuwunake pitu­lungan marang Ramane, ing batos ngiras kanggo nyo­ba, bisa lan orane, dene uwong akeh padha nganggep yen Ramane iku Kyai kang peng-pengan kongsi misuwur. Ramane dhawuh supaya disajeni jajan pasar sajeroning saminggu, saben dinane diganti. Sawise dileksanani, omah mau bisa dienggoni sateruse, kanthi tentrem ora diganggu Jim/lelembut maneh. wis mesthi bae bab iku agawe bungah lan ngungune R.B.Dwijo lan kanca­ne mau.
6. Kajaba kuwi Rama RPS. Sastrosoewignyo asring tumindak nganeh-anehi, luwih-2 tumrap uwong kang ora manger­teni batin. Nate Panjenengane paring syarat iya iku: Bencok kajired, nuli dibuwang ing ngalun-alun Nga­yogyakarta, ngekum tembako enak sinebar ing dalan gedhe, kelangenane/ingon-ingone asu heldher digantung, golek jago kang matane loro picak kabeh, perlu diedu lan sapanunggalane, kang sejatine kanthi tujuan kang wigati banget/penting. Mangkono uga yen paring tamba lan tetumbal kerep-kerepe yen kacocogake ka­wruh kelahiran adoh banget sungsate, uwong lara ba­nget kang wus madal tamba wis dadi tetampikane Dhok­ter lan Dhukun-2, akeh bae kang waras saka pitulunga­ne Panjenengane, mangka tambane nganeh-anehi. Ana kang mung didhawuhi nandur tela kaspe, nandur tela pendhem, nandur tebu. Ana kang didhawuhi niliki kuburane biyunge, didhawuhi ngingu manuk, ngingu jago kang ulese ditemtokake. Ana kang yen miturut Dhok­ter kudu dioperasi, nanging sarana ora dioperasi bi­sa waras, kadhawuhan iwak wader bang kang dibe­dhel/diblerek kang ginoreng.
7. Nalika rame-ramene revolusi kamardikan, pertempuran ing Semarang lagi gedhe-gedhene. Lurah Kampung Kintelan Dhaerah Semarang, ngungsi menyang Ngayogyakarta. Pinuju sanja ing ngomahe Pawirodikrama, kadang go­longan ing Kampung Jambu, meruhi gambare/fotone Rama RPS. Sastrosoewignyo kang minangka pasren lan tandha pangeling-eling, yen weruh fotone Panjenengane bisa banjur kelingan. Dheweke tansah mandeng gambar prasasat tanpa kedhep, katon banget sengseme, lan wangune karo nocog-nocogake impene nalika nyu­murupi/weruh. Dheweke banjur pitakon:”Punika gam­baripun sinten mas, dipun sumpaha kula purun, bi­lih inggih punika ingkang kula sumerepi wonten ing alam alus/supenan ingkang misakit Hitler. Ri­kala semanten ngajengaken ambrukipun Jerman." Nuli katerangake yen iku gurune kadang golongan O.M.M. Dheweke pratela yen isih sugeng, sarta yen kepareng bakal ndherek nggeguru, dene yen ora kepa­reng, iya mung arep sowan bae, sebab weruh bae dhe­weke rumangsa beja, mula njaluk dieterake. Kelakon dheweke bisa ngadhep marang Panjenengane, sabanjure anggegulang kongsi katam. Emane during bisa males rerewang mencarake, let sawatara sasi dheweke ndhisiki ajal.



***A***
Perangan 14 (kapatbelas)
AGRESI KE II 19 DESEMBER 1948
GEGER AWIT SAKA SERANGAN SERDHADHU WALANDA

1. Rama Panutan paring dhawuh supaya padha miterang marang Gusti Allah, sajroning 40 (patang puluh) dina bakal ana apa. Tumuli ana susulan dhawuh maneh, 11 (sawelas) dina engkas ana apa, lan supaya santosa pikire, supaya anggoleki Juru Slamet. Apa kang kadhawuhake Panutan katemahan, para ketuwa Kelompok ing Gunungkidul, Ngayogyakarta, Sleman lan Kedhu kalebu uga Martaasmara putrane mantu panutan. Nalika geger Walanda, Rama Panutan kakabarake/kabi­warakake yen wis rinangket lan disedani dening alat-­alat Pamarintah, kang agawe bingung lan sedhihe pa­ra putra-wayah/siswane, satemah ana kang padha sowan perlu mbuktekake, sawise padha meruhi yen Pan­jenengane isih sugeng, padha tangisan awit saka se­nenge. Panjenengane uga midhanget yen ana sawetara putra­-wayah/siswane sing padha katahan dening Walanda. Nalika iku hubungan tilpun Ngayogyakarta karo Mun­thilan Magelang pedhot. Esuke Wadana Munthilan wis kebacut rapat Pamong Praja kang dirawuhi Bupati Magelang, Asisten Wedana, lurah lan carik sadhaerah Kawedanan, Panutan uga rawuh, jer ngasta Carik Jagalan. Kabeh padha durung mangerti kaanan ing Ngayogyakar­ta, kajaba mung Panutan dhewe kang wus priksa. Mula Panutan (Carik Jagalan) matur; Punika rapat badhe ngrembag punapa, kula nyaosi priksa Ngayogya sampun dipun broki walandi. Bung Karna lan Bung Hatta sampun kabekta. Kula badhe ngungsi, mangke siang Walandi ba­dhe mriki. Mangga kemawon yen badhe nglajengaken konprensi. Panutan tumuli kundur, konprensi kabubarake, jer ka­beh padha ngandel marang Panjenengane, wis niteni puluhan tahun lawase. Kanggo nentremake putra-wa­yahe lan njaga aja kongsi ana panganggep marupa-­rupa saka pemudha-pemudha lan alat-2 kekuasaan Ne­gara, Rama Panutan sakeluarga, sakawit ngungsi me­nyang Keron njujug ing ngomahe Mulyarejo siswane kang kapetung setya. Panutan nalika tindake ngagem lancingan cekak lan rasukan kuthungan ireng, nyamping kasrimpangake, dhestharan Maduran, karo nggendhong layangan ba­pangan kang gedhe banget. Mesthi bae gawe cingake kang padha meruhi, jer nga­neh-anehi. Ana ing dalan kapregok serdhadhu-2 Wa­landa, awit papagan ing dalan kang mung awujud ga­lengan sawah bae. Serdhadhu-2 mau siji bae ora ana kang sapa aruh, kabeh mung ngesemi Panjenengane. Sawise pertempuran ing sakiwa-tengene Munthilan, desa Keron akeh kang karusakan, awit kasasaran lan dadi lesane peluru-2 gedhe cilik kang ora bisa pine­tung. Omahe Mulyareja gandheng blengket lan omahe sadulure cer kang dadi Pameluk Agama Khatolik. Omahe sadulure mau kesasaran/kena peluru lan digropyok dening serdhadhu Walanda, dene kang dilenggahi Pa­nutan tinemu slamet. Pinuju Panutan lenggahan ana ing ngamben, kaadhep siswane kang ndhredheg wel-welan, awit meruhi ser­dhadhu-2 Walanda kang pating glidrah ing plataran. Panutan ngandika:"Aja ndhredheg, aku ora weruh kana, kiraku rak kana ora weruh kene/aku, serdhadhu Wa­landa ora mlebu ngomah, thingak-thinguk banjur lu­nga. Gandheng putrane mantu iya iku Martaasmara, sing putri lagi mbobot sepuh meh babaran, kanggo nentremake panggalihe, Panutan sakeluarga tumuli pindhah menyang Bandhung Paten, ereng-erenging Gunung Merapi kang sisih lor kulon, njujug omahe Pak Ali, iya siswane kang setya. Nalika ana ing pagunungan, Panutan tansah paring latihan kebatinan marang putra-wayahe/siswane ing Tla­tar, Banyutumumpang, Kragawanan, Sawangan, Sewukan, Srumbung lan sapanunggalane, apa dene tansah mbantu marang alat-2 pamarintah kang lagi netepi tugas angu­sir mungsuh. Sajeroning papan-papan/ kutha-2 ngendi bae kang dibroki Walanda, S.M.H.Sirwoko lan Darmawasita nrabas anyidhat-nyidhat, angrambu-ngrambu anggoleki ing ngendi lenggahe Panutan. Kanthi anyandhar ayat/dhawuhe Gusti Allah, bisa ka­leksanan sowan ing pangungsen, ing Bandhung paten mau, kaya sinentak pamuwune Panutan angonggo-onggo, mesthi bae kabeh tetangisan. Lagi senggang pamuwune, sawise Pak Ali angrarapu lan ngaturi suryan ing pan­curan, sabanjure nuli atata lenggah ngandikan kanthi kami sesegen. Bareng wis mari oneng lan kangene, S.M.H.Sirwoko ne­rusake lakune. Sajroning geger, Rama Panutan oleh dhawuhe Gusti Allah kaparingan priksa kanthine kang ba­reng lan dumadining jagad lan ing saterus-teruse. Iya kanthi pandherek mau kang kagambarake ing wa­yang/pakeliran/seni pedhalangan manuk manyar putih memplak rupane, kang sinebut manyar seta, dene sijine macan putih kang picak matane sisih kiwa, kang sinebut:”Ditya Ganggas Kara." Dene Panutan ing pakeliran sinebut :"Resi Bratanirmaya." pandhita ing Sonya Gu­muruh. Nalika ngarepake penarikan Wadya Bala Walanda saka Kutha-2 ing Indonesia, Rama Panutan ngaranggendhing:"Lompong keli, kanthi tambahan gamelan angklung." Nalika Bung Karna arep kondur saka papan interniran, ing Prapat, Rama panutan oleh dhawuhing Gusti Allah kang tumuli kasiarake marang putra-wayahe/siswane, wujud tembang dhandhang gula, mangkene:”Kemanisen den nira mres budi, budi daya supadya kinarya, karya panglipur brantane, branta ingkang mamreskung, ruming kongas pujo-pinuji, puji kang pari purna, nyirnaken sekayun, kayun kang kautaman, utamane mangrengga sesa­ma-sami, sesamining ngagesang."
2. Sawise Rama panutan oleh kanthi ing alam batin Manyar Seta lan Ditya Ganggaskara, ora antara suwe ana calon siswa anyar Indo-Tionghoa, Ong Sioe Gien arane. Sadurunge dadi siswane Rama, dheweke seneng banget anggeguru, luwih-2 ing bab kawruh kebatinan. Sakabehing kawruh kebatinan kang tinampa ora ana kang dadi mareming atine, awit kajaba anggone ora cetha lan ora gumathok, kang akeh-akeh ora bisa nya­takake benere, jer mung kandheg ing tetembungan bae. Kang banget mengaruhi dheweke dadi siswane Rama ka­rana meruhi kancane tunggal ngelmu kang inganggep wis amuridake, teka anggebyur dadi siswane Rama. Ong Sioe Gien tumuli katam, cinoba dening Panutan bisa ngerteni karsane ing alam batin, tumuli didu­nungake. Wiwit dheweke katam, sadulur-sadulure akeh kang padha nyinau/gegulang, sateruse dadi lan katame. Rama Panutan marang siswane bangsa Tiong Hoa dhawuh:”padha golekana suksmane Kangjeng Nabi Kong Hu Cu, yen wis katemu tandhingen karo aku, dedege lan jeng­gote pisan kacek pira." Sawise padha nekseni ing alam batin yen Nabi Kong Hu cu iku sanyatane pancen Panjenengane Panutan, mulane umume nduweni kasetyan lahir batin temenan. Muride Tiong Hoa mau kerep banget sowan lan yen duwe kaperluan apa bae nyuwun pangestu lan ngaturi Panutan.
3. Nalika Ong Sioe Gien duwe gawe tetakan bebarengan, Kyai-2 tilas gurune lan Kyai tetepungane padha di­aturi amrih kersane lelenggahan amberkahi. Rama Pa­nutan luwih dipentingake uga diaturi, Panjenengane kersa ngrawuhi amrih legane kang ngaturi. Sadurunge bocah-2 padha disupiti, bocah-2 mau dening uwong tuwane kapurih nyuwun pangestu/ngabekti, ngaras Jengkune Kyai-2 guru mau, lan uga wis kaleksanan si­ji loroning Kyai. Bareng tekan gilirane Rama Panutan, Panjenengane ngandika:"yen ngabekti lan nyembah ku­wi marang Gusti Allah bae, aja marang aku, awit aku dhewe manungsa lumrah, kang kasinungan apes, bodho, sekeng sarta lali, lan aku dhewe bae manembah marang Gusti Allah." Kang padha krungu pangandikane padha pating paleng­gong, bocah-bocahe dadi padha kanggeg, kang banget nggumunake, uwong akeh mau banjur ngadhep marang Pan­jenengane, kaya kairup kena daya-prabawa. Ing bengi candhake nganggo tontonan wayang kulit, tamune para luhur lan para ahli padhalangan. Dhalange Joyowiyoto Borobudhur. Dene lakone Pandhawa racut, karangane/gubahane Panutan piyambak. Panjenengane lenggah mriksani kadherekake para muride kalebu uga Darmawasita kang aweh sesuluh lan gandhenge lelakon wayang iku. Kang banget dadi cingaking akeh, rikala werkudara racut, Dewa ruci kok kaanggep mungsuh, mang­ka para ahli wayang padha nemtokake yen Dewa Ruci kang wujude/rupane Werkudara cilik iku Guru lan Gusti Allahe Wijasena (Werkudara), cethane iya Gusti Allahe para manungsa, iya kang arupa awake dhewe, kang kagambarake cilik mau. Bab iki Darmawasita aweh ka­terangan, yen panemu iku luput, ora mung bab gedhe cilike, nanging luwih-2 anggone dianggep Gusti Allah. Yen mangkono rak Gusti Allah akeh, bisa lanang lan wadon. Dewa Ruci malihane Naga Tasik, mangka Naga Tasik mung­suhe Werkudara, buktine kekerengan. Yen mungsuh maliha kaping sewu uga tetep mungsuh, lan tansah nggawa af­ngale/pakartine mungsuh.Yen iku dianggep Allah kok kekerengan, mesthi bae afngale Gusti Allah mung asih tresna aweh pitulung. Allah iku mung sawiji. Allah iku Maha Tunggal. Allahe uwong sadonya iya mung "sawiji" tan prabeda lan tan ana liya, nyatane mung "Sucine Resi Bratanirmaya." Sak bakdane iku Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo dhawuh yen wayangan supaya gamelane warna loro, iya iku nganggo musik (jesben), apa dene yen bakda gara-2 nuli leren dhisik, padha bareng kembul dhahar, sawise iku banjur padha wiwit maneh. Dawuh mau kaestokake lan katindakake, para siswane padha mikir-2 bakal ana kadadeyan apa. Bab iku bisa mangerti sawise kaleksanane Konperensi Meja Bundar (KMB) bedhamen antarane Walanda lan Indonesia, kang sawatara waktu suwene. Bakda iku dhawuh yen wayangan supaya ngunekake gen­ding emplek-emplek ketepu, iya iku metune sakabate Resi Bratanirmaya kang aran: Bratararas, Bratanirloka lan Bratatriloka, nuli kasambung gendhing "re, re, re, nandur pare, marambat ngetan parane." Nalika ana siswane kang nyuwun priksa, apa ker­sane/wigatine, Panutan paring wangsulan mangkene:"Pa­re kuwi, uwite, godhonge kembang lan uwohe pait ka­beh, diolah apa bae rasane uga ajeg pait, sudaa mung sathithik, ewa samono ana kang karem, sing ngati-ati, padha golekana Juru Slamet, bakal mrambat ngetan lho." Kang kapangandikake ngepasi, ora antara suwe brontakan 426 Batalion Munawar, Darul Islam timbul ing Jawa Tengah, kang akire bisa kasirep, jer kupiyane ora ana wit pare mrambat-mrambata kae kongsi ngebaki plataran.













***A***
Perangan 15 (kalimalas).
ADEGE ASTANA WAJA LAN BALE SUCI PRAN-SOEH

1. Pinuju Panutan lelenggahan ingadhep para siswane kang akeh banget, Panjenengane ngandika mangkene:”Aku iki wis tuwa banget, lha wong besuk 30 September 1953 iki, umurku wis genep 85 (wolung puluh lima) tahun, Ibumu uga wis widakan tahun, etungku yen ora kle­ru suk samana olehku dadi Carik bae wis 56 (seket enem) tahun." Ngrungu dhawuh mangkono mau para siswa kang cina­ket padha tanggap, mangerteni apa kang kinarsakake, mulane sawise bubaran, nuli let sawatara dina nga­nakake musyawarah kang wosing rembug, cocog lan ­keputusane Kelompok/organisasi, nedya tumuli nandangi lan ngawiti Pasareyane Rama Panutan sarta Ibu, karan­cang perletakan batu pertama ana ing dina Rebo Paing tanggal 30 September tahun 1953, dina wiyosane Panutan tumbuk yuswa 85 (wolung puluh lima) tahun, dene kang Kinarepake tumbuk, dina lan tanggal sasine ngepasi rikala Panutan miyos. Sarehne tumbuk wiyosan iku sasugenge mung sapisan, sarta ana rangkepane kaperluan, iya kuwi miwiti angga­we Pasareyan, mula karancang mawa/nganggo karameyan kang rada gedhe, nganakake wayangan, lan ngaturi para panggedhe, mitra kawanuhane Rama Panutan, dene kabutuhan apa bae saka gotong-royonge para siswane; daleme Rama panutan kasuwun kanggo ajanging kerame­yan. Rancangan mau kaaturake dening Rama Panutan, sa­wise kaaturake, ndadekake rena lan kaparenge, lan Panjenengane kersa bantu kang kaperlokake, papane Pasareyan lan Bale Suci Pran-Soeh kaparingan pisan, iya iku kagungane sawah.
2. Sawah kang calon kanggo papan pasareyan lan Bale Suci Pran-Soeh, ana blumbangane sacluwik lan ge­neng-genenge pating pathuthuk, dening Panutan blumbangan mau sinebut "Tlaga Maharda" mesti ba­e kalarasake karo kaanan, dene kang kinarsakake Tlaga maharda/maha-Harda iya iku Kanepson kang ge­dhe, Babuning Nafsu iya Wahyu Sejatining Kakung/pu­tri, iya Hawa Nafsune Panutan. Tlaga mau dadi papan dununging Nafsu, awit sanajan mung katon blum­bangan sacluwik, yen sinipatan ing alam alus, dadi samodra kang tanpa tepi, iya sagara kidul, samodra laya kang dadi wahanane alam pati. Iya Tlaga Maharda iku kang dadi Kraton makayangane sakabehing Jim/lelembut; apa dene dadi papan dununge kang padha mati kasasar. Tlaga Maharda kaurug calon kanggo papan sare lan lenggahe Panutan, Pasareyan lan Bale Suci Pran­Soeh; uga mengku karep lan sesanti, ngendhih u­baling kamurkan (Hawa Nafsu), anggilud kasucian murih manunggal lan Gusti Allah, sarana kanthi lelantaran Panutan. Pasareyane Panutan sinebut:"Astana Waja” kang mengku karep "pasareyan kang kuwat", dadi pusaka kang keno diturunake anak-putu nganti run-tumurun. Dene Bale Suci Pran-Soeh, sejatine jenenge kang ganep "Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh Tlaga Maharda", mawa tembung " Agung" karana ing kono gedhe-gedhening papan kasucian, kang papan lan dununge/kumpule suksmane para manungsa kang bisa mati sampurna. Anggone Tlaga Maharda kinatutake, pancen sanyatane lahir tumekaning batin Bale Suci Gedhong Pran-Soeh papan ing urug-urugane (sadhuwure) Tlaga Maharda.
3. Apa kang karancang bisa kaleksanan kanthi maremake, daleme Panutan nganti tekan Tlaga Maharda kang per­nahe sisih elore pinajang rinengga-rengga. Tamu-2 saka Panggedhening Pamarintah ing kono, jur­nalis/pers, saka perguruan Tinggi Gajah Mada (disa­lirani Prof.Joyodiguna lan mahasiswa-Mahasiswane) apa dene tamu-2 liyane. Para siswa-siswane ndlidir tanpa pedhot agawe cingake uwong akeh. Karameyan diwiwiti kanthi upacara sembahyangan, kate­rangan-2 saka S.M.H.Sirwoko, panembrama nganggo gen­dhing Tri Pusara Mudha, sejarahing Panutan dening Darmawasita, puji-langgeng,sawise iku wayangan kanthi lakon wiyose "Bambang Gunung Rama Pran-Soeh" kang anggambarake wiyose Panutan/Raden Gunung, ing pakeliran Raden kaganti Bambang. Iku kaleksanan nalika dina malem Rebo Paing, dene esuke tanggal 30 September 1953, Rama Panutan lan Ibu kadherekake para Ketua Klompok/organisasi mu­rid-muride, tamu-2 lan putra-wayah liyane nuju marang Tlaga Maharda. Sawise upacara sembahyangan rampung, Panutan nyalirani ngasta watu kang kawitan (perletakan batu pertama) kanggo ngawiti Pasareyan Astana Waja kanthi semadi luwih dhisik, sabanjure katerusake para siswa-2 kang cinaket aganti-ganti, tumuli kapasrahake tukang-2 kang tinanggenah. Aja nganti kurang dimangerteni wigatine Panutan nyalirani piyambak miwiti panggawe Astana Waja kang bakal kagem piyambak, yen kawawas kanthi rupak malah ora pati trep; supaya dielingi mungguh pentinge Astana Waja ora mung bab papan sumarene Panutan sarta Ibu, kang wigati banget anggone dadi Pusakaning Jagad Raya, luwih-2 tumrap putra-wayah/siswane. Mula anggone Panutan nyalirani ngawiti, ateges pa­ring Pusaka lan Jejimat marang kita kabeh. Miturut acara, bakda iku Panutan paring sabda/amanat, nanging bareng mriksani putra-wayah/siswa­ne akeh banget (maewu-ewu) cacahe, Panjenengane mu­wun angondhok-ondhok ora bisa ngandika, mangka adat sabene yen paring pangandika betah, titis, cucut, apa dene nalika ana ngarepe Presiden landraad pisan ora tau anggragap. Anggone ora saged ngandika kadayan saka enget lela­kon kang uwis-2 apa dene lelakon ing tembe burine kang wus dikawuningani. Meruhi kaanan iku para putra-wayahe/siswane kabeh padha mbrebes-meles, saya maneh yen ngengeti Panutan lan Ibu wis yuswa sepuh, lan wis cinadhang pasareyan pisan. S.M.H.Sirwoko kadhawuhan makili sabda-amanate Panutan, kang wose Panutan nedha nrima banget saka katresnane anak-putu padha anggawekake papan; Panutan arep mbu­di-daya bisane males katresnane para anak-putu, sabdane kang mangkono mau saya gawe trenyuhe para putra-­wayah, jer padha ngrumangsani yen durung bisa males katresnan lan gawe lelabuhan kang durung paja-2 mem­per karo katresnan lahir batin kang kaparingake de­ning Panutan. Sateruse Darmawasita minangka wakile putra-wayah, munjuk sembah nuwun marang Panutan, sarta masrahake vulpen loro marang S.H.M.Sirwoko lan Martasudarsana, kanggo tandha pangarep-parep amrih Buku Pedhoman ngenani ngelmu 3 prangkat tumuli dadi/diwujudake, supaya bisa ditapak asmani dening Panutan.
4. Lelakon kerameyan iku kabiwara tekan ngendi-endi, gawe tambah mantep lan tambah akeh siswane, kosok­baline uga akehe paniti priksa saka golongan apa bae. Saya akehe muride/siswane ateges saya nambahi karepotane Ibu, sebab saben-2 putra-wayahe padha sowan, kang cacahe pira bae, mesthi padha pinaringan sih-pasugatan. Panutan asring ngandika:"Aku bisa mencarake lelakon semene jembare, kuwat mencarake kasuciyan, kuwi saka kasetyane Ibumu, olehe tansah saguh dak ajak ngrembug anak-putu ewon-2 cacahe sa­prana-saprene." Ibu pancen kagungan panggalihan kang berbudi, meng­galihake putra-wayah direwangi bebakulan sarta nastiti-ngati-ati ngopeni hasile tetanen. Mula saka iku ing pakeliran sajroning lakon Bratalaya jan­ji (gubahane S.M.H.Sirwoko kang wis katiti lan ka­parengake Panutan), Ibu kaganti asma Sri Siwengsih kang mengku karep manawa panunggalane Sri kang asih (tresna) marang siwi (putra). Kang anggumunake banget Ibu kuwi kala mangsane asring maido marang lelakone Panutan anggone piniji dening Gusti Allah mencarake ngelmune (nimbulake lakon nengahi para lakon). Bab iki ana gayut-ginayute lan kodrat batin, nanging kagawa kabeh weca lan dhawuhe panutan kabeh cocog, nyata ora mleset, pamaido mau Saya suda satemah setya lan mituhu marang Panjenengane.













***A***
Perangan 16 (kanembelas).
GUNUNGKIDUL KETAMAN PEPETENG

1. Gunungkidul saben-2 tampa pangalem dening lanutan, wektu iku ketaman pepeteng, dhaerah kono ketaman pa­ceklik, amarga tetanen ora tulus, kaserang dening ama, kurang udan lan sapanunggalane. Dayane kekurangan pangan, akeh para siswane padha lirwa marang kuwajiban-kuwajibane organisasi/perkumpulan, kagawa ka­botan anggone padha ngupa-jiwa, kang saya anambahi pepeteng budi-atine. Kang padha kekumpulan suda ca­cahe, kang nyuluhake kurang gumrengseng, kataman sen­dhet banget undhake. Kanggo nggugah para putra-wayah kang kataman ing pepeteng mau (petenging batin). Panutan paring tetumbal mawarna-warna. Panutan mundhut manuk perkutut saka Trawana, sa­wujud-wujude, lan regane pira supaya diturut. Atmawiharja lan Darmajadisastra tumuli ngupaya, kamokalane nuli ana uwong tuwa anggawa manuk per­kutut, kanthi rega murah, sawise kedadeyan, tumuli kaaturake menyang Jagalan. Dene wigatine miturut dhasar batin, desa Trawana ing wektu kuwi dadi te­lenging Jim/lelembut ing Gungunkidul. Panutan andhawuhake supaya penganut/murid-muride kekumpulan kang diwiwiti saka Semanu, apindhah­pindhah kanthi nganakake klenengan sarta gege­rongan, kanthi gamelan kang ora ganep, iya iku tanpa gong. Kang kadhawuhan ngendhang kawitane Sastropura, sawise iku kena kaganti sapa-bae, de­ne kang kudu ana kekumpulan mau Nyi. Karyasukarwa, Dibyapuspita (iku ibune lan rayine S.M.H.Sirwoko) lan Nyi Kartahudaya (ibune Sastropura). Gendhing sing pokok Srikaloka nganggo senggakan leh-olehe lonthong. Sateruse kena disambung gen­dhing liyane Sriwidada lan lombo eling-eling kang dibukani sinom logondhang, Saben-2 kekumpulan mangkono, Darmawasita kadhawuhan nunggoni. Perlu disumurupi kang kinarsakake senggakan “leh-olehe lonthong" ngemu wosing kasuksman, kang ingaran mati sampurna iku yen bisa ngudhari lonthonge, bun­tele, buntele suksma iya iku Nyawa, dadi karepe ninggal Hawa-Nafsune. Panutan saya trenyuh panggalihe, bareng nekseni yen aluse(suksmane) murid-muride wanita ing Gunungkidul akeh kang kapikut Jim/lelembut, ka­cemplungake ing song kekawahing gunung, kang meh bae katableg katutup watu. Karana iku Panutan tumuli tindak menyang Gunungkidul, kadherekake Ong Sioe Gien njujug ing dalem putrane ing Jeruk. Panutan enget lelabuhane murid-muride wanita, jer kakunge bisa setya lan nindakake tugas kan­thi sembada, samangsa sing wadon mbantu lahir batin, lahir mbantu kadonyan, batin eklas nandhang apa bae katinggal bojone nindakake ayahan njembarake/ngabarake ngelmune Gusti Allah. Bab iku Panutan enget lelabuhane ibu, mulane katres­nane marang putra-wayahe/siswane lanang wadon padha bae. Kanggo paring tumbal angentas para putra-wayah mau, Panutan ngasta jenengan (teken) ampilan, padha ka­dhawuhan cecekelan pucuking jenengan, sateruse pa­dha ginandholan kanca-kancane. Panutan mundhut priksa kang supaya jinawab dening S.M.H.Sirwoko kang makili para siswa-siswane mau. Sabakdane kanthi muwun sebab enget ing gambar/impen lan ngrasa begja tujune konangan ing Panjenengane:"Kene iki rak dudu Trawana ta? S.M.H.Sirwoko mun­juk:" Sanes, mriki sanes Trawana, ngriki punika Sema­nu," Panutan ngandika: "Iya saiki padha mentasa, ayo dak tuntun nganggo tekenku." Sawise syarat mangkono katindakake, Panutan banjur paring priksa warna-warna, yen Jim/lelembut iku pan­cen pinter banget mikut, mawa cara kang rumit, kong­si manungsa padha ora krasa. Uwong kang kapikut pa­dha kapapakake ing kayu-watu, ing guwa-2 lan gegam­pengan, jejurang ing omah-2 kang tanpa cagak lan sa­panunggalane. Tumrape uwong kang ora mangerti batin kang dimangerteni mung lahir, tetumbal mangkono mau mung dianggep kaya bocah dolanan kang mokal-mokal waton aneh. Nanging tumrap kang lebda.ing kebatinan, yakin apa kang kawahya ing alam alus, bakal katemahan samangsa ora ana budi-daya kang kanggo nyelaki. Uga ana titikan endi kang kena diselaki, lan endi kang ora. Iya iku para uwong kang wus katam, kang pinuju padhang, bisa mangerti calon papan dununging suksma­ne sapa bae ing tembe mburine, kang uwong mau isih mege­r-meger urip ana ing alam donya.
2. Wiwit sabakdane pengetan tumbuk yuswa 85 (wolung pu­1uh lima) tahun, miwiti Astana Waja, Panutan asring ngandika:"Yen mangkene iki trima ora mangerti dhawuhe Gusti Allah, dhawuh ing tahun iki tansah mung­anggelakake aku terus-terusan. Nanging yen dak ga­gas, saya yen aku ora meruhi dhawuh-dhawuh iku mau luwih dhisik, mesthi luwih gedhe gelaku, dadi luwih apik mangerteni dhawuh luwih dhisik tinimbang ora."Murid-muride Panutan arang-arang kang mangerteni apa kang dikarsakake Panutan mau. Ora suwe saka pa­ngandika mau putra mantune Panutan iya iku garwane R.Yasir seda kondhuran, mesthi bae dadi kagete para siswa-siswane. Let sawatara wektu, Putrane mantu asma Martaasmara iya wayahe Panutan tumeka sedane. Rama Panutan lan Ibu tindak Gunungkidul kongsi sawatara. dina, jroning pangandikan kaya emoh-emoha nampa dhawahe Gusti Allah. Putra wayah kang ngadhep kang wis padha katam padha tanggap. Panutan isih kagungan bab-bab kang ndayani sekele, nitik pangandikane kang uwis, kacocogake lan lelakon kang disalirani."Baya bakal ana apa maneh”. Pangudarasane para siswane mau kanthi trenyuh atine, Ngarepake kondur menyang Jagalan S.M.H. Sirwoko duwe perkutut siji kang kapetung becik unine, mangkono uga Martasuwita perkutute loro kang ora nguciwani, padha dicaosake Panutan supaya kagem kelangenan. Panutan ndawuhake mangkene:"Kangjeng Nabi Suleman, lan uga Prabu Anglingdarma, padha bisa lan mangerti rerembuganing kutu-kutu walang ataga. Ing Layang Menak nyebutake yen Kangjeng Nabi Mohamad bisa ngandikan lan Gunung Kud; mangkono uga Pustaka Raja Purwa (Sunan Kalijaga) bisa rerembugan lan tugu waja. Anak Putuku, murid-muridku kudu bisa rerembugan karo manuk perkutut iki. Mulane aku manut Darmawasita, perkutut telu iki endi kang dakgawa, gelem melu aku, sesuk mulihku jam sanga. Senadyan para katam wis ngalami ujian saka Panjenenga­ne Rama Panutan mawarna-warna kayata: didhawuhi nakoni krikil kang wis kapriksan (kapandeng) lan kaasta dening Panutan lan sapanunggalane, mesthi dhawuh tinampa abot dening Darmawasita, jer prasasat diuji dadakan, mangka wektune mung sawengi kudu oleh katerangan, kang mangka yen uwong kang wis katam diparingi ujian wektune tanpa winatesan, wose sake­cekele/babar coban, sanajan sasen-sasen. Saka kamurahane Gusti Allah, pinaringan wangsulan kang cetha, wose perkutut saka S.M.H.Sirwoko kudu ka­ampil, sebab iku pancen kagungane, sebab ana gandhenge rikala S.M.H. Sirwoko nyuwunake waras anake pembarep Susatsi arane, nalika lara banget ana ing Jakarta, dhokter-2 ora saguh nambani. Dene perkutut saka Mar­tasuwita kaampil kena, ore iya kena, nanging pra­yoga kaampil siji amrih kang nyaosi lega atine. De­ne sing siji kudu katinggal, sebab ora kuwat dadi kelangenane Panutan. Dhawuhe kang mangkono diaturake marang Panutan, da­di keparenge, jer sadurunge andhawuhake Panjenenga­ne wus ngawuningani luwih dhisik, dhawuhe mau mung kanggo panggugah amrih jelas/cetha temenan marang bab kemakrifatan.
3. Watera let rong sasi saka lelakon iku, Ibu gerah pengkeran/boyok, kaya dene kacethit, mula tansah sareyan bae. Dhukun-2 tukang pethek sarta ahli-2 kesehatan, akeh kang katekakake/katimbalan, supaya padha ngupakara/ngusadani, nanging kabeh-2 ora bisa gawe dhangane Ibu. Panutan piyambak ngandikak­ake panci lagi oleh ukume Gusti Allah, lan eloke sa­ben-2 senggang gerahe, yen mentas nyuwun pangapura marang Gusti Allah kanthi tinuntun dening Panutan. Gerah mangkono mau, kongsi pirang-2 sasi, mesthi bae agawe rada samun lan sepine dalem Panutan, suda gembirane tinimbang adat saben, sanajan mangkono putra wayah akeh kang padha tilik gerahe Ibu, sarta ana kang nyuwun pitulungan warna-2 marang Panutan, ora ana kendhate, lan katampa kanthi renaning panggalih. Kang cethek panemune asring maido, garwane dhewe gerah ora dhangan-2, kok paring tetamba marang uwong liya. Uwong sing kaya mangkono ora mangerteni endi kang kodrate Gusti Allah, endi kang kena begala­ne Ijajil, endi kang ora kena ingowahan (direka-daya) lan endi kang isih bisa diowahi/ direkadaya. Sarehne ibu mung gerah pengkeran, dadi kala mangsane o­ra kumat uga bisa tindak-tindak manggihi tamu.
4. Wektu iku uga wis tekan titi wancine miwiti per­letakan batu pertama.Bale Suci Agung Gedhung Pran­Soeh Tlaga Maharda, sebab Astana Waja wis meh dadi, mung kari ngalusake bae. Perletakan batu pertama karancang nganakake upacara cilik-cilikan, padha sembahyangan bebarengan, wose ambujung cukup, luwih-2 yen ngengeti Panutan nembe bae kelangan putra man­tu lan wayah, apa maneh Ibu lagi gerah. Tekaning titi mangsa perletakan batu pertama, bengi­ne padha ahlen tirakatan ing Tlaga Maharda, esuk Rama Panutan piyambak (ora karo Ibu) sebab Ibu lagi gerah, kadherekake para siswane kang cinaket, pe­mudha-2 lan sapanunggalane menyang Tlaga Mharda. Perletakan batu pertama ditindakake dening S.M.H. Sirwoko lan Martaradana, awit saka dhawuhe Panutan, apa dene kadhawuhan menganggo macak Jawa Mataraman (cara Ngayogyakarta), dene Panutan piyambak ngagem dhesthar caplangan tur isih inggal, jas tutup ireng, nyampingan ngagem wangkingan kang mawa oncen-2 kem­bang mlathi kang pinungkasan kembang kanthil. Bab iki kang tansah dadi pitakonane para putra wa­yah ing sajeroning batin. Sawise upacara, S.M.H.Sirwoko kang munjuk ngarsaning Panutan kamoran tangis kanthi suwara groyok, kang wose nyuwun sinabda Ibu enggala dhangan, apa dene Bale Suci Agung Gedhung Pran-Soeh bisa migunani marang Jagad-raya, luwih-2 marang para putra wa­yah/siswane.
5. Panutan paring dhawuh supaya Astana-Waja tumuli ka­dadekake, mesthi bae apa kang dhinawuhake banjur katindakake, temahan Astana-Waja dadi/rampung kan­thi sempurna. Panggawene/dadine Astana-Waja saka gotong-royonge/darma bektine para siswane, kanthi eklas lan miturut kabisane dhewe-2/kekuwatane. Gerakan golek krikil, ngungsung wedhi, nggepuk semen abang lan nggempur watu padha ditandangi/diayahi dening para nom-noman, uga katindakake uwong tuwa lanang‑wadon kanthi niyate/eklasing lahir batin. Kabeh rumangsa begja, dene bisa melu nggawe, melu mujudake patilasan kang gedhe paedahe tumrap anak turun ing tembe burine. Gerahe Ibu saya suwe saya rekasa, ndadekake sekele putra- wayah. Golonging panggalihe Para putra, amrih Ibu karawat kanthi prayoga; iya iku miturut cara‑cara kesehatan kang sampurna, Ibu nedya kapondhokake ing Panti Rapih Ngayogyakarta (ing Rumah Sakit). Kanggo gawe legane Para putra sarta aja kongsi kinira ora ngregani kawruh-kawruh kelahiran mula Panutan uga marengake, satemah Ibu karawat ing Rumah Sakit Panti Rapih kongsi sawatara suwene. Sawise tita ora ana sudane, mulane banjur kaampil kundur, karawat ing dalem kaya adat sabene. Dina Kemis Legi tanggal 23 Desember tahun 1954 jam 01.00 awan Ibu seda, kapundhut Kang Maha Kuwasa. Sakala kabar mau enggal sumebar marang Para siswa‑siswane, luwih-luwih marang putra-sentana sarta sadherek kawanuhan. Layon karukti, iya wiwit iku Panutan ndhawuhake owah-owahan peraturan pangruktining layon/pati, iya iku:"Bab patrap tumatane tangane mayid (layon), bab buntel anggon-anggone mayid (layon) lan bab dawane tenger." Pangruktining 1ayon ora nguciwani, sawise disirami, nuli dibusanani agem-ageman kang dadi kersane nalika isih sugeng, kabuntel ing meslim/mori putihan rangkep 9 (sanga), linebokake ing pethi, nuli rinengga-rengga ing kembang kang asri lan endah. Panutan tansah muwun bae, luwih-2 yen ana siswane kang cinaket kang lagi teka ngadhep; gawe trenyuhe kang sowan, temah melu abela tangis. Kang kanggo nyiram bisane rena panggalihe panutan, bareng priksa putra-wayah/siswa-siswane akeh banget lan Para tamu-2 kang bela sungkawa, mula Panutan kongsi kawiyos pangandikane:"Samono katresnane anak-putuku marang Biyunge, lha iya Biyunge ta, kang sok..ngrembug, aku besuk malah durung karuwan." Sawise upacara sembahyangan, nuli S.M.H.Sirwoko medhar sabda sawatara, layon kaangkat dening putra-putra tumuli tinampan Sesepuh Kelompok/Organisasi, terus kabudhalake menyang Astana-waja, kang sruwa-sruwi rampit tinata, Kang ngarep dhewe barisan pemudhi kang anggawa karangan bunga uga sakiwa tengene layon, pengkerane layon para putra-sentanane, Sesepuh Kelompok, pemudha-2 lan para siswa akeh banget kang nguntapake tumeka ing Pasareyan. Sawise layon kasarekake, kajaba sawatara kang padha tuguran, kabeh padha bubaran kanthi rasa abot karanta-ranta jer wis angrasa tinilar Ibu. Ing dina sugengane Ibu, uga akeh putra-wayah kang padha sowan, lan dina sugengan iku Tengere Ibu kapasang pisan kanthi tumpang tundha 9 (sanga), Panjenengane Ibu pancen kagungan lelabuhan kang gedhe banget, melu mbantu sumebaring Ngelmune Gusti Allah.
6. Dening Pamarintah Pusat dianani Panitya Penyelidikan Aliran Kepercayaan Masyarakat, kang umume sinebut kacekak panitya pakem, luwih-2 kang gandheng lan keyakinan/kepercayaan/kasuksman, mula Panutan tanpa wigih-wigih caos katerangan kang sawantahe. Bab iki kabukten nalika ngandikakake bab karochanen. Panutan ngandika mangkene:"Bab rochani, donya boten wonten ingkang sumerep nyataning rochani punika, mekaten ugi bab nyataning Gusti Allah, kajawi murid-2 kula. Yen atur kula punika dora, kula purun dipun tengkel-tengkel gulu kula." Wis dadi dhasar panggalihane Panutan, angajeni banget marang sapa bae, yen uwong mau pancen ngajeni Panjenengane, kosok baline yen nyepelekake Panjenengane sapa bae uga disepelekake, apa maneh yen kagungan kuwanen tanpa ngengeh-ngengeh. Panjenengane asring dhawuh mangkene:"Murid-muridku, yen wani aja wedi, dadi sepi ing pakewuh, yen wedi aja wani, kareben slamet.” Nalika tamu-2 ngalem beciking Astana-Waja, yen pra­tela yen Nabi, Wali dalah Para Ratu durung mesthi kagungan pasareyan kang mangkono becike. Panutan paring jawaban:"Lha wong kula tosipun ku­la punika rak Sastrosoewignyo Carik Jagalan." Sawise ana pitakonan mawarna-warna, Panutan buwang lan mrayogakake hubungan karo S.M.H.Sirwoko sakan­cane ing Gunungkidul. Kelakon let rong dina saka kadadeyan iku, ana ing Pendhapa Kabupaten Gunungkidul, rombongan Panitya Pakem kang anganthi wakil saka Pamarintah Daerah Istimewa Ngayogyakerta lan Pamarintah Kabupaten, padha sapatemon iya iku S.M.H.Sirwoko, Darmawasita, Sastropura lan Amrinta. Soal jawab (wawan-cara) ke­lakon kongsi 4 jam suwene, katerangan lan jawaban kaaturake dening S.M.H.Sirwoko lan Darmawasita. Ora antara suwe antarane Kepolisian Negara R.I. Pusat, sarombongan kanthi tanpa kabar-2 luwih dhi­sik teka ing Jagalan, mangka Panutan pinuju ora ana dalem, dadi ora bisa manggihi. Sarehne pratela esuke bakal bali, sawise Panutan kondur-bengi iku uga Panutan nimbali Darmawasita lan sadulur sawa­tara kanthi interlokal. Esuk iku uga Darmawasita, Martasudarsana sarta Martasuwita sowan Panutan, lan uga kaleksanan nemoni utusan Kepolisian Ne­gara R.I. Jakarta. Sabanjure apa kang kabutuhake kacakup.









***A***
Perangan 17 (kapitulas)
DAWUH TETUMBAL LAN SYARAT-SYARAT

1. Sasedane Ibu, Panutan tansah nggrantes, tapa-brata mempen ing dalem amrih suksmane Ibu tumuli enggal bali ing alam sampurna (manunggal lan Gusti Allah). Panutan asring paring dhawuh yen katresnan marang anak-bojo iku, kudu kandhas batin (tekan ing alam alus). Bojo kang saka peparingane Gusti Allah iku kodrat gandheng-ginandheng, tansah pisah-kumpul ba­reng lan ananing jagad. Saben Panutan sare, Ibu tansah rinuwat, satemah tumuli kasil bisa bali ing alam kasampurnan. Anggpne Ibu ora sembada ruwat piyambak, karana Panjenengane durung katam, kerep maido marang Panutan, dadi akeh sathithike kanggonan dosa. Nalika Panutan ngruwat suksmane Ibu (misah Nafsu lan Suksmane suci). Sabanjure nganter/nyowanake suksma suci mau marang Gusti Allah; ing wektu iku Panutan ngawuningani yen pecahing Nafsune Ibu, awujud wanita liyane kang ing batine iku kagungane. Sabanjure Panutan neges maneh marang Gusti Allah ka­priye kang kinarsakake, dhawuhe Gusti Allah pratela yen iku sanyatane Dat/wujud sawiji, mungguha beras, iya iku menire, katule lan pathine. Dadi Dhawuhe Gusti Allah angudokake marang Panutan supaya krama maneh karo wanita pecahing Nafsu (Nya­wane) Ibu suwargi, sanajan dadiya guyon, dhawuhe Gusti Allah kudu ditetepi. Sajatine iku tunggale/kagungane. Uga wigati banget tumrap anggone Panutan nindakake tugas-kuwajiban iya iku anggoleki tunggal kang durung katemu. Dene wanita kang ginambar/dhawuhe Gusti Allah iku asma Ny. Dasinah, randha sepuh kang wus yuswa 60 tahun, dedeg piadege uga memper Ibu suwargi. Bareng Panutan paring priksa bab karsane mau marang putra-putrane, kabeh padha ora nyarujuki, sarta duwe panuwun supaya Panutan nrima diladeni para putra, jer Panjenengane wus yuswa, yen krama maneh malah kakehan kang kapanggalih. Nanging Panutan karsane wus gilig, jer saka setya nindakake dhawuhe Gusti Allah. Putra-putra mundhut pambiyantune marang Se­sepuh Kelompok/Organisasi, amrih Panutan anyandeka­ke/murungake karsane. Para Sesepuh Kelompok padha ngadhep matur akeh-akeh; Panutan paring pangan­dika mangkene:"Aku iki sadrema nindakake dhawuhe ­Gusti Allah, kapriye kok ora padha mangerti, aku rak wis suwe yen iket-iketan caplangan nganggo sidhangan jambon, aku rak gumagus to? Dhek perletakan batu pertama Bale Suci Agung Gedong Pran­-Soeh, aku rak nganggo kembang roncen, ta? Kapriye kok padha ora tanggap yen bakal ana penganten ? Karo maneh aku iki nyambut gawe ngawula Negara, tamuku akeh saka pegawe-2 pamarintah, sapa kang bakal ngrembug? Lan sing dak weruhi, yen uwong tuwa nandhang suker-sakit, anak durung mesthi rahap kaya bojo, luwih-luwih yen mbuwangi kotoran. Saya yen ngelingi anak-putuku/murid-muridku kang ewon cacahe, lha yen ana anak-putuku wadon kang teka, sing nemoni sapa? Yen aku sing nemoni andhak ora wagu? Apa yen ana tamu tak tolak? Aku sruwa-sruwi luput lan ora kebeneran." Wektu iku durung kongsi oleh karampungan, putra-2 lan Sesepuh Kelompok isih padha mengeng, durung golong-gilig.
2. Pinuju Panutan tindak Gunungkidul lenggah omahe Martasuwita Semanu, kaadhep para siswane kang akeh banget, Panutan paring sabda mawarna-warna bab ka­wruh lahir batin kaya kang uwis-uwis.Tengah wengi para siswane wus padha bubaran, kari para Sesepuh kelompok siji loro kang ngladosi pangandikan kong­si meh esuk (byar). Sesepuh Kelompok nyaosi katerangan petung lahir tu­na bathine yen Panutan kongsi krama maneh, mungguh asmane/kawentare, sejarahe, luwih-luwih gandhenge lan putra-putra. Panutan ngandika:"Aku golek bojo kuwi, ora kaya butuhe uwong enom-enom. Tak kandhani ya, yen uwong lanang sing wis ngumur 75 tahun (pi­tung puluh lima) tahun munggah, kuwi wis ora mbutuhake perkara iku. Aku iki wis luwih saka 10 tahun, wis ora nglakoni. Yen ora ngandel ambahen. Dene yen uwong wadon umur 57 (seket pitu) tahun tekan 60 (suwidak) tahun iya wis ora apa-apa. Dak pujek-pujeka­ke anak-anakku duwe umur dawa kaya aku, kareben bisa nekseni dhewe omongku goroh apa temenan. Embuh bener, begja apa cilaka, bathi apa tuna, yen uwong kuwi wis nindakake dhawuhe Gusti Allah. Lan apa ana ta, Gusti Allah kuwi murih sangsara lan dhawuh supaya tuna? Apa banjur aran ala ta, yen uwong tuwa butuh urip re­rukunan kanthi cara-2 kang absyah miturut peraturane Agama? Saiki aku mung manut Darmawasita sakancane, kapriye aku iki kudune miturut dhawuhe Gusti Allah. Awak-awak !!! Nalika ngandika mangkono mau ora kanthi nalangsa lan nggrantes, nanging malah kanthi gumujeng lan lenggak-­lengguk janggane, mula agawe kapranan lan ora padha ngantuk/arip kang padha ngadhepi. Sawise Para Sesepuh kelompok wis oleh dhawuhe Gusti Allah kanthi cetha terwaca, kudu linakonan lan ora kena sinelakan, amarga ana bab-2 batin kang gan­dheng lan tugase Panutan, apa maneh yen ngelingi Panutan- samangsa nindakake dhawuhe Gusti Allah, eklas ketaman lelakon apa bae, contone nalika num­bali pitik kang kaserang lara ambah-ambah, mula para Sesepuh Kelompok lan Para murid-muride kang di­pundhuti rembug wus golong-gilig mbiyantu karsa­ne Panutan. Martaasmara (putra mantune), uga wus nampa dhawuh batin, mula ndherekake kundure, sabanjure ngrembugi ipe-ipene, satemah ora ana kang ngalang­alangi, padha nyumanggakake sakarsane. Sarehne wis karana kodrat karsane Gusti Allah, wanita kang ki­narsakake uga lumereg, ahli warise uga mbiyantu. Kerampungane rembug, tumuli bakal dileksanani, luwih­luwih ora pakewuh apa-2, jer Ibu suwargi wus sinek­sen suksmane wus sampurna, dadi ora perlu ngenteni katemtuan waktu pegat tininggal ajal, manut ketentuan peraturan kena rabi/jejodhohan sawise 330 (telung atus telung puluh) dina saka ajale. Malah sabanjure Panutan ndhawuhake, ruwat (mbelani suksmane uwong kuwi, sejatine cukup 110 (satus sepuluh) dina, yen wis 110 (satus sepuluh) dina ora kasil, katerusa­ke uga angel kasile, kari nyumanggakake marang Gusti Allah kang kagungan tetanggungan. Ewa samono Panutan anggone ngruwat ramane wis luwih saka 40 (patang puluh) tahun isih diterusake, bab iki kerep dipa­ngandikakake. Kramane Panutan karancang dipangku dening Sesepuh Kelompok. Mula ing dina katentuan Panutan kadhereka­ke Martaasmara lan Harjasudarma (mantu lan besan, ma­kili ahli waris) Ny. Dasinah lan kapernah rakane, pa­dha rawuh ing omahe S.M.H.Sirwoko Semanu, sabanjure tinampa para Sesepuh Kelompok. Ana ing omahe S.M.H. Sirwoko Semanu Rama Panutan kaijabake lan Ny. Dasinah kanthi syah lan disekseni dening para siswa-siswane kang cinaket. Kramane Panutan kagawa climen banget, ambujung cukup, para siswane kabeh diparingi priksa sabakdane kalek­sanan, mung kanthi gethok-tular bae. Bengi candhake, Panutan kersa nyoba dhalang anyar kang katam jelas, ngiras nyampurnakake lakon,"Bratalaya Janji". sa­wijining lakon kang wigati banget, jer bakal numrapi sakabehing dumadi, begja-cilaka lahir batin. Sastrabusana, mungguhing kekatamane wis kapanggalih cukup, mula kerep banget kadhawuhan dhalang, ana ing papane salah sawijining para siswane.
3. Kundure ing Jagalan, Panutan terus lenggah ing da­leme Ibu, kang dununge saelore daleme lawas, saben-2 uga asring tindak lan pinarak ing dalem kidul. Ing ngendi papan kang dilenggahi Panutan, para siswa­ne mesthi padha sowan Panjenengane. Pari basane kaya tawon undhuhan kang mesthi ngetutake Ratune (ngrubung). Panutan kuwi anggumunake, iya anggone tansah ditres­nani lan rinubung para murid-muride. Panjenengane rawuh Logantung, Semin, Ngenep, Semanu, Ngleri (Playen) Tebon, Nglahar, Sumbersari (Godheyan), Bathang (Sleman), Ngluwih (Tempel), Prambanan, Sawangan lan ing pandhe­likan pangungsen pisan, para murid-muride lanang-wadon ilir-iliran/gemrudug, ana kang nggendhongi anake, perlune mung arep weruh Panjenengane. Yen wis padha krungu pangandikane, luwih-luwih yen wus weruh salirane, angrasa lega lan marem banget. Arep weruh Panjenengane kuwi direwangi mlaku dha­rat puluhan Kilometer, awan bengi ora wedi panas lan udan. Ibu kagungan kasetyan (bekti banget) marang Panutan, kabukten ora mung nindakake kang kadhawuhake, malah ndherekake kaprihatinane Panutan pisan. Saka anggone bekti lan mituhu, apa dene gedhening prihatin, Ibu tumuli katam. Kekatamane Ibu bisa ngentheng-enthengi sesanggane Panutan, jer sakabehing panuwunan pitu­lungan warna-warna kapasrahake Ibu, lan kanyata bisa ngayahi apa kang pinasrahake mau. Ora mung cukup sa­mono, malah para siswane wanita kang wus tetahunan durung bisa katam, kadhawuhan dening Panutan supaya nyaketi lan nyuwun pangestu marang Ibu. Wasana akeh para siswane sing uwong wadon/putri ndherek Ibu, satemah pinaringan syarat mawarna-warna, kang sawa­tara dina bae bisa anggangsarake katame. Murid wa­nita kang katam saya matambah-tambah, mbuktekake a­pa kang kadhawuhake Gusti Allah ora goroh lan wis wiwit ana nyatane. Saya nambahi ajrih-asihe para siswa, luwih-luwih kang padha katam saya nambahi ajrih-asihe marang Ibu, akeh kang padha nekseni ing alam alus, Ibu tansah kinthil ndherek Panutan, rawuh ing omahe para siswane. Kosok baline para siswa­ kang sowan daleme Panutan ana ing alam alus, keh-kehe padha dipanggihi Panutan sarta Ibu. Siswa kang mang­kono mau, kang ingaran katam kang wis jelas, awit wis seksen sineksen lan aku ingakonan. Kaya mang­kono mau Panutan asring ngandika:”kowe wis mlebu stambuk (buku cathetane Rama) iku caraha lahire.” Sawise Panutan krama karo Ibu, putra-wayahe/siswane saya mundhak akeh, daleme Panutan/Ibu perlu kajembarake. Kamokalane durung kongsi karembug dening pa­ra Sesepuh Kelompok, ana sawatara siswane ing desa Kaliangkring lan Bandhungpaten, kang padha tampa dha­wuhe Gusti Allah supaya mikirake bab kuwi, mula tumu­li diayahi, wusaha bisa kaleksanan, dalem bisa mundhak jembar dadi bisa rada kobet. Bareing Ibu wus rerencang Panutan bab kebatinan, Panutan mung kari menggalihake bab kang penting-2, antarane bab swasananing jagad, lan paugeran-pau­geran kang ngenani sumebaring Ngelmune Gusti Allah.
4. Tumrap batin Panutan mesthi priksa marang para siswa-­siswane kang lagi padha peteng, tumindak jujur, nyle­weng lan liya-liyane kang nrejang larangan kasebut ing Angger-2 11(sawelas). Yen ana putra-wayah kang ora kekumpulan ngrembug ngelmu 3 prangkat ana ing alam alus, iku mbuktekake yen lagi peteng, lagi kelalen. Sanajan tata-lahire kerep sowan (ing alam madyane) nanging yen ora kapriksan ing alam alus, kapriksan kalah lan Nafsune. Kaya mangkono mau uwong kang ora setya lahir batine (kandheg ing kelahiran), Kosok baline, sanadyan ing madyane ora tau sowan/ngadhep, nanging ing alam alus kapriksan ngadhep, iku mbuktekake murid kang setya, Kang tansah dadi peng­galihane Panutan, kang pokok iya iku bab urip, bab alus, iya bab kasuksman, kang mesthi bae ora ninggala­ke ngelmuning Allah 3 prangkat, lan bab liya-liyane kayata: penasaran, pahukuman/pasiksan, urip tumimbal, kasidan jati kang bener (sampurna). Amrih rancaging/gelising kekataman, lan murih putra-wayah/muride pinaringan pepadhang, Panutan paring dhawuh mawarna-warna miturut apa kang kapriksan ing alam alus, kayata:
a. Nate ndhawuhake marang para siswane kang kepengin enggal katam, supaya caket lan njaluk syarat marang Martaradana Ngleri.
b. Mangkono uga nate ndhawuhake sing durung katam, luwih-2 kang durung meruhi Nyawane (Hawa-Nafsu­ne) supaya njaluk syarat marang Darmawasita Kra­non/Wonosari. Malah anggone nyarati. pisan wus kadhawuhake dening Panutan, apa kang kapigunaka­ke lan kapriye carane. Nampa dhawuh mangkono mau para gegulang/nyinau ilir-iliran menyang omahe Darmawasita, perlu sesyarat, ngestokake dhawuhe Panutan. Saka akehe kang padha teka, apa dene ing wayah awan lan bengi kongsi ga­we kagete para Polisi kang njaga keamanan, mula padha ngurus nyatakake lan nunggoni. Bareng diprasajani mungguh wigatine/perlune mung mligi sya­rat amrih enggal bisa katam, lan Darmawasita aweh ka­terangan sing padha sesyarat iku mung mligi saka mu­rid-muride Panutan, supaya padha setya ing Gusti Allah, becik watak lan tumindake, apa dene gedhe/banter kasu­tapane. Wasana Polisi mau ora duwe sangga-runggi ma­neh.
c. Panutan nyabda yen pekarangane Martasuwita Semanu, kapernah sakulone omahe, kena kagunakake syarat (sema­di turu) bisa tumuli enggal kasil gegayuhane. Mang­kono uga sakulon sumure Poedjosoewito Jeruk Wonosa­ri, kuwi iya wis kagem petak Panutan lan kena kanggo syarat sing butuh katentreman. Mulane ora mokal yen papan-2 mau tansah dadi pati­rakatane para putra-wayah kang kepengin tumuli ka­tam.
d. Nalika ana siswane kang dosa gedhe mungguhing ba­tin, mangka murid mau ditresnani dening Panutan, mula Panutan kongsi muwun. Sawise murid mau pasrah pati uripe marang Panjenengane, nuli Panutan ndha­wuhake marang siswane mau, supaya adus ing kali kang cedhak dalan, kanthi telesan sruwal lan jarit, jarite supaya tumuli kapepe ing pinggir dalan rada adoh sa­ka anggone adus, supaya kacolong dening uwong liwat. Dene yen adus bengi, jarit kang kanggo telesan ora kena kaperes terus kanggo kemul kongsi sagaringe. Yen anggone kelangan jarit lan kekemul teles mau wis bola-bali, kadhawuhan sabisa-bisa kudu ganti omah, apa dene pasrah marang S,M.H.Sirwoko lan Ong Sioe Gien sarta rinewangan tirakat dening Ihsan (Tho­glengan /Ngijon) iku kalebu murid kang setya lan uga lagi kasiku. Kabeh dhawuhe Panutan mau dila­koni kanthi eklasing ati, kang njalari bisa oleh pa­ngapura. Dene nyatane pangapura iku mau kajaba sab­da pangapuraning Panutan ing alam madya, uga ing alam alus suksmane wis bisa ngadhep/hyaketi pepa­dhang utawa ngadhep Utusan.
e. Panutan ndhawuhake yen uwong kepengin oleh pepa­dhang, supaya raup ing "Sumur Jala Tundha" sace­dhake Astana-Waja. Yen kepengin enggal babar/ke­temu Nyawane (Hawa-Nafsune) kadhawuhan adus ing Tlaga Maharda. Dene yen kepengin katemu Utusane Allah, supaya angapalake tembang pangkur kang anganggambarake sapatemone antarane Prabu Ramawijaya lan Senggana. Iya, iku Utusan lan Sekabat kang se­tya. Dene unine mangkene:
Kawula Bambang Senggana,
Prabancana nenggih Rama Dayapati,
Anjani ingkang sesunu,
Wangsul teja-leksana,
Radyan kalih sinten sinambating arum,
Yen sira takon maring wang,
Dyan Legawa aran mami.
f. Kajaba iku isih ana papan-2 kanggo tirakatan kang sipate enggon-enggonan (plaatseliyk) upama tumrap putra-wayah ing sakulone Ngayogyakarta, supaya syarat mubeng pasar Godheyan, yen uwong/muride ing kutha Ngayogyakarta, syarat ing alun-alun lor kang sisih kidul wetan. Semanu supaya syarat ana pekarangane S.M.H. Sirwoko kang sisih kidul wetan, ing kali Pangkah mudhun-mudhun nganti tumeka Ka­li Suci. Tirakat kudu eling dhawuhe.Rama Panutan iya iku tapa ngrame ing guwa samun, aja kongsi ke­wanguran/kaweruhan dening umum, mulane nangguh sepining uwong, iya iku ing wayah bengi.
g. Manungsa kuwi kala mangsane sok padhang sok pe­teng, kala-2 lali, kala-2 eling. Kahanan mangkono kalebu uga para katam dalasan para Sesepuh Kelompok. Mula Panutan nate ndhawuhake:"Kang kena nemtokake uwong iku katam lan durung, kena kadu­nungake apa durung, iya iku Darmawasita, mantuku Martaasmara, Martawiyogho lan Martasuwita. Malah dhawuhe sadhaerah Kedhu kang kapareng ndunungake mung Kamil lan Pujiya. Yen ing Kutha Ngayog­yakarta kang kepareng ndunungake kanggo uwong lanang mung Ong Sioe Gien (Brata), yen uwong wadon Ny.Ong Sioe Gien (Ny.Brata). Dene pendunung ing Gu­nungkidul mung Ny. Poedjosoewito lan Ny.Martasuwita. Dhawuh-dhawuh mau wus kapanggalih jelas mungguhing batin, lan kapriksan ana ing alam alus iya oleh pe­padhang, ing wektu iku. Sajatine wis akeh uwong katam lan siswa kang cinaket dening Panutan, wis sembada nemtokake katam lan ora­ne, bisa kadunungake apa durung, dalah sembada ndu­nungake pisan. Sanajan wus bola-bali pinercaya lan tinuding/kadhawuhan dening Panutan bab apa bae, yen pinuju peteng kudu ngrumangsani, aja banjur nekad nin­dakake dunungan lan nemtokake katam lan durung, sebab kuwi ndadekake rugining liyan, lan njaga aja nganti ana kedadeyan sing ora samesthine. Upamane sing didu­nungake bisa edan/owah, lan liya-liyane kang agawe rugining liyan. Elinga kabeh kuwi ayahan kang gawat lan penting temenan.
5. Uwong-2 kang wus padha pinaringan katam tur uga wis dunungan pisan, iku cara bocahe wis disapih, ora mung tansah njagakake marang penyuluh lan marang Panutan, iya ing batin aja tansah dadi gawene Panutan. Panutan asring ngandika:”yen wis bisa katam iku wus ateges nduweni rasa welas marang Panjenengane. Panutan tansah ora kendhat/ora bosen paring pepeling, paring panggugah lan paring katresnan liya-liyane amrih tansah netepi kuwajibane.
6. Pangrengkuhe Ibu marang putra-putrane Panutan, ingang­gep kaya putrane dhewe, luwih-luwih katresnane marang Panjenengane. Nalika Panutan ndhaupake putrane kang waruju(wuragil) kang asma Rr. Tun kadhaupake lan Kardana putrane Se­caharjana Tebon (Godheyan), Ibu lan Rama kang ameng­ku (mokoki), kabantu putra-putra, sentana lan para pu­tra-wayahe/siswane kongsi kasembadan kanthi gedhen, sruwa-sruwi gawe gawoking akeh. Wiwit pasang rakiting papan, uba-rampening tarub, akehing tamu-tamu kang kongsi saminggu lawase, uleng-ulengan/gilir-gumanti.
Anggone karameyan bae nganti telung bengi, wayang pur­wa rong bengi, sandiwara sawengi. Wayang purwa kawitane rabine Gathutkaca, kapindho rabine Wisanggeni (gu­bahane Darmawasita lan S.M.H.Sirwoko) kang wus ka­parengake/diabsahake dening Panutan, lakon mau isi tabel (wewaton) nggoleki jodho kang miturut kodrat kersane Gusti Allah. Dene sandiwara nganggo lakon Wiropati (Pahlawan Bangsa nalika jaman perange Di­ponegara anglawan Kumpeni/Serdhadhu Penjajah Walan­da) kanggo memulang putra-wayah amrih tresna marang Bangsa lan Tanah wutah getihe, ngiras ngenget-enget leluhure Panutan kang asma Kyai Wiropati. Panutan ngramakake putra, mesthi adhedhasar dhawuhe Gusti Allah, Besane Rama Panutan 6 (enem) saka murid-muride papat, iya iku Jayawiyana (Lahar) Sumbersari, Harja­sudarma Temanggung, Secaharjana Tebon lan Suwitawar­daya Sudagaran Ngayogyakarta. Uwong dadi besane Panutan, yen mangerteni batin, mesthi angrasa begja banget, dene kaparengake momong putrane Panutan. Anggone angrasa begja ing tembe burine samangsa wis peputu tansah ana gandheng-ginandhenge lan ora bakal pisah lahir batin karo Panutan.
















***A***
Perangan 18 (Kawolulas)
TEMBUNG GUSTI ALLAH KAGANTI "RAMA PRAN‑
SOEH" SARTA PEPILAHANE RAMA PRAN‑SOEH, RAMA RESI PRAN-SOEH LANRAMA RPS. SASTROSOEWIGNYO

1. Anuju sawijining dina Panutan oleh dhawuhe Gusti Allah, manawa Tlaga Maharda iku ana tembusane kang aran “Sendhang Nirmayasandi” kang dununge ana pe­karangane Panutan, sacedhake kreteg Kali Lamat, iya ing Kampung Jagalan kono. Dene pekarangan mau karancang kaparingake putrane kang asma R. Wenang. Panutan dhawuh/ nerangake yen Sendhang Nirmayasandi iku ana ing wayang purwane padha lan Cibuk Cangkiran Pa­dhepokane Dewi Anjani Ibune Anoman. Mangka sejatine Anoman iku uga panunggalane Sri kang lagi kasiku. Mula ing tembe burine papan mau kena dadi papan kanggo para murid-muride Panutan samangsa kataman ing pepeteng tirakat ing kono, nanging melulu/mligi mung kanggo uwong wadon sing kepengin eng­gal pinaringan katam. Uwong wadon kang wus katam kang lagi peteng (nampa deduka) uga kepareng sya­rat ing kono. Panutan kagungan kersa bakal anggawekake/didegi dalem kagem putrane R. Wenang ana ing pekarangan mau. Saka katresnane para murid-muride lahir batin marang Panutan, jer wis ngrasa yen pinaringan katresnan lahir-batin sing ora bisa kaupamakake gedhene, apa dene tansah enget sabdane Panutan ngenani Sendhang Nirmayasandi, satemah padha andheleki bokmanawa ing tembe burine bisa ngalap daya-pigunane papan kang sinabda Panutan mau, mula putra-wayah/muride angang­gep bab kuwi dadi butuhe (kuwajibane) dhewe. Para siswane luwih-luwih kaum wanita/wadon saka prentuling atine dhewe-2 kerja-bakti ngusungi kri­kil, wedhi, watu kanggo ngrata papan mau. Anane uwong kerja-bakti tanpa wilangan cacahe, Ibu lan Panutan rumaos rena panggalihe, akeh sathithike uga gawe karibetane Ibu, esuk sore tansah mung muthek ana pawon kanggo ngrembug kang padha nyambut gawe. Panutan andhawuhake, yen pratapan Cibukcangkiran (Sendhang Nirmayasandi) sarta Bale Suci padha tumu­li kadadekake, awit iku papan kang penting banget, papan loro kang sejatine gandheng dadi siji. Mula bisa inganggep papan sawiji. Ngenani bab kuwi Panutan ndhawuhake:"Kang bisa ndadekake kuwi anak­-anakku wadon." Dene kang kinarsakake ora kang nan­dangi uwong wadon, nanging dadine Bale Suci Pran-­Soeh, kanthi bandha-beya, umume pemetune uwong la­nang mesthi padha kawenehake/dikuwasani dening uwong wadon, dadi yen uwong wadon kang nyekel/ngobetake/ nindakake pametu mau ora insyaf/sadhar (rila-eklas), umume padha duwe lara owel, mula uwong wadon kudu bisa mbage guna-kaya/pametu, kang bisa gawe rancage bangunan mau, kosok baline yen mung owel-owelen mes­thi suwe dadine. Bale Suci kuwi bakal dadi omahe uwong akeh, kapigunak­ake dening uwong akeh, lahir lan batin. Mulane yen ana uwong siji loro kang saguh mikuwati/ngragadi dhewe, Panutan ora marengake. Amrih adile kabeh kang butuh nganggo kudu gawe (mbantu bandha-beya), tenaga apa­dene iguh pratikel(panemu). Panutan lan Ibu piyambak akeh banget paringe bantuan kang warna telu kasebut dhuwur, amrih enggal ka­leksanan dadi.
2. Kajaba bab kasuksman, Panutan asring dhawuh warna­-warna kang gandheng bab kasusilan (unggah-ungguh), tata-krama marang para siswane. Iya iku:
a). Ora kepareng menganggo kang salah-endah (pating cloneh), luwih-luwih kang murang kasusilan, iya iku mesthine perangan badan kang tinutup primpen (wadi) kongsi katon.
b). Ngguyu cekakakan kang kliwat ngekat, potret/fo­to ora kena ketara untune (angguyu) uwong kang wis ompong ganti untu kang solan-salin, kang ora kalarasake kaanan kuwi ora dadi kersane.
c). Mangan ora kena nganggo tangan kiwa, kajaba ca­cad ora duwue tangan tengen, mangan karo mlaku, jajan ing sapapan-papan ora keparengake.
d). Ora kena kongsi duwe pangucap (omong) kang kasar, saru/lekoh.
e). Kudu resikan lan yen nyandhang menganggo sing ganep lan prasaja, arep turu kudu kemu lan nyikat untu. Kanggo bocah enom, iya ora kena kebesusen/keladuk, amarga mesthi duwe tujuan sing ora-2, bisa njalari suwene kekatamane.
f). Jag-jagan ing paturon/amben, ora ngerti semu, ora angon mangsa-kala lan sapanunggalane uga sulaya karo kang kinarsakake Panutan.
3. Panutan tansah amerdi marang para murid-muride supa­ya padha wekel lan sregep ngrambut gawe. Ngabotohan kang dadi pakaremane lire nganti klebu ing ati (ke­senengan) luwih-luwih nganti dadi panggautan, Panutan ora marengake banget. Bab madad/nyeret luwi-luwih narkotika/ganja uga li­narang dening Pamarintah, ora diparengake, awit ang­gawe rusaking raga, weya marang tetanggungane, lan wa­take umume ora mrawira, malah nistha. Ngenani kasregepan nyambut gawe Panutan dhewe paring conto, akeh para siswa-siswane kang mregoki (meruhi) jam 1 (siji) awan lagi kundur saka sawah, Bedhug-bedbug maliki tembakau, ngangkati rigen/idhik piyambak. Pangandikane:"Uwong urip kudu ngrembug uwonge, iya kuwi kudu nyambut gawe sakuwat-kuwate, kanggo nyandhang, mangan kanggo kabutuhan ngrembug tetanggungane, dene yen wis mapan turu ngrembug uripe/suksmane, nyuwun pangapura lan pasrah marang Gusti Allah, apa dene nyadhong dhawuh, kareben oleh pepadhang, esuke ora klera-kleru makartine. Conto nyambut gawe nge­nger melu Nagara kuwi aku, kongsi meh 60 (sawidak) tahun lawase ora tau kaluputan. Besuk yen aku wus ngemohi (njaluk leren/pensiun) aku tumuli bali, ga­weyanku wus rampung, kang nyambung lelakonku iya wus akeh." Sing padha sowan, bareng krungu samangsa Panutan pen­siun tumuli kersa kundur/seda, ing batin pating pandhokol lan pating kendhelong, baya kapiye dadine ing tembe. Panutan wuninga yen putra-wayah padha kuwatir ing besuke, banjur paring dhawuh mangkene:" Yen aku ba­li aja padha kuwatir, anak putuku rak mung ora bisa methuki aku ana ing alam wadhag, besuk lan saterus‑teruse bisa kepethuk suksma suciku ana ing alam alus, kabeh rak wis padha duwe piranti kang kanggo methhuki aku. Wruhanamu aku sanajan wis bali, bakal tansah nganglang ana ing alam antara, perlu ngayomi anak putuku kabeh. Rak padha isih eling marang Bratalaya janji ta? Aku wis omong yen Utusane Allah iku duwe urip langgeng tan kena rusak; iya iku kang kudu kok goleki, aja nyembah marang kijing (tenger) lan aja nyembah gambar/foto, lan sing perlu padha anggolekana uriping gambar dak tanggung mesthi ke­temu. Eling lho aku wis gawe Resi Bratanirmaya kang raine abang, iku kang bakal ngadili sakabehing umat, aja kleru, yen kleru bisa kleru uripe lho." Dhawuh kang mangkono katampa nglangut ing batine, lu­wih-luwih kang wus katam, kanthi kapangajab muga tan­sah pinaringan eling, apa dene angrasa begja dene wis ndherek dadi siswane Panjenengane, bisa mangerteni lelakone Panutan lahir lan batin. Samangsa katinggal kundur, putra-wayah mung bisa ketemu/jumbuh ana ing alam alus/kasuksman, jer iya alam alus iku kang po­kok piguna ing salawase.
4. Let sawatara sasi saka dhawuh owah-owahan sembahyangan, ilange Adam Suci Utusane Allah kaganti Rama Resi Pran­-Soeh, Panutan banjur ndhawuhake marang putra-wayahe/muride, uga murid kang cinaket marang Panjenengane, kang wus katam jelas, supaya anggoleki "Dhalang Meng­ger kang duwe getih putih." Sawise iku yen wis pa­dha nekseni, nuli Panutan paring dhawuh, supaya ang­goleki "Roh Suci sadurunge jagad gumelar, lan sadu­runge Adam tumurun ing alam donya". Ora let suwe ka­susul dhawuh maneh supaya anggoleki "Kang nitahake jagad saisine, apa dene Bibiting para manungsa, Bi­biting kutu-kutu walang ataga ing dharatan, iber-iberan lan kewan ing banyu, Bibiting tanem tuwuh dalah gunung-gununge". Dhawuh-dhawuh mau sarana digoleki ing alam semadi turu/impen/alam alus, dadi kanthi olah kasuksman. Sateruse ndhawuhake supaya padha anggoleki "Gusti Allah" sarta sapa kang kagungan "Cahya" kuwi? Siji loroning siswa kang cinaket, kagawa wis nekseni ing batine, mangerti apa kang kinarsakake Panutan paring dhawuh pacoban mawarna-warna mau. Sawise padha nyuwun anggrantes temenan akeh kang pa­dha pinaringan mangerti (sanyatane) weruh ana ing a­lam alus, iya nekseni temenan, ora mung jarene. Sing wis padha katemu/ngerti/nekseni ana ing alam semadi turu/impen, banjur padha sowan Panutan. Pa­nutan banjur ndangu sing padha ngadhep Panjenenga­ne:"Rak wis padha ketemu ta? Rak ora padha pangling to? Apa ana kang ketemu Gusti Allah? Mung ketemu sapa? Sapa kang nduweni Cahya iku? Apa Gusti Allah apa sapa-sapa? Kabeh kang padha ngadhep, kang wus padha nekseni mun­juk atur, manawa kenyataane ing jagad pungkasan, ing alam kasucian ora kapethuk kang asma (sinebut) "Gusti Allah" lan ora kepethuk sapa-sapa kajaba mung kapethuk suksma Sucine Panjenengane, kanthi pa­dha wani nyangga sumpah. Wiwit wektu iku uga kadhawuhan ilange sesebutan Gusti Allah kaganti “RAMA PRAN-SOEH" jer kacocogake apa nyatane ana ing alam alus mau. Panutan ngandika:"Yen jagongan kaya ngene iki, ana ing alam wadhag (donya) kowe ngarepake aku (Panutan) iya kuwi Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo. Yen ana ing alam antara kowe iya alusmu/suksmamu/sucimu arep-arepan karo Utusane Rama Pran-Soeh iya iku Rama Resi Pran-Soeh. Dene yen ana ing alam pung­kasan/akerat, suksma sucimu adhep-adhepan karo Rama Pran-Soeh, bisa malah manuggal pisan, samono mau uwong sing suci temenan lan katrima. Ana ing alam Antara lan alam Kasucian (alam Kuning) rak iya nganggo nyebut Rama-rama, kaya ana ing alam donya ta? Iya Rama Pran-Soeh kuwi kang kagungan Cah­ya. Utusan iya Utusane Rama Pran-Soeh, yen Panutan iya Panutane para anak-putuku lan iya Panutane sa­pa-sapa, ning sing padha gelem, Aku ora akon" Putra-wayah bareng krungu pangandika/sabda kang ka­ya mangkono mau, saya cetha/gamblang, nambahi keman­tepane, sebab sing uwis-uwis akeh kang mung ambingungake, tembunge bae diengel-engel didakik-dakika­ke kang marakake ora ngerti lan ora cocog karo
kenyataane batin.
1) Miturut pangandikane Panutan, sawise Panjenengane niti-priksa, Nabi-Nabi (Rasul) wiwit jagad gu­melar tumeka ing Panjenengane timbul ing donya, mung ana telu kang mangertos prakara kasunyatan sing ana gandheng-ginandhenge Allah, Utusan lan Panutan. Iki durung sempurna nganti bontos/jelas tumekaning alam kasampurnan (kasidan-jati). Ka­jaba mung Rama RPS. Sastrosoewignyo kang komplit kaparingan ngertos kabeh, kayata: Wahyu Sejati­ning Kakung/Putri, Wahyu Roh Suci, nganti tumekaning alam kasampurnan.
Nabi telu mau iya iku:
a). Kangjeng Nabi Kong Hu Cu. Panjenengane wus ngawuningani yen jagad kasucian iku bunder, sabanjure ndhawuhake gawe kijing/tenger ing kuburan kawangun bunder.
b) Kangjeng Nabi Yesus Kristus, kagungan waton Tri­ Miji Suci. Allah siji jejer telu iya iku:Yang Rama (kang kinarepake Jumeneng Utusan), Yang Pu­tra (iya iku Panutan/Nabi) dene Yang Roh Suci (jumeneng Gusti Allah).
c) Kangjeng Nabi Mohamad, awit ana tetembungan: Allah-Mohamad-Rasul. Allah iku Gusti Allah, Mohamad ing madya Nabi/Panutan, Dene Rasul ateges Utusan.
Mung emane/miturut dhawuhe Panutan, kang mangerteni prakara iku mung Nabine, pameluke (murid-muride) padha ora mangerteni yen Gusti Allah iku suksma su­cine Nabi mau sing ana ing alam kasuksman/pung­kasan, pangirane/pangertine yen ana wewujudan liya, Dianggep yen suksma sucine Nabi ora kena kinaya-nga­pa/dikantha-kanthi. Mangka sejatine telu-telune pi­san iku dadi siji, gandheng-ginandheng lan tansah pisah kumpul. Yen ana ing donya telu pisan dadi siji, Ana ing alam antara/kubur/geni pangresikan/kandhawaru mung kari loro, ing alam pungkasan/akerat kari siji. Bab iki cocog anggone nyemu Panutan nalika mencarake ngelmune ing.tahun 1921 tekan tahun 1937, saben-saben Panutan gendhingan mangkene: "Sontoloyo angon bebek ilang loro, kari siji sing putih kang­go ing Gusti, ireng-ireng dhewe, kuning-kuning dhewe, putih-putih dhewe."
Kang kinarsakake iya ora liya lelakone Panjenengane piyambak, kang uga katularake marang kabeh murid-mu­ride.
2) Panutan paring sabda mangkene: "Murid-muridku kudu bisa kaya aku, yen aku bisa mikrot nratas langit sap pitu, murid-muridku kudu bisa uga. Yen aku bisa nam­pa dhawuhe Rama Pran-Soeh, murid-muridku iya kudu bisa. Yen aku bisa lan saguh tumindak suci, awit wis meruhi lan ngalahake Hawa-Nafsuku, murid-muridku ku­du meruhi lan ngalahake satruning suksmane dhewe-2, dadi bisa tansah tumindak suci."
Kajaba iku Panutan dhawuh ngenani Angger-2 bab la­rangan iya iku:”Aja padha nerak/nrajang wewaler­ku/laranganku iya iku aja padha tumindak bandrek jina, iku bisa nampa paukuman/pasiksan. Bisa tanpa awer-awer (ora nganggo sandhangan) yen timbul ma­neh (reinkarnasi) ora bisa dadi manungsa maneh, bisa dadi kewan. Elinga Nabi Adam diukum, wewadine kang tinutup ing godhong ruda-mala, awit saka anggone mlanggar angger. Mula ngenani ijab Roh, kang ateges ngakoni wetengan kang ora absah, ora kena. Awit iku aweh dalan marang ijajil/jim/lelembut/setan, mangka Setan kuwi bolongan dom bisa anggodha/mlebu (ate­ges mlanggar kngger-2 sathithik bae) lali, se­tan cepet-2 nrobos anggodha.
Manehe aku biyen tau omong, yen padha gawe omah, upa­mane bisa gawe omah loji/gedhong pisan kudu ngang­go cagak/saka ora ketang mung siji apa loro. Dene yen dudu gedhong iya bisa nganggo cagak/saka apa umume. Sebab padha suwunen, omah sing ora ana cagake kuwi panggonane sapa? Uwong sing mati suksmane kesasar, ana ing paukuman iku, ana sing manggon o­mah tanpa saka/cagak. Ing kamar paturon, sadhuwure lawang kang mlebu menyang kamar, gawenen/wenehana simbul jemparing cacahe pitu ngener satengah sirkel/satengah bunderan, lan ing tengah-tengahe/jerone mawa ak­sara "A".
Apa kang didhawuhake dening Panutan ora mung tinulis ing sajroning buku aja mung diwaca bae, kudu dileksanani (gawe saka bahan apa bae kena) apa saka kayu, wesi, seng lan liya-lyane.




















***A***
Perangan 19 (kasangalas).
SANGAREPE KONDURE/SEDANE PANUTAN

1. Dhawuhe Panutan kang ngenani sesembahan Gusti Allah kaganti Rama Pran-Soeh tumuli bisa sumebar/semiyar. Wasana sembahyangan nuli karubah, iya iku sesembahan Gusti Allah kaganti sesembahan Rama Pran-Soeh, lan kanggo sesebutan ing saben dinane (dadi pakulinan). Ngenani tembung Gusti Allah, Tuhan Yang Manon,Yang Suksma Kawekas, Kang Murbeng Dumadi, Kang Maha Kuwasa, lan tetembungan liyane, seje bangsa seje tembunge/ba­hasane iku mung kanggo nyampedi butuhing kasusas­tran sarta minangka tambahan katerangan amrih cetha kang kinarepake. Mesthi bae bab kuwi wiwitane tansah dadi pitakonane umum, malah nuwuhake pangira kang war­na-warna. Nanging sawise kapigunakake dina-dina, apa dene katerangan marambah-rambah, temahan bab sesembahan Rama Pran-Soeh mau dadi pirembugan dening umum maneh. Mula apa kang didhawuhke Panutan bisa tumindak kan­thi lancar. Perubahan ora mung sembahyangan bae, du­rung katute/ketulise asmane Panutan ana ing sembah­yangan, tembung supena, tembung nekseni lan ngakeni durung kapacak/tinulis. Kang kabeh-kabeh mau ndhasara­ke dhawuhe Panutan. Ing sabanjure sembahyangan tumu­li kasampurnakake. Panutan nate ngandikakke, nalika Panjenengane niti­priksa kaanane para putra-wayahe/muride ana ing alam alus ngawuningani yen putra-wayahe ing kiwa tengene Godheyan, kapriksan murid-muride kapikut dening Jim/ lelembut, kaangkut/kagawa nganggo sepur nganti pi­rang-pirang gerbong, bakal kaangkatake menyang Gu­nung Himalaya. Tujune konangan Panutan (kapriksan), temah diendheg/distop lan sabanjure kaslametake. Panutan nuli ndhawuhake wayangan ing dhaerah Go­dheyan. Panjenengane uga rawuh, paring priksa marang putra-wayah mangkene:"Anak putuku padha ngo­pahi apa marang aku; sing duwe pangkat dak jaga pangkate, kang padha duwe anak dak emong anake, kang padha duwe ingon-ingon dak jaga, jebul padha ora tresna karo aku, pada lali karo aku, buktine pa­dha kapikut Jim/Lelembut, arep kagawa menyang Gunung Himalaya, tujune konangan aku. Mulane nganti ana kedadeyan mangkono amarga anak-pu­tuku akeh kang during nekseni lan ngakeni ing alam batin kanthi cetha temenan marang Panjenengane. Mu­la sembahyangane kudu katambah, kudu nganggo tem­bung nekseni lan ngakeni".
2. Panutan nimbali para murid-muride kang cinaket kan­thi giliran, sawise padha ngadhep, padha diuji pinun­dhutan priksa mawarna-warna, kaparingan weling ru­pa-rupa, dene kang durung mangerti kadunung-dununga­ke amrih cethane mumpung isih sugeng, kagungane ngel­mu/kawruh lahir batin kaparingake kabeh, aja kongsi yen tinilar kondur padha ragu-ragu. Pangandikane Panutan marang muride cinaket:"S.M.H. Sirwoko lan Broto (Ong Sioe Gien) ketara kinthil aku bae, lan iya kinthil Ibune, mulane dijaluk po­trete, arep dipasang dening Ibune ana kono. Dene aku yen kepepet ing mungsuh (ketaman ing bebaya) ana ing ­alam batin, tansah dietutake Martaradana, lha yen aku nyerbu mungsuh, kang katut Martawiyogho. Uwong Jawa kuwi aja lali karo Jawane, yen menganggo genep cara Jawa ana ing alam alus iku, kudu sikep gegamane/nganggo keris." Ana murid gegulang anyar saka Bangsa Tiong Hoa, Sioe Han jenenge, katame kanthi jelas, sawise diparingi rerigen dening Ibu. Anggone banjur gegulang, amarga mentas kasripahan uwong tuwane lan sadulur-sadulure, lan awake dhewe pinuju lara. Sawise pinaringan katam, dheweke setya banget marang Panutan lan Ibu, saben bengi kerep-kerepe sowan Rama ngladosi mawarna-war­na kaya dene abdi. Yen Panutan wungu bengi/bangun, dheweke methukake, nuntun Panutan kang wis yuswa mau munggah-medhun undhak-undhakan tindak pengkeran. Panutan ngandika:"Sioe Han kuwi rumeksa banget marang aku, setyane ing kelahiran prasasat Sirwoko lo­ro." Nalikane ana siswane kang wus katam sowan Panutan, nyela-nyela nyuwunake warase sadulure kang lara rada nemen, Panutan duka:"Apa kowe ora ngerti yen uwong lara iku diukum dening Rama Pran-Soeh, lu­wih-luwih kowe uwong kang wus katam. Amarga diukum, jalaran nglakoni luput, dadi kowe mbelani uwong lu­put, sebab tunggale uwong dosa."
Panutan piyambak longka banget gerahe, tur yen gerah mung sawatara, puyeng sawatara jam, cekoh mung kala­-kala, kuwi wis umume uwong kang wus yuswa 80 tahun munggah. Yen Panutan priksa murid-muride ana kang mlanggar Angger-2 mesthi paring duka, lan sing mlang­gar mau ora diparengake sowan. Yen dheweke kapeksa sowan, Panutan ora kersa manggihi, malah kerep ange­sahi. Panjenengane tansah kraos/priksa yen ana siswa­ne kang laku silip, tumindak ora suci, mlanggar Ang­ger-2, bab iki Panutan kagungan titikan kang maton. Nalika Ong Sieo Gien, Darmawasita lan Poedjosoewito ngadhep awan-awan bab dhawuh owah-owahan sembah­yangan tambahan nekseni lan ngakeni, Panutan paring dhawuh:"Wigatine iya supaya kabeh padha nekseni, yen wis nekseni lagi ngakoni."
4. Panutan ngaturake panuwun marang Pamarintah, nyu­wun pensiun, nyuwun leren saka anggone ngasta Carik, jer wis rumaos sepuh, yen kongsi ngether pagaweyane ngrugekake uwong akeh (sakalurahan). Let rong sasi saka panuwunan mau, Pamarintah ngabulake. Panutan paring dhawuh kang mligi kang gandheng lan Astana-Waja sarta Bale Suci Pran-Soeh mangkene:
a). Plataran Astana-Waja sinebut Asmara-Data, kang kena mlebu ing kono mung para katam, dene kang durung katam ora kaparengake.
b). Uwong lanang kudu mapan ing sisih tengen, pancer lan pagan calon pasareyanku, dene uwong wa­don ing sisih kiwa pancer lan sumarene Ibumu.
c). Ana ing Asmara-Data, wigatine mung sembahyangan, aja kongsi padha ngabekti (nyembah) Tenger/Ki­jing sing ana ing Pasareyan.
d). Pot kang pinasang dening Ong Sieo Gien sisih kiwa, ditanduri kembang putih, dene kang pina­sang dening S.M.H.Sirwoko kang sisih tengen, supaya ditanduri kembang jambon/abang.
e). Lawange Astana-Waja kang sisih dhuwur (sangi­soring jemparing) ditulis sengkalan, ing tahun perletakan batu pertama Astana-Waja, dene unine:"Katon sare Jawata luwih.” (Tahun 1957).
f). Panutan paring dhawuh (pameca) yen saka/cagak guru Bale Suci Pran-Soeh sing papat kedade­yan saka kayu sawit.
g). Ing sadhuwuring lawang Bale Suci Pran-Soeh, supaya dipasangi reca "Manyar Seta" kang dadi pralambange katentreman/ kasucian.
h). Ing blumbang sangarepe Bale Suci Pran-Soeh, kang kiwa dipasangi reca "Ditya Ganggas Kara" kang tengen "Naga Wasesa". Dane kersane/tujuane uwong kang padha nduweni panuwunan kepengin drajat/pangkat. Naga Wasesa, papan kanggo panuwunan, kang kepengin donya/kasugihan.
i). Kadhawuhake kang gawe bale Suci Pran-Soeh kang kudu mokoki nemtokake wangun lan cara-cara pang­garape Martadimeja lan Sayuti.



























***A***
Perangan 20 (karongpuluh)
SEDANE/KONDURE RAMA RESI PRAN-SOEH SASTROSOEWIGNYO
1. Wiwit nalika iku saben-2 Panutan lenggah kang diadhep dening putra-wayah/muride, Panjenengane asring ngan­dika manawa jagade wus padhang, prakara kana-kana gumantung Rama Pran-Soeh. Dene pangandikane mangke­ne:”Caraa tanduran tembakau, aku iki rak mung ka­ri kelip-kelip." Kabeh-2 saiki wus kebeneran, wiwit sesembahane, ngel­mune, sembah-yangane wus rampung. Mung sembahyangan No-5 (lima) iki isih kurang trep sathithik, diowah su­paya trep iya prayoga, orane iya ora dadi apa, awit sing mangerti mung awake dhewe. Sawise iku Panutan paring dongeng warna-warna, lan kang dadi kersane bab lakon Bratalaya racut. Be­suk yen wis lakon Bratalaya recut mesthi akeh kang nangis. Panutan ndhawuhake supaya para putra-wayah/muride kerep sowan Ibu, awit Panjenengane kerep ba­nget jumbuh/cinaket dening Rama Pran-Soeh. Bab bontosing kasuksmane Ibu kerep banget kapangan­dikakake marang para murid-muride, mangkono uga marang golongan liya, kang sowan Panutan kanthi cuman­thoko ngrasa yen luwih ahli karohanen/kasuksman. Nalika iku lagi dadi pirembugan umum, anane lakon Bratayuda, kabeberake ing Sasana Hinggil Alun-alun Ngayogyakarta, Panutan ngandika:”Aku iki rak wis wiwit Bratayuda.” Para putra-wayah kang ngadhep durung/ora tanggap kang kinarsakake, lan kang banget anggumunake, Panutan saben-saben tumungkul bae ora kersa mriksani para murid-muride kang padha sowan, luwih-luwih putrane piyambak. Murid-muride kang cinaket sing papane/omahe adoh-adoh kaweling-welingake, sawise sowan dipangandikani lan dipriksani sedhela, uga kerep tumungkul kanthi seret wiyosing pangandika, beda banget lan adat saben.
2. Sajatine para murid-muride kang cinaket wis akeh kang tampa dhawuh yen Panutan tumuli bakal kundur, kawahya ing alam alus. Ong Sioe Gien nyipati yen Panutan kondur ing dalem lawas, Martaasmara nekse­ni yen Panutan wis runtung-runtung lan Ibu suwargi, Martadarana dipamiti, Martasuwita wis rumangsa am­bopong layone Panutan, Darmawasita anglawani (nuntun) tindake kondur lan sabanjure Panutan musna, Pak Madhul lan kancane kadhawuhan nunggoni yen te­kan titi-wancine kondur, lan isih akeh maneh kang nampa dhawuh kang lerege mangkono mau. Malah S.M.H Sirwoko wis nekseni ing batine, ngumumake ana ing sajeroning rapat. Panutan aja kongsi kagol bab apa bae, dhawuhe kudu disandikani. Apa dene dina Gedhe sawuse karembug muyeg lan ndha­sarake paniti priksa sarta petung lahir lan batine, katetepake ana 4 (papat) iya iku:
1. Dina wiyose Panutan.
2. Dina tumuruning Wahyu Sejatining Putri.
3. Dina tumuruning Wahyu Sejatining Kakung lan Wah­yu Utusan / Wahyu Roh Suci.
4. Dina seda kondure Panutan, (bab iki ing tembe burine, sebab ing wektu iki Panutan isih sugeng).
Bab keputusan dina gedhe iku uga wus kaaturake marang Panutan dening Poedjosoewito kang sowan tinim­balan, uga wis diambali dening Ong Sioe Gien, kang kabeh-kabeh agawe rena lan kaparenge Panutan. Panutan paring dhawuh penting kang gandheng kedadeyan uwong tuwane siswane Panutan kang ditrisnani (karana pancen gedhe lelabuhane) kang ajal nglalu anggantung. Panutan anggrantes, niti-priksa bab mau Sabanjure andhawuhake mangkene:”Uwong mati nistha (wirang) iku, ing alam batine pancen tetimbrah (reged kang andhasar). Samangsa durung bisa diresiki/disentek, iya ngudi ngelmu 3 Prangkat nganti bisa katam, turunne uwong mau lagi bisa ilang timbrahe. Dene yen durung katam tetep isih nimbrah (durung resik). Mula anak putuku kang nduweni embah-embahne lelakon kang kaya mangkono, supaya padha nyenyuwun marang Rama Pran-Soeh, bisaa ketemu Babuning kang ora kena pati wirang/nistha. Mulane yen anjodho kake bocah kudhu ngati-ati paniti-priksane, bocah mau apa turune uwong sing nduweni timbrah apa ora (pokoke bibite). Bab timbrah ora mung mati nglalu (bunuh diri), nanging isih ana tunggale iya iku: lara edan, ayan, lara lepra/budhug.
Nalika ana lindhu tahun 1957, Panutan paring dhawuh marang putra-wayahe supaya padha nyuwun priksa marang Rama Pran-Soeh, Lindu iku saka hawane sapa lan ana kedadeyan kapriye.
3. Malem Minggu Pon akeh banget putra-wayahe/muride kang padha sowan, kurang luwih sedulur 300, amarga ana murid katam anyar sarta ana dunungan uwong 20 cacahe. Sadurunge lan sawise dunungan, Panutan paring priksa warna-warna kang supaya tansah eling sarta setya marang Rama pran-Soeh, aja kongsi cilik atine, sebab Utusane Rama Pran-Soeh bakal anjangkung lan ngudaneni marang lelabetane kadang golongan. Esuke Panutan tindhak sawah, kundure awan kaya adat ngrampung-ngrampungake anggone angundhuh tembako amnrih aja nganti kodanan (karendhengan). Sore­ne ngandika yen sarirane kraos sumeng (sumuk), Ibu arep nimbali tukang pethek ora kapareng dening Panutan. Esuke nunggoni putra-wayah anggone padha ngrajang tembako ana dalem kidul, pangandikane:"Endang Dirampung-rampung,ake imbone kang wis mateng-mateng. Dina Kemis lan Jumuah bae anggone ngrajang leren, prei dhisik, awit bakal sugih dhayoh, aku lagi duwe gawe.” Para kadang golongan kang padha ngrajang tembako nyandikani ing batin ngudarasa, bakal ana wigati apa dene Panutan ngandikan mangkono. Ibu kang uga wis nampa dhawud ing alam alus, lan ngawuningani anggone Panutan sembahyang ngarepake sare beda lan pakulinane, iya iku marambah-rambah kapireng pangandi­ka:"Mangga Rama Pran-Soeh kula ndherekaken kondur, sawise rampung sembahyang Ibu sumela atur:”Panut­an kersanipun kados pundi?”. Pangandikane:”Ora apa-apa, kowe bojoku kang wiwit biyen mula setya karo aku. Kowe aja susah yen dak tinggal, kowe rak digawekake omah anak-anakmu cilik-cilik wis watu ditumpuk-tumpuk, dadi awet lan ora gampang rusak. Lan kowe aja sumelang wis dak tinggali kadang golongan samono akehe, padha rembugen". Panutan diaturi, sare, lan diaturi ora susah menggalihake kang warna-warna, sebab sarirane lagi gerah, Pangandikane : "Aku iya ora apa-apa, awakku krasa sumuk, bab watuk mono wong wis tuwa". Dina Selasa lan Rebo, Panutan ora miyos saka dalem, putra-putrane Panutan dicaosi priksa, tumuli sowan ngadhep Panutan, dipriksani sakedhap/satleraman, Pa­nutan tumuli tumungkul bae. Mung ngandika marang putrane R. Wenang yen urip ing alam donya iku ora gampang lan pancen abot, dene marang R. Mukri dha­wuh samangsa Panjenengane kundur, supaya diagem­-agemi Jawa deles (mataraman) dhisik, sawise iku di­agemi jubah, lagi kepareng kabuntel meslim kang mung­ katlakupake bae, dadi ora ditaleni (kaya singep). Ibu nimbali Pak Madhul sakancane, supaya tuguran, sebab Ibu tampa dhawuh batin kang cocog karo dha­wuh sing ditampa dening Pak Madhul lan kanca-kan­cane, kabeh padha enggal-enggal ngestokake. Sanajan Panutan rada gerah, Panjenengane ngersakake mutih, ora dhahar asin, mundhut dhahar sega thok wina­dhahan cawan, winadhahan ambengan/piring bae Pa­nutan ora kersa apa dene dhahare mau mung yen pen­dhak awan, kaya adat sabene. Ibu kerep ngaturi dha­har kang rupa-rupa, malah didukani marang Panutan, sebab dadi godha, mula kadhawuhan sumingkir, supaya ngaso. Panutan ngendika yen ora apa-apa, mung sarirane kraos sumuk. Ing dina malem Kemis Paing tanggal 24 Oktober 1957 utawa Tanggal 30 sasi Mulud Tahun 1889, kurang lu­wih jam 01:00 Panutan seda/kundur ing jaman kelang­gengan kanthi tumata sareh lan kepenak, mbukteka­ke yen lebda lan eklasing pati. Wektu iku uga sawise sareh atine kang padha tetuguran, sing perlu diayahi luwih dhisik anglayoni marang para putrane kang adoh, para sentana uga kang adoh‑adoh daleme, dalah para kadang golongan ing daerah ngendi bae. Ngarepake sedane Panutan, para kadang golongan wis telung dina krasa ora jenjem atine, ora enak mangan lan ora bisa turu tansah gerah-uyang/panas/sumuk rasane. Bareng tampa kabar bab sedane Panutan, sa­najan sawatara wis tampa dhawuh batin, banget ka­gete dene ora krungu kabar gerahe, luwih-luwih tu­mrap kang mentas sowan ngadhep ing dina malem Ming­gu Pon. Kang padha tampa ayat/dhawuh padha agege­tun dene anggone ora tumuli sowan, batine nyuwun kaulur bokmanawa Rama Pran-Soeh isih marengake. Kadang golongan liyane ana kang lagi ngerti yen sajrone 40 (patang puluh) dina padha kadhawuhan nandur bestru, sejatine iku wus ngemu perlambang aja padha kabesturon, lan nalika kurang sawatara dina saka sedane ana lindhu, kang kabeh kadang go­longan kadhawuhan nyuwun, kuwi hawane sapa lan arep ana apa bakale. Iku kabeh lerege bakal kondure/sedane Panutan. Kabeh-kabeh padha getun, ing semu Panutan pancen nglimpekake, mundhak ginandhulan para murid-muri­de. Kabeh-kabeh mau pancen anggumunake, kabar-kinabar, layang-linayang, telpun lan tilgram sarta siaran R.R.I. Ngayogyakarta (berita keluarga), gampang eggaling sumiyar. Wose kang sowan bela sungkawa akeh banget, kendha­raan taksi, bis, lan sepur kang nuju menyang Munthilan penumpange jejel-uyel-uyelan, kongsi ora kamot, ka­rangan bunga tanpa wilangan cacahe, putra sentana, mitra karuh sarta umum, luwih-luwih kadang golongan kaya kaesokake ngebaki pekarangan-2 sakiwa tengene sarta dalan-2 ing kampung Jagalan tekan Astana-Waja. Pangruktine layon ora nguciwani, sawise layon disi­rami nuli dibusanani kaya kang kadhawuhake Panutan marang putrane R.Mukri. Kang anggumunake layone Panutan mung kaya sare bae, pasuryane sumunar mawa cahya, apa dene sarirane lemes, mula kanthi gampang bae dibusanani cara Metaraman, sarta diagemi jubah, sawise iku nuli kabuntel-nganggo meslim.:rangkep 11 (sawelas) mung disingepake bae ora ditaleni, tumuli dilebokake ing pethi. Layon kasipengake awit nengg­a rawuhe putrane kang ana ing Blitar lan Jakarta. Amrih gawe renane/remene putrane, sawise layon ka­sembahyangake ing dalem lor, nuli kaboyong ing dalem lawas (dalem kidul). Para sesepuh Kelompok kang ngatur tata-tertipe ca­lon pametake layon. Saka dalem tumekane ing Astana-Waja wis kaatur, te­ngene dalan kaum kakung, kiwaning dalan kaum ibu-2 kajejer sap 4 (papat) lan tanpa let apa dene ora kakenakake mingset saka papan ndherekake layon amrih kabeh-kabeh meruhi layone Panutan. Saben let rong puluh meter kasadhiyan pemudha kang menganggo sarwa putih 6 cacahe, calon angrembat/mikul layon. Sawise kang kaanti-anti wis teka/rawuh lan kabeh-kabeh wus tumata/rampit, pethi layon kang rinengga­-rengga asri banget, diangkat dening para putra, ti­nampan dening para Sesepuh Kelompok kaotong kagawa menyang pelataran, sateruse pinanggul para pemudha­-pemudha aganti-ganti nuju menyang Astana-Waja. Kang andherekake layon tinata abebarisan lan angagem sarwa putih, apa dene tan ana sabawa kang salah endah, ndayani suwasana kang sidhem lan prihatin, apa dene caos bela sungkawa marang kang seda lan tinilar. Ing Astana-Waja wus tinata rampit. Mula sabanjure layon tumuli kasarekake kanthi pa­ngati-ati lan pangaji-aji, kongsi sarampunge upaca­ra ora ana alangan sawiji apa, kajaba mung anglesing ati kang anumusi bebayu kaya dilolosi.
Perlu disumurupi, manawa ing sawah-sawah lan ing payon-payoning omah sakiwa-tengening Astana-Waja kebak uwong umum kang kapengin ngerti/sumurup la­yone Panutan, apa dene saweneh kanthi niyat nga­lap berkah. Kajaba kadang golongan kang kajibah tuguran, mesthi bae mung sawatara cacahe, dene liyane banjur padha bubaran mulih kanthi pating pandhekel lan angondhok-ondhok sarta sempelahing ati, karana tininggal dening pepundhene.

























***A***
Perangan 21 (kaselikur)
SAPUNGKURE SEDANE PANUTAN

Para Sesepuh ngumumake wiwit dina sedane Panutan tumekane 11 (sawelas) dina, para kadang golongan supaya nggedhekake kaprihatinan, padha teteguran ana ing Astana-Waja lan ing daleme Panutan/Ibu, malah tetuguran mau katerusake kongsi pungkasa­ning sugengane Panutan. Sanajan lahir rumangsa katinggal dening Panutan, kadang golongan wis ora bisa wawan pangandikan ana ing alam donya, nanging ana ing alam alus iya ing alam sasmita-maya/impen, yen temen-temen nggran­tes, jujur temen lan tapa-bratane temenan, bisa jum­buh/katemu lan gesang sucine/suksma sucine Panutan (Rama Resi Pran-Soeh). Samono mau ora saben nyuwun pinanggih Utusan banjur bisa jumbuh, gumantung pa­kartine sing nyuwun. Upamaha timbangan barang lan bandhule padha bobote (barang 1 kg bandhule iya 1 kg), cara reregan sing rega mati pengaji Rp.100 (satus) rupiyah, duwe dhuwit Rp.99 (sangang puluh sanga) ru­piyah ora bisa oleh/tuku barang mau, sanajan kurang Rp1 (sarupiyah). Wiwit nalika mencarake ngelmune kang sapisanan Pa­nutan ngandika marang para siswane, yen Utusane Ra­ma Pran-Soeh kagungan suksma langgeng kang tan ke­na rusak lan tan kena hukum dening Rama Pran-Soeh (bebas saka paukuman).
Wiwit sugengan kang sapisan, tumeka sugengan kang pungkasan, sembahyangan mung wujud atur panuwun marang Rama Pran-Soeh dene wis nimbulake Panutan ana ing donya, meh 90 (sangang puluh ) tahun lawase, kang ndayani para manungsa kang percaya marang Pan­jenengane banjur eling manembah marang Rama Pran­Soeh. Bebarengan nalika sugengan 11 (sawelas) dinane, te­ngering Panutan pinasang pisan, tumpange 11(sawelas) iki akeh-akehe tumpang. Sangisore Panjenengane tumpange mung tundha 9 (sa­nga) kaya kang kaagem Ibu suwargi.
Sakundure Panutan ora ana kagungane tilaran ban­dha, lemah lan liya-liyane kang dadi petung/rembug, luwih-luwih dadi rebutan lan padudon, ka­beh putra sentana wus kabagean sarana tumata a­dil, kanthi tanpa ingadilake. Sawah lan pakarangan wis kaparing-paringake luwih dhisik sadurunge Pa­nutan seda, iya iku nalika isih sugeng. Tilaran kang wujud pusaka kalestarekake kaya dhawuhe kang uwis-uwis. Mula ngenani tinggalan/warisan apa kang disalirani Panjenengane Panutan perlu banget diconto/ditulad kanggo maekani aja nganti ana pasulayan/rebutan anane sadulur padha sadulur, luwih-luwih aja ngan­ti padha perkaran metu ing Pangadilan, nganti di­atur dening lamarintah, bisaa diatur dhewe ing sa­adil-adile. Perlu dielingi yen arep mbage tinggalan aja banjur kabeh dibage, kudu isih ana ngengehan lemah utawa omah sing perlu dienggoni dening uwong tuwa (bapa/biyung) sabab matine uwong jejodhohan umume ora bareng, embuh sing lanang dhisik embuh sing wadon dhisik.
Ibu tampa dhawuh saka Rama Pran-Soeh amrih pangga­wene Bale Suci Pran-Soeh disengkakake/didadekake, awit Astana-Waja wus kagem sumarene Panutan lan I­bu suwargi. Mesthi bae para kadang golongan banjur ngadani gerakan kebaktian perlu ngumpulake dhuwit kanggo netepi dhawuh sing katampa Ibu. Ora antara suwe saka dhawuh mau, saka guru Bale Suci Pran-Soeh kaadegake kanthi upacara sembahyangan lan tirakatan, kang nggumunake saka guru 4 (papat) cacahe kadadeyan saka kayu sawit, ngepasi apa kang kasabdakake Panutan. Tekan titi wancine sugengane Panutan kang pungkasan iya iku 330 (telung atus teling puluh) dinane, Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh wis eyup, bisa digunakake upacara kanthi tentrem, sanajan ing wektu rendeng mangsa akeh udan.










***A***
Perangan 22 (karorikur).
WIGATINE RAMA RESI PRAN-SOEH SASTROSOEWIGNYO TIMBUL ING ALAM DONYA

Manawa kita ngelingi sejarahe Rama Resi-Pran-Soeh Sastrosoewignyo, luwih-luwih kang gandheng Wahyu-Wahyu kang katampa Panjenengane sarta dhawuh-dhawuhe Rama Pran-Soeh, apa dene kaprihatinane lan kasangsarane wi­wit timur kongsi tumeka ngarepake sedane, kang kabeh-kabeh mau kadayan anggone ngrungkebi tekad, ngantepi dhawuhe Rama Pran-Soeh, kanggo ngentas kasangsarane para umat manungsa kang percaya marang Panjenengane.
Munguh wigatine timbul ing alam donya, kaya kang kase­but ing ngisor iki:
1. Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo miyos ing alam donya saka brayat kang lumrah, uwong tuwane cilik pang­kate lan kacingkrangan uripe, yen katandhing rikala Panjenengane miyos sing dhisik-dhisik sadurunge miyos saiki.
2. Anngone tapa netepi dhawuhe Rama Pran-Soeh bae 31 (te­lung puluh siji) tahun lawase, wiwit tahun 1890 tume­ka tahun 1921, isih katerusake kongsi tumeka nyaketi sedane (Tahun 1957) saking anggone mrihatinake para umat manungsa kang percaya ing Panjenengane.
3. Panjenengane tansah masrahake pati-uripe marang Rama Pran-Soeh (eklasing pati) apa dene tansah ingancam bebaya pati. Eklasing pati samangsa ana bab-bab kang wi­gati/penting, kayata: nalika tumurune Wahyu Sejatining Putri, Wahyu Sejatining kakung lan mbelani putra-wayah, kadang golongan kang nampa reribed/kaancam bebaya pati. Kaya dene lelakon ing Tanabaya sakulon Magelang, ing Tingal Borobudhur ing daleme dhewe rikala tahun 1948 lan tahun 1952. Kabeh mau Panjenengane bisa slamet, jer pancen suksma sucine Panjenengane jumeneng Babuning Sakabehing lir iya Sang Juru wilujeng lan liya-liyane. Kasangsaran lan pepati saka begalaning Ijajil ora bisa temama, kajaba saka kodrating/karsaning Rama Pran-Soeh.. Kaanan donya mung ana warna loro, kayata: anane osik ala lan osik becik, sugih lan miskin, lali lan eling man­kono ing sapiturute. Umume manungsa padha mbutuhake kaslametan lan katentreman lahir lan batine, mula ing donya kaanane mawarna-warna. Anane bencana alam, peperangan, lelara kang maneka warna lan liya-liyane. Piyandel/keyakinane manungsa ing sadonya wektu saiki akeh sing wis percaya marang Gusti Allah, iya isih ana kang manembah brahala/takayul, lan uga ana sing ora percaya ananing Gusti Allah. Kang padha manembah marang Gusti Allah sarana cara2 kang gumathok, manut keyaninane dhewe-dhewe, lan uga ana kang nglalekake manembah marang Gusti Allah, katungkul ngabotake anggone golek donya. Dene kang ora percaya marang Gusti Allah, iku mung ndhasarake kahanan sing ana ing donya sing kena disipati deningindriya wadhag/netra wadhag lan sing ora kasat tingal (paningal wadhag) bisa nganggo piranti sing kanggo meruhi. Ora percaya marang Gusti Allah mesthi bae iya ora mikirake yen uwong wis mati kuwi isih bakal ngambah alam maneh, utawa bakal nampa bekja lan cilaka besuk suksmane kapriye kaanane babar pisan ora nggatekake asal ana ing donya bisa kacukupan lan katekan apa sing disenengi (mung nuruti hardaning kanepson). Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo asring ngandika:“Rama Pran-Soeh iku ora butuh apa-apa marang Para umat kajaba mung saka tresnane. Aku timbul ing donya iku mung nagihi katresnan, padha elinga tresnaa marang Rama Pran-Soeh. Mula aku didadekake titah kang asor dhewe, kembas-kembis supaya akeh kang padha wani caket karo Aku, kang ateges bakal akeh kang tresna marang Rama Pran-Soeh. Dak rewangi Aku bengak-bengok saprana-saprene, kongsi kaya pecah-pecaha gondhangku, saka tresnaku marang anak-putu, aja nganti kesasar Suksmane, luwih-luwih kaukum apa maneh kalebu ing pasiksan. Aku prihatin terus kuwi, sing daktapakake sapa to kajaba anak-putuku". "Dak rewangi bedhug-bedhug, kuyu-kuyu ana tengah sawah, sing kanggo aku sapira, sing dak rembug rak anak-putuku, samanga padha teka ing ngomahku aja kongsi kapiran". "Mulane aku sok nangis kae, karana saka tresnaku/welasku, awit aku dikodratake meruhi Suksmane sapa bae kang kesasar (nampa paukuman/ pasiksan)". “Aku mung tresna thok marang anak-putuku, ora duwe pamrih liya-liya, yen aku kongsi melik/ngreka/ngapusi) anak-putuku, trima Suksmaku dadiya nyawa tekek". Miturut dhlawuh-dhawuh lan pangandika-pangandika ma­u sarta kaanan kang disipati lan dialami ing rasa­-pangrasane para kadang golongan, tetela banget yen Rama Resi Pran-Soeh Sastrtrosoewignyo timbul ing alam donya netepi dhawuhe Rama Pran-Soeh, ngelinga­ke marang para umat bisaa tresna marang Rama Pran-­Soeh. Mung uwong kang wangkot/kang kabesturon lali marang Rama Pran-Soeh, ora percaya/ora gelem nang­gapi katresnane Rama Pran-Soeh lan ora anggape tim­bule Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo ing alam donya.

























***A***

Perangan 23 (katelulikur)
KUWAJIBANE RAMA RESI PRAN-SOEH SASTROSOEWIGNJO
TIMBUL ING ALAM DONYA

1. Kuwajiban anulungi lan angayomi.
Ngayom (ngaup, ngeyup) bisane yen cinaket karo kang ngayomi iya iku Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo. Samangsa nampa reribet, lara, alangan, uwong kang durung katam ngelmu 3 prangkat sowan Panjenengane nyu­wun tulung apa karibetane. Panjenengane karsa nyu­wunake kanthi legawa-legawaning penggalih. Tumrap uwong kang wus katam ngelmu 3 prangkat, bisa nyuwun dhewe, samagsa anggrantes temenan golong gilig mligi apa panuwune, bisa jumbuh/katemu Suksma sucine RPS. Sastrosoewignyo ateges oleh pangayoman utawa, pitulungan.
2. Kuwajiban anebus dosa, anglipur, amulang-muruk lan anyontoni.
Uwong kang ngudi ngelmu telung prangkat wis bisa pinaringan katam, ateges dosa gawan lan dosa wiwit cilik/diwasa tumeka ing wektu katam kuwi kabeh dosane wis lebur wis ditebus dosane (resik dosane), nanging gandeng manungsa urip amarga karaketan/duwe nyawa/mungsuh/ begaling suksma/tukang anggo­dha wiwit donya tumeka ing kubur, Nyawa tansah ngajak brahala, goroh tumindak sing nistha, pokok osik ala kuwi osiking si Nyawa/Setan. Nyawa digoleki nganti bisa weruh nyatane osik ala kuwi utawa sing tansah was-was, ora kok dipateni Nyawane, cukup dikalahake sukur bisa murba, lan i­ya ora dipateni, sebab yen dipateni si Raga/Wadhage iya tumeka ing pati. Nyawa ana ing donya dadi re­wang, samangsa tumeka ing pati dadi mungsuh/begal/ penjajah. Kadang golongan kang lagi nampa reribtet/pepeteng/kasusahan apa bae, jasmani/pribadine Rama sing isih sugeng ana ing alam donya (Wadhage) sarana mulang-muruk, luwih-luwih yen bisa jumbuh aluse/ suksmane Rama ana ing alam alus/impen, kuwi ateges bisa oncat saka pepeteng, kasusahan, reribed liya-liyane. Pokok ora ana pitakonan apa, Kapriye, endi. Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo paring conto/tepa tuladha marang para kadang golongan, kayata:
a). Kasetyane marang Rama Pran-Soeh, olehe ngantepi dhawuhe, direwangi lara-lapa.
b). Santosaning tekad, sucining panggalihe, luhuring bebuden, sabar momot lan kamot, beciking watak lan tumindak, tansah gawe legane putra-wayah, teteping ngasta pangadilan.
c). Gedhening kaprihatinane, genturing kasutapane, sregep nyambut gawe, iya iku sregep nyambut gawe anggone ngasta Carik Desa lan uga sregep nyambut gawe pertanian. Anggone paring conto ora mung ana ing alam donya bae uga nganti tumeka ing alam alus iya iku suksma sucine.
3. Kuwajiban nggoleki tunggal.
Ngelmu kang kaasta dening Panjenengane Rama Resi Pran-Soeh Satrosoewignyo dhasar keTuhanan lan per­caya ananing Hukum Karma reinkarnasi (urip tumim­bal). Wus katerangake ing ngarep Panjenengane tim­bul ing alam donya iki wis marambah-rambah, seje papane, asmane, lan kalungguhane/kalenggahan pang­kate. Dene akeh-akehe kang padha methal/pisah mau, ri­kala Panjenengane Jumeneng Nabi Nuh. Saben-saben timbul ing donya linari-lari/ginolekan nganti te­kan saprene.












***A***
Perangan 24 (kapatlikur).
ANGGER-ANGGER 11 (SAWELAS) IYA IKU, PAUGERAN/
TETALI MURIH PARA SISWANE RAMA RESI PRAN‑SOEH SASTROSOEWIGNYO TANSAH TUMINDAK JUJUR LAN TEMEN NDUWENI BUDI-PAKARTI KANG LUHUR.

Kabeh para putrane (siswane) Rama Panutan sing padha arep ndherek gegulang ngelmune mesthi diparingi prik­sa Angger-angger 11 (sawelas) kapigunakake kanggo ngatur budi pakarti urip bebrayan ing alam donya, luwih­-luwih kanggo nggayuh ngelmu 3 (telung) prangkat. Angger-angger 11 (sawelas) dadi cecekelan (gondhelan) kang tan kena uwal jer netepi Angger-angger 11 (sawelas) ate­ges caos tandha bukti kasetyane marang Rama Pran-Soeh lan Rama Panutan kanggo ngudi katentreman urip lahir lan batin.
Angger-angger 11(sawelas) kaperang dadi rong bagean, iya iku bagean kuwajiban ana 7 prangkat, lan bagean larangan ana 4 prangkat.
Dene Angger-angger 11 (sawelas) kaya kasebut ing ngisor iki:
BAGIAN A (KUWAJIBAN).
1. Setya tuhu ing Rama Pran-Soeh lan marang Utusane.
2. Setya tuhu marang Pamarintah kita, sumarambah marang para wakile.
3. Tresna-asih ing bapa-biyung sumarambah marang para ngatuwane.
4. Tresna-asih ing anak-bojo, apa dene brayat kang da­di tanggungane.
5. Tresna-asih ing sapadha-padha.
6. Sregep nyambut gawe lan netepi janji/kuwajiban.
7. Habudi luhur adil lan welasan.
BAGIAN B (LARANGAN)
Habandrek zina
Habojo luwih saka siji.
Habudi nakal lan nistha.
lan liya-liyane kang cengkah karo kuwajiban 7 prangkat kang kasebut ing dhuwur.
Wus kacetha ing dhuwur, manawa Angger-angger 11(sa­welas) kabage dadi rong bagean (kuwajiban lan la­rangan).
Kuwajiban, mujudake kesanggupan katindakake kanthi temen-temen, lan kudu bisa netepi temenan, awit yen ora bisa netepi ana daya pengaruh kang ora prayo­ga.
Larangan, samubarang bab kang kudu disingkiri/ora kena ditrejang/dilanggar (ora kena katindakake). Uwong kang nyingkiri larangan ateges netepi Angger-angger 11 (sawelas) bagian kuwajiban.
Uwong sing nerak/nrajang Angger-angger 11 (sawelas) bagian larangan, kuwi wis ateges ora netepi kuwa­jiban 7 prangkat.
Kuwajiban lan larangan ditulis sarana angka urut. Kabeh kang katulis angka 1 (siji) iku luwih penting, yen katandhingake angka-angka/bab ing sangisore, nanging kabeh kudu ditetepi, ora kena disepelekake.
Larangan sing angka 1 (siji) habandrek zina, kuwi u­kumane batin abot dhewe yen katandhing pelanggaran liya-liyane.
Amrih cethane Angger-angger 11 (sawelas) perlu ka­jereng/kabeber saka siji-siji:
Kuwajiban kang ang ka 1 (siji).
1. Setya tuhu ing Rama Pran-Soeh lan marang Utusane.
Setya tuhu tegese saka kesadharan, saka prentuling ati suci, ora pineksa, ora anut grubyuk, temen-temen mbangun miturut lahir-batin, ora maido, ora mbadal/mbangkang apa dene ora cidra lan anyulayani. Ka­beh iki mau kudu percaya wutuh (100%) yen sing murba-misesa jagad saisine, sing kasat tingal lan ora kasat tingal, dadi Bibiting sakabehing lir, sa­mangsa manungsa wus oncat saka donya/mati, sing netepi kuwajiban angka 1 (siji) bisa manunggal lan Rama Pran-Soeh lumantar Utusane.
Yen uwong urip ana ing alam donya nyadhong dhawuh/nyuwun sarana semadi turu iya lantaran Utusan.
Rama Pran-Soeh paring sih-katresnan kanthi nimbula­ke Rama RPS. Sastrosoewignyo, Panutan kita, ngampil Ngelmu 3 prangkat, ndayani kita eling marang Rama Pran-Soeh, bisa mangerteni lelakon ala lan becik, bener lan luput, njalari urip kita oleh katentreman lahir lan batin.
Kuwajiban kang angka 2 (loro).
2. Setya tuhu ing Pamarintah kita, sumarambah marang para wakile.
Panguwasa sangisoring panguwasane Rama Pran-Soeh iya iku Pamarintah. Ana ing jaman kemajuan (modern) manungsa urip ora mung urip sakarep-karepe dhewe, ana sing ngatur/mernata, ngayomi/njaga, ngadili, pokok ngenani politik, ekonomi, sosial lan kebaduyaan pisan dikuwasani dening Pamarintah.
Mula uwong sing ndherek gegulang ngelmune Rama RPS. Sastrosoewignyo kudu bisa nyonto apa kang disalirani Panjenengane, elinga kaya kang wus kase­but ing sejarah, Rama Panutan ngasta Carik desa pirang puluh tahun, leren (pensiun) banjur seda. Setya tuhu ing Pamarintah kita sumarambah marang para Wakile, iya iku wiwit Presiden, wakil Presiden, Mentri-2, Gubernur-2 sapangisore kabeh aparat Pama­rintah tumeka Lurah (Pamong Desa) lan ngisor dhe­we Kepala Dhukuh, yen ing Kutha RK, utawa RT, ki­ta kudu setya tuhu ora kena mbangkang dhawuhe, kudu padha sanggem/netepi. Kita kudu bisa aweh conto marang liyan ngenani anjuran Pamarintah apa bae, kita kudu setya tuhu.
Ngenani srawung kudu akrab (toleransi), gotong­royong, guyub-rukun lan sapanunggalane.
Kuwajiban angka 3 (telu).
3. Tresna-asih ing bapa-biyung sumarambah marang para ngatuwane.
Kita wajib tresna-asih ing bapa-biyung, ateges ki­ta wajib duwe pangowel lan pangeman kang tanpa melik lan pamrih marang bapa-biyung. Bapa lan biyung dadi lelantaran kita tumitah ing alam donya, kang njaga, rumeksa, apa dene tanggung jawab, nyukupi kabutuhan kita, apa dene anjangkaka­ke amrih kita dadi uwong sing utama. Luwih-luwih biyung anggone lara-lapa/rekasa terkadhang bisa tu­meka ing pati (toh nyawa), wiwit ngandhut 9 sasi su­wene, momong anggone guyang tahi (kotoran) uyuh pirang sasi bae nganti tumeka ing diwasa. Anak marang bapa-biyung rumangsa kepotangan gedhe, tan bisa kaukur nganggo donya-brana. Anak kudu mbangun miturut marang bapa-biyung, kajaba dhawuh kang nyulayani Angger-angger 11 (sawelas), sa­najan mangkono pambadal kita kudu nganggo cara-2 kang ngresepake panggalihe. Sabanjure kudu tansah ngluhurake/ngajeni, njaga marang aruming asmane, nyingkiri wewaler. Anak kang wis diwasa (bisa golek rejeki dhewe lan uga wis urip bebrayan), aja nganti anak-bojone banjur ora tresna-asih marang embah utawa mertuwane. Tresna-asihe anak marang bapa-biyung lahir batin. Yen bapa-biyung wis repo/jompo kudu diopeni sing temenan, bisa kelakon bapa-biyung wis tuwa tumeka ing lara, lara bae nganggo rada suwe gawe repoting anak-putu, mbuwangi kotoran iya aja ngresula, kudu sing rahap, biyen nalika bayi bapa-biyung anggone guyang tahi-uyuh (kotoran) rak suwe. Bekti/tresna-asih ora mung kandheg ing lahir, sa­mangsa uwong tuwane tumeka ing janji/mati, mang­ka suksmane isih kandheg/kesasar, kudu dibelani, sarana diruwat. Dene kang kalebu uwong ngatuwane iya iku: embah lanang/wadon, embah buyut sapendhuwur, mara tuwa lanang/wadon, sadulur kang pernah tuwa awune (kapernah tuwa). Tresna-asih marang para ngatuwane mesthi bae ora padha karo tresnane marang uwong tuwane (bapa/bi­yung). Kajaba iku kita wajib tresna-asih marang uwong kang luwih tuwa umure, pengalamane, kawruhe/ngelmune, kang kanyata wis aweh pituduh lahir-batin. Sana­jan wis duwe pangkat dhuwur aja lali marang Pak Guru kang wis maringi wulangan, sanajan mung Pak Guru S.D.
Kuwajiban angka 4 (Papat).
4.Tresna asih ing anak-bojo sumarambah marang brayat kang dadi tanggungane.
Wiwit purwaning dumadi, manungsa dititahake la­nang lan wadon, run tumurun urip bebranahan. Uwong lanang wadon padha bebojoan, nganti peputu, buyut, canggah sapiturute.Sanajan bojo iku maune dudu sanak dudu kadang, lan iya ana sing isih sanak-­kadang (sadulur) samangsa bebrayan sing isih cedhak banget hubungane sadulur kayata tunggal embah, ku­wi yen manut ilmu kesehatan ora becik, bisa kela­kon turune cacat/ciri, sebab isih cedhak hubungan darah(getih).
Ing jaman saiki, iya ing jaman kemajuan, uwong kang padha jejodhoan/bebrayan kudu nganggo ijab sah, manut Agama sing dianut, utawa pencathatan sipil (B.S.). Tresna-asih marang bojo, aja mung kandheg ing la­hir, nanging tumeka ing kandhasing batin. Aja sawenang-wenang/nyepelekake. Kudu tresna-tinresnan, guyub-rukun, gotong-royong, ana bab rembug apa bae kudu dirembug bebarengan. Ora mesthi panemu sing bener kuwi mung saka panemune uwong lanang, uwong wadon iya duwe panemu kang bener, padha golek re­jeki ora mung njagakake uwong lanang bae, bisa padha bebarengan golek hasil. Samono mau yen ring­kih ekonomine dene yen wis kuwat iya salah siji, sebageyan akeh uwong lanang sing golek rejeki/nyam­but gawe. sing wadon ngurusi rumah tangga lan ngo­peni anak-2, aja mung njagakake dening pembantu ru­mah tangga bae, kuwi iya becik perlu ngentheng­-enthengi pegaweyan, nanging yen ngurusi anak mung dipasrahake pembantu, kurang apik kedadeyane/penga­ruhe marang anak.(carane ndhidhik) luwih ngerti si biyung/bapa. Uwong bebojoan ana bebasan sabaya urip sabaya pati. Bojo dadi lelantaran duwe turun/anak, samono mau yen diparingi dening Rama Pran-Soeh. Bisa kelakon bebojoan ora duwe anak/turun, iya usaha amrih bisane pinaringan anak, dene yen parcen ora duwe anak, iya dipupus/ditrimak-trimakake, aja banjur pegatan amarga ora duwe anak. Kita kudu tansah eling lan netepi Angger-angger 11 (sawelas) bagean larangan angka 2. Bojo ora kena lu­wih saka siji, ateges ora kena wayuh. Tembunge manca monogami ora kena poligami utawa poliandri. Aja kongsi mangro tingal mungguhing katresnan, iya iku nganti mlanggar larangan angka 1 (siji), iya iku bandrek zina. Uwong lanang lan uwong wadon ora kena tumindak bandrek zina, kajaba mligi karo bo­jo. Uwong zina, iku dolanan Roh. Bisa oleh paukuman batin sing abot/pasiksan. Yen hukum ing donya, ngenani bandrek zina kuwi entheng, malah sok bebas saka paukuman.
Mbudidaya amrih tansah gawe lega lan mareming bojo­ne kanthi nglarasake lan ngurangi pakaremane dhewe.
Kudu bisa emong-kinemong, yen ana kang lali tumin­dak kang nalisir saka bebener kudu eling-ingelingan. kita wajib tresna asih marang anak kita awit anak dumadine (anane) saka bapa lan biyung, peparinge Ra­ma Pran-Soeh, lumantar Rohe uwong loro. Tresna-asihe marang anak prasasat tresna-asih marang bojo lan awake dhewe. Anak bakal nerusake sejarahe/lelakone bapa lan biyunge ing saterus-teruse. Ana bebasan anak bisaa mendhem jero mikul dhuwur marang uwong tuwane.Tegese bisa ngluhurake asmane bapa lan biyung.
Tresna-asih marang anak iya iku:
a. Njaga keslametane wiwit isih ana kandhutan nganti tumekaning dewasa. Jejamu, suntik, cara apa bae sing tujuane kanggo mateni bayi/anak utawa nggugurake kandhutan, kuwi ora kena (linarang).
b. Nyukupi kabutuhane anak kongsi tumekaning sem­bada ngupaya sandhang pangan dhewe.
C. Mulang-muruk/nyakolahake, perlu golek kapinteran kena kanggo sangu/piranti golek sandhang pangan, perlune ing tembe aja nganti dicucuh dening anak.
d. mBudidaya lan njangkakake amrih ing tembe dadi manungsa sing utama, migunani marang bebrayan, nusa lan bangsa, munggahe setya-tuhu ing Rama Pran-Soeh lan Utusane. Uwong tuwa aja nganti kawetu tembung sing ala/ kasar/memisuh, luwih-luwih nyupatani marang anak.
Kang kasebut brayat kang dadi tanggungane iya iku:
sapa bae kang dadi tanggung-jawabe, upamane: anak angkat, anak kuwalon, pembantu. Ngenani anak angkat lan anak kuwalon pangrembuge kudu padha kaya anake dhewe, dene yen marang pembantu aja banjur disia-­sia, sanajan dheweke butuh pagaweyan lan ngalap u­pah, kok bayar pira butuhe/panjaluke pembantu mau. Menyang pembantu aja sawenang-wenang, sebab pemban­tu ngrewangi bot-karepotane/ngentheng-enthengi sing didhereki, aja dumeh bisa mbayar golek ganti liyane rak akeh. Disawang ing umum rak wagu, sapasar/saminggu ganti pembantu.
Kuwajiban angka 5 (lima).
Tresna-asih ing sapadha-padha.
Manungsa urip ana ing alam donya, iya kabeh titah kabeh kang pinaringan urip, iya manungsa, kewan, lan wujud apa bae, Titah kabeh mau kang sinebut luhur dhewe iku manungsa, bumi kang gumelar/dharatan, segara, gunung-2, awang-2, tanem tuwuh, kewan ing dharatan lan ing sagara kena kapigunakake de­ning manugsa. Tresna-asih marang sapadha-padha ora kok kabeh titah sing urip ditresnani, kudu nganggo petung, endi sing ngrugekake utawa endi sing mbeba­yani (dadi mungsuh ngancam pati), ngganggu katen­treman, milara lan Iiya-liyane. Umume uwong urip bebrayan, ana sing manggon ing de­sa-desa, kampung-kampung, kutha-kutha, ana ing desa rasa/jiwa sosiale isih gedhe, dadi gotong-royonge isih bisa mlaku/ana, nanging ing kutha-2 gandheng jiwane wis mambu jiwa upahan, jiwa sosiale wis meh hilang/ora ana. Uwong kang lagi pinaringan sugih donyane/bandhane, gedhe pangkate/drajat, urip ana ing masyarakat kudu aja dumeh sugih, duwe panguwasa, banjur nyepelekake marang uwong sing mlarat, ora duwe pangkat, kudu sing akrab aja bedak-bedakake siji lan sijine. Awit uwong sing nduweni pangkat ing tembene pensiun kuwi arep bali menyang ngendi, rak iya amor/kumpul uwong ing masyarakat sing dienggoni. Kabeh uwong urip ora bisa urip dhewe, kudu lung-tinulung, gotong-royong. Aja mbedak-bedakake golongan, faham/kapercayan/keyakinan. Bisaa urip ana ing be­brayan/ing masyarakat agung manunggal dadi siji. Pancen ana unen-unen “ora gampang uwong urip neng ngalam donya”, iki yen sakeplasan tembung kuwi ora wigati/penting, padha mung disepelekake, coba yen dijereng, amrih urip bisa tentrem sakeluarga, satangga-teparo, munggahe sa-Kalurahan, munggah-mung­gah sa-Negara, kuwi angel, saya yen mikirake samang­sa tumekaning pati aja nganti mati kesasar, bisaa mati sing bener, iki luwih angel maneh.
Kuwajiban angka 6 (enem)
6.Sregep nyambut gawe lan netepi janji/kuwajiban.
a. Kita kudu nyonto Rama Panutan, anggone paring conto ngenani apa bae, kayata: tapa-bratane, wani ing bener, keakrabane, katresnane, disiplin, sregep nyambut gawe, iya pegaweyan tugas Pamarintah lan pegaweyan kapribaden ngenani pertanian. Sregep nyambut gawe ndayani undhaking pametu, bisa kanggo nyukupi kabutuhane. Kanggo syarating urip sing pokok ana 5 (lima) war­na, iya iku: 1. Mangan, 2.nyandhang,3. papan, 4.bojo, 5.pegaweyan kang gumathok. Isih ana liyane iya iku: ngenani hiburan, pendhidhikan, kesehatan. Kesehatan ora mung ngenani kesarasaning badan bae nganti tumeka sehat rochanine. Dadi jasmani lan rochni kudu sehat. Kecukupan kabutuhane, mahanani katentreman uripe, ora nukulake tumindak kang nasar, utawa nra­jang larangan Angger-angger 11 (sawelas) angka 3 (telu) iya iku habudi nakal lan nistha. Uwong kang kesed, seneng mung nganggur, dolan, turu, suda pametune, temahan nduweni tumindak kang nyebal saka garising kautaman, mung arep enak-kepenak nuruti hardaning hawa nafsu. Yen uwong urip mung nuruti amrih marem/puas ora ­ana watese, tansah isih kurang bae. Mula kudu diwa­tesi, narima ing pandum. Nasibing uwong siji lani sijine ora padha, mula ora kena meri ing liyan. Urip ora kena mangsa bodhoha, kudu usaha/gemre­gah. Anane Drajat, Semat lan Rohmat kuwi kabeh pinaringan Wahyu saka Rama Pran-Soeh.
b. Rama Panutan ngandika mangkene:” Yen ngrembug/buru donya kaya rumangsa kaya ora arep bakal mati, nanging yen arep mapan turu kaya ora bakal me­nangi esuke, ateges kudu bisa golong-gilig ngla­lekake kadonyan, meleng madhep mantep lan suma­rah dhedhepe anggrantes ing ngarsane Rama Pran­-Soeh bisane enggal katam anggone ngudi ngelmu 3 prangkat. Dene kang uwis padha katam, ngudi bisane oleh dhawuh cetha apa sing dibutuhake. Kabeh pegaweyan kasar alus padha bae, manut bakate dhewe-dhewe. Sregeping nyambut gawe kudu nganggo wates, aja kongsi ngrusak raga/angganggu kasarasa­ne awak, luwih-luwih nganti nglalekake turu, nganti byar-byaran (sawengi wutuh ora turu) kuwi nglaleka­ke butuhing suksmane, ora nyadhong dhawuh marang Rama Pran-Soeh. Ateges lali ora manembah marang sing gawe urip. Wektu kudu dibage, sing bageyan akeh kang­go suksmane dene sing sethithik kanggo kapentingane Raga/Nyawa.
c. Kita kuwajiban netepi janji, iya iku kasaguhan/ke­sanggeman kita marang sapa bae, kalebu uga marang Rama Pran-Soeh lan marang dhiri pribadi, kang si­nebut "SUMPAH" utawa "PRASETYA", bisa binathin, bisa kalahirake, bisa tanpa seksi, bisa kanthi seksi a­mrih antep lan kuwate. Janji marang uwong liya wa­jib kalahirake lan kaseksen apese karo sing nampa janji. Netepi janji dadi ukuran yen tumindake jujur lan temen, kena pinracaya. Netepi janji kanggo dhasar kang perlu banget, kang­go anggayuh katertiban lan katentremaning bebrayan urip, luwih-luwih kanggo kaslametane pasrawungan, jer antarane siji lan sijine ora ana kang kagol-­kinagolake. Janji iku kudu saka prentuling ati lan tekad kang suci, tumindak rila-eklas, ngepasi/netepi apa kesa­guhane kang kalahirake apa dene kabatin pisan. Samangsa ana bab-bab kang kapeksa ora bisa netepi janji /mleset ora pas/nyulayani, kudu pratela/aweh weruh kanthi alasan-alasan kang maton. Janji kang karana pineksa ing liyan, ora perlu nu­honi kandhasing batin. Samangsa dudu bab kang wi­gati temenan, aja anggegampang nemtokake janji kang sineksen dening liyan, luwih-luwih uwong akeh. Aja nemtokake janji marang sapa bae, yen ora bisa netepi.
Kuwajiban angka 7 (pitu).
7. Habudi luhur, ngadil lan welasan.
a. Kuwajiban angka 7 iku sipat-sipat kagungane Rama Pran-Soeh kang wus dadi gegebengane lan disalirani dening Rama Panutan, sarta kita kudu nulat/ niru (ngenut/nyonto) sanajan ora bisa ngepasi saora-­orane mirib.
Habudi luhur iku budi kang pinunjul/utama, ngluwihi mungguhing samu barang bab kabecikan lan kautaman, mengku sipat-sipat liyane kang pinuji, kayata: jujur, temen, mrawira, berbudi, prasaja, lembah-manah, kalebu uga adil lan welasan.
Uwong kang habudi luhur tansah ngangkah amrih bisa ngayomi lan mitulungi marang liyan, ora mentingake/nengenake dhiri pribadi, tembunge liya ora egoisme. Sanajan mangkono ora nglirwakake marang tanggunga­ne. Sirik yen nganti dadi gawening liyan. Yen tetulung ora ngemu pamrih, yen nampa pitulungan/ka­becikan/jasa baik saka liyan kudu tansah dieling-­eling lan mbudidaya amrih bisa males kabecikan kang luwih tinimbang kang tinampa.
Uwong kang habudi luhur iku emoh yen tumindak nis­tha, sahen, imbas-imbis. kudu sing mrawira lan ber (ora cethil), prasaja, ora mengku pamrih, lembah-­manah amrih diluluti ing uwong akeh, kendel awit duwe tujuan ngayomi lan mbelani.
b. Ngadil iku tumindak adil, iya iku tumindak kang ora pilih-kasih, ora baukapine, ora emban-cindhe emban-siladan, cara trajune ora gecol/abot sisih, kudu pas padha. Kita wajib adil ing bab apa bae, upamane: adil ing bab pameranging lahir lan ba­tin, adil marang pangrembuging anak lan brayat kang dadi tanggungane, adil ing pembagening amal waris, adil samangsa duwe putusan, endi sing lu­put iya kaluputake, endi sing bener ditetepake bener, lan adil bab liya-liyane.
Bisane tumindak adil lan nglenggahi keadilan, manawa mangerti kanthi bontos/terwaca bab apa sing arep diputusake, gandhenge lan anane Angger­-angger pranatan lan wewaton, apa dene bisa misaha­ke kabutuhane dhiri-ptibadi/golongan/sadulur. Adil ngenani pembagening barang, ora ateges pa­dha akehe, nanging bisa mikolehi lan maremake sakabehe. Dene adil prakara pidana, manawa ukuman kang tinampa kanyata timbang/bandhing (padha) karo kaluputane kang katindakake. Tumindak adil iku upama uwong dol-tinuku, tuku arep, adol gelem, padha gelem angenggoni, tegese ditampa sapa bae bisa sreg marang ati, ora nggarenjel. Pa­nindak adil ana ing bebrayan mahani ketertiban/ katentreman, jalaran ngadohake kemeren, nyaketa­ke panarima.
c. Welasan iku tegese ora tegelan, upama meruhi ka­sangsaraning liyan. Uwong kang welasan tansah eklas aweh pitulungan marang uwong sapa bae, lu­wih-luwih yen pancen pasrah marang dheweke. Welasan tegese gedhe sosiale, seneng tetulung rupa bandha, tenaga lan pikiran. Welasan iya sing waspada kudu ngelingi:
1. Aja kongsi mitulungi marang sapa bae kang bakal agawe kasangsaran.
2. Aja kongsi pitulungan/piwales kita agawe rugi­ning kang nampa pitulungan/piwales mau.
3. Pitulungan/piwales katindakake kanthi rila e­klas lahir batine, sepi ing pamrih.
Larangan angka 1 (siji).
1. Habandrek zina.
a. Manungsa titah kang luhur, yen dibandhing karo u­riping kewan. Mula manungsa kudu tumindak manut dha­wuhe Rama Pran-Soeh, netepi Angger-angger 11 (sawelas) 7 (pitung) prangkat kuwajiban lan 4 (patang) prangkat kang ngenani larangan.
Larangan angka 1(siji) Habandrek zina, kuwi tegese: tumindak sedheng/nyleweng, ngenam"Akaron-sih" ka­ro sapa bae kang dudu wajibe/bojo, kang durung ka­absahake dadi bojone kanthi ijab cara Agama/B.S. Sanajan isih padha legan, luwih-luwih yen wis duwe bojo, kabeh-kabehe linarang, kalebu uga anglarang tumindak pelacuran/tuna susila/laku bedhang, nggundhik, gegemblakan.
Habandrek-zina linarang lan pinacuh sebab:
a) Dolanan lan aniksa rohe,kajaba karo bojo sing syah sarana ijab suci.
b) Angrusak kesarasane badane dalah anak turune.
c) Agawe ora tentreming bebrayan, luwih-luwih bojo lan keluarga. Kerep kadadeyan ana raja pati/tatu, bisa uga dadi prakara tumeka ing pengadilan.
b. Habandrek zina mungguhing kalahiran yen nganti bi­sa dadi prakara sarana bukti lan seksi, uga penga­kuan, hukume entheng. Nanging hukuman batin (suksmane) samangsa tumeka ing pati diparingi pasiksan langgeng. Temenan iki ora ateges memedeni, bisa buk­tekake sarana nyuwun marang Rama Pran-Soeh, mengko rak padha pinaringan mangerti/nyatane, sebab panu­wunan mau mung tumuju ing alam ngisor/alam kubur, papane suksmane Para manungsa kang padha kasasar/ kandheg. Samangsa uwis mangerteni uwong kang tumindak zina, mesthi tansah eling marang Rama Pran-Soeh, ora bakal nrajang larangan angka 1(siji). Godha kang abot dhewe wiwit ana ing donya tumekane ing alam kubur, yen lanang kagodha wadon, yen wadon kagodha lanang. Mula kudu tansah eling temenan, bi­sa ngampah/ngendhaleni/nyirik tumindak kang nuruti Hawa Nafsune/Setane. Dene nom-noman kang wus diwasa yen pancen wis ora tahan/kuwat urip legan/lam­ban, luwih becik tumuli urip bebrayan/bebojoan. Ana uwong kang keset nyambut gawe, golek rejeki sarana tumindak dadi pelacuran, ora gelem nyambut gawe apa sing dibisani/manut bakate.
Larangan angka 2(loro).
2. Habojo luwih saka siji.
Kita linarang habojo luwih saka siji, ateges kita ora kena wayuh, iya wayuh wadon (poligami) iya wa­yuh lanang (poliandri), kudu mung siji padha siji kang umume sinebut monogami. Sing selagine manuk dara kuwi kewan, ora gelem bo­joan karo dara liyane kajaba mung karo sisihane. Yen ngelingi manungsa kuwi titah sing luhur dhe­we sadhuwuring kewan, jebul sok tumindake sa­gelem-geleme padha karo kewan. Nanging yen kewan bebek, lanang siji wedoke bisa pirang-pirang lan ora bisa angrem, yen ngendhog saenggon-enggon pa­ting bececer, lan ora gelem ngengremi endhoge, kuwi iya wis kinodrat mangkono. Manawa salah sijine wayuh, ateges katresnane ora wu­tuh, jer tresnane binage loro terkadhang ana sing telu, papat barang. Habojo luwih saka siji ateges wayuh, ora bisa tu­mindak sing adil, embuh kadayan saka rupa, donya brana, bab anggone anak-anak, samangsa sijine ora duwe anak, sarta pengaruh-pengaruh kaanan liyane. Bab ora adil iki ora mung kandheg bojo bae, bisa tumeka anak-anake pisan, samono mau yen bojone lo­ro pisan duwe anak. Uwong wadon kang diwayuh, lahire katara rukun karo marune, nanging batine tanggung ora seneng/panas atine, iki yen sacara blak-blakan ora goroh katerangane uwong sing diwayuh. Rama Pran-Soeh nitahake uwong lanang lan wadon, ki­nodratake lanang oleh wadon, wadon oleh lanang (sa­jodho-sajodho). Uwong sing anggotane badan cacad bae, upama: sikile mung siji, wuta mripate, lempoh (ora bisa mlaku) lan liya-liyane cacad, meksa ana kang tresna, nganti bisa bebojoan tumeka duwe a­nak pisan.
Larangan angka 3 (telu).


3. Habudi nakal lan nistha.
Manungsa ing sadonya kuwi nduweni osik ala lan be­cik, osik ala saka Nyawane/Setane, osik becik saka suksma suci (osik saka Rama Pran-Soeh). Uwong kang, habudi nakal lan nistha iki nuruti hardaning kanepson. Pancen Nyawa/setan kuwi mung gawe­ne tansah anggodha manungsa, amrih aja nganti netepi dhawuhe Rama Pran-Soeh kang tumindak bener, becik, pokok pakarti sing dadi karsane Rama Pran-Soeh, ora nrajang Anggr-angger 11 (sawelas) bagean B la­rangan. Ing samangsa manungsa katut/kapikut de­ning Nyawane, ing tembe samangsa tumeka ing pati dadi reh-rehane/jajahane si Nyawa kuwi, ana ing wewengkone Sang Priya/Putri ateges kandheg/ka­sasar. Tumindake uwong kang habudi nakal lan nistha tan­sah gawe pitunane/Kasusahane uwong liya. Tumindak habudi nakal, iya iku tumindak kang na­lisir saka bebener, kayata:
1. Drengki, seneng mitenah, gawe piala, amrih kasangsaraning liyan.
2. Srei utawa cengkre, seneng nenukari, gawe la­raning liyan.
3. Panasten, gampang panas atine, samangsa dicacad, dipaido, dipadhani, diungguli ing bab apa bae, yen tanggane/uwong liya oleh kabegjan, adhakane ke­rep mitenah thukul drengkine.
4. Jail, drengki kang kasebabake saka kabodhohan, padatane sok mbeguguk, nggugoni watak kang nasar, awit ora ngerti ing bebener.
5. Silip, tumindak kang ora samesthine, kanthi laku dhedhemitan, ora ngeblak, nyahak hak wewenanging liyan.
Siliping laku/tumindak antarane lanang lan wadon iya iku habandrek-zina iya asring sinebut sedheng.
Goroh lamis, cidra, iku kabeh tumindak ora ju­jur, seneng apus krama. Pakarti iki mau kabeh sa­ka budi kang nakal. Tumindak nakal ora mung suksmane bae kang nampa paukuman, ana ing kelahiran/bebrayan ing masya­rakat (donya) bisa oleh pidana/paukuman manut tumindak sing nasar mau.
Budi nistha iya iku bebuden kang asor, tumindak madya bae ora, mula adoh saka garising kautaman. Uwong kang nistha, mung tansah njagakake pitu­lungane liyan, ora mangerti marang kabecikan, ora duwe rasa tanggung-jawab, wedi ing ngarep, wani ing buri (grundelan ing sapungkure). Uwong kang nistha bebudene, lahir batin kaukum ana ing donyane ora kajen, dadi pepoyokan lan pange­wan-ewaning uwong akeh, batin (suksmane) ora bisa ndherek Guru Panutane, ngundhuh uwohing pakarti kang nistha, tumekaning pati bisa kesasar/kan­dheg dadi jajahane si Nyawa/Setan.
Larangan angka 4 (papat).
4. Kabeh pakarti kang cengkah lan kuwajiban 7 (pi­tung) prangkat.
Kabeh kadang golongan kang wus ngrungkebi keyakina­ne ndherek dadi siswane Rama Panutan, kudu netepi Angger-angger 11(sawelas) netepi kuwajiban 7(pi­tung) prangkat lan nyingkiri larangan kang kasebut bagean B. larangan 4 prangkat. Larangan kang cengkah lan kuwajiban 7 (pitung) prangkat iya iku pakarti kang nyulayani/ora cocog kang kinarepake kuwajiban 7 (pitung) prang­kat iku. Kita wajib setya-tuhu ing Rama Pran-Soeh lan Utusane, ateges kita linarang ora kena mbandhel/mbadal, mbangkang, nyepelekake, apa maneh nyulayani dha­wuhe/ karsane Rama Pran-Soeh lan Utusane, ora kena mangro tingal nduweni sesembahan saliyane Rama Pran-Soeh ateges uwong kang wis nyulayani/gempal kapercayane ora wutuh sawiji. Kita wajib setya-tuhu ing Pamarintah kita lan marang para wakile, kita linarang mbadal/mbangkang apa maneh nglawan marang Pamarintah kita lan marang wakil-wakile. Linarang setya-tuhu marang Pa­marintah liya/manca, luwih-luwih lagi mbrontak/nglawan sumedya ngambrukake Pamarintah kita. Kita kuwajiban tresna-asih ing bapa biyung sumaram­bah marang para ngatuwane, tresna-asih ing anak-­bojo sumarambah brayat kang dadi tanggungane, tres­na-asih marang sapadha-padha, ateges kita linarang aja kongsi ora tresna-asih, iya iku gething, sengit, wani, ora ngeman, ora welas, hanegakake/nglirwakake marang kang katemtokake ing kuwajiban mau. Kita wajib sregep nyambut gawe lan netepi janji, ateges kita linarang keset, sungkan, mlincur, wedi ing gawe, goroh, nyulayani utawa cidra ing janji. Kita wajib habudi luhur, ngadil lan welasan, ateges kita linarang ora ngadil lan ora welasan (andum cangak lan tegelan/wentalan pilih-asih) emban-cin­dhe emban-siladan. Dadi larangan kang angka 4 (papat) ateges nguwata­ke marang kabeh kuwajiban kita 7 (pitung) prangkat kasebut dhuwur.


***A***
T AMBAHAN
P U J I L A N G G E N G


Niyat tingsun muji langgeng, suksma mulya kumpula badan kawula, mugi antuk rohmating Tuhan, ingayoman UtusanNya, Rama Pran-Soeh mung Paduka kang sun sem­bah, Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo Panutan ham­ba, nyuwun apuraning Bapa, tuwin aksamaning Biyung, Rama hamba nyuwun sandhang, Ibu hamba nyuwun tedha, Rama Ibu pinurba hing Yang Suksmana, Yang Suksmana ngijabahi mring kawula.





















***A***
Perangan 25 (kaselawe).
S E M B A H Y A N G A N


Pangruwat
Dhuh Rama Pran-Soeh, kawula nyuwun rineksa saking pang­godhaning Nyawa, satru kawula.

Sembahyangan
1. Kawula nuwun Rama pran-Soeh, kawula nekseni lan nga­keni saha pitados lan boten badhe angukiri, bilih a­mung Paduka Rama Pran-Soeh ingkang ngawontenaken, mur­wani lan mekasi punapa dene nguwaosi ingkang gumelar ing Jagad wadhag tuwin ing jagad alus sadaya punika.
2. Inggih amung Paduka Rama Pran-Soeh, ingkang manunggal, wonten ing Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo, saha jumeneng Bibiting gesangipun para makluk lan sadaya lir, ingkang kasat tingal lan boten kasat tingal, ing­kang karaos lan boten karaos ing indriyaning lahir tuwin ing indriyaning batosipun para manungsa.
3. Rama Pran-Soeh, kawula nekseni lan ngakeni, bilih sadaya sipat wadhag punika, saestu sami boten badhe langgeng wontenipun sarta badhe risak, lebur luluh wangsul dhateng jagad wadhag donya punika. Kanyata kados kawekasanipun barang-barang sami ri­sak, tiyang-tiyang sami dene pejah.
4. Rama Pran-Soeh, kawula nekseni lan ngakeni bilih sa­daya badan alus ingkang sampun pisah lan badan wa­dhag punika, taksih maujud gesang alus, ingkang mo­bah-molah, nampi purba-wisesanipun Rama Pran-Soeh wonten ing alam alus.
5. Rama Pran-Soeh, kawula nekseni lan ngakeni, bilih kawontenanipun gesang alus wonten ing alam alus pu­nika, nyataning pangadilanipun Paduka Rama Pran-Soeh miturut woh makartinipun gesang wadhag wonten ing jagad wadhag; contonipun kados kawontenaning gesang alus kawula, nalika nyumerepi purwa madya wusananipun para manungsa ingkang gesangi­pun sami boten saged utawi sami saged nilaraken hawa nafsunipun.
6. Rama Pran-Soeh, kawula tansah ngrumaosi, bilih ma­karti kawula ing sadinten-dinten punika, amung sa­dremi nindakaken purbaning kaosikan leres sarta lepat, ingkang tansah rebat biada, satemah asring ada­mel samaring panampi kawula, mahanani leres lepating makarti kawula.
7. Rama Pran-Soeh, kawula nyuwun sih pepadhang Paduka, ingkang saged narbuka pangertosan kawula, nyumerepi bedaning leres sarta lepat, supados adamel patitising makarti kawula.
8. Rama Pran-Soeh, kawula nyuwun sinucekaken suksma ka­wula, supados tinampi ngadhep Rama Resi Pran-Soeh Utusan Paduka, punapa dene tansah pinaringan e­nget saha ngestokaken sadaya dhawuh Paduka.
9. Rama Pran-Soeh, gesang kawula asal saking Rama Pran-Soeh, pramila wangsuling gesang kawula, nyu­wun sampurna, manunggal lan Rama Pran-Soeh pur­waning dumados kawula, saking kapareng Paduka.

Panuwunan
Dhuh Rama Pran-Soeh, kawula nyuwun (apa sing dibu­tuhake) upama: Dhuh Rama Pran-Soeh kawula nyuwun pinanggih Juru Wilujeng lan liya-liyane.

Panebut
Rama Pran-Soeh sesembahan kawula ... ping 10 ram­bahan.
Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo Panutan kawula ... ping 1 rambahan.


K a t e r a n g a n
Pangruwat, kajaba kaucapake kawitane/miwiti arep sembahyangan bisa digunakake samangsa tumindak apa bae, upamane: arep nyambutgawe, arep lungan, dandan omah, arep menek wit-witan, negor wit sing dianggep angker, ngambah papan sing wingit.

Panebut, sathithike diucapake rambah kaping 33 (telung puluh telu), yen diturokake durung bisa turu, bisa panebut rambah kaping 110 (satus sepuluh), utawa luwih prayoga bae.
Dadi:
Rama Pran-Soeh sesembahan kawula ... ping 10 ram­bahan.
Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo Panutan kawula ... ping 1 rambahan.
Diucapke kaping 3 (telung) rambahan utawa kaping 10 (sepuluh) rambahan, utawa luwih.

Mangkono uga sembahyangan, manut sing dibutuhake:
Pinuju arep pirembugan/musyawarah, kudu mangsuli kang wigati lan muta-watiri, pinuju peteng atine, mesthi bae kang kaucapake kalarasake karo kaperluane, upamane:
1. Arep ujian/testing lan bab kang ru­mit-rumit/angel, ngucapake sembahyangan NO.7.
2. Dene yen nuntuni uwong sing arep ajal/mati, sembahyangan N0.9 utawa Panebut.
3. Panuwunan kang gandheng lan sembahyangan ruwat sa­wise rampung ngucapake sembahyangan No. 9 nuli ngambali sembahyangan NO-7, NC.8, lan N0.9 saram­bahan kanthi katujokake lan ngucapake suksmane kang diruwat, upama kang diruwat aran:"Naya” ucapane mang­kene:
- No. 7 Rama Pran-Soeh, kawula nyuwun suksmanipun Naya kaparingana sih pepadhang Paduka, ingkang narbuka ing pangertosanipun, saged nyumerepi bedaning leres sarta lepat supados adamel patitising makartininipun.
- No. 8 Rama Pran-Soeh, kawula nyuwun suksmanipun “Naya” sinucekna, supados tinampi ngadhep Rama Resi Pran­-Soeh Utusan Paduka, punapa dene tansah pinaringan enget saha ngestokaken sadaya dhawuh Paduka.
- NO.9. Rama Pran-Soeh, gesangipun Naya asal saking Rama Pran-Soeh, pramila wangsuling gesangipun, nyu­wun sampurna manunggal lan Rama Pran-Soeh, purwa­ning dumadosipun, saking kapareng Paduka.
- Panebut kanggo sembahyangan ruwat kaucapake ka­ping 110 (satus sepuluh) rambahan.
- Carane ngucapake panebut, sirah andhungkluk, ngu­capake aselang-seling, saben ngucapake Rama Pran­Soeh Sesembahan Kawula 10 (sapuluh) rambahan, diselingi ngucap Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo Panutan kawulo (sarambahan).
- Ing wektu ngucapake/nyebut Rama Pran-Soeh utawa Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo, wawasan./sing diingeti tumuju dhadha kiwa, ing wektu ngucapake/nyebut Sesembahan utawa Panutan wawasan/sing diingeti tumuju telenging/kecering ati, dene ing wektu ngucapake /nyebut kawula wawasan/sing diingeti dhadha sisih tengen.
- Sembahyangan mung sarana kabatin iya iku samangsa turu karo uwong akeh (bebarengan) nenunggang kendharaan ing wektu lelungan adoh/cedhak, mlaku wek­tu lungan/nyepedha, nyambut gawe lan liya-liyane.


















***A***
Perangan 26 (kaenemlikur)
TATA-TERTIB ASTANA-WAJA BALE SUCI AGUNG GEDHONG PRAN-SOEH TLAGA MAHARDA

1. Wus kacetha kasebut ana ing sejarahe Panjenengane suwargi Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo iya iku nalika isih sugenge, wus yasa/nggawe calon pasareyan/Kuburan/Papan kanggo metak utawa kanggo sumarene samangsa Rama Panutan lan Ibu Panutan seda. Lan papan kanggo sembahyang/manembah, papan kanggo mertapa/pertapan, papan kanggo syarat tumrap sapa bae kang mbutuhake/nggayuh kanugrahan kayata: dra­jad, semad, rochmad lan sapanunggalane. Ing wektu saiki kita kabeh para kadang golongan kang setya-tuhu marang Rama Pran-Soeh lan marang Utusane, kang wus padha nekseni lan ngakoni ora bakal angukiri, mungguh salirane/Pribadine Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo Jumeneng Utusane Rama Pran-Soeh. Papan kang sinebut ing dhuwur, wektu saiki tumeka ing saterus-teruse, dadi Pusaka kang ampuh, kanggo ngudi katentreman lahir lan batin. Papan kang kang­go nyarekake/metak layone Panutan lan Ibu Panutan sinebut Astana-Waja. Kang sinebut Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh Tlaga Maharda, iya iku Gedhong sangareping Astana-Waja, papan kanggo manembah/sembah-yang, dadi papan kang mligi kanggo manembahing Para suci, manembah marang Rama Pran-Soeh. Papan/lemah kang dadi dununge Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh iku jenenge Tlaga-Maharda keno disebutake pakarangan Cepuri Astana-Waja lan Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh.
2. Astana-Waja, Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh lan Tlaga-Maharda iku jeneng saka alam batin kang ka­tetepake lan kadhawuhake dening Panutan, bisaa dadi jeneng kang tetep ing salawas-lawase, ora kapareng kaganti. Ing sabanjure Astana-Waja lan Bale Suci Agung Ge­dhong Pran-Soeh, sasedane Panjenengane Rama Panutan, sing nanggung jawab putrane Rama Panutan kang asma RPS.R.Wenang Atmadipraja S.H. kang dedalem ana Ge­dhong Cibuk Cangkiran Jagalan Munthilan. Sapa bae kang arep ziarah ing Bale Suci Agung Ge­dhong Pran-Soeh kudu sowan RPS.R.Wenang Atmadipraja S.H. luwih dhisik, matur apa perlune. Ana ing dalem kono sapa bae kang nedya sowan ziarah, dicathet ana ing buku gedhe, iya iku: jenenge, umure, nyambut gawe apa alamat omahe, sawise kacathet, kaparingan kartu kanggo sowan ziarah ing Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh, ing sabanjure kartu mau dipasrahake/di­wenehake kang kapatah nunggu (juru kunci). Kang ka­patah nunggu iya iku: R.Suramujana lan Bp.Harjautama. Ana ing kono mesti bae manut tatanan/ta­ta-tertib kanggo sowan/mlebu ing Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh iya iku marang sing pinatah nunggu (juru kunci) mau. Panjenengane RPS.R.Wenang Atmadipraja S.H. nalika isih sugenge Ramane, iya Panjenengane Rama Panutan, akeh para siswane/kadang golongan kang nampa sabda pangandikane Panjenengane Rama Panutan mangkene:"Besuk sing arep nerusake lelakonku anakku Wenang. Sapa sing sengit marang anakku, padha bae sengit ka­ro aku".
3. Ngelingi anane sabda pangandika iku, kita kabeh mung nuhoni/setya-tuhu netepi/mituhu apa bae kang kinar­sakake Panjenengane R.P.S.R.Wenang Atmadipraja S.H. kari nyadhong dhawuh apa kang didhawuhake/ pangandi­kane, gandhenge sabda pangandikane Rama Panutan. Kita kabeh rumangsa begja lan matur nuwun banget marang panjenengane R.P.S. R. Wenang Admadipraja, SH. Sakaliyan (Ibu Wenang) kang wus marengake ziarah me­nyang ing Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh lan As­tana-Waja. Panjenengane sakaliyan ngepasi kaya ja­mane suwargi Rama Panutan lan Ibu Panutan nalika isih sugeng. Yen ana kadang golongan kang sowan, mesthi kaparingan unjukan lan mangan, lan oleh tang­gapan apik (grapyak) paring rerigen lan syarat-2 apa bae, amrih padha pinaringan kuwat, waras lan slamet. Ing sateruse bisaa tansah eling marang bahane iya iku Rama Pran-Soeh lan Utusane.
4. Ngelingi tilarane suwargi Rama Panutan iya iku Layang Wasiyat, ing antarane ana sing kasebutake mangkene:"Pasareyane Bapa lan si Biyung, iya di­kober-koberake ora ketang mung setahun sapisan. Rama Panutan yen dhawuh ngenani pribadine mesthi ora kersa ngeblak, mung sindhiran utawa pasemon, mula kita kabeh para putra-wayah/siswane kudu tanggap. Sanajan repota dikaya ngapa, adohe pisan kudu padha diperlokake ziarah menyang Pesareyane Rama Panutan, ora ketang setahun sapisan, sukur saben dina-dina kang wis ditemtokake Panjenengane RPS.R.Wenang Atmadipraja S.H. iya iku dina-dina gedhe, dhawuh kang kaserat dening suwargi Rama Panutan kaserat ing lembaran kertas Tanggal 27-12-1955. Ngenani ziarah sing kudu diperlokake iya iku ziarah menyang Astana-Waja Jagalan Munthilan, Pasareyane Ra­ma Panutan lan Ibu Panutan. Dane ziarah menyang embah lanang/wadon, bapa lan biyung uga para ngatuwane, kuwi iya diperlokake. Kita kabeh para kadang golongan ing wektu saiki lan ing saterus-teruse nampa warisan/tinggalan papan kang bersejarah/Pusaka kang luwih aji banget, yen tembunge liya Monemen, patilasan kang kudu dieling-eling lan diluhurake aja nganti kendran/ora digatekake. Pusaka tinggalan Monemen mau yaiku: Astana-Waja, Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh, Sumur Jala-Tundha, papan kanggo pertapane uwong wadon iya iku Cibuk‑Cangkiran, kanggo pertapane uwong lanang ana ing bangunan Gedhong sakidule Sumur Jala-Tundha, Sasana Sewaka (papan kanggo ngangso/leren).
Mungguh tegese Astana-Waja amrih cethane mangkene:
a. .Astana iku Kraton, Waja iku pelikan wujud wesi kang atos lan kuwat, dadi kang kinarsakake Astana­ Waja iya iku Kraton kang kuwat/santosa, ora gampang rusak tegese awet.
Tegese Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh:
Bale Suci tegese Dalem Suci, Agung tegese Gedhe, da­di wutuhe Padaleman Suci kang Gedhe, iki dadi Babu lan Pusate kabeh Bale Suci ing tembe burine, papan-­papan ing ngendi kang sumebar akeh para kadang golongan padha kepengin duwe papan kanggo sembahyang/manembah bisa gawe Bale Suci, aja dijenengake padha karo Ba­le Suci ing Jagalan Munthilan cukup Bale Suci bae. Agung sing ateges gedhe, iki dudu gedhening wujud bangunane, nanging dadi Pusat/Babuning papan manembah marang Rama Pran-Soeh, lan ing kono papan kanggo bener lan kesasaring suksmane uwong kang wus ajal/mati.
Tlaga-Maharda iya iku Cepuri/pekarangan kaya kang kapratelakake ing dhuwur mau, sadurunge diedegi bangunan arupa Astana-Waja lan Bale Suci Agung Ge­dhong Pran-Soeh iku isih wujud sawah lan blum­bangan, ana ing alam batin blumbangan mau di­sipati wujud blumbang kang jembar banget tanpa tepi kaya dene sagara. Wondene tembung Maharda iku saka tembung gerban iya iku Maha lan Harda tegese: Maha iku luwih/ora-ana bandhinge. Harda iku Nafsu/kanepson. Maharda bisa ditegesi Nafsu kang linuwih/gedhe ateges Babuning Hawa Nafsu. Yen nyipati/weruh ana ing alam-alus/batin, suks­ma kang mapan ana ing Tlaga Maharda iya iku suksma kang kasasar/kandheg dadi memangsane/jajahane Sang Priya/Putri (Babuning Nyawa).
b. Astana-Waja lan Bale Suci Agung Gedhong Pran-­Soeh Tlaga Maharda iku ora bisa dipisah-pisahake, jer kabeh-kabeh padha pentinge.
c. Astana Waja ora saben uwong/kadang golongan bisa mlebu, kang kaparengake mlebu iya iku para ka­dang golongan kang wus katam ngelmu telung prang­kat lan sing oleh pepadhang, lan tinuding dening kang tanggung-jawab, iya iku RPS.R.Wenang Atmadipraja S.H. Kabeh kadang golongan kang ziarah mung diparenga­ke ana ing Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh. Astana-Waja saben dina Gedhe kayata: dina wi­yosane Rama Panutan ing dina Rebo Paing lan di­na-dina gedhe liyane dibukak, perlu ngelap Te­nger/ngalap berkah, samono mau sing nemtokake, Panjenengane RPS.R.Wenang Atmadipraja S.H. Ing sabanjure sapa-sapa kang didhawuhi de­ning Panjenengane lumantar Juru Kunci R.Suramujana, banjur kaatur gentenan saka wakil sadu­lur kadang golongan ing dhaerah Gunungkidul pira, dhaerah Sleman pira, dhaerah Kedhu pira, mangkono carane ngelap Tenger, nanging sadurunge para ka­dang golongan kadhawuhan ngelap tenger, luwih didhisikake iya kuwi putra-wayah-Buyute Rama pa­nutan, yen wis rampung lagi para kadang golongan.
d. Ing antarane bangunan Astana-Waja lan Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh ana lowahan/belah wujud plataran kang sinebut " Asmara Data".
Tegese Asmara sengsem/kepengin, Data saka tembung "Pradata", kang ateges pangadilan. Iya iku papan kanggo maneges/nyadhong dhawuh/nyuwun pangadilan kang nganti bisa oleh dhawuh cetha. (jumbuh walaka) nyuwun putusan/karam-pungan samu barang bab. kang dadi gegayuhane.
Maneges ana ing Asmara-Data, ora kena saben uwong katam kapareng mertapa ana ing kono, kajaba sing oleh dhawuh cetha tur walaka tinimbalan supaya mer­tapa/turu ing Asmara-Data.
Sapa bae kang durung katam ora kena babar pisan mertapa/neges ing kono, bisa/diparengake mung ana ing sumur Jala-Tundha sawetane Bale Suci.
e. Para kadang golongan kang padha ziarah menyang Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh, ora kena mung mlebu manggon ing sapapan-papan, sarana diatur, iya kuwi uwong lanang yen arep sembahyangan ana sisih tengen madhep/pancer lesareyane Panutan, dene yen uwong wadon ana sisih kiwa pancer Pesareyane Ibu. Yen uwong wadon wis rampung anggone sembahyang, kena leren/nga­so ing Sasana Sewaka, nanging ora diparengake nganti nginep/turu ing kono. Wis didhawuhake dening RPS.R. Wenang Atmadipraja uwong wadon yen arep nginep ku­du ana ing daleme Panjenengane (Cibuk-Cangkiran). Para kadang golongan lanang diparengake nginep ing Sasana Sewaka ora pareng ana ing sajeroning Bale Suci. Para kadang golongan yen padha ziarah menyang Bale Suci kudu eling dhawuhe Rama Panutan nalika isih sugeng mangkene:”Yen padha menyang Bale Suci/Astana-Waja aja padha nyembah gambar utawa kijing, ora kena sesaji nganggo kembang-kembang lan ngo­bong menyan." Ngelap Tenger wis disedhiyani elap saka mori putih resik, samangsa arep kanggo ngelap Tenger luwih dhisik mori putih mau katelesan nganggo lenga wangi.
f. Samangsa arep ziarah menyang Bale Suci, kudu sing tata-trapsila iya iku: panganggone sing ganep lan prasaja, ora pareng pating cloneh, luwih-luwih rupa abang lan biru kuwi ora diparengake. Pokok tumapak ing pakarangan Bale Suci tumeka ing sakiwa tengene aja padha rame-rame, gegoyon muni sing seru lan le­koh/kasar, kudu sing lembah-manah meneng, tumuju marang kesucian. Pikiran mung mligi rumangsa arep sowan ngarsane Rama Pran-Soeh lan Utusane. Tumrap Putra Wayah lan kadang sentanane suwargi Rama Panutan, bisa ing samangsa-mangsa ziarah, jer kang sumare ing kono Ramane utawa Eyange.























***A***
Perangan 27 (Kapitulikur)PANGRUKTI PATI

1. Wus dadi kapercayan/piyandel/keyakinan kita, amarga wis padha nekseni kasunyatan batin mungguh blegreng jenggerenge wadhag kita sacara umum anane raga sing padha lan dideleng dening mripat wadhag, mung ana 1 (siji). Nanging samangsa katiti priksa sarana mripat batin (makri­fat) nganggo cara semadi turu, anane raga/wadhag kita kang isih urip ana ing alam donya iki ora mung siji, ana te­lu-teluning atunggal iya iku: Raga, Suksma, lan Nyawa. Kahanan ing donya mung ana warna loro kayata: ana bungah ana susah, ana urip ana mati lan sapanunggalane. Kanggo pol-poling/gedhe-gedhening kasusahan uwong ana ing alam donya, samangsa kasripahan/kepaten. Mula uwong urip bebrayan ana ing masyarakat, samangsa ana sripah, yen ora ana alangan sing wigati temenan, kudu padha bela-sungkawa/layat marang sapa bae ing tangga-teparone, sanak-kadang, lan liya-liyane. Perlu ngatonake tandha sih katresnan arupa tenaga, bandha lan pikiran.
2. Samangsa manungsa tumekaning pati, iya iku: pisahing suksma ­lan nyawane saka ragane, kang sinebut layon/jisim/mayit. Jisim kudu disingkirake saka masyarakate uwong urip, perlu dirukti sarampite banjur dikubur/dipetak ing pakuburan (Sasana laya). Wong kang wus mati sinebut mayit/layon, iya iku tumrap badane sakojur wutuh, wis ora ambegan terus-terusan 6 (enem) jam suwene: dene samangsa badane rusak/tugel (pisah-pisah), luwih-luwih kang tugel/rusak mau gegayutan anggota badan kang penting upamane: jantung, ula-ula, apa dene badane lebur utawa ilang sipate babar pisan, sa­nalika iku bisa sinebut mati utawa dadi layon. Tumrap mayit/layon kang wutuh (badane ora tugel/rusak) lagi sawise let 6(enem) jam saka anggone ora ambegan, kena kakubur/dipetak; dene mayit/layon kang rusak/tugel, wektu iku uga kena kakubur/kapetak; mesthi bae pangubure sawise rampit pangruktining layon tumekaning papan calon kanggo metak mau wis rampung. Kabeh kang kasebut ing dhuwur mau katetepake mayit/layon sawise ora ambegan terus-terusan sajroning 6 (enem) jam, kangpo maekani:
a. nJaga bokmanawa mung 1/2 (satengah) mati, tembunge liya schijndood/semaput, kanggo nyumenekake/nguntarakake bokmanawa pinaringan eling, bisa urip maneh. Mula ora diparengake nyoblos njupuk getihe sing pan­cer jantung, saperlu dipriksa ana bibit penyakite sing menular apa ora.
b. Kanggo ngawekani uga yen ana tumindak pakarti kang nakal lan jahil, melik tinggalane/warisane, utawa dadi mungsuh/saksi prakara lan sapanunggalane.
3. Sadurunge kita ngrukti mayit/ layon, luwih dhisik ku­du meruhi marang sing mati mau, apa lanang apa wadon, bayi, bocah kang durung umur/durung dewasa, uwong tu­wa, tuwa banget kang wus lungse umur, mayit wutuh, ru­sak/tugel-tugel, lebur, duwe lelara kang nular apa ora lan sapanunggalne. Kabeh mau njalari beda-bedaning cara pangruktine.
Dene cara-cara pangruktine mau mangkene:
a. Mayit/layon kang diwasa lan uwong tuwa kang durung lungse ing umur, yen uwong wadon sing ngrukti iya uwong wadon, kajaba ahli warise kena ngrukti. Dene yen sing mati uwong lanang karukti dening uwong lanang.
Kabeh mau kanggo njaga kasusilan, lan kang kace­tha ing dhuwur iku ngenani gepok-singgol ing wek­tu nuceni utawa dianggon-anggoni sandhangan. Kosok baline mayit/layon tumrap bayi, bocah kang durung ngumur, durung dewasa lan wis lungse umur, bisa dirukti sapa bae (lanang utawa wadon).
Yen ngrukti mayit/layon kang nduweni lelara nular kang mbebayani marang liyan, kudu nganti pangati­-ati, panjaga aja nganti katularan, kajupukake uwong kang waras, cukup siji loro bae, ora perlu disu­ceni/diedusi, kajupuk kang perlu-perlu bae.
c. Ngrukti mayit/layon kang tatu, rusak, tugel-tugel, migunakake tenaga siji loro bae, dipilihake uwong kang tegel/tatag, pangruktine dijupukake kang perlu-per­lu bae.
d. Patrap lan tumindake pangrukti kudu sarwa alon-alon, sareh lan ngati-ati, ora kena grusa-grusu, kanthi ta­ta-trapsila kang ganep.
4. Mungguh pangrukti mayit/layon kang badane wutuh lan ora duwe lelara nular, iya iku mangkene: Diedusi/disuceni, disandhangi/dibuntel, disembahyanga­ke, dipendhem/dikubur lan dipasangi Tenger.

KATERANGAN
a. Anggone nuceni kudu sing resik, nganggo banyu kang resik, disabun utawa landha lan sapanunggalane.
b. Mayit/layon sabisa-bisa kudu dianggon-anggoni sandhangan/panganggo, saora-orane dibuntel. Sandhang/panganggo kaya nalika dhek isih urip. Iya iku panganggo kang genep. Pa­nganggo kang anyar luwih utama, saora-orane sing pantes lan sing resik. Mayit/layon rerlu dianggoni sandhangan dilarasake/cocoge nyataning uwong kang ngimpi kapethuk suksmane uwong kang wus mati padha nganggo sandhangan. Dene kang kabuntel, yen mampu/duwe, buntele saka meslim (bakal kang putih). Dene kapeksane amarga ora duwe/sekeng, bisa sarana sem­bet, bagor, klasa lan sapanunggalane pokok bisa brukut. Anggone menganggoni utawa buntel, aja nganti luwih sa­ka taker, sing edi peni/kliwat ngekat, pokok sing murwat bae. Mayit/layon uwong wadon sanajan isih enom pisan lan wus tuwa ora perlu dipupuri, dibenges, dicelak, lugas lugu bae, samono uga mayit/layon uwong lanang sing biasane na­lika urip umume ora pupuran, iya ora perlu dipupuri. Dene yen ana/bisa dilebokake ing pethi. Kanggo mayit/layon kang lebur/tugel-tugel ora perlu di­sandhangi, cukup dibuntel bae.
c. Mayit/layon kudu disembahyangake bebarengan utawa ijen­-ijen. Sembahyangan katindakake sadurunge mayit/layon kaangkatake menyang ing pakuburan. Sembahyangan dadi kuwajibane bapa-biyung, anak bojone dalah ahli warise, kadang mitra karuh kang kasdu. Sembahyangan katujokake marang suksmane/rohanine/aluse sing mati/ajal mau bisane sowan ngadhep Guru Panutane.
d. Mayit/layon kakubur/kapendhem ing pakuburan. Mungguh amba lan jerone kluwat/luwangan, kaangkah aja nganti jujul utawa sesak, amba kira-kira 1 M, jerone 1,50 M, dene luwih jero prayoga, supaya ora nggonda/mambu. Paku­buran sing papane cedhak alas kang akeh kewane galak, kayata: macan, asu ajak lan liya-liyane, yen nggawe kluwat/luwangan perlu dilandhak (digawe kaya song ing dhasar ngisor) diegohake ngiwa utawa manengen, perlu­ne yen ana kewan galak ora bisa ndhudhuk/ndhudhah, digondhol dadi mangsane.
e. Mayit/layon sabisa-bisa diwenehi Tenger/Kijing, perlune samangsa ahli warise arep ziarah ora bingung anggone nggoleki, mula Tengere/Kijinge perlu diwe­nehi tulisan iya iku: jeneng, matine/ajale tanggal pira sasi apa lan tahune, sukur komplit dina,lan pasarane Pisan. Tenger/Kijing manut kaanane/kekuwatane ahli warise, saka watu putih, watu item, porselin, traso lan sapanunggalane. Tenger/Kijing bisa nyonto/nulat kaya dene Tengere Ra­ma Panutan suwargi, iya iku Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo kang sumare ing Astana Waja Munthilan. Yen nulat/niru aja banjur pas/plek, kudu mung sing lu­gas/biasa bae, ora perlu nganggo tumpang, cukup ngang­go lambaran salarap. Tumrap Kudhung Panengah sing wujud bola (bunder kepleng) ora saben uwong kena migunakake/pasang, kajaba uwong sing mati mau, sarana nyuwun/disekseni, nyata-nyata wis bener/ngadhep sowan Rama Resi Pran-Soeh, sukur wis bisa manunggal/luluh lan Rama Pran-Soeh. Mungguh Tenger/kijing kagem Panjenengane suwargi Rama Panutan amrih cethane, pilah-pilahe mangkene:
1. Ngisor dhewe jenenge "lambaran" awangun pesagi dawa, ambane 60 cm, dawane 180 cm, iki kanggo uwong tuwa lan bocah kang wus diwasa. Dene tumrap bayi lan bocah kang durung ngumur, lam­baran dawane 120 cm, ambane 40 cm. Ambaning Lambaran kaangkaha luwih amba katimbang gedhening mayit/layon, kandeling lambaran kaangkaha luwih dhuwur/munggul tinimbang jrambahe. Wangun pesagi dawa, ngemu surasa/anggambarake alam kuwadhagan iya alaming Hawa-Nafsu.
2. Sadhuwuring Lambaran sinebut "Badan" wujude sigar pen­jalin 0,50 (satengah) slinder, bisa diluwihi sathithik, kareben bisa wangun. Dawane Badan apese padha dedege si Mayit/layon luwih sathithik prayoga. Pokok amrih bisane wangun, ora wagu yen disawang, dawane Badan dikurangi apese 5 cm ngisor lan dhuwur kabandhing dawaning Lambaran, dene gedhening Badan uga dikurangi saka ambaning Lambaran, di­kurangi 5 cm kiwa tengen, iya disrapat dhewe amrih wangune. Tegese sigar penjalin 0,50 slinder (barang sing gilig diparo brebet/satengah bener) iki ngemu surasa bu­tuhing Raga/Wadhag lan butuhing Kasuksman iku kudu pa­dha, kapara abot marang Kasuksmane.
3. Perangan dhuwur kang tumancep ing badaning Tenger/Kijing ana telu cacahe, jenenge Kudhung, sing temancep ing dhu­wur, tengah lan ngisor. Kudhung ngisor lan dhuwur wujude/wangune maju telu pra­saja, sing tengah bunder kepleng (bola). Maju telu prasaja anggambarake alaming Raga, Nyawa, Suksma. Bunder kepleng anggambarake alam kasampurnan. Pamasange Kudhung kang wujud maju telu prasaja bisa te­rus kapasang/ditancepake ing badane Tenger/Kijing. Dene Kudhung kang panengah, wujud bunder kepleng, pama­sange nunggu yen suksmane Sing mati mau wis bener. Kudhung bisa kapasang bebarengan samangsa sing mati/ajal Suksmane wis terus katampa/ngadhep Rama Resi Pran-Soeh. Kudhung kang tumancep ing Badan jenenge gulu (garan).
4. Kajaba ana 3 (telung) perangan kang pokok kapratelakake ing dhuwur mau, iya iku: Lambaran, Badan, lan Kudhung, Tenger/Kijing kagem Panjenengane Rama Panutan ing sadhu­wuring lambaran jenenge Tumpang. Tenger/Kijing kagem Panjenengane, ngagem Tumpang 11 (sawelas) cacahe. Wujuding Tumpang sap-sapan ana ing anta­rane lambaran lan Badan, katata saya mandhuwur saya cilik (suda dawa lan suda ambane) wujud tlundhag-tlundhagan. Tenger/Kijing kagem Ibu Tumpange ana 9 (sangang) tlundhagan.
5. Tumrap mayit/layon kang ilang tanpa lari, upamane: uwong keli, kajegur ing sagara, kobong kongsi dadi awu lan sapanunggalane, cukup disembah-yangake. Sabanjure kanggo gan­tine Ragane/Wadhage kena kakubur/ dipendhem wujud barang darbeke kang ajal mau, upama: sandhangan, teken lan liya-­liyane kanggo pangeling-eling, luwih-luwih kanggo pita­konan anak, putu, buyut saturun-turune. Mula wigatine bisa banjur diwenehi Te-nger/Kijing.
6. Uwong kang ngandhut/meteng kang wus obah-obah, mbukteka­ke wis urip, samangsa ajal/mati sakandhutane, mayit/layon pangruktine kapetung mayit/layon siji, nanging yen sembahyangan kudu nyuwunake suks-mane kang ngan­dhut lan kang dikandhut (kapetung suksma loro).
7. Yen ana bayi lahir wis mati utawa terekan/terak nalika ana ing wetengan wus sembada awujud bayi lan wus obah-­obah urip, layone/jisime kapetung lan karukti bayi/bocah. Dene yen wetengan/kandhutan kang terak mau durung sem­bada wujud bayi lan nalika ana ing kandhutan durung obah-obah, kaanggep kaya dene barang kang ora urip, mula perlu karukti kaya dene mayit/layon, lan ora perlu disembah­yangake.

K A T E R A N G A N

a. Mayit/layon kaparengake karengga ing kekembangan lan apa bae uger laras apa dene lugas. Kena anggunakake gonda kang wangi arum, ngambar lan gonda liyane kang bisa ngendhih/ngilangake gandane mayit/layon kang ora prayoga. Ngobong dupa-ratus lan menyan ora kaparengake. Sesaji lan slametan uga ora kaparengake, sebab nyulayani kapercayan batin ateges mlenceng.
b. Kanpgo paniti priksa kang mati mau nduweni lelara kang nular apa ora, perlu kanggo njaga kasarasaning bebrayan, kaparengake disuntik utawa dijupuk getihe sarana kacoblos pancer jantung, samangsa wis genep 6 (enem) jam saka matine (ora ambegan). Kosok baline linarang (ora kaparengake) ing wektu la­gi lese/Pecate banjur dijupuk getihe sarana kacubles pancer jantunge. Larangan njupuk getih iki padha bae larangan mendhem/ngubur mayit/layon ing sadurunge 6 (enem) jam saka matine/ajale .
c. Kanggo njaga kasarasaning bebrayan, karepotan marga sekeng ekonomine (mlarat), kita ora diparengake/lina­rang nyenyuwe pangubure nganti luwih saka 24 jam. Kajaba sing seda mau uwong sing penting/wigati, conto nalika sedane Panjenengane Rama Panutan suwargi.
d. Diparengake ndhudhuk pendheman mayit/layon kanggo niti-priksa sarta dioperasi/bedhel samangsa wiga­ti banget amrih cethane samangsa ana/dadi urusan prakara kang gedhe.
e. Mangkono uga diparengake amindhah pendheman mayit/layon samangsa kabutuhake marang bebrayan/Nagara. Kajaba pasareyane Panjenengane suwargi Rama Pa­nutan tetep ora diparengake karusak lan dipindhaha­ke, tetep ajeg ing papan sapisanan ora obah lan ora kena owah saka papan ing Astana-Waja.
f. Pamasange Tenger/Kijing, kajaba kapeksa ing kaanan, kaangkaha sabakdane 11 (sawelas) dina, kasep-kasepe sadurunge 110 (satus sepuluh) dina.
g. Hangelingi layang Wasiyat tilarane Rama Panutan, kang unine : dikober-koberake tilik kuburane uwong tuwa. Kita kuwajiban niliki/ziarah menyang pakuburan iya ora mung marang uwong tuwa bae, kalebu anak, brayat kang dadi tanggungane, bojo adhi lan liya-liyane sing kapernah enom, perlu diresiki.
Ora diparengake sesaji, ndupa lan ndedonga yen dhong ziarah, kang mengku nyuwun pitulungane kang wis ajal/mati, dene yen suksmane durung bener malah kudu kuwajiban ngruwat. Manembah/panuwunan kita mung mligi marang Rama Pran-Soeh lan Utusan.
Ngruwat tegese misahake nyawane, kang isih lengket da­di siji suksmane, dadi uwong kang durung katam mesthi bae durung bisa ngruwat/tetulung misahake nyawane kang diruwat, sebab karo nyawane dhewe bae durung bisa mi­sahake/meruhi.

SEMBAHYANGAN RUWAT
1. Sembahyangan ruwat bisa katindakake bebarengan lan ana siji kang mimpin. Karana panjaluke ahli-warise, iya iku ing wektu geblage (dina ajale/matine), 11 (sawelas) dinane, 33 (telung puluh telu) dina, 110 (satus sepuluh) dina, lan 330 (telung atus telung puluh ) dina. Dadi cukup 5 (limang) rambahan.
Mungguh pengetan nganggo dina tetikelan 11 (sawelas) kong­si tumeka 330 (telung atus telung puluh) dina, iki dila­rasake nalika bayi kang kakandhut ing biyung tumekaning lahire jabang bayi.
2. Sembahyangan ruwat kang secara bebarengan mau kudu diterusi sembahyangan ijen-ijen dening para ahli waris kang wis sembada (katam) lan sapa bae kang diresaya/dijaluki tulung, perlu padha nekseni kapiye suksmane kang di­ruwat mau wis bener apa durung.
3. Yen sadurunge 11 (sawelas) dina kanyata suksmane wus bener, sembahyangan ing 11 (sawelas) dinane, panuwunan mung cukup ngunjukake atur panuwun marang Rama Pran-Soeh/muji syukur.
Ing sabakdane 11 (sawelas) dina munggah tumeka 330 (telung atus telung puluh) dina wis ora perlu sembahyangan maneh. Mangkono uga, yen suksmane wus bener sadurunge 33 (telung puluh telu) dina, 110 (satus sepuluh) dina, 330 (telung atus telung puluh) dina, sembahyangan ruwat candhake mung hasipat pengetan. Samangsa wus tumeka 330 (telung atus telung puluh) dina, suksmane durung bisa bener, sembahyangan ruwat mung diwa­tesi tumeka dina kasebut. Dene sacara ijen-ijen bisa di­terusake saben malem dina geblage/ajale.
5. Miturut dhawuhe Panjenengane Rama Panutan, sembahyangan ruwat secara ijen-ijen ing sajroning 110 (satus sepuluh) dina durung hasil, kuwi mbuktekake gedhening dosane, mula cukup kola-mangsa bae disuwun lan disekseni ing alam batin.
6. Ngruwat suksmane uwong kang luwih saka siji, katindaka­ke ing wektu kang padha uga kaparengake, iki ora saben uwong katam bisa, kajaba uwong kang wus katam wis ja­blas/sembada alam batine. Dene carane, ora perlu ngambali sembahyangan, mung cu­kup amratelakake jenenge uwong-uwong mau kang diruwat, kanthi nambahi panebut 11 (sawelas) ambalan saben tambah suksma siji.
7. Bisane kasil anggone ngruwat, kudu dilambari tapa-brata, sesirih mawarna-warna, ngakehake pitulungan, budi­-pakarti becik. Sebab ngruwat iku ambelani suksmane uwong liya, bapa,/biyung ahli waris dhewe, mule kudu gawe lela­buhan lan pengorbanan, luwih-luwih ing bab laku kasucian.
8. Kanggo nemtokake suksma bener apa durung, kudu ngelingi wewaton/pathokan bab " Mati sampurna lan urip tumimbal".







***A***
Perangan 28 (kawolulikur)
TATA-TERTIB KANGGO MANEMBAH (SEMBAHYANG) MLIGI KANGGO UWONG SING WIS KATAM

1. Niyat: Kang diarani niyat iya iku tuwuhing rasa kang mrentul/thukul metu saka telenging ati kang suci, ora pineksa lan Ora mung rubuh-rubuh gedhang/ela-elu/anut grubyug. Dadi saka karsa pribadi, perlu madhep mantep sumarah lan dhedhepe ing ngarsane Rama Pran-Soeh, bisa­ne jumbuh lan Utusane. Kanthi rasa anggrantes, setya-tuhu, ngluhurake asmane, percaya marang pangu-wasane/pur­ba-wisesane.
2. Ngresiki awak, kanthi sarana adus, raup, kemu lan nyikat untu, samono mau sing isih duwe untu, supaya resik awake/jasmanine, samangsa arep semadi turu ora klisikan lan kepepete bablas dipundhut/mati ora njijiki ing liyan. Sadurunge nyiram awak sarana ngucapake rapal mangkene:”Niyatingsun asesuci ngilangi reregeding ragaku, mrih saras lan resep dinulu, numusi sucining batin lan pakar­tiku, mancur cahyaku, temah rahayu, rahayu slamet saka karsane Rama Pran-Soeh sesembahanku, Rama Resi Pran­Soeh Sastrosoewignyo Panutanku.” Sawise rampung anggone ngucapake rapal, terus nggebyur/nyiram awak, dene yen mung raup rapale padha bae. Sawuse rampung anggone adus, kasambung rapal maneh:”Dhuh Rama Pran-Soeh, sesarat kawula punika minangka da­dosa lampah anggen kawula ngesthi saged sowan Paduka Rama Pran-Soeh.” Banjur manganggo sandhangan kang Susi­la/ganep ora pating krembyah.
3. Nepak palungguhan (papan kang arep kanggo semadi turu). Mungguh carane: Epek-2 tangan kiwa ditumpangake epek-2 tangan tengen nepak papan kang arep dilungguhi. Kan­thi ngucapake:”Rama pran-Soeh Sesembahan kawula, Rama Resi Pran-Soeh ingkang Jumeneng Utusan, Rama Resi Pran­-Soeh Sastrosoewignyo Panutan kawula. Kawula kaparenga sowan.” Sawise ucapan kuwi rampung, terus mapan lungguh, nglungguhi papan kang ditepak mau. Dene bab arah/keblat nuju marang Pasareyane suwargi Rama Resi Pran­-Soeh Sastrosoewignyo ing Astana-Waja Munthilan.
4. Pujian. Sawise lungguh tumata, lan batine was mligi golong-gilig ora Kelingan bab kadonyan, nuli nindakake Pujian, iya iku Puji langgeng rambah kaping telu. Pujian bisa diucapake tanpa lagu, dilagokake iya kena, asal li­rih-lirih utawa kabatin bae.
KATERANGAN

Cara kang kasebut ing dhuwur, iki saka paringe Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo kang kaparingake marang Eyang Ragil iya iku Ibune Alit Rama RPS.Sastrosoewignyo, nu­li kaparingake marang Natawiharja Ngadiran, Wanasari, Gunungkidul, Yogyakarta. Diparingi nalika Tahun 1971.
5. Ngucapake sumpah keyakinan.
6. Panebut: 1. Pangruwat.
2. Pangrumaos.
3. Panuwunan.
4. Panebut.
Sadurunge ngaturake panuwunan kang dibutuhake, luwih dhi­sik ngaturake dosane kang kajarak lan kang ora kajarak (kabeh dosane muga pinaringan pangapura dening Rama Pran-Soeh). Panuwunan isih katambahan:”pasrah pejah ge­sang kawula wonten ngarsanipun Rama pran-Soeh ingkang nguwaosi sadaya alam dalah saisinipun.”
7.Ngeling-eling/ngapalake dunungan, wiwit sumpah keya­kinan, wedharan, wisikan lan pusaka Ismu Giris, pan­ca-baya, cara petak. Yen ngapalake iki mau kabeh ku­du ana jaban wangon (jaban omah).

P E P E N G E T
Bab dunungan iki wigati/penting, kudu sing primpen aja ceper, sing bisa ngrumat wewadining Rama Pran-Soeh. Dene yen ceper, bisa nampa ukuman.





***A***
Perangan 29 (kasangalikur).
PURWANING DUMADI IYA IKU DUMADINE
ALAM DONYA, BUMI LANGIT SAISINE KABEH

1. Roh suci wis ana sadurunge jagad gumelar saisine, lang­geng anane, iya iku kang Jumeneng Gusti Allah kang hasipat: MAHA AGUNG, MAHA LUHUR, MAHA MULYA, MAHA KUWASA, MAHA SUCI, lan isih akeh MAHA-MAHA liyane pokok dadi BIBITING SAKABEHING LIR.
Roh suci kagungan DAT, SIPAT, ASMA lan AFNGAL (BLE­GRENG JENGGERENG/WUJUD, JENENG, lan PAKARTI).
Manungsa ora bisa meruhi sarana mripat wadhag/jasmanine, bisa mbuktekake meruhi sarana mripat batin, iya suksma­ne/aluse/uripe/rohanine. Ana ing sakolahan biyen aku iya diwulang ngelmu alam, iya kuwi yen barang sing ora tung­gal ora bisa campur. Dadi ngudi ngelmu goib, ngelmu ka­suksman/ngelmu kasunyatan, cetha yen ngangggo mripat wadhag/jasmani, ora bisa weruh, kudu iya nganggo mripating suksma/aluse/Uripe/rohanine. Mangka sing digoleki kuwi wujude Roh, kudune bisane weruh/ngerti iya Roh padha Roh. Ana piranti ing donya, barang sing lembut-lembut, sing adoh banget bisa dimangerteni sarana mripat wadhag, na­nging yen ngudi ngelmu Kasuksman ora bisa nganggo piran­ti sing digawe dening manungsa.
Gusti Allah nyipta bumi saisine, sapisan dadi, ora ping pindho, ping telu lan ping bola-bali. Kalebu manungsa, sing tumitah ing alam donya wis pepak ngendi papan. Upa­mane ing pulo-pulo, buwana-buwana wis isi manungsa, ke­wan-2 ing dharatan, ing banyu kang asin (sagara) ing ba­nyu tawa (kang ora asin), Kalebu uga Setan, iki iya wus ana pisan. Uwong sing dititahake wus sumebar ing donya wis dilarasake manut iklime dhewe-dhewe, rupane ana sing kulit ireng, kulit putih, kulit sawo mateng, uwong ing Negara Jepang beda cakrike/rupane karo uwong Amerika, Wa­landa, uwong Negro, Uwong Irian. Kabeh mau wis dititahake laras karo papan sing dienggoni. Ngenani kewan samono u­ga iya wis pepak ngendi papan iya kaya dene manungsa manut iklime dhewe-dhewe, wit-witan iya sawernaning tanem­-tuwuh. Anane manungsa ing donya marupa-rupa/beda-beda rupane/jinise Kalebu kewan-kewan lan wit-witan mangkono uga. Upamane kewan wedhus, ing ngendi papan wis ana wedhus, rupa lan jinise iya beda-beda, ana wedhus Jawa, Benggola, wedhus kacang, wedhus gembel, gibas lan liya-liyane. Wit-witan upamane: wit krambil, ana krambil poyuh, gadhing, ijo, abang, pepaking krambil ing ngendi papan wis ana kram­bil.
3. Bibiting sakabehing lir iya iku Gusti Allah, kagungan Utusan. Gusti Allah iku mung sawiji, Utusan iya mung sa­wiji, iki ngenani suksma sucine, Utusan timbul ing donya manut karsane Gusti Allah ana ngendi papan sing calon timbule Utusan, Salirane/wadhage iya manut iklim Nagara ing ngendi ditimbulake. Sing ganti iki Jasmanine/Wadhage, aluse/suksmane tetep ajeg siji ora gonta-ganti.
4. Gusti Allah nimbulake Utusane sapisanan iya iku: Kangjeng Nabi Adam, perlu ngelingake/mangertekake/nyebar­-nyebarake dhawuhe Gusti Allah marang manungsa. Manungsa jaman samana akeh sing durung manembah Gusti Allah, sing gawe urip lan murba misesa manungsa saisi­ne kabeh. Manungsa isih padha nyembah brahala. Kangjeng Nabi Adam, perlu ngelingake manungsa yen manungsa urip kuwi ana sing nguripi/ana kang gawe urip lan dipurba-diwisesa dening Gusti Allah. Manungsa-manungsa kang wus oleh katerangan-2 ngenani Panguwasa sing dhuwur dhewe ing salumahing bumi sa­kurebing langit (donya, kubur lan akirat pisan), diku­wasani diatur, diasihi, ditresnani, diayomi, kabeh mau sing padha netepi dhawuhe Gusti Allah. Dene yen sing wangkot/lali babar pisan bakal nampa pidana/paukuman. Sabageyan gedhe wus akeh manungsa sing banjur pi­naringan krasa, rumangsa terus eling manembah marang Gusti Allah. Sumebare saka sathithik, mrembet-mrem­bet bisa rata ing sadonya, iya isih akeh sing lali/ora percaya marang Gusti Allah, akeh sing manembah brahala.
5. Kangjeng Nabi Adam kuwi iya manungsa, nanging pina­ringan Wahyu dadi Utusane Gusti Allah, lan diti­tahake sabakdane Purwaning Dumadi. Timbule ing donya sapisanan, pancen oleh dhawuhe Gusti Allah, sabab manungsa kang wus katitahake ing donya, durung padha mangerti marang sesembahan Ingkang Maha Tunggal, isih mawarna-warna keyakinane, isih manembah sejene Gusti Allah.
Pancen Utusane Gusti Allah saben-saben leledhang/timbul ing donya marambah-rambah, nanging umume di­anggep kaya Peprintahan ing donya, upamane anane Wakil Presidhen wiwit Pak Hatta, Sri Sultan Ha­mengku Buwana, Adam Malik lan liya liyane iki pan­cen seje uwong/ganti uwong, nanging yen Utusane Gusti Allah tetep suksmane siji sing ganti mung jas­manine. Utusane Gusti Allah iya nduweni/kagungan garwa putra, mung siji sing ora krama iya kuwi Gusti Yesus, liyane kabeh kagungan garwa putra, tumeka Panjenengane Rama Panutan, iya kagungan garwa lan putra. Dadi Para kadang golongan/para siswane Panjenengane Rama RPS.Sastrosoewignyo aja mung percaya tulisan sing tak gawe iki, bisa padha nyuwun/disekseni ananing uwong sadonya iki apa bener saka uwong loro (Adam lan Hawa). Tumrap kadang golongan kang wus katam, rak wus padha didunungake (nampa dunungan) sapata Roh Suci sadurunge Kangjeng Nabi Adam timbul ing donya, Roh suci sadurunge jagad gumelar manggon ing alam suwung mengku isi.
Kaanan ing donya mung ana warna loro; Dadi titah/makluk sing urip kang gumelar/sumebar ing donya iki, iya warna loro, ana lanang lan wadon, urip lan mati, awan lan bengi mangkono sapiturute.
6. Manungsa sinebut titah kang luhur, yen kabandhing lan kewan, nanging akeh wujude manungsa jiwane kewan/ji­wa jim, iki manungsa kang ora netepi manungsane, jare titah sing luhur, jebul malah sangisoring ke­wan. Manungsa pinaringan akal, budi, nalar, diparingi apa bae sing gumelar ing salumahing bumi sakurebing langit diparingake saka Gusti Allah kanggo sampur­naning urip ing alam donya.
Kaanan donya amarga dienggoni dening manungsa, manung­sa ana kang pinaringan pinter ana kang bodho, lakuning bebrayan, wiwit sapisanan isih alasan banjur maju-maju nuju marang kasampurnan nganti tumeka ing jaman saiki manungsa ing donya wis luwih maju kaatur dening Pamarintah (ngenani politik, ekonomi, sosial lan kebudhayaan). Iya isih ana ing ngendi Nagara rakyate/uwonge sing isih statis (durung gelem maju).
Ing kene ora dak terangake nganti jlimet, mung dak te­rangake garis gedhene bae.
Kapercayan ing donya ana limang warna, iya iku: wiwit POLITISME, ANIMISME, DINAMISME, PANTIISME nganti tumeka MONOISME.
Paham-paham kasebut ora perlu dak terangake umume wis akeh sing padha mangerti. Pancen kapinteran ing donya ana pinter isih ana sing ngungkuli luwih pinter maneh (mligi ngenani kawruh kelahiran). Kanggo ka­wruh kebatinan kang tumuju marang kerohanian/kasuksman kanggo kasam-purnaning pati, paham/kapercayaan MONOISME ing wektu saiki isih durung sampurna. Sabagean akeh isih percaya jarene besuk, lan jarene sapa-sapa. Amrih marem lan puas, aja mung jarene, kudu jareku, sarana diweruhi mripat batin (makrifat). Bisa percaya kuwi yen wis nek­seni lan ngakoni. Kudu mbuktekake dhewe.
Wiwit Utusane Gusti Allah katimbulake sapisanan iya iku Kangjeng Nabi Adam tumeka saprene ana sing kagungan sesebutan Nabi ana sing ora, iku gumantung eling lan orane marang tugase, kayata: Nabi Musa; Nabi Ibrahim, Nabi Nuh, Nabi Ngisa, Nabi Mohamad, Nabi Kong Hoe Coe, Kangjeng Sul­tan Agung Mataram, Kangjeng Sunan Kalijaga, nganti tumeka timbule Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo.
Rama RPS. Sastrosoewignyo timbul ing donya netepi tugas kuwajiban kaya sing wis dakterangake ing ngarep, lan perlu nggoleki tunggal sing kendran wiwit jaman Nabi Nuh. Dadi timbule iku ora kok arep ngrusak/mbusek, ngganggu keyakinan liya kuwi ora, mung nerusake kagungane piyambak.
9. Ngelmune Rama RPS.Sastrosoewignyo adhedhasar:
a. Percaya marang Gusti Allah Ingkang Maha Tunggal (sawiji) ora loro lan ora akeh.
b. Percaya marang Utusane Gusti Allah.
c. Percaya anane urip tumimbal (reinkarnasi) utawa cakra­-manggilingan.
d. Percaya anane Hukum Karma (ngundhuh wohing pakarti).
Ngelmune Rama Panutan dudu ngelmuning setan/kajiman, ngelmu karang, sihir/hitam, ngelmu sing aneh-aneh kuwi dudu, iya kuwi ngelmu goib, bisane ngerti sarana nyuwun/nyadhong dhawuh saka Gusti Allah sarana semadi turu, dene kang bisa mangerteni dudu mripat wadhag, nanging mripate suksma/rohanine, bisa nyatakake dhe­we, ngudi kasampurnaning pati.
10. Sanajan ngelmu kasuksman telung prangkat mau kapen­tingan kanggo bab pati, nanging sadurunge tumeka ing pati, kena kanggo kapentingane wadhag/raga/jasmani ana ing alam donya, nanging ora kanggo golek kasugihan. Butuh kacukupan mangan sandhange kudu usaha ora kena masa bodhoh, kudu sregep nyambut gawe manut kabisane. Ngelmune Rama Panutan karo Agama apa bae cocog, mula amrih ora padha maido lan banjur bisa percaya/ngandel, mbuktekake/meruhi, nyinau nganggo metodi/cara-cara sing wis digelar dening Panjenengane Rama Panutan, kang diterusake para siswa-siswane.
11. Utusane Gusti Allah ora mung titah biyasa, nanging ti­tah kang nduweni kaluwihan, saben Utusane Gusti Allah timbul ing donya mesthi kagungan titikan-titikan kang maton iya iku oleh Wahyu Utusan; salagine pegawai Negri bae oleh kekancingan sing arane besluit (surat pengang­katan pegawai Negri). Dadi ora bisa sacara kedhaulatan. Nalika isih sugenge Rama Panutan, Aku (Sukirman Poedjosoewito) tahu ngadhep/sowan Rama Panutan menyang ing Jagalan Munthilan, lagi lungguh sreg, Rama Panutan saka dalem wingking/buri wis ketara arep nemoni, isih karo tindak wus ngandika mangkene:"Nak Poedjo iya ditrimak-trimakake saiki ora duwe anak, besuk 200 (rong atus) tahun maneh rak duwe anak.” Ana pangandika kaya mangkono aku tanggap apa sing diker­sakake Panjenengane, aku cetha mung kanggo sasaran/lesan bae. Pancen Panjenengane yen ngandikakake dhawuh sing goib ora kersa ngeblakake. Mula sawise aku bali mulih, se‑je dina menyang Ngleri omahe Martasuyitna, iki iya sadulur katam lan cinaket uga marang Panjenengane Rama Panutan. Aku njaluk tulung supaya nekseni/nggubah, be­suk 200 (rong atus) tahun maneh Rama Panutan timbul ing donya ana ngendi papane. Sadulur Martasuyitna bisa oleh dhawuh cetha yen Panje­nengane bakal timbul ana ing luar negri. Aku nalika duwe bojo wis dak suwun luwih dhisik, oleh dhawuh cetha yen aku ora bakal diparingi turun/anak. Mula ana dhawuh sing kaya mangkono, aku besuk 200 (rong atus) tahun, bakal timbul ing donya maneh ndherekake Rama Panutan.

***A***
Perangan 30 (katelung puluh)
NGELMU KASUKSMAN TELUNG PRANGKAT

1. Kaya wis katerangake manawa ngelmu telung prangkat iku kanggo dhasar mangerteni dhawuh sasmita-maya, iya iku piranti kanggo pitepungan antarane umat lan Rama Pran-­Soeh, kosok baline Rama Pran-Soeh lan umat, iya piranti kanggo anggayuh kasampurnaning pati lan urip kita. Ngelmu kasuksman telung prangkat iya iku:
1. Cahyane Rama Pran-Soeh.
2. Utusane Rama Pran-Soeh.
3. Nyawa/Hawa Nafsune dhewe-dhewe.
Pangudine ngelmu telung prangkat sajeroning kita isih urip ana ing alam donya, carane semadi turu, golek impen/dhawuh sasmita-maya, cara jaman simbah-simbah biyen nga­rani golek wisik, wangsit, tayuh, lan sapanunggalane. Kita ora nyepelekake tembung, sing pokok ing kene mung butuh kasunyatane, ora mung percaya tembung lan jarene besuk, jarene sapa-sapa. Kudu jareku, diweruhi dhewe sa­rana makrifat batin (nganggo mripate suksma/alus/urip/ rohani).
2. Amrih cethane perlu diterangake mungguh carane bisa mati sing bener/sampurna, iya iku:
RAGA: kena lara lan kena pati.
NYAWA: kena lara ora kena pati.
SUKSMA SUCI (suksma kang wus pisah karo Nyawane/Hawa Nafsune) ora kena lara lan ora kena pati.
Kanggo pangertian umum NYAWA lan SUKSMA kuwi dianggep padha, nanging yen ngelmune Rama Panutan beda (kosok ba­len).
Manungsa urip ana ing alam donya iku mung duwe osik war­na loro iya iku osik ala lan osik becik. Osik ala saka Nyawane/Setane, osik becik saka suksma suci (diosikake dening Rama Pran-Soeh/Utusane).
Manungsa bisane urip karana mengkoni ngelmu telung prangkat, ana ing awake dhewe-dhewe, bab iki ora saben manungsa mangerti, yen ora disinau/diudi bisane mangerti.
Kabeh pepenginan sing enak kepenak, empuk, eyub iya bu­tuhe si Raga, butuh nyandhang, mangan, bojo, omah lan liya-liyane, kuwi kabeh nuruti nyawane. Yen Nyawa oncat saka Ragane wis ora bali maneh kuwi jenenge mati. Yen turu utawa satengah mati/semaput kuwi iya pisah Nya­wane nanging isih bali maneh, dadi siji/kumpul karo Raga­ne maneh. Nyinau ngelmu telung prangkat perlu bisa ma­ngerteni pisah kumpule Raga, Suksma, Nyawa, tembunge bisa rucat, racut, kukut.
Turu kuwi pancen saka karsane Rama Pran-Soeh contone yen tumeka ing pati. Dadi mati kuwi pas kaya lelakone uwong turu sing oleh impen/sasmitamaya. Akeh conto­-conto, tau aku maca ana ing layang kabar utawa ing ma­jalah ana uwong wis mati bisa urip maneh, bareng dita­koni rumangsane kaya lelungan adoh tumeka ing papan ngen­di dheweke arep melu ditolak ora oleh, banjur rumangsa ba­li mulih, jebul gregah tangi bisa urip maneh.
Saben manungsa sing padha ngimpi, ragane turu ing papan paturon, rumangsa isih ana aku maneh sing gluyuran ru­mangsa menyang ngendi-endi, turu ana Wonosari rumangsa lungan menyang Jakarta, kapethuk apa bae/meruhi apa bae ana ing sajeroning ngimpi, pokok pepak. Aku sing gluyuran rumangsa menyang ngendi-endi, weruh apa, kekerengan, wedi, rumangsa peteng dhedhet, udan barat bledheg nyamber-nyamber lan sapanunggalane; Aku sing turu (wadhage), aku sing ngimpi mawarna-warna kaanane kuwi Suksmane/ aluse/uripe/ rohanine, iki sing calone besuk samangsa tumeka ing pati nampa begja lan cilaka. Uwong turu ngimpi bisa pisah aluse lan Nyawane pisah kok ora mati, manungsa dipurba lan diwasesa dening Gusti Allah/Rama Pran-Soeh, kabeh pesthi mung ana astane Rama Pran-Soeh. Pisah kaya tak sebutake kuwi, isih ana wewengkone Rama Pran-Soeh, cara uwonge nampa layang kiriman durung tumeka adrese/alamate. Uwong turu kepentingan donya, upamane, ngapalake buku, katresnan marang bapa/biyung, anak-bojo lan liya-liyane yen pinuju turu lali kabeh. Mula bisane ngimpi sing eling apa sing kabutuhake kuwi ora mesthi saben ngimpi eling. Impen iya kaya ana ing donya, sok lali, krasa rumangsa banjur eling. Pangudine amrih bisa eling apa sing dibutuhake, ngenani ngelmu telung prangkat kudu nganti suksmane eling apa sing dadi panuwune. Cara uwong ngetik orisinil (asli) lan diplikat (tembusane karbonane) padha.
3. Pangertian umum saben uwong mati mesthi saka karsane Gusti Allah, sawise ngudi ngelmu kasunyatan/makrifat batine, mati ana warna loro iya iku: mati saka karsane Rama-Pran-Soeh/Gusti Allah, lan mati begalan, dadi me­mangsane Bathara kala iya Sang Priya/Putri. Mati begalan kayata: mati kena lelara nular, mati bunuh dhiri (nglalu), kacilakan mawarna-warna kayata: samber bledheg, keli, kesilep ing banyu kali, sagara, tlaga, sumur, katumbuk montor, pit montor, isih akeh tunggale. Mati karana Allah/kodrate Gusti Allah embuh sarana lara sing banget, embuh mung lara sawatara, ana sing tanpa la­ra, malah sing tumekaning janji wis oleh dhawuh cetha saka Rama Pran-Soeh. Umum bab pati, manungsa ora ngerti embuh kapan tumekaning janji.
4. Lakuning suksma samangsa manungsa tumekaning janji/mati kaya kasebut iki:
Ana ing alam Kubur suksma kepethuk Nyawane, iki kudu di kalahake, ditinggal ana alam Kubur.Yen bisa menang, Suks­ma suci (suksma kang wus pisah lan Nyawane bisa ngadhep/sowan Utusane Rama Pran-Soeh iya iku Rama Resi Pran­Soeh. Ing pakeliran/wayang Brata Nirmaya sing pasuryane cete putih. Katemu Brata Nirmaya sing rahi abang, kuwi palson, ana pakeliran bisa Bathara Kala malih dadi Kresna. Mula sing waspada. Ana ing donya kudu dilatih amrih lebda lobok, kerep jumbuh Ngelmu telung prangkat. Suksma sing arep ngadhep Utusan, apepandon Cahyaning Ra­ma Pran-Soeh. Ana ing ngarsaning Utusan, suksma wis ora duwe rasa, mung kari diosikake dening Rama Pran-Soeh, bisa eling bab ka­sucian. Ing kono ora ana bab-bab kadonyan, Kubur pisan wis ora kocap, mung sumarah, apa arep diparengake ma­nunggal lan Rama Pran-Soeh apa ora, apa arep dibalekake menyang donya maneh (reinkarnasi/tumimbal) apa sawetara utawa suwe pisan ana ing kono, gumantung purba-wisesa­ne Rama Pran-Soeh.
5. Ana ing donya, kudu bisa ambage butuhing Raga lan Suksma, butuhing raga iya butuhinga Nyawane, mula kudu diakehake butuhing Suksma. Nyawa iya dituruti butuhe, sabab ana do­nya Nyawa kuwi dadi rewang, samangsa tumeka ing pati da­di mungsuh, mula Nyawa aja dipateni mung dikalahake/ dikendhaleni/direm aja dilosake/terus dituruti. Tumekaning pati manungsa mung kari ngundhuh wohing pa­kartine. Kakehan nuruti Nyawane mesthi dadi jajahane Nya­wa, yen bisa ngendhih/ngalahake, bisa babar walaka Nyaw­ane bisa murba, kuwi sing apik. Suksmane terus bisa ngadhep Utusan. Ngelmu telung prangkat kudu bisa katemu urip kabeh, ngerti DAT, SIPAT, ASMA lan AFNGAL (blegreng-jenggerenge, wujude, jenenge lan pakartine).
6. Ngelmu telung prangkat bisa molah lan malih/aganti rupa apa bae, nanging pakartine ajeg. Ngerti/weruh Cahyane Rama Pran-Soeh, bisa mahanani kanggo Ragane, pikirane padhang ora bunek, lega, ora ju­dheg, waras awake, kanggo golek rejeki bisa hasil. Utusane Rama Pran-Soeh malih wujud apa bae titikane: ASIH,TRESNA lan paring PITULUNG. Panuwunan kanggo butuhing Suksma kasucian kudu jumbuh ana ing alam Kuning, yen jumbuhe isih ana ing alam abang kuwi kanggo butuhe Wadhage/kadonyan. Utusan isih lengket karo Sang Priya/Putri, yen ana pakeliran Bathara Guru isih tangan papat. Suksma sing jumbuh mau iya isih leng­ket karo Nyawane. Jumbuh Utusan ana ing alam kuning, wahanane menyang raga, upama lara bisa waras, golek gaweyan Negri bisa kasil, ujiyan bisa lulus, bakulan bisa bathi, bisa lebur dosane, bisa slamet lan sapanunggalane. Manungsa wiwit purwaning dumadi saprene, lanang wadon nduweni/pinaringan Nyawa/Setan, Iya osik ala, tukang anggodha wiwit donya tumekaning alam Kubur.
Nafsu iku ana telung prakara:
1) Nafsu marang pangan, legi, gurih,p edhes, asin, enak, akeh.
2) Nafsu marang kamonceran, milih marang menang dhewe, gagah dhewe, kuwasa dhewe, kumalungkung, lan liya-liyane.
3) Nafsu marang hubungan priya lan wanita (sex) milih marang ayu, bagus, enom, luwes lan liya-liyane.
Mlebuning panggodha ana telung warna: saka ganda, suwara, lan rupa. Upamane: krungu uwong anggoreng brambang arep kanggo masak bakmi, suwarane: sreng, gandane, weruh rupane dicampur ing bakmi, mendah rasane. Nafsu sex iya padha. Upamane: mambu lenga wangi marga ana uwong wadon liwat, krungu sandale jinjit cethit-cethit, banjur weruh rupane, banjur osik ala sing gemregah.
'9. Bedane Nyawane Utusan lan Nyawane titah/manungsa lumrah, iya iku: Nyawane Utusane Rama Pran-Soeh ana rong warna, wujud lanang lan wujud wadon. (Ilmu Selatiniag Kakung lan Ilmu sejatining Putri). Tegese nafsu lanang sengsem marang wadon, nafsu wadon sengsem marang lanang. Iki godha sing abot dhewe, wiwit ing alam donya tumekane alam ku­bur.
Nyawane/HawaNafsune Rama Panutan (Ilmu sejatining Kakung/Ilmu sejatining Putri) dadi babuning sakabehing nyawane uwong sadonya lanang lan wadon., Kordaning Sang Priya/Putri manungsa ora kuwat nanggulangi. Dene manungsa sing setya tuhu marang Rama pran-Soeh, bisane slamet saka pakordane kudu nyuwun pinanggih Sang Juru Wilujeng. Manungsa kang mung nuruti hardaning Hawa-nafsune/Setane malah dilindhungi dening Babuning Nyawa mau, sabab besuk samangsa tumekaning pati, dadi jajahane/reh-rehane (ana ing alam Penasaran). Uwong sing bisa ngalahake, meper/ ngerem/ngatur marang Nyawane/Setane, samangsa semadi turu bisa kepethuk/me­ruhi Nyawane sing walaka, ora molah lan malih. Dadi mung ana ing tetembungan bae kuwi durung bisa diarani ngalahake/menang karo Nyawane/Nafsune. Uwong sanajan wus katam, nanging pakartine ing sadina­-dina pulih nuruti kareping Nyawane, rumangsane jumbuh Utusan sing asli tegese ora palson. Nanging kuwi yen ditliti temenan, cetha kepalsu. Bisane mangerteni pal­son lan ora, yen ana sadulur sing tumindake jujur/te­men, setya-tuhu marang Rama Pran-Soeh, ora mlanggar angger-angger 11 (sawelas) bagean larangan, ngggubah/nyuwun priksa anggenipun jumbuh si A, apa si B, bisa oleh dhawuh cetha, yen kepalsu. Tumraping sing tak sebutake dhuwur kuwi, rumangsane iya ora palson, saben-saben nyu­wun kerep jumbuh, oleh dhawuh ngene/ ngono, jebul ora ana nyatane. Jumbuh walaka/nglonthong yen Utsane Rama Pran­-Soeh tanggung nyata/bener. Ana pathokan-pathokan sejene kanggo nitik palson apa ora, kayata: panganggone sarwa-sarwi pating caloneh, ora ganep, ora sopan, ngguyu cekakakan, malang kerik/kadhak, rupaning panganggo warna abang, biru, lorek-lorek. Uwong urip ana ing alam donya sajege urip bisa kapethuk/ jumbuh sapisan bae kuwi wis begja, sukur yen bisa maram­bah-rambah/bola-bali luwih becik.
10. wong kang wus katam, aja banjur bangga, mesthek-mes­thekake besuk samangsa tumeka ing pati bisa ndherek Utusan, bener patine. Wus katam, tumindake bali kudhi, pu­lih tumindak nasar/nuruti Hawa-Nafsune/Setane, samangsa tumeka ing pati bisa kandheg sawatara (ana ing alam panasaran). Kandhege ana ing alam panasaran suwe lan ora gumantung tumin­dake nalika ana ing donya, kakehan nuruti Nafsune apa kala mangsa sok eling tumindak sing bener (netepi dha­wuhe Rama Pran-Soeh). Kaya sing dak terangake iku, kandhege ora langgeng bisa oleh pangapura yen wus resik/entek dosane. Upama ana ing donya uwong diukum 1 tahun mlebu paukaman (dipeniara) mlebu ing paukumn wiwit Tanggal pira, Tahun pira, wis dicathet petugas kono, yen wis entek/rampung 1 tahun anggone nglakoni hukuman banjur dilepas saka penjara, bisa bali menyang masyarakat, suksma kang kande­g yen wis oleh pangapura pinaringan luwar saka ukuman banjur bisa ngadhep Utusan (bener suksmane). Paukuman ana ing alam Kubur kuwi ora kabeh suksma sing nampa paukuman langgeng ukumane, manut gedhe/cilike utawa kandhel tipising dosane. Conto hukuman ing donya uwong nyolong pitik karo nyolong sapi, kuwi hukumane ora padha mesthi abot sing nyolong sapi. Perlu tak terangake ing kene, aja nganti nduweni panemu ana panguwasa sadhuwure Utusane Gusti Allah, umum panguwasa mau diarani Malaekat, tumrap kadang golongan aja duwe panemu kaya mangkono, Malaekat iya kuwi ma­lihane/klonthongane Utusan. Ngelmu telung prangkat tumrap wong kang wus katam, aja ceper, diomong-omongake marang sadulur sing lagi nyinau/gegulang, yen kaya mangkono dadi ngelmu jarene maneh, ora ngerti kasunyatan, lan sing gegulang bisa suwe katame.
11. Pilah-pilahe Rama Pran-Soeh, Rama Resi Pran-Soeh lan Rama Resi Pran-Soeh Satrosoewignyo.
Rama Pran-Soeh jumeneng ana ing alam kasampurnan (alam pu­tih/alam manunggal).
Rama Resi Pran-Soeh ana ing alam jumbuh (alam kuning). Jumenenge Rama Pran-Soeh lan Rama Resi Pran-Soeh ana ing alam pungkasan/akerat, iya alam wiwitan, mung yen Rama Resi Pran-Soeh ana ing sangisore alame Rama Pran-Soeh.
Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo ana ing alam donya.
Yen Utusan isih sugeng ana ing donya kuwi sinebut telu-teluning atunggal, dene yen wis seda mung kari loroning atunggal.
Tetembungan sing diarani Setan iya kuwi Hawa-Nafsune dhe­we-dhewe. Jim iya iku suksmane manungsa sing kasasar/nam­pa paukuman/pasiksan. Umum bisa disebut: memedi, gendruwo, ilu-ilu, banas-pati, thuyul, dhanyang lan liya-liyane. Yen ana ing impen kepethuk apa bae suksmane krasa wedi amengkorok badane krasa ces-cesan, iku mbuktekake Jim.























***A***
Perangan 31 (katelungpuluh siji)
CARA-CARA PANGUDINE NGELMU TELUNG PRANGKAT

1. Sawise kita kabeh nyumurupi miungguh pigunane lan paedahe ngelmu kasuks-man telung prangkat, kanggo uwong-uwong sing padha percaya/ngandel marang lelakon iki. Cetha banget saben uwong kudu ngudi/nyinau dhewe-dhewe bisane mangerti, ora bisa arep kanggo nanggung marang brayat/uwong li­ya, kudu padha gegulang/nyinau dhewe-dhewe. Tujuan sing pokok ngudi ngelmu telung prangkat perlu kanggo sangu samangsa tumeka ing pati, bisaa mati sing bener, ora kesasar/nampa paukuman utawa pasiksan.
Rama Panutan tugase anggoleki tunggal sing kendran wiwit jaman Nabi Nuh.Yen panjenengane Rama Panutan kuwi panjal­mane Rusul donya. Uwong sing pancen tunggale, krungu yen sing kaampil Panjenengane ngelmu sing penting banget, ngel­mu kasunyatan, kanggo sangune besuk yen wus tumeka ing pati.
Cara-carane ngudi ngelmu telung prangkat mangkene:
Uwong sing nduweni krenteg/niyat arep melu gegulang ngel­mu mau, luwih dhisik teka ing ngomahe sadulur kang wus ka­tam jelas kang wus dunungan, bontos pangertene ngenani bab ngelmu iku. Uwong mau banjur mratelakake niyate, perlu melu gegulang ngelmu telung prangkat.
2. Sing nampa jenenge Penyuluh (tukang nyuluhi/nerang-neranga­ke) antarane:
a. Niyate kuwi saka kesadharane dhewe, apa mung ela-elu/anut trubyug, apa ana bab-bab liyane, apa mung coba-co­ba.
b. Supaya mikir-mikir dhisik aja nganti kaduwung, dene yen wis mantep-mantep temenan lagi bisa ditampa.
c. Kudu percaya, yen sing kagungan/ngampil ngelmu telung prangkat iku Panjenengane Rama RPS.Sastrosoewignyo Carik Desa Jagalan Munthilan kang wus seda nalika Tahun 1957.
d. Kudu percaya wutuh (ora ragu-ragu) percaya marang sing gawe urip/sing Maha Kawasa iya iku Rama Pran-Soeh tem­bunge liya Gusti Allah Ingkang Maha Tunggal.
e. Percaya Utusane Rama Pran-Soeh.
f. Percaya anane urip tumimbal (reinkarnasi).
g. Percaya anane Hukum Karma (ngundhuh wohing pakarti).
Sawise iku banjur diterang-terangake yen arep ngudi ngel­mu mau ora kaya ngudi ngelmu liya-liyane sarana ngapalake buku-buku, nyinau/ngapalake wejangan-wejangan, lan kawruh liyane kang gumelar ing donya iki. Kudu tlaten ora kena bosen/jelehan./wegalian/keset, kudu sing sregep, tlaten amrih bisa enggal katam. Ngudi ngelmu iki ora bisa akal, budi na­lar digunakake kanggo nggayuh mangerteni ngelmu kasuksman telung prangkat iki. Uwong intelek (pinter-piter) durung ka­ruwan ngudi ngelmu iki banjur enggal bisa katam. Kosok baline ana uwong sing buta huruf malah luwih gelis katame. Sing pokok syarat kanggo ngudi bisane enggal katam netepi Angger-angger 11 (sawelas) 7 (pitung) prangkat kuwajiban, lan nyingkiri larangan sing 4 (patang) prangkat, bakune uwong sing nduweni budi-pakarti sing becik.
Ngenani bisane enggal katam, ora bisa katemtokake sapira suwene, manut gedhe cilike dosa gawan lan dosa wiwit diwasa tumeka gegulang kuwi.
Conto ana sadulur bebojoan (lanang lan wadon), sing lanang gegulang bisa katam nganti 17 (pitulas) tahun, bojone (sing wadon) mung 9 (sangang) sasi katam, uga ana sing mung 3 dina telung bengi, ana sing 1 tahun, sesasi, telung sasi sapi­turute (pepak). Kosok baline ana sing nganti tumeka pati durung pawitan siji-sijiya, ana sing pawitan loro utawa siji. Gegulang amrih bisane katam sarana pitukon bandha sing sapi­ra akehe, ora bisa
3. Penyuluh ora mung aweh rerigen/pitutur bae marang sing disuluhi (sing gegulang), yen uwong mau madhep mantep temenan, iya dibantu direwangi tapa-brata, supaya syarat-syarat kapiye/laku-laku apa sing kudu ditindakake sing disuluhi, yen ana impen sing ala, iya dirobah panu­wunane supaya nyuwun pinanggih Juru Wilujeng, yen ana impen ngethamul memangan apa bae, iya kudu nyirik sa­watara dina, amrih godha mau bisa ilang, nganti oleh Pusaka Urip. Panuwunan ora mung ajeg bae, manut sing disuluhi kuwi impene nyedhaki apa, apa nyedhaki Utusan, apa Nyawane, apa Pusaka Urip/Mukjijat (digonta-ganti). Ngenani puwasa wiwit dina Slasa kliwon tumeka ing Jum'at Pon. Apa iya mutih (ora mangan asin), ngenani pangan anane legi, gurih, pedhes, asin, iki apa arep disirik kabeh apa mung salah siji terserah.
Penyuluh kudu wis duwe pathokan kanggo nyuluhi amrih sing disuluhi bisa katam jelas/resik.
4. Tata-tertib kanggo sadurunge semadi turu:
a. Papan sing arep dianggo turu diresiki dhisik, papan paturon aja adhakan, yen bisa iya sing primpen/brukut (dikamar).
b. Kudu raup lan kemu/nyikat untu, sukur adus.
c. Nyandhang manganggo sing ganep, ora mung sakeneh-keneh.
d. Lungguh ing papan kang wis ditemtokake, munggahe menyang paturon ora kena sikil dhisik, kudu bokong dhisik, tumuli sila sing apik, lagi tumapak wiwit sembahyangan.
Tata-tertib iki kanggo uwong sing waras awake, yen pi­nuju lara tur larane rada nemen, iya cukup sembah­yangan karo turon bae.
5. Uwong gegulang sing bisa nulis, impene bisa dicatheti, lan pangrumate buku sing primpen aja glah-gleh mundhak diwaca ing liyan. Buku cathetan impen bisa saminggu sapi­san sapasar pisan, aja suwe-suwe anggone nandho impen, uwong sing buta huruf lan sing ngerti huruf aja keset, kudu kerep nyuluhake impene marang Penyuluh. Sabab bisa kelakon impen mau ana sing ala (mahanani lara tumeka pati).
Sregep nyuluhake aja nganti kesuwen, yen ana impen sing ala inggal bisa konangan dening si Penyuluh, banjur bisa diganti panyuwunane, amrih impen sing ala mau dadi bisa becik, apese upama tumama ora banget-banget, bisa oleh ke­enthengan.
6. Sawise tangi turu kudu ngeling-eling impene, apa kelingan kabeh, apa mung tengahe, apa pucuke, apa bongkote, endi sing kelingan. Dene carane ngeling-eling/nyathet mangkene:
a. Ing sajeroning pangimpen rumangsa wayah apa, tandhane, yen awan rumangsa weruh srengenge, rumangsa bengi weruh lampu, lintang rembulan.
b. Papane ana ngendi, apa ana ngalas, alun-alun, pinggir jurang, pinggir sagara lan sapanunggalane.
c. Weruh apa, lan ngapa.
d. Rasaning ati kapriye, gila, wedi, tresna-asih, gething, sengit, mesakake, sengsem lan liya-liyane.
Pathokan iki si penyuluh gampang anggone nemtokake, anta­rane ngelmu telung prangkat mau endi sing nyedhaki/nger­ti walaka/nglongthong.
Tirakat/puasa kudu sing nganggo petung, yen awake lagi ora waras, iya ora perlu tirakat. Tirakat manut dhawuhe Panjenengane Rama Panutan kudu bisa tapa ngrame ing guwa samun lan tirakat aja nganti ngrusak awake/Kesehata­ne.
7. Nyuluhake (sing padha gegulang) kudu manut rerigen/laku-­laku apa sing diwenehake dening Penyuluh, ditindakake te­rus-terusan nganti bisa enggal kasembadan gegayuhane (ka­tam).
Sawise sing padha gegulang bisa katam ngelmu telung prang­kat, nuli Penyuluh menehi coban/ujian, manut dhuwur endheke (tatarane) para gegulang kapiye alame.
Coban sing tataran endhek upamane: Nyuwun pinanggih kang Jumeneng Hakim/ngadili uripe dhewe lan uripe uwong sa­donya.
Coban umum (cukupan), nyuwun pinanggih kang momong suksma­ne uwong sajagad.
Coban sing dhuwur dhewe: Roh suci kang manggon ing alam suwung, hamengku isi sadurunge jagad gumelar.
Menehi coban mawarna-warna upamane: anggoleki Juru wilu­jeng, Sang Panebus dosa, Babuning waras, Babuning katen­treman lan liya-liyane.
8. Sawise babar coban cara ujian wis bisa lulus, calone didunungake/diterang-terangake wadi-wadining- ngelmu telung prangkat, dhodhok selehe lan daya-dayane, uga ngenani wewadining pati.
Sadurunge arep dunungan, kudu "Kataman" luwih dhisik, pratandha muji syukur ana ing ngarsane Rama Pran-Soeh dene wis pinaringan kamurahan bisa katam ngelmu te­lung prangkat. Ngenani kataman ora dikudokake/pineksa, manut kekuwatane dhewe-dhewe. Yen pancen duwe/ana, bisa diwujudake pisungsung dilebokake ing Pethi Bakti sing wis kasadhiyakake ing Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh, sarta bisa kembul dhahar bebarengan karo kadang golongan/tangga-teparone.
Dhasar dhawuhe Panjenengane Rama Panutan, ora ketang sathithik kembul dhahar ana sega wuduk (sega gurih) lan ingkung pitik, dene ora bisa ingkung pitik, en­dhog pitik iya kena. Sebab iki ana wigatine batin, iya iku syarat kanggo nungkulake/ngapesake marang Wahyu sejatining Kakung/Putri, amrih ora anggodha, ngreridhu, gawe sangsara.
Tumrap uwong kang sekeng temenan, cukup aweh pitulungan marang tanggane ketara kathetheran/karibedan kurang te­naga, perlu njupukake banyu (nimbakake) apa ngrewangi paga­weyan sing ngether. Dadi cukup nyumbangake tenaga/bau. Ngenani papan dunungan bisa kasuwun, nanging putrane Panjenengane Rama Panutan kang asma RPS.R.Wenang Atmadipraja S.H., dhawuh yen dunungan diparengake ana ing Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh, ana saelore su­mur Jala Tundha ing plataran sacedhake Tlaga Maharda. Ngenani dina katentuane sing didunungake dalah kang arep ndunungake padha nyuwun amrih bisane slamet lan bisa du­munung, panuwunan apese oleh Pusaka Urip, sukur bisa jumbuh walaka lan Utusan.
Uwong kang mentas didunungake, nanging durung apal, bisa melu ngrungokake uwong kang arep padha dunungan mau. Uwong kang wus katam tur wis dunungan pisan cara pitik wis disapih, aja banjur ana apa-apa mung njaluk tulung, kudu wis bisa mentas dhewe.
Uwong kang wus katam dhasar dhawuhe Panjenengane Rama Panutan kudu bisa nyuluhi uwong kang gegulang nganti bisa katam uwong cacahe 11 (sawelas).




***A***
Perangan 32 (katelung puluh loro)
CARA-CARA MERDENI/MURADI/NYURASA DHAWUH
SASMITA-MAYA
1. Uwong kang wus katam/durung katam pisan, mesthine kudu bisa nyurasa dhawuh sasmita-maya/impen. Jaman simbah-simbah biyen racake padha isih percaya marang impen, ana kang nga­rani golek tayuh, wisik, wangsit, ilham, firman. Arep tuku keris bae mesthi sarana ditayuh luwih dhisik. Ana ing Kitab-kitab apa bae bab impen disebutake/diemot. Sejatine Gusti Allah kuwi Maha Welas lan Asih, yen ma­nungsa padha memelas lan ngasih-asih marang Panjenengane. Salagine ora nyuwun, kabeh manungsa arep nampa begja, ci­laka, bungah lan susah, ing sadurunge kurang embuh 1 tahun embuh sesasi, saminggu, Gusti Allah wis paring dhawuh metu impen. Umume padha ora anggatekake/malah nyepe­lekake impen, ana sing nganti aja nganti ngimpi (nyi­rik menyang impen) ora percaya banget marang impen. Ana sing rada percaya, sok rada anggatekake yen ngimpi untune pothol, negor gedhang tundhunane wis mateng, malah ana sing percaya impen, nanging mung kanggo go­lek nomer, iki mung kanggo kepentingan donya. Bab impen ana sing cetha, ana sing durung cetha, isih kudu disurasa maneh, upamane: nyuwun priksa benjing pu­napa wiwitipun rendheng wonten jawah. Oleh-olehane, ngimpi ngumbah iwak loh lan nyekeli gula, iki oncek­-oncekane mangkene: iwak loh amis, kuwi dina Kemis, gula umume legi rasane, dadi dina Kemis legi.
Ngenani dhawuh saka Gusti Allah ora mung metu ing impen bae, ana sing perlambang/wirasat. Upamane: katiban cecak, suarane manuk gagak sing nganti nembus ati, suarane manuk prenjak, suarane manuk kolik lan sapanunggalane. Lan isih akeh tunggale wirasat/perlambang mau.
Dhnwuh sasmita-maya/impen iku ana warna 3 (telu) iya iku:
1. Impen sing goroh.
2. Impen satengah goroh satengah temen.
3. Impen sing temen.
Impen sing goroh upamane:rumangsa ngimpi nemu dhuwit, tangi gregah mek-mekan anggoleki dhuwit, jebul ora ana.
Impen sing satengah goroh satengah temen, ngimpi kodanan utawa adus, langen lan singleman ing kali/tlaga, tangi awake ora teles, nanging seje dina, awake krasa mriyang, pating greges, sirahe mumet, woang-waing, banjur lara pi­lek (flu).
Impen sing nyata iku impen saka paringane Rama Pran-Soeh, dhawuh sasmita-maya sing nyata/temen/bener (positip), dudu saka Jim/Setan lan empaning panca indriya (gambaring pa­ngangen-angen).
2. Impen sing awujud banyu, geni, angin, kuwi kabeh saka pakartining mungsuh (jim/Setan) bisa kelakon saka pakarti­ne Babuning Nyawa, iya Wahyu Sejating Kakung/putri, ing pakeliran Bathara Kala/Bathari Durga).
Babuning Nyawa nduweni bala akeh banget, undha-usuk, cara Pemerintah mono wiwit presiden (Babuning Nyawa) wakil presidhen, mentri-mentri, gubernur sapangisor, dadi kadikda­yane/kawewigane beda-beda. Nalika dititahake sapisanan balane iya Setan-setan, sawise manungsa sapisanan ana sing padha tumeka ing pati, suksmane kesasar, suksma sing kesa­sar jenenge Jim (suksma isih lengket karo Nyawane), banjur Babuning Nyawa oleh tambahan bala.
Kurdaning/pakartining Babuning Nyawa yen ana ing sajeroning impen meh padha pakartine ana ing alam donya, kaya­ta: banjir bandhang (prahara), angin topan (lesus), desa kobong, alas kobong, omah kobong lan liya-liyane.
Ngimpi weruh ing salah sawijining desa kelem, banjir/banyu utawa:katrajang angin topan, kobong, dibomi nganggo montor mabur, montor mabur iki wis duwe 3 warna sing digawa, iya kuwi banyu, geni lan angin, akibate ing desa mau bakal ana lelara nganti tumekaning pati (pageblug).Yen nyipati kaya mangkono kudu padha anggrantes nyuwun pi­nanggih Juru Wilujeng. Uwong sing mati karana iku (page­blug) suksmane padha kesasar, dadi memangsane Sang Pri­ya/Putri ateges kesasar. Yen ngimpi adus ana ing banyu kang bening, angin sribit-sribit kepenak menyang awak, kuwi ora marakake dadi lara, sabab ora kabeh Jim ang­ganggu marang manungsa, sing jenenge Jim putih, iki ge­lem tetulung marang manungsa, lan Jim putih iki wis nyedhaki arep dadi manungsa.
Ing dhuwur aku nerangake dibomi montor mabur, yen papan sing dibomi mau ngepasi kaanan ing donya, upamane rumangsa arep geger/peperangan montor mabur ngebomi Kutha ngendi, kuwi montor babur dudu malihane Babuning Nyawa, nanging montor mabur temenan.
Ana ing donya, wadhage/ragane kaancam bebaya pati, kuwi iya kudu anggrantes nyuwun pinanggih Juru Wilujeng. Sing kasebut ing dhuwur, wujud banyu, geni, angin, ka­beh saka pakartining mungsuh (Jim/Setan). Ngimpi keje­gur sagara katut alun, keli ing kali banjir, kejegur sumur ora bisa mentas, kuwi akibate bisa lara tumekaning pati, mati sing kesasar.
4. Manungsa sing padha nandhang lara, saka ,wawasan sacara lahir iya marga saka bibit-bibit lelara, nanging yen diwawas sarana batin beda karo lahir. Upamane lelara sing menular, pes, kolera lan liya-liyane kuwi kaya sing dak terangake ing dhuwur, saka pakartining Jim/Setan. Iya ana lelara bisa mari sarana Medis, ditambakake marang uwong sing ahli. Lan kabeh para kadang golongan yen lara kudu nambakake menyang uwong sing ahli, kayata Perawat, Dhokter (ing Rumah Sakit, puskesmas). Dene yen usaha secara lahir ora bisa kasil (ora bisa mari) iya mung nyuwun marang ngarsane Rama Pran-Soeh. Samangsa nyuwun apa sing dibutuhake, oleh impen sing ora cetha, ora bisa nyurasa, kudu disuwun maneh amrih pina­ringan sing cetha. Wong sing saben-saben nyuwun, ora kok mesthi oleh dhawuh cetha, gumantung sing nyuwun, yen sing nyuwun madhep mantep, sumarah, dhedhepe, anggrantes, memelas lan nga­sih-asih, bisa oleh kawelasan lan sih. Manungsa urip ora bisa ngaku uwong sing suci (semuci-suci), sebab isih karaketan dening Nyawane, wus dak terangake ing dhuwur kudu bisa ambage/ ngendhaleni Nafsune. Yen arep semedi turu kudu bisa nglatih bisane mligi/golong gilig ngener ana ing ngarsane Rama Pran-Soeh, yenisih kelingan kepentingan donya, aja sembahyang dhisik. Semadi turu mung mligi mentingake suksmane, tangi turu kanggo kepentingane ragane, nyambut gawe apa bisane. Yen oleh dhawuh arep nampa kabegjan, aja mongkok, kudu disuwun bisane tetep. Yen ngimpi saka pakartine Babuning Nyawa/Jim Setan bisa disuwun marang Rama Pran-Soeh a­mrih ora sida/tumama. Dene yen dhawuh mau saka karsane Rama Pran-Soeh, ora bisa diselaki. Dhawuh sasmita-maya/impen kuwi kabeh anggambarake/ isi­ne pakartining awake/wadhage dhewe-dhewe. Upama ngimpi lungguh ing kursi jebul pliket kaya pulut, anggambarake yen pakartine cethil kudu bisa ngobah/ngowahi. Omahe rusak padha dipangan rayap arep rubuh/ dhoyong, ku­wi anggambarake awake dhewe ringkih ora santosa ing budi, mangkono isih akeh banget conto-contone.
5. Syah lan batale sembahyangan: Sembahyang komplit, turu, tangi turu ora bisa oleh impen/lali, ngimpi nanging ora bisa katemu salah siji utawa loro ngenani ngelmu telung prangkat, kuwi jenenge batal sembahyangane. Kanggo titikan anggone gegulang bakal bisa pinaringan katam apa ora, kuwi mangkene: ngimpi lungan adoh arep nuju ngendi sing dituju ora bisa tekan ing panggonane, jalan buntu. Ngimpi pawone kobong/omahe kobong, uripe ana ing donya bisa kapenak, nanging suksmane cilaka. Impene mung kerep-kerepe ana ing ngalas, guwa-guwa, jurang-jurang, kuwi besuk tumeka ing pati kesasar.
6. Pathokan yen nyuwunake tamba kanggo uwong lara: nyuwunake tamba sing wis dak tindakake/pangalaman sing dak titeni, bisa enggal waras, kuwi yen apa sing dicekel dhewe, dipangan dhewe, kanggo tamba akeh marine. Ana liyane pathokan iya kuwi, weruh barang mati tumempel ing barang urip, upamane: nyekel bal, bal kuwi barang mati tumempel ing urip, sing lara bisa waras lan urip (tambane bal mau).
Barang urip tumempel barang sing mati, upamane: weruh suket isih ijo tumempel ing plataran watu, weruh tanduran sing dijebol, luwih-luwih yen weruh barang mati/rusak, iku kabeh anggambarake sing lara ora bisa waras malah tumeka ing pati. Isih akeh banget conto-conto kanggo anggolekake tamba. Mula iya sing sok aneniteni, perlu kanggo pangalaman. Lara anggrantes bisa kepethuk Babuning waras, ora susahditambani sanalika bisa waras. Aku wis marambah-rambah, lara sing banget, kayata: lara malariya, mutaber (mutah berak) tekanan dharah tinggi, tekanan dharah rendhah, ora bisa nguyuh lan bebuwang, anggrantes kepethuk Babuning waras bisa waras. Mesthi bae usahaku sacara lahir mertamba menyang Dokter (Medis), ora kasil (jalan buntu), malah laraku sing keri kuwi kudune operasi, dak priksakake menyang Dhokter, dipriksa jare ana uci-ucine, mula ora bisa nguyuh lan bebuwang, aku iya mung sandika, jane ora wani yen nganti operasi. Pantoging tekad tinimbang dioperasi aluwung mati, apa yen operasi kuwi mesthi bisa waras.
7. Bab nyuwun jodho saka kodrate Rama Pran-Soeh angel, nanging iya bisa ana sing kasil.
Yen sing gampang, ora nyuwun jodho nanging bojo (bojo Kanggo urip bebarengan ana ing alam donya), dene jodho kuwi kangggo ing donya uga tumekaning akerat.
Yen loro-lorone padha katrima amarga setya-tuhu marang Rama Pran-Soeh, samangsa ditimbulake menyang ing donya kumpul dadi jodhone maneh iki arang-arang banget. Bisa antarane salah siji nrajang Angger-angger 11 (sawelas) larangan nomer siji utawa liyane, timbul ing donya ora bisa kumpul maneh.
Prayogane sapa bae sing arep duwe bojo, apike sawise nduweni wawasan sapa kang disir, kudu dislidhiki luwih dhi­sik, kapiye budi pakartine, turunne sapa, uwong tuwane kapiye budi pakartine, sing kudu dielingi (iki dhasar dha­wuhe Panjenengane Rama Panutan), iya kuwi ngenai BIBIT. BIBIT saka uwong tuwa sing nduweni lelara nular, lara edan/ayan, bunuh diri (nglalu), BIBITE ora apik, pangan­dikane Rama Panutan kuwi jenenge NIMBRAH. TIMBRAH bisa ilang, ora bakal tumurun marang anak maneh (warisan lela­ra/tindakan sing nistha) bapa lan biyung kudu padha ge­gulang ngelmu telung prangkat nganti bisa katam. Ngenani penuwunan golek bojo, pathokane mangkene: ngimpi weruh kewan apa tetuwuhan, sing sajinis kuwi jeneng diparengake, upama weruh sapi lanang lan wadon, uwit kram­bil jejer loro, nanging yen weruh sapi karo kebo, kram­bil karo wit jati, kuwi dudu calon bojone, aja diterusa­ke. Lan gambar-gambare ora apik (ala) iya aja diterusake. Panuwanan sing durung oleh dhawuh sing cetha kudu diambali, bisane oleh dhawuh cetha. Usaha golek bojo sacara lahir lan batin ditindakake aja mung nuruti hardaning Hawa Naf­su.
8. Kaanan ing alam donya, kubur lan akerat, aja dipadha, beda-beda kaanane. Ing Kubur lan ing akerat kuwi mung Kari roh (angin) cara gambar tivi/film, dadi wis ora mbutuhake kaya wadhage/ragane, isih mbutuhake mawarna-warna. Coba bayi sing ana ing kandhutane biyung, sing umur sangang sasi, nduweni raga, raga diparingi Roh iya kuwi suksma lan Nyawa, dadi wujud manungsa.
Kaanan ing alam Kubur luwih pepak tinimbang ing alam do­nya, ana kewan sing bisa ngomong/guneman, wit-witan bisa guneman, yen ora ngandel bisa nyuwun dhewe.

















***A***
Perangan 33 (Katelung puluh telu)
MATI SING BENER/SAMPURNA LAN URIP TUMIMBAL

1. Kaya wis kapratelakake ing dhuwur, manawa ngelmu kasuks­man telung prangkat, samangsa manungsa isih urip ing alam donya kena kanggo kabutuhane raga/wadhag, upamane raga lagi nampa ngelu mules, kasusahan, pepeteng, re­ribet lan liya-liyane, kena kanggo maneges/ nyuwun karo Rama Pran-Soeh. Samono mau yen wis usaha secara lahir ora kasil (jalan buntu). Kudune ora ana pitakonan, apa, piye, endi, kabeh mau mung anjagakake pitulungane/peparinge/pangayomane Rama Pran-Soeh.
Kang diarani mati sampurna, dudu mati musna ilang sara­gane (tanpa lari). Iya iku suksma sucine bisa ngadhep/jumbuh./kepethuk nderek Utusane Rama Pran-Soeh, kuwi sing diarani mati sing bener, sukur bisa sampurna ma­nunggal lan Rama Pran-Soeh (bali marang mula bukane). Ana ing tetembungan uwong ngomong, pancen gampang theori cara-cara/ ngandhakake mati sampurna. Kabeh pathi kuwi ana ngastane Rama Pran-Soeh, durung mesthi uwong sewu ana siji sing sampurna, salagine bisa jumbuh karo Utusane bae wis kanugrahan banget. Mangka ana ing donya durung tau nyinau bab ngelmu kasunyatan, durung ngerti blegreng jenggerenge sing arep didhereki, mangka Jim/Setan bisa malsu pas/memba warna wujud Utusan.
Wis dak sebut-sebut ing dhuwur marambah-rambah samangsa ana ing donya durung weruh besuk ana ing akerat maneh weruha.
Pangadilan calon suksmane nampa kabekjan apa paukuman ora ngenteni besuk-besuk, mendah olehe Atheng-kan­theng, coba uwong sing nunggu kencan ana ing donya, entena­na enggone si A, nganti pirang-pirang jam, sadina bae ka­ya ngapa rasane, yen nganti ewon tahun, apa ora melas. Pangadilan, tumrap uwong-uwong king dadi siswane Panje­nengane Rama Panutan, sarana wis padha disekseni batin, ing wektu manungsa tumekaning janji/mati, sanalika on­cating suksma lan nyawane, bisa oleh pangadilan, ener apa kesasar suksmane. Yen ana ing donya kakehan dosane, apa sathithik dosane, iki kabeh isih kandheg/kesasar, yen wis ora duwe dosa/resik dosane, bisa bener suksmane. (mati saka kersane Rama Pran-Soeh lan oleh timbalan sarana dhawuh impen sing walaka). Tumekaning pati (sakaratil maut) utawa yen ing pakeliran/ pewayangan tumeka ing perang barata yuda (perang tandhing).
2. Raga/wadhag kang wus mati dirukti dikubur/dipendhem ana ing pakuburan, bosok bali menyang bumi. Dene suksma lan Nyawa oncat saka ragane, tumeka ing alam Kubur; Nyawa ku­du katinggal ana ing kono, yen ora gelem mesthi dadi ke­kerengan, samangsa suksma kalah/kaseser kudu anggrantes nyu-wun pitulungane Rama Pran-Soeh, manawa kabul panuwune, Rama Pran-Soeh mesthi paring pitulungan sarana sanjata Pamungkas utawa sewu margane. Wasana suksma uwal karo Nyawa apepandom cahyane Rama Pran-Soeh nuju sowan/nga­dhep Utusane Rama Pran-Soeh.
Suksma kang kalah karo Nyawane ateges isih lengket/dadi siji karo Nyawane, mungguh pakartine iya kaya Nyawa, cara aliran listrik kalah gedhe stroome.
Suksma kang wus menang karo Nyawane diarani Suksma suci, wis ora katutan kotor/Nyawa, lan ora duwe rasa kaya ana ing donya lan alam kubur, bisane yen diosikake dening Rama Pran-Soeh, papane ana ing alam kuning.
Ana ing alam kuning ora katutan butuhing alam kubur lan alam Donya. Suksma kang wus bisa ngadhep/ndherek Utusane Rama Pran­-Soeh, ora mbutuhake apa-apa, anane mung ayem tentrem, de­ne suksma kang katrima bisa ditingkatake manunggal Ian Rama Pran-Soeh. Suksma kang wus manunggal/bali asal mu­lane (maune ora ana bali menyang ora ana) tegese NOL. Ana ing alam kuning/alam jumbuh bisa sawatara leren su­we, utawa banjur enggal dibalekake/tumimbal ing donya maneh. Samono uga sing wis manunggal kuwi iya gumantung ana purba-wisesane Rama Pran-Soeh.
3. Manungsa ora bisa mati sing bener/sampurna Manawa:
a. ora percaya babar Pisan marang Gusti Allah/Rama Pran­Soeh, tembung liya Atioos/atheis.
b. Wadhage/ragane eling, krasa lan rumangsa, yen urip iku ana kang nguripi, percaya marang Gusti Allah nanging ora gelem manembah, malah nduweni kapercayan saliyane Gusti Allah, kuwi diarani gempal kapercayane isih mangro tingal.
c. Wadhage/ragane wis eling, krasa lan rumangsa, uwis gelem nindakake manembah, nanging suksmane durung eling (durung krasa lan rumangsa) durung makrifat/durung mangerteni kasunyatan ana ing alam-alus.
d. Wadhage/ragane wis eling, krasa lan rumangsa, wis gegu­lang ngelmu telung prangkat, nanging durung bisa ka­tam, lagi oleh siji utawa loro, banjur ora gelem ne­rusake anggone gegulang, nrajang larangan NO.1 (siji), utawa liyane ing Angger-angger 11 (sawelas), murtat ganti kapercayan, mung nindakake sarengat bae, ora ngu­di makrifat.
e. Uwong sing wis katam ngelmu telung prangkat, malah wus dunungan pisan, murtat ganti keyakinan/piyandel ateges ngukiri batine dhewe.
f. Uwong kang wus katam lan uga wis dunungan mlanggar Angger-angger 11 (sawelas) bagean larangan N0.1 (siji) iya iku zina lan larangan liyane, ateges wis ora anggunakake kekatamane.
4. Manungsa bisa mati bener/sampurna manawa:
a. Uwong kang wus eling, krasa lan rumangsa manembah marang Gusti Allah nganggo keyakinan/piyandel apa bae, budi pakartine becik, lugas lugu, setya-tuhu marang Gusti Allah, netepi Angger-angger Agamane, nyingkiri larangan-2 bisa meper/nyegah Hawa Nafsune, sanajan durung meruhi ngelmu goib/kasunyatan, ateges ngundhuh pakarti becik.
b. Uwong wis katam lan uga wis dunungan, setya-tuhu marang Rama Pran-Soeh lan Utusane, netepi Angger-angger 11 (sawelas) 7 (pitung) prangkat kuwajiban lan 4 (patang) prangkat larangan. Anggone mesu sarira/tapa bratane digentur, kerep jumbuh Utusan lan ngalahake Nyawane, kerep oleh pusaka Gesang, mung meleng/mligi nyenyu­wun samangsa tumeka ing pati bisa bener/ndherek utusan.
c. Uwong sing durung katam, nanging setya-tuhu marang Rama Pran-Soeh lan Utusane, netepi Angger-angger 11 (sawelas) 7 (pitung) prangkat kuwajiban 4 (patang) prangkat larangan. Anggone gegulang ngelmu telung prangkat terus: nganti tu­meka ing janji/mati, tapa-bratane digentur, budi-pakar­tine becik, ngantepi keyakinane ora keguh ing piyandel/ keyakinan jarene besuk.
d. Uwong wis gegulang oleh siji utawa loro, setya-tuhu marang Rama Pran-Soeh lan Utusane, netepi apa dhawuh-dhawuhe Rama panutan, lan rerigene panyuluh, netepi Angger-angger 11 (sawelas), budi pakarti becik, ngantepi keyakinane ora murtat lan ora ganti piyandel/kapercayaan liyane.
5. Pakarti kita ana ing donya, iku bisa ndayani nemtokake pa­kartine batin/suksmane, mula kaanane suksma kita: ana ing alam alus iku angundhuh wohing pakartine badan wadhag, cethane mangkene:
a. Ana ing donya kita lali babar pisan/ora ngrembug kabu­tuhane suksmane/uripe, hasipat meneng kaya dene barang, suksma kita ana ing alam alus ora eling lan ora krasa rumangsa, uga hasipat barang.
b. Ana ing donya kita mung eling marang kabutuhan kelahiran /kadonyan, ana ing alam alus suksma kita iya mung mikir bab kadonyan.
c. Yen ana ing donya kita mung nuruti nafsu telung warna, ana ing alam alus suksma kita kerem/kalah iya kagodha pakartining nafsu telung warna.
d. Ana ing donya kita wis eling marang kabutuhaning suksma/urip, nanging ragane/wadhage durung bisa ngendhaleni/ngalahake nafsune telung warna, ing alam alus suksmane isih cinangkerem/kerem/kalah karo nafsune telung warna mau.
e. Ana ing donya kita wis bisa ngalahake/meper/nyegah naf­sune telung warna, ing alam alus, suksma kita bisa menang karo nyawane, yen pinaringan eling bisa babar walaka marang Nyawane mau, oleh Pusaka urip/Mukjijat, nganti bisa jumbuh Utusane Rama Pran-Soeh.
Ana ing alam Kubur/Antara, papane suksma kang kandheg/kesasar, ana ing paukuman/pasiksan, ana kang ora nganggoawer-awer, omah kang tanpa saka, dadi kewan galak/iwen, tanem-tuwuh lan liya-liyane.
6. Urip tumimbal/manjalma/reinkarnasi (cakra manggilingan), iya iku: timbal-tumimbal/sambung-sinambung/pindhah-pindhahing urip saka alam siji marang sijine, sarta saka maujud siji marang sijine. Raga mati suksmane ana kang kesasar/kandheg, ana ing paukuman/pasiksan, ana kang bener bisa ngadhep Utusan lan ana kang sampurna manunggal lan Rama Pran-Soeh. Urip saiki, wis tau urip sadurunge, wiwit jaman Nabi Adam run-tumurun, uriping uwong/manugsa mung cakra mang­gilingan, bal-tumim-bal/reinkarnasi. Sing diarani urip tumimbal iku dudu suksmane uwong kang wus mati banjur sumusup ing uriping manungsa kang ana ing donya iki, kena tak upamakake eleng jangkrik dile­boni gangsir, ora mangkono kuwi lakune. Kaanan kang kaya mangkono diarani kesarungan, kesurupan, kranjingan, ke­tempelan.
Lakuning suksma/urip, tumimbale mangkene: Suksma kang a­na ing alam akerat, utawa ana ing alam kubur/Antara/Geni pangresikan/ Kondhawaru/Perantunan, samangsa arep dititahake menyang alam donya, sarana/alelantaran kan­dhungan, hubungane priya lan wanita kang andon saresmi/akaron-sih, wiwit 21 (salikur) dina biyung wis krasa dhut-2, tumeka 32 (telung puluh loro) dina dienjingi/diparingi SUKSMA, tumeka 33 (telung puluh telu) dina lagi diparingi NYAWA, si biyung banjur kepengin warna-warna, umume di­arani nyidham. Ana ing kandhutan nganti tumeka diwasa 9 (sangang) sari lawase, banjur lahir jabang bayi. Bayi lahir sing wis duwe dosa kuwi bayi nalika ing kandhutane si biyung kaparingan suksma saka alam Antara/Ku­bur (suksma kang diukum) dene bayi lahir kang suksmane saka ing alam akerat kuwi suci (ora duwe dosa). Dosane sawise diwasa duwe melik nganti tumekaning pati. Bayi kang lahir wus duwe dosa, kuwi isih katambahan dosane maneh ing sajroning urip nganti tumeka ing pati. Perlu dadi pangertian, yen Utusane Gusti Allah, ku­wi ora duwe dosa (bebas saka dosa) sabab wis sinebut Sang Panebus Dosa/panglebur dosa.
Utusane Gusti AIlah, samangsa timbul ing donya marambah-rambah, tansah kelingan lelakon sawise.
Dene yen titah lumrah, bagean gedhe akeh sing ora kelingan. Bisa eling samangsa nyuwun karo Rama Pran­Soeh, kuwi bae yen kabul panuwune mung diparingi ngerti sa-alam. Urip tumimbal ana ing donya ora bisa ajeg mung gumantung budi pakartine (ngundhuh wohing pakarti).
7. Nalika Purwaning dumadi Gusti Allah nitahake manungsa salumahing bumi iki, sarana suksma lan nyawa anyar, ma­nungsa mau supaya urip bebranahan (bebojoan), uwong wadon sing ngandhut kuwi kaparingan suksma lan nyawa anyar (bayi kang padha dikandhut). Sawuse manungsa ing donya wis akeh sing padha ajal/tumeka ing janji mati, Uwong wadon sing isih urip, du-rung tumeka ing janji, bisa ngandhut, kuwi kaparingan suksma lan nyawane uwong sing wis padha mati lan iya ana sing kaparingan suksma lan nyawa anyar.
Uriping uwong mung cakra manggilingan (urip tumimbal). Uwong lanang yen tumimbal ing donya maneh tetep dadi lanang, nyawane iya lanang, yen uwong wadon tumimbal ing donya maneh tetep dadi wadon, nyawane iya tetep wadon.
Roh (suksma lan nyawa) kang kaparingake ing uwong wadon kang bakal ngandhut, ana sing Rohe uwong mati sing wis tuwa umure, ana sing uwong biyene ahli seni lan liya­liyane. Roh mau mengaruhi marang bayi mau, ana bocah sing wis seneng marang kesenian, gambar, lan liya-­liyane manut Roh sing diparingake biyen uwong ana ing donya kapriye budi pakartine lan kabisane. Utusane Gusti Allah, wus tak terangake ingarep, Utusane Gusti Allah kagungan Nyawa warna loro (Kakung lan putri). Manungsa kang dadi kewan kuwi anduweni suksma lan Nyawa, beda kewan sing asli, dudu panjalmaning manungsa, ora duwe suksma, mung duwe nyawa thok.
Dene ana uwong kang duwe anak kembar, kuwi diparingi suksma lan nyawa dhewe-dhewe.
8. Kanggo nemtokake luhur asoring drajade ana ing bebrayan samangsa ditimbulake ana ing donya maneh, kudu nye­lengi gawe ngamal, ambuh rupa tenaga, bandha, pikiran, kanggo kapentingan bebrayan/masyarakat, lung-tinu­lung, gotong-royong, aja dumeh dadi uwong sugih, dhu­wur pangkate. Ora bisa, uwong urip ana ing masyarakat dhewe tanpa anjaluk tulung uwong liyane.
Utusane Rama Pran-Soeh timbul ing alam donya warna-warna kalenggahane ana ing bebrayan, ana kang kesakit­-sakit, ana kang sugih singgih kajen keringan, ana kang ngasta panguwasa, ana kang kinuwasan, ana kang tilar Kitab lan muride akeh banget, ana kang ora tilar Kitab muride sathithik banget, lan sapanunggalane.
Kabeh mau saka pakartine piyambak-piyambak, ana kang ngebotake kabetahane pribadi, apa ngebotake tugas suci saka Rama Pran-Soeh.
Uwong sing ana ing alam donya budi pakartine becik/lu­hur, tumindak utama tumuju marang kasucian lan kea­dilan, amrih rahayuning/katentremaning kamanungsan lahir lan batin, ndayani suksmane bisa cinaket lan Utusane Rama Pran-Soeh. Samangsa katimbulake ing do­nya beda banget kaanane mungguhing bab kalenggahan sarta drajading kamanungsan ana ing bebrayan yen ti­nimbang uwong kang kabesturon batine lan uwong kang nistha sarta asor mungguhing budi-pakartine.
9. Suksma kang kesasar/diukum langgeng, suksma kang da­di kewan sing doyan daging kuwi tetep ora bisa dadi manungsa maneh samangsa tumimbal ing donya dadi ke­wan kang doyan daging (kewan galak).
Suksma kang dadi kewan, kewan mau dadi rewange manung­sa ana ing donya, bisa enggal dadi manungsa maneh, kayata: kebo, sapi, jaran, gajah lan sapanunggalane.
Kanggo mangerteni kewan kang isi manungsa, bisa sarana digubah/ disuwun, sejatine isine kewan mau.Tata lahir iya wis ana titikan-2, upama: asu saben dina Senen lan dina Kemis ora gelem mangan, yen dioso/disentak sanajan diadhepi pangan ora gelem mangan.
Wujude manungsa kluyuran turut pinggir dalan/toko/pa­sar, ngosak-asik wadhah uwuh ana godhong tilas wa­dhah sega/pangan didilati, turu saenggon-enrgon. Pangan kang wus dibuwang didheruki dipangan.
Manungsa kang isi Jim, wujude manungsa, nduweni watak drengki, srei, jail, seneng agawe sangsarare liyan.
Manungsa kang isine kewan (kewan galak), watake brangasan, kejem, tegel mateni uwong, kayata anane gali-gali, gedhor, begal.
Beda lan Angkatan perang sanajan mateni uwong, kuwi rak uwong mungsuh, arep ngrebut panguwasa Negara, arep njajah.





















***A***
Perangan 34 (katelung puluh papat)
DHASAR DHAWUH SAKA PANJENENGANE SUWARGI RAMA RPS. SASTROSOEWIGNYO

Katam kang resik
1. Katam ngelmn kasukaman telung prangkat kudu kanthi resik, iya iki kang diarani resik: Babar/meruhi Pusaka UriP/Cah­yane Rama Pran-Soeh/Mukjijat, yen ing pakeliran jenenge lenga Jayeng Katon, ora ana ing alam kang remeng-remeng, pedhut, udan, sing ora ana kukuse, utawa tembung liya abra marakata, lan maneh ora kaling-kalingan barang apa bae upamane: kaca, gedheg, lan sapanunggalane.
2. Utusane Rama Pran-Soeh (Suksma sucine Utusan) kudu kape­thuk/meruhi ora mung sapisan, kudu marambah-rambah, apese/sathithike ping pindho. Weruh kapethuke adhep-a­dhepan cedhak lete ora adoh, ora diungkurake, utawa mung iringe/saka ngiringan. Agemane kudu komplit, lugas lugu (bares/prasaja), ora maneka warna pating caloneh (kem­bang-kembangan, abang, biru, ijo lan sing ora nganeh­-anehi). Solah bawane ana sarwa-sarwi prasaja, ora ma­lang kadhak/malang kerik, ora angguyu, ora amemedeni. Rasane tresna asih paring pitulung, habudi luhur, junmbuhe ana ing papan kang wus ditemtokake dening suwar­gi Rama RPS.Santrosoewignyo iya iku:
Ana ing daleme Rama RPS.Sastrosoewigmyo kang lawas sacedhake kali Lamat iya kuwi ing Jagalan Munthilan. Ana ing Bale Suci Gedhoag Pran-Soeh. Apese ana ing omahe dhewe kang sineksen salah sawijining sakabat/ uwong kang wus katam, sukur oleh dhawuh/sasmita sing cetha. Alame padhang ora remeng-remeng ora mendhung lan ora udan.
Jumbuh kang resik iya iku ana ing alam kuning kang wis ora kapangaruhan pakartining Hawa Nafsu/kabutuhan kadonyan. Dadi mung mligi kepentingane suksma suci. Kapethuke kudu nganti rada suwe, kira-kira 1 (siji) menit sukur nganti suwe, bisa oleh pangandika lan dhawuh-dhawuh kang gegandhengan bab ngelmu telung prangkat, pokok ngenani kasucian, ora ana hubungane bab kadonyan. Rasane sawise tangi turu awake krasa waras, kaya ora mentas turu, mripat resik bening, ora ayub-ayuben, atine ora dheg-dhegan/trataban lan nalare rumangsa padhang ora judheg.
3. Babaring mungsuh (Hawa Nafsu/Nyawa/Setan), kudu weruh adhep-adhepan. Weruh raine kanthi cetha, ora mungkur, iringane, ora kaling-kalingan apa bae, ora ngilo ing pangilón utawa ing banyu weruhe kudu sing suwe ora mung sakeplasan. Katemune/jumbuhe/weruhe ngelmu telung prangkat mau kabeh kudu urip, ora kena yen weruh mati. Ngenani jumbuhing Utusan lan Nyawane ora dhong yen la­gi turu, kaya katerangan iki mau Jenenge durung re­sik, aja ditetepake yen wis kepethuk.

Garap coban/ujian/pandadaran
Sawise katam resik ngelmu kasuksman telung prangkat, ban­jur diparingi coban/pendadaran (diuji) dening Panyuluhe. Mungguh carane menehi coban mau kuda didhasarake endhek lan dhuwure tingkataning alame nalika katame. Sing tingkatane endhek, diwenehi coban supaya nggoleki kang jumeneng Hakim, angadili uripe/suksmane dhewe lan manungsa kabeh ing sadonya.
Coban kang umum/cukupan, supaya nggoleki kang momong suksmane/uripe manungsa kabeh.
Dene coban kang dhuwur, supaya anggoleki Roh Suci sadu­runge jagad gumelar, lan sadurunge Adam tumurun ing alam donya.
Lan bisa nggunakake coban liyane, upama: nggoleki: Juru slamet, Babuning waras, Juru Pitulung lan liya-liyane. Sawise babar coban kaya kang kasebut ing dhuwur mau, bis­a lagi ditetepake yen wis katam kang resik. Tumuli su­paya kataman. Saking bungah-bungahe yen dhasar ana/mampu bisa kembul dhahar sakancane/kadang golongan/tangga teparone.
Dhasar mundhi dhawuhe Rama, ora ketang sathithik ngang­go sega wuduk/gurih, ingkung pitik, orane endhok kang diolah sacara ingkung mau. Mungguh wigatine nganggo sega gurih lan ingkung mau, supaya Babuning Nyawa (Wahyu Sejatining Kakung/Putri ora ngrubeda/angganggu).
Dene yen pancen sekeng/ora duwe, kataman bisa sarana mbantu bot-karepotane tangga-teparone.
Dene yen pancen ana/dhuwe, bisa caos pisungsung arupa dhuwit dilebokake ing Pethi Bakti kang wis disedhiyakake ing Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh. Pisungsung sathithike/en­dhek-endheke Rp.1000 (sewu rupiah) sukur bisa luwih, kuwi luwih prayoga.
Dhuwit pisungsung, mengkone kanggo kapentingan tambal-sulam/ngapikake bangunan Bale Suci, Yen Suwargi Rama tau andhawuha­ke pisungsung sapresene pametune ing sajroning sesasi. Ajining dhuwit kalarasna karo kaanan/perubahan jaman.

Ngarepake nindakake dunungan
a. Wektu arep nindakake dunungan, kudu diangkah padhang bulan purnama, saora-orane iya suasasana sing padhang, ora grimis/udan. Langit katon resik, ora ana mega/mendhung sathithik-sathithika prayogane iya ing wektu mangsa ka­tiga.
b. Papane kanggo dunungan sabisa-bisa mapan ana ing Bale Su­ci, ana ing plataran saelore sumur Jala Tundha, cedhak karo Tlaga Maharda, perlu caos bekti marang suwargi Rama Panutan kang diarani ziarah. Lan iya bisa papane mau sarana disuwun marang Rama Pran-Soeh kaparenge ana ing ngendi.
c. Sing arep ndunungake lan sing calon didunungake kudu padha nyuwun bisane oleh pepadhang, bisaa slamet ang­gone dunungan lan bisa dumunung.

Tumapake arep nindakake dunungan
a. Sing arep ndunungake lan sing arep didunungake, kudu padha adus kramas.
b. Wayahe arep ngayahi dunungan: diwiwiti jam 11.00 u­tawa jam 12.00 nganti sarampunge. Dunungan diklompok-klompok/dibage aja nganti kakehan uwong, amrih bisa dumunung. Digawe uwong lima bae sapi­sanan, kaping pindho kaping telu sateruse nganti bi­sa rampung kang didunungake. Ora rampung sawengi iya bengi candhake. Waktu sadurunge tumeka Jam dunungan aja padha turu dhisik, ngantuk iya ora kena.
C. Dunungan uwong lanang lan uwong wadon kudu pilah, uwong lanang sing ndunungake kudu iya lanang, yen uwong wadon iya kudu wadon, kena uwong wadon kadunungake dening uwong lanang, sing ndunungake bojone dhewe.
d. Sawise kabeh wus anindakake kuwajiban kasebut ing dhu­wur, banjur budhal/mangkat nuju papan dunungan, diatur sing tumata.
Papan kang arep kanggo dunungan mau kudu diresiki luwih dhisik/disaponi, lan dilemeki/dijerengi nganggo klasa. Pokok sarwa-sarwi kudu resik, ora mung lahire sing kudu resik iya batine pisan.
e. Patrape padha lingguh sila, ora jigang lan ora ndhodhok utawa ngadeg. Anggone madhep arahe/ngener Bale Suci/Pasareyane Rama Panutan.
f. Nuli padha sembahyang dipimpin dening Pendunung salah siji, kanthi panuwunan: nyuwun wilujeng lan pepadhang sageda anggenipun sami dunungan saged dumunung dha­teng sadaya ingkang sami tumut dunungan.

Tumapake arep nindakake dunungan (Miwiti ndunungake)
1. Pendunung lan sing arep didunungake lungguhe adhep-­adhepan.
2. pendunung wiwit nerangake yen mung sadrema dadi le­lantaran ndunungake ngelmune Rama Pran-Soeh kang ka­ampil dening suwargi Rama Panutan.
3. Niti priksa marang sing arep didunungake, kapriye ke­katamane ngenani ngelmu telung prangkat, lan cobane apa bener-2 wis babar kanthi resik temenan.
4. Yen wis tinemu cocog resik, si Pendunung menehi sumpah keyakinan, wedharan, wisikan. Dene wisikan kuwi, diwisikake ing kuping sisih kiwa, kanthi suwara kang lirih-lirih.
5. Nampa gadhuhan Pusaka Ismu Giris. Gunane Ismu Giris kena kanggo kapentingan kang perlu banget, sarana diwatak/diapalake kabatin lan ngampet ambegan.
Patrape nglepasake pusaka: Driji tengah panunggul ta­ngan kang sisih kiwa mijet/menet iga wekasan kang si­sih kiwa, driji tengah/panunggul tangan tengen mijet/menet otot gedhe ing gulu sisih kiwa.
Yen arep nglepasake kudu duwe panyuwunan mangkene:”Dhuh Rama Pran-Soeh kawula nyuwun pangapunten lan ka­wula nyuwun ngampil gadhuhanipun Pusaka Ismu Giris kagunganipun suwargi Rama Panutan, badhe kula ta­makaken,,,,,,,,,,,,,(apa kabutuhane/kaperluane).”
Dene yen wektune nylepeg/mepet/kesusu, ing wektu iku uga kudu katamakake, cukup njumenengake, dene cara­ne: jempol tangan tengen mijet/menet keketeg ing pagelangan/pols tangan kiwa.
Upamane anggota badhan ana sing ora sampurna (cacat ) ora duwe tangan kiwa lan tengen, mesthi bae ora bisa nindakake ing samesthine, cukup kabatin lan kadamokake/dikempusake rambah kaping telu.
6. Kanggo tulung uwong kang arep babaran, amarga suwe anggone anglahirake ora bisa lahir-lahir kanthi gampang (rekasa anggone arep nglahirake) lan wis ken­tekan kekuwatan, tur isih sadulur/waris/sanajan dudu sadulur iya kena jenenge aweh pitulungan. Sadurunge nglepasake nduweni panuwunan kaya kang ka­sebut ing dhuwur, cukup kabatin dikempusake/didamoka­ke ing bun-bunane sing arep duwe bayi kaping 3 (telu). Dene yen kanggo tulung uwong liya kadamoka­ke ing banyu supaya diombe lan diklomotake wetenge.
7. Petak bolak-balik bokmanawa ana fitnah kang namani, supaya pinaringan slamet ora tumama. Driji tengah/ panunggul tangan tengen mijet iga wekasan kang sisih kiwa,driji tengah/panunggul tangan kiwa mijet otot gedhe ing gulu sisih tengen.
8. Petak perjuwangan.
Carane: nganggo dikantheni dupa-ratus, iya iku menyan lan walirang dilembutake lan dicampur.
Anggone nindakake: Driji tengah/panunggul tangan kiwa, mijet iga wekasan sisih kiwa, tangan tengen nyekel dupa ratus lan ngadhep mawa/geni, nuli matek, sawise ang­gone matek rampung, dupa-ratuse nuli kajegurake ing geni mau. Bebarengan nyemplungake dupa-ratus karo ngempusa­ke rambah kaping telu. Dene arepe/adhepe manut sing di­tuju/diener.
9. Kanggo kabutuhnn nyuwun rejeki, kanggo uwong sing kan­dhas banget/rekasa panguripane, wis ora bisa mangan ajeg ing saben dinane.
Carane: Nyandhang menganggo sing ganep/macak. Dene tu­mapake arep petak, driji tengah/panunggul tangan kiwa mijet/menet iga wekasan kang sisih kiwa, epek-epek tangan tengen nepak/menet embun-embunan.

KATERANGAN

a. Kabeh unen-unening/katerangan ngenani dunungan kudu sarana lirih-2, ora diparengake seru-seru.
b. Namakake Pusaka ing sadurunge ditemtokake, kudu tapa­brata luwih dhisik, cara gamane diasah kareben lan­dhep. Sabab nglepasake Pusaka iku murba Nyawane, dadi yen ora ngendhaleni Nafsune iya paribasan bedhil kopong, macan ompong (ora temama), cara pethele pe­truk bali ngenani awake dhewe (senjata makan tuwan). Dhawuhe Rama Panutan Suwargi yen arep cespleng Pu­sakane iya iku: ora kena ndumuk/nyekeli kemaluane ing sajeroning 1 tahun, kudune iya sarungan, utawa terserah janji ora nyekel kemaluan, lan ora pareng mangan ketan upamane: juwadah, lemper, reginang lan liya-liyane panganan sing bahane saka ketan.
c. Pusaka ora kena kanggo sembarangan, ditamakake marang apa bae, cara keris mung kanggo nyuduki wit gedhang ora ana tegese/paedahe.
d. Ngapalake dunungan ora kena ana ing sajeroning o­mah (jeron wangon) kudu ana ing jaban omah (jaban wangon).

Bab kedut

Keduting anggota badan kiwa lan tengen, kajupuk saparo brebet, wiwit tengahing irung mudhun.
Yen keduten ing sisih kiwa iku apik/becik, dene ing sisih tengen ora apik/ala.

F i r a s a t

Manuk gagak kang nyuwara gaok-gaok, suwarane nganti nem­bus ing ati, wahana ora apik, bisa ana sripah/kepaten. Cecak nibani anggotaning badan, utawa tiba ing nga­repe, bakal kasripahan ahli warise.
Manuk prenjak Muni ganter-ganter, papan ngendi anggone Muni, apa lor ngomah, apa kidul, ngendi keblat papat, bakal ana tamu teka. Lan isih akeh firasat/sas­mita-sasmita liyane, kanthi dhasar nyuting ati, duwe karep arep lungan nduweni rasa gojag-gajeg, sida mang­kat/menyang apa ora, yen ana rasa mangkono, prayogane ora sida bae.

K A T E R A N G A N

1. Tata-tertib dunungan iki mung kanggo Para Pendunung. Dene uwong sing katam iya bisa maca, yen durung ka­tam macaa iya ora ana kanggone.
2. Uwong wadon kang lagi ngandhut ora kena didunungake, kalebu si Pendunung yen dhong lagi ngandhut iya aja ndunungake.

























***A***
Perangan 35 (katelung puluh lima)
PRANATAN SALAKI RABI IYA IKU NINGKAHAN LAN PEGATAN

Kaya kang wus kita mangerteni manawa salaki-rabi/bebo­joan iku dadI kabutuhane ngaurip sawise kita diwasa ing ngumur. Kalayan hangelingi pathi-sarining Angger­angger 11 (sawelas) apa dene an-dhasarake dhawuhe Ra­ma Pran-Soeh, mungguhing bab perkawinan iya pranataning salaki-rabi/bebojoan (ningkahan lan pegatan), Panje­nengane Rama Panutan RPS.Sastrosoewignyo andhasarake kaya kang kapratelakake iki:
1. Wigatining bebojoan utawa neningkahan
kita kabeh wajib mangerteni bebojoan utawa neningkahan iya iku katujokake kanggo:
a. Ngestokake apa kang kinarsakake Rama Pran-Soeh, saora-orane mbudi-daya amrih nyaketi apa kang di­dhawuhake.
Bebojoan/neningkahan iku ora kena digegampang yen kongsi kaleru prasasat nampa pasiksan, kosok bali­ne yen bener ateges nampa kabegjan lan katentreman lahir batin.
b. Murih bisa munfangati/migunani marang uwong sakeloron (lanang lan wadon). Kita bebojoan melik kaun­tungan/piguna warna-warna iya iku rewang gen­dhon-rukon anggayuh kabutuhan lan idham-idhama­ning urip kita, luwih-2 kang gandheng lan kodrat careming nafsu lanang lan wadon, kang uga andayani Katentremaning uripe.
C. Murih bisa agawe sehat/saras lan kemajuaning tu­run. Miturut kodrating ngaurip padha ngudi lesta­rining uripe lan sawise ajal/mati, bisa nyambung sejarahe uwong tuwane, mula padha mbutuhake anak­turun. Anak-turun kita kajaba nyambung sejarah uga bakal nerusake idham-idhamane uwong tuwane. Iki kabeh bisa kaleksanan samangsa anak-turun ki­ta bagas-waras lan maju ing sakabehe (jasmani lan rohani). Bebojoan kang ora tumata, brancuh apa maneh rusuh mokal bisane saras lan gawe kemajuane turun.
d. Murih bisa mujudake tata-tertib lan katentremaning be­brayan, sabab uwong bebrayan lan katentreman iku kabeg­jan kang ora bisa kabandhingake. Ora tumataning perka­winan, akehing laku bandrek zina, laku bedhang, pela­curan, ngogak-ogak turus ijo, lan sapanunggalane mesthi ora agawe tentreming bebrayan, awit bakal timbul sigen-sigenan, jubriya panasten, padudon, sulaya, dhen­dham, laku siya lan pepati. Katentremaning bebrayan iku akeh banget sarat-saranane, kagawa saka warna-warna kang nyebabake, mula bebojoan mung mujudake sumbangan dadi ora mokoki lan nemtokake ing sakabeh-kabehe.
e. Tujuan liya-liyane kang maedahi bebrayan. Saka dayaning bebojoan angrukunake kulawarga saka lanang lan wadon lan ngundhakake santosaning bebrayan. Saka dayaning be­bojoan angundhakake jiwa, yen wis tumata mbudi-daya nga­kehake penghasilan/wulu-wetu, ndayani karah-harjaning bebrayan. Lan isih akeh liyane pigunaning perkawinan tumraping bebrayan.
2. Sarat rukuning bebojoan/neningkahan kaya kang kasebut ing dhuwur (a,b,c,d,e,) kudu hangelingi kaya kang kase­but iki:
a. Kadang golongan kang wis katam, yen arep bebojoan kudu nyadhong dhawuh/nyuwun karo Rama Pran-Soeh, sapa kang calon dadi bojone. Olehe nampa dhawuh kudu cetha, sanajan nglonthong, sukur walaka. Jodho kuwi pancen angel, nanging yen anggrantes te­menan iya bisa, jodho saka paringe Rama Pran-Soeh, bisa pisah kumpul, gumantung tekade/keyakinane u­wong sakeloron anggone ngrungkebi/setya-tuhu tansah eling marang Rama Pran-Soeh anggone manembah, samang­sa urip tumimbal bisa dadi bojone maneh. Nanging yen salah siji lali utawa sakaro-karone Pisan lali iya ora bisa kumpul maneh, ateges pisah. Samangsa sakaro-karone eling mertobat, banjur manembah marang Rama Pran-Soeh bisa bali kumpul maneh. Sakaro-karone mau ora cukup mung eling lan mertobat bae, nganti bisa katam Ngelmu telung prangkat samangsa tumekaning pati suksmane bisa bener.
Kanggo kadang golongan kang durung katam, saora-ora­ne nyedhaki saka karsane Rama Pran-Soeh, yen arep bebojoan bisa nyuwun dhewe, impene disuluhake marang Penyuluh, utawa njaluk tulung marang sadulur kang wus katam.

PATHOKANE GOLEK/NYUWUN BOJO

Ngenani bab jodho wus dak terangake ing dhuwur ora gampang/angel, mula umume iya bojo bae, yen umum nga­rani jodho kuwi wis dadi istilah lumrah/biasa dianggep saben uwong oleh sisihan/urip bebrayan wis kinodrat dadi jodhone (wis saka karsane Gusti Allah), nganti
ana bebasan "Asam di gunung, garam di laut, bertemu di belanga”. Mula amrih cethane katerangan bab golek bojo aja mung andhasarake cara kelahiran bae nanging uga saka batin. Sadurunge diambah sacara batin/disuwun, lahir kudu wis duwe inceng-incengan/sing disir sapa, dislidhiki mung­guh budi-pakartine, sing penting turune sapa/anake sapa, nganti tumeka embahe, embah buyut (lanang lan wadon), nduweni tumindak sing kapiye, bisa terkadhang bocah wadon mau tumindake nasar, bareng arep ana sing nge­sir banjur dipulas kaya-kaya bocah sing lugas-lugu. Mula sing tliti temenan aja mung kapencut ing rupa. Yen wus dislidhiki temenan, lagi disuwun, aja banjur tumindak grusa-grusu, ngesir bocah wadon terus se­neng ora dislidhiki luwih dhisik, terus njaluk tulung menyang sadulur katam supaya nyuwunake.
Dene panyuwune mangkene:”Dhuh Rama Pran-Soeh lare ingkang nama anakipun…... dados kaparengipun Rama Pran-Soeh punapa boten dados sisihan/simah kula.

IMPEN SING ORA DADI KAPARENGE RAMA PRAN-SOEH

Weruh kewan utawa tetuwuhan sing ora sajinis, upama: weruh sapi lanang lan kebo wadon, wedhus gembel lanang karo wedhus jawa wadon, manuk dara lanang lan manuk deruk/puter wadon, lan liya-liyane.
Ngenani tetuwuhan: weruh wit gedhang jejer karo wit randhu, wit krambil jejer karo wit pelem, wit jati jejer karo wit maoni, mangkono sapiturute.
Impene mung kasasar-sasar ana ing alas, pinggir sagara, jurang-2, pasar, alame peteng dhedhet, papan sing kotor-­kotor, mbarang wirang (mlaku turut dalan mung kathok sing dianggo), menganggo sing wis amoh, pokoke impen sing ora prayoga/ala.

IMPEN SING DADI KERSANE/KEPARENGE RAMA PRAN-SOEH

Weruh kewan utawa tetuwuhan kang padha jinise, upamane: Sapi lanang lan sapi wadon, kebo lanang lan kebo wadon, weruh wedus gembel lanang lan wedhus gembel wadon, we­ruh manuk dara lanang lan manuk dara wadon, weruh wit gedhang jejer loro, weruh wit krambil jejer loro, weruh wit jati jejer loro mangkono sapiturute. Iki dhawuh sing awujud lapal. Dene sing cetha iya iku weruh bo­cahe sing diesir/dikarepake ana ing alam padhang (a­na pusaka urip).
Krungu dhawuh/nampa dhawuh senajan nglonthong, sukur yen walaka, upamane dhawuh mau mangkene:”si ... kena dadi bojomu.” Dhawuh sing cetha kaya sing tak terangke iki, kena diarani jodho saka kodrate Rama Pran-Soeh. Nyuwun ngenani jodho ora mesthi bisa oleh dhawuh wala­ka, mulane dhawuh-dhawuh sing awujud lapal sanajan durung kodrate saka kersane Rama Pran-Soeh nanging wus diparengake dadi bojone kena diajak urip bebrayan ana ing alam donya.

SYARAT RUKUNE BEBOJOAN/NENINGKAHAN KUDU HANGELINGI PRAKARA IKI
a). Antarane si lanang lan si wadhon kudu dudu sadulur tung-gal bapa utawa tunggal biyung, dudu anak karo bapa utawa biyunge, sabanjure dudu putu karo embahne. Sarat rukune iki perlu diestokake, kanggo kesusilaning urip, kanggo ambedakake kalenggahaning manungsa karo sato kewan. Kajaba saka iku perlu kanggo njaga tumata lan ka­tentremaning kulawarga/brayat apa dene kanggo nyegah tuwuhing lelara katurunan warna-warna, luwih-luwih kang kadayan saka getih kang reged/ora sehat lan ngemu lelara.
b). Sakaro-karone (lanang lan wadon) kelayan sucining ati­ne, nyata-nyata wis padha rujuk saeka praya. Sarat ru­kun iki kanggo njaga aja kongsi bebojoan kang pineksa (kawin paksa) mung didhikte marang uwong tuwa, lupute ora lestari/kagol, gela, lestariya ora bisa tentrem uripe, malah akeh bae kang rumangsa siniksa.
Yen bebojoan saka pamilihe lan karepe dhewe, kanthi prentuling ati suci, ora pineksa dening uwong liya mung kudu manut apa prentahe/sing dikarepake, bisa ga­we lestari lan marem tentreming atine, sanajan kataman /nampa lelakon kang kepriye bae ing tembe burine ora ngluputake marang liyan (uwong tuwane).
c). sakaro-karone (lanang lan wadon) wis padha diwasa ing umur, lanang sathithike wis umur 20 tahun, wadon sa­thithike wis umur 18 tahun. Sarat rukun iki wigatine kanggo kasarasaning turune lan uga marang kesarasane dhewe. Kena diumpamakake nenandur sing wijine isih e­nom, samongsa thukul mesthi ora bisa subur/ringkih, gam­pang banget ketaman ing ama/ lelara, uwong wadon kang durung diwasa banjur kadereng urip bebrayan/bebojoan, samongsa ngandhut ndadekake ringkihe badane, tumeka duwe turun/ anak, anake iya dadi ringkih. Uwong bebojoan ing tembe burine bakal nanggung-jawab bale-omah, nang­gung bojo, turun lan sapa-nunggalane, kang ora mung tansah njagakake marang uwong tuwane.
Manawa durung dewasa, durung bisa duwe pangerten lan tanggung jawab kang cukup tumrap bale-omah.
d). Sakaro-karone (lanang lan wadon) kudu padha dene legan utawa lamban, iya iku padha durung/ora duwe bojo. Sarat rukun iki digawe haking lanang lan wadon padha, ajen ingajenan, tumraping uwong bebrayan/ gendhon rukon iku da­di dhasar pokok, murih lestari lan keslametane. Sarat­-rukun iki kanggo nyegah aja kongsi kedadeyan wayuh la­nang utawa wayuh wadon tembunge liya poliandri lan poligami, sebab perkawinan kita kudu lanang wadon siji karo siji (monogami).
e). Sakaro-karone (lanang lan wadon) sabisa-bisa kudu oleh pambiyantuning para ngatuwane/waris cinakete uwong sa­keloron kang nanggung marang dheweke, ora mbedakake la­nang utawa wadon, sauga wis dewasa ing umur, sarta sehat pikirane.
Sarat-rukun iki hangelingi manawa uwong tuwa/waris bakal kepopohan/ tanggung jawab marang anak, bisaa a­nak tembe burine bisa urip sing mulya lan oleh ketentreman lahir lan batin, wiwit tumapaking gawe tumekane ludhang gawe.
Ewa samono sarat-rukun iki sanajan perlu, ora meksa, lan ngudokake, awit kang luwih perlu iku kang arep pa­dha nglakoni bebojoan/rerakyatan.
f). Nyukupi sakabehing syarat-syarat kang ditemtokake dening Pamarintah, apa dene Pemimpin Agama/Kepercayaan kang dianut, kanggo ngabsahake perkawinan/bebojoan. Sarat rukun iku kabeh amrih kaleksananing neningkahan bisa tumata kanthi tertib, nganti bisa oleh tandha bukti kang kuwat, iya iku layang ningkah/kawin kang diteken panganten sakarone, disekseni uwong loro lan tamu tamu kang padha ngrawuhi ijaban mau.
3. Manawa kita naliti jiwaning Angger-angger 11 (sawelas ) tetela manawa pegatan iku ora prayoga, yen bisa bebojo­an sapisan dadi, bisa nganti kaken-kaken lan ninen-ninen. Sanajan mangkono hakayakinan uga ananing bab-bab kang maneka warna, alasan kang maton lan perlu banget kang nganti kapeksane dadi jalaran ananing pegatan, mula karana iku pegatan kapeksa kaidinake, samongsa ana se­bab kang maton lan kuwat temenan, kayata :
a) Salah sawiji utawa karo-karone pisan (lanang lan wa­don) nerak utawa ngrusak Angger-angger 11 (sewelas ) ateges nyulayani kuwajiban lan nrajang larangan, ganti agama/kepercayaan, ora tresna anak bojo, bandrek jina lan sapanunggalane.
b) Rumangsa kapethet banget mungguhing pepenginane, sarwa mung gela lan cuwa ora bisa kasembadan, nganti ora duwe kamardikan/ora oleh kalonggaran lan sapanunggalane.
c) Angganggu kasehatane awake lan anak-turune. Bab iki salah sawiji utawa karo-karone ketaman lelara turun­an/nular, kayata : "lelara ayan, lara edan, getih kang kotor, paru-paru, apa dene lelara liyane samongsa lanang lan wadon kumpul, andayani kumat larane, anggelisake tumekaning ajale/ patine."
d) Angganggu tata-tertib sarta katentremaning bebrayan, embuh sulaya tukar padu, memungsuhan, dadi uler/weri, durjana, grayak, kang njalari wirang banget, apa de­ne pakewuh yen katundhung/sinibratake winales ing akeh, kembet saka pakartine sisihane / bojone.
e) Sebab liya-liyane kang njalari rumangsa kapitunaning uripe karana anggone bebojoan. Contone: lanang wa­don tansah padu-don, sigen, muna-muni, tindak-tanduk ora meneri, tansah kabilaen/kasangsaran; ora duwe turun, panguripane tansah kecingkrangan, ora tentrem uripe.
4. Kanthi hangelingi sebab-sebab kang kacetha ing a.b.c.d. lan e kang kapretalakake mau kabeh, samangsa salah sawiji utawa karo-karone padha ora narimakake, salah sawiji utawa karo-karone pisan padha wenang njaluk pegat utawa megat, sarta padha kanthi rilaning ati, amenehi pegat kosok baline kudu kanthi narima anampa pegat. Wondene tumrap menehi lan diwenehi pegat antarane lanang lan wadon hak wewenange padha.
Pegatan iku urusane/tanggung jawabe uwong sakalorone sing padha bebojoan, bisa kaleksanan pegatan lan ora sida pegatan. Sanajan ana bab-bab kang wigati kang bisa dadi alasan njaluk pegat, utawa menehi pegat, samongsa sing bebojoan padha narimane kelakon ora sida pegatan. Uwong tuwa/waris, pemimpin Agama apa maneh uwong liya, ora kena ora narimakake, luwih-luwih megatake.
Uwong kang disulayani dening bojo kang rumangsa dirugekake kebutuhane, dheweke nduweni hak wewenang megat, dadi dheweke njaluk pegat, iku ateges nglonggari/nge­mong, malah kaya dene aweh pepeling marang bojone. Sarehne bab wewenange antarane lanang lan wadon padha, dadi ora mung uwong lanang bae kang wenang megat, uwong wa­don uga duwe hak wewenang megat uwong lanang, tembunge liya emansipatie wanita.
5. Bebojoan aja mung melik sugih bandha, pangkat dhuwur, darah/ningrat, lan ora secara kasta/klas-klasing manung­sa/golong-golonganing manungsa, bisa anake uwong mlarat oleh anake uwong sugih, anake uwong tani oleh anake pe­gawe, anake uwong sing ora duwe titel/darah bisa oleh putrane uwong sing darah. Sing pokok kudu ndhasarake dhawuhe Rama Pran-Soeh. Mula pranatan salaki-rabi ning­kah lan pegat iki kena kanggo pandoming ngaurip bisaa oleh katentreman lahir lan batin.
Bab pegatan, umume ana ing pranatan salaki rabi ningkah lan pegat ora padha nyarujuki ananing pegatan.
a) Kaya kang kita sumurupi, umume uwong kang pegatan embuh pegat mati, embuh pegat urip, padha kepingin bebojoan maneh, bab iku uga kaparengake, nanging wajib ngelingi apa kang kapratelakake iki
1) Uwong-uwong kang padha pegatan bisaa padha balen/rujuk/ningkah tilas bojone dhewe maneh, sebab wi­gatining keluarga, aja nganti kebacut pedhot/pisah anak turune, lan tumrap raja-darbeke. Mula bab ba len/rujuk, sarate kagawe luwih entheng yen tinim­bang ningkah dudu tilas bojone dhewe.
Mangkono uga ora winatesan kaping pira hak wewenange balen/rujuk /ningkah tilas bojone dhewe mau, sanajan mangkono kudu tansah netepi pranatan ningkahan lan pegatan apa dene ngelingi kasusilan lan luhuring budi pakarti.
2) Bisaa balen/rujuk, samonngsa layang pegat mau bisa tumindak sathithike sajroning 30 (telung puluh) dina.
3) Tumrap uwong lanang kang tininggal mati (sing wadon) iya iku pegat mati, bisa bebojoan maneh sebakdane 110 (satus sepuluh) dina saka ge­blage sing wadon. Mangkono ugo tumrap uwong wadon kang tininggal mati bojone (sing lanang) samangsa ora pinuju meteng/ ngandhut, bisa bebojoan maneh sabakdane 110 (satus sepuluh) dina, dene yen lagi ngandhut, kudu sabakdane nglairake jabang bayi (lahir mati utawa urip) bayi umur 110 (satus sepu luh) dina.
4) Kanggo pegat urip, wong wadon kang ora pinuju ngandhut, bisa bebojoan lan uwong liya, sabakdane layang pegat wis tumindak sathithike sajroning 90 (sangang puluh) dina, dene kanggo uwong lanang iya padha.
Uwong wadon kang lagi ngandhut pegat mati, bisa jejodoan maneh sabakdane ngahirake jabang bayi (lahir mati utawa urip) bayi umur 110 (satus sepuluh) dina.
Bab iki wigatine kanggo nemtokake turun-talering bapa, apa dene ngelingi tata susilaning ngaurip.
5) Panjenengane R.P.S. Sastrosoewignyo almarhum/suwargi, amarengake pepacangan antarane calon penganten lanang lan wadon, nanging ora amajibake/ngudokake. Kaparengake papacangan awit pancen ana pigunane, dene ora kawajibake uga ana bab-bab kang kurang pra­yoga. Wektu papacangan bisa nyatitekake watak-wan­tu./budi pekerti siji lan sijine, bisa ngipuk-ipuk dhedheran rasa katresnan antarane lanang lan wadon perlu banget kanggo urip ing tembe burine/sabanjure. Dene kurang prayogane kerep kadadeyan bab-bab kang murang susila, sarta yen ana wurunge ningkahan, ga­we rugining sakabeh-kabehe. Mula pepacangan kaparengake, samongsa karo-karone padha netepi/ ngrung­kepi-kesucian, uwong tuwane uga tansah gedhe panjagane, prayogane pepacangan aja nganti kesuwen. Kajaba saka kuwi panjenengane Rama Panutan uga amarengake anane kalumrahan kang tumindak ing ngendi bae, uger ora sulaya/cengkah lan pranatan salaki - rabi iki, apa dene ora andhasarake kepercayaan/keyakinan agama apa bae. Upamane: anane singsetan/tukar cincin/alih kalpika, aweh pisalin, urun ra­gad perkawinan lan sapanunggalane. Nanging yen a­na cara-cara kang beda, iya iku hak kang padha antarane lanang lan wadon dilanggar, iku ora kaparengake. Uwong lanang ambruk lan ngengeri uwong wadon, uwong wadon angunggah-unggahi uwong lanang nukoni, srah-srahan lan sapanunggalane kang anggambarake ana salah sawiji kang rumangsa kapeksa, yen tanpa sarat-sarat iku mau ora dadi kersane Panjenengane Rama Panutan.
Panjenengane Rama Panutan andhawuhake, yen bebo­joan iku dudu karepe salah sawiji, nanging saka karepe uwong loro (lanang lan wadon), kabeh nganggo srah-srahan, mas kawin lan pitukon, iya iku nganggo Angger-angger 11 (sawelas).
Sanajan mangkono Panjenengane Rama Panutan kapek­sa marengake kanggo paring pemarem marang sakaro­-karone (lanang lan wadon) padha nganakake perjan­jian dhewe, uger ora cengkah karo sarat-sarat perkawinan. Perjanjian mau perlu kanggo nyaketake kaanan kelahiran kang banget bedane.
6. Panjenengane Rama Panutan wanti-wanti andhawuhake, nganti sinerat ing surat Wasiyat, iya iku nglarangi "IJAB ROH". Ijab roh iku ningkahan uwong wadon kang pinuju meteng/ngandhut. Sawise diijabi, uwong wadon mau ora da­di bojone, mung ngijabi ROH sing dikandhut mau, mengko­ne lahir mati utawa urip diaku dadi anake. Neningkahan kang uwong wadon wis meteng/ngandhut dhisik, prasasat ngidini laku jina, iya iku tumindak kang kabendon lahir batin dening Rama Pran- Soeh, mula dadiya pepenget, tu­mraping uwong lanang utawa wadon aja nganti mlanggar Angger-angger 11 (sawelas) larangane NO-1 (jina).
Yen arep bebojoan sabisa-bisa sing nunggal keyakinan, dene kepeksa beda iya kena, gumantung sing arep nglakoni, yen beda keyakinan/ Agama, amrih ora ngorbanake piyan­del, bisaa ijab B.S. (Pencatat sipil), poma dipoma yen bebojoan kudu karo uwong kang precaya Gusti Allah (Rama Pran Soeh). Kita kabeh dadi warga Negara Indonesia kang adhedasar Pancasila. Sila kang kapisan wis nyebutake Ketuhanan kang Maha Tunggal (Ketuhanan Yang Maha Esa). Kadang golongan kudu percaya anane Gusti Ingkang Maha Tunggal.

PEPELING
Pranatan salaki-rabi ningkah lan pegat, kudu diestokake temenan aja dilanggar, yen dilanggar ateges wis padha bae ora setya-tuhu marang Rama Pran-Soeh, kosok baline yen pa­dha ambangun miturut/netepi ateges setya-tuhu marang Ra­ma Pran-Soeh bisa andayani tentreming lahir lan batine.



***A***
Perangan 36 (katelung puluh enem)
PRANATAN HANGUWASANI/HAMENGKONI RAJA-DARBE, DONYA-BRANA SARTA PAMBAGENE AMAL-WARIS

1. Kita kudu hangelingi paugeran/watone ngaurip ana ing alam donya, aja ninggal/tansah eling ananing Angger-angger 11 (sawelas), kita kabeh ora kena mung men­tingake butuhe dhewe enak-kepenak, kudu eling marang tanggung-jawabe lan marang liyan. Ana ing Ang­ger-angger 11 (sawelas) wus ditulis/kacetha ana ing bageyan kuwajiban, iya iku: kudu tresna asih marang uwong tuwa, anak, brayat, sapadha-padha, kawa­jibake habudi luhur, ngadil lan welasan, linarang habudi nakal lan nistha. Samangsa kita pinaringan rejeki kang lumayan, bisa kasinungan raja-darbe/donya­brana, kudu muji sukur marang Rama Pran-Soeh, dene pi­naringan urip sing lumayan tinimbang liyane, aja ban­jur lali marang sing peparing, sanajan donya-brana mau olehe usaha/nyambut gawe nganti bisa nduweni ha­sil sing nyukupi. Kita kabeh mung kudu ngrumangsani dipurba lan diwasesa dening Rama Pran-Soeh, mung sa­derma nglakoni, anggadhuh apa sing dimeliki, kalebu uga uripe kuwi bae iya kalebu mung anggadhuh. Ma­nungsa urip ana ing alam donya dikuwasani/diatur dilindhungi/diayomi dening Pamarintah, bantuan lan daya-dayane uwong tuwa, anak, brayat lan bebrayan u­mum. Raja-darbe kita ora luput panjaga lan panga­yomane pamarintah/Nagara. Raja-darbe kita ana kang saka paweweh/pawitane u­wong tuwa, utawa saka hasil panyambut gawe/gotong­-royong kita lan anak bojo, brayat dalah tangga te­paro kita. Nduweni raja-darbe/donya-brana aja ngan­ti tumindak sing kasar, saka hasil sarana pakarti nakal lan nistha, kang dadi larangane kita kabeh, kudu tumindak sing becik-becik. Uwong urip ana ing alam donya, umume bisa urip sing enak kepenak, empuk-eyup kang dadi jangkane, nanging kita mung gumantung nasib sing diparingake saka Rama Pran-Soeh. Nanging kita ora kena mangsa bodhoh, kudu guna-ihtiyar, tumrap sugih miskin kuwi nasibe dhe­we-dhewe. Ana tetembungan "Sapa karep bisa", iki pan­cen bener, manungsa nduweni tujuan apa bae, sing gumelar ing salumahing bumi sakurebing langit, kang kasat tingal lan ora kasat tingal, kabeh wus bisa digunakake, kayata: gawe montor mabur, prahu, satelit, komputer, robot, senjata nuklir lan liya-liyane. Uwong sing pinter pikirane sok lali mikirake kaanan saliyane alam donya, iya iku alam alus (Kubur lan Akerat) ora padha ngudi kasunyatane.
2. Ana ing Angger-angger 11 (sawelas) kita kabeh diwajibake sregep nyambut gawe, kanggo nyampedi kabu­tuhan padinan lan kalamangsa, kayata: kanggo ra­gad nyakolahake anak, kapentingan sosial/umum, kang­go ragad yen samangsa ngelu mules/lara, ngrabekake/mantu anak, lan sapanunggalane.
Kita wis diparingi kamurahan saka Gusti Allah/Rama Pran-Soeh diwenangake mengkoni/nguwasani raja-darbe/donya brana kanthi hangelingi:
a. Kanggo pisungsung ing Bale Suci, dhasar hange­lingi dhawuhe Rama Panutan suwargi.
b. Aja owel-owelan samangsa Nagara/Pamarintah mundhut raja-darbe/donya-brana kita kang kanyata kanggo kasantosaning Negara, uger kanthi panindak kang ngadil.
c. Aja nganti duwe raja-darbe/donya-brana kapigunaka­ke kanggo kasang-saraning liyan/bebrayan, kanggo seneng-seneng, kanggo nuruti Hawa-Nafsune, kuwi jenenge pamborosan, kudu kapigunakake kanggo ka­raharjaning bebrayan.
3. Akeh uwong kang wuru/mendem donya-brana/bandha, rina lan wengi mung mikirake bisane mundhak akeh bandha­ne, nganti lali babar pisan marang kang peparing ban­dha mau, ora mikirake ing tembe burine, samangsa tu­mekaning pati, amrih suksmane bisa bener. Malah akeh uwong pasulayan rebutan tinggalan/warisan, ana sing nganti padha prekaran tumeka ing pangadilan. Ana sing nganti padha kekerengan tumeka ing pati.
Kanggo paring pepenget marang putra wayah kadang go­longan, aja nganti kaya kang kasebut ing dhuwur kuwi, Panjenengane Rama Panutan ndhawuhake:"bandha donya iku mung sadumil kabandhing lan kasuksman utawa urip kang langgeng".
Kajaba iku Panjenengane Rama panutan paring dha­wuh, aja nganti amal waris/tinggalane donya-brana saka uwong tuwa kanggo rebutan/pasulayan, bisaa di­bage adil lan tumata dhewe, iya iku tanpa diadili lan ditata ing liyan wus bisa tumata kanthi ati kang sumeleh, marem lan padha nrimane. Mungguh kang aran adil iku, ora anggone mbage padha akehe, nanging kang dika­repake supaya kang wus duwe (sugih/cukup) kudu nge­lingi sing mlarat/miskin, bisaa nampa pepanduman kang luwih saka mesthine. Sanajan mangkono aja kongsi sa­ka panjaluke si miskin, sarana dimusyawarah/dirembug bebarengan, kanthi lega lan rila atine/ora grun­delan ing pamburine.
4. Kanggo njaga/nanggulangi/ngendhih uwong kang hawatak nakal lan nistha, kagedhen melik, mung nuruti Hawa-Naf­sune/kamurkane. Amrih tumataning wewenang mengkoni raja-darbe dalah pembagene pisan samangsa pepegatan (pegat mati utawa pegat urip), Panjenengane Rama Pa­nutan paring pitedah-pitedah kang ateges dadi prana­tan mungguhing kita kabeh kaya kang kapratelakake iki:
a. Ngenani raja-darbe/donya-brana ana kang didarbeni sawise bebojoan lan ana kang sadurunge bebojoan iya iku gawane salah sawiji utawa karo-karone, mungguh asale ana kang sarana mbudi-daya dhewe, ana kang saka pawewehe uwong tuwane. Raja-darbe saka gawane uwong lanang umume sinebut "gana", dene gawane saka uwong wadon sinebut "gini". Raja-darbe hasile saka gendhon-rukon sawise bebojoan, sinebut "gana-gini” embuh saka hasil salah siji apa karo-karone pisan. Gana-gini iku dadi hak wewenange uwong sakeloron (lanang lan wadon). Paweweh saka salah sawiji, samongsa tinampa, sawise bebojoan, kajaba katujokake marang salah sawiji iku kaewokake gana-gini,
b. Raja-darbe saka gawane uwong lanang (gana) lan raja­ darbe saka gawane uwong wadon (gini), kudu dieling-­eling/dicathet, prayoga maneh sineksekake. Kajaba iku samangsa ana uwong bebojoan salah sawiji utawa sakarone (lanang lan wadon) wis nduweni anak (bebojoan wis dhudha utawa randha), saliyane raja­ darbe gawane lanang utawa wadon, uga raja-darbe hak wewenange anake, kudu dieling-eling cinathet. Luwih be­cik maneh sineksekake. Samoro uga perjanjian-perjanjian kang kaparengake dening pranatan perkawinan kang nge­nani raja-darbe, sadurunge pengabsyahan neningkahan. Perlune gana-gini, raja-darbene anak, perjanjian dieling-eling kacathet lan sineksekake, samangsa ana ora lestarine bebojoan, kanggo dhasar pembagening amal-wa­ris.
c. Sawise bebojoan duwe turun/anak, raja darbe gawane sa­karone (lanang lan wadon) didadekake siji/ditunggalake, ing sajerone telung tahun, durung duwe anak/ora. Duwe anak uga gawane saka sakarone didadekake siji. Ngenani perjanjian raja-darbe batal, kawurungake/kaanggep ora ana sawise anak-anak duwe turun. Utawa sanajan durung/ora duwe turun, sathithike sajroning telung tahun la­wase anggone bebojoan. Sabanjure raja-darbe wis katunggalake dadi siji/kalebur dadi hak/duweke uwong sakeloron (lanang lan wadon), dalah anak-anake.
d. Raja-darbe hak wewenange anak gawane salah siji utawa sakarone (lanang lan wadon) ora kena katunggalake/kalebur dadi siji raja-darbe haking lanang lan wa­don lan anak-anake kang tunggal bapa biyung iku mau. Anak gawaning biyung dadi anak kuwaloning bapa, anak gawaning bapa dadi anak kuwalone biyung.
e. Raja-darbe kang asale sawise bebojoan (gana-gini) da­di hak wewenange uwong sakeloron (lanang lan wagon) dalah anak-anake pisan.
f. Mungguh wewenange/ngehaki/ndarbeni raja-darbe/raja-brana antarane lanang lan wadon (bapa lan biyung) sarta anak-anake pisan, ora mbedakake lanang utawa wadon, pembarep utawa wuragil hak wewenange padha.
g• Mangkono uga hake anak kang isih ana ing kandhutan padha karo sadulur-sadulure/anak liyane.
h. Anak angkat kang sah uga nduweni hak kang padha kaya dene anak-anake dhewe. Dene ngangkat/netepake/ngabsahake anak angkat ku­du kaseksekake marang pamarintah sarta sabisa-bisa oleh pambiyantune saka anak-anake.
i. Anak kuwalon ora kaparengake nyenyampuri apa dene ora nduweni hak wewenang marang raja-darbe uwong tu­wane kuwalon (biyung kuwalon utawa bapa kuwalon), sanajan mangkono uwong tuwa (bapa kuwalon utawa biyung kuwalon) kawajibake tresna lan ngelingi anake kuwalon, malah sabisa-bisa, disahake dadi anak angkat, kang sabanjure nduweni hak wewenang padha karo anak-anake sing tunggal bapa lan biyung.
y. Hak wewenang siji-sijining anak tumrap raja-darbeke uwong tuwane kang dibage-bage iya iku padha karo 1/2 (saparone) hak wewenange/ pandumane bapa utawa 1/2 (sa­paro) biyunge.
k. Yen ana uwong bebojoan durung/ora duwe anak, anggone bebojoan lawase kurang saka telung tahun, banjur pe­gatan, iya iku pegat urip, raja darbe gawane dhewe-dhewe iya iku "gana” bali marang sing lanang, "gi­ni" bali marang sing wadon. Samangsa barang gawan mau cicir, suda regane, apa ma­neh rusak, kudu dilironi/kaganti dening uwong saka­rone kanthi pembageyan kang padha. Dene barang gana ginine, iya iku raja-darbe kang asale sawise bebo­joan kaparo antarane lanang lan wadon. Yen ana perjanjian ngenani raja-darbe antarane lanang lan wadon, karana ora batal/wurung, mula kudu ditetepi.
l. Yen ana uwong bebojoan wis duwe anak/turun, lan ora duwe anak pisan, anggone bebojoan sathithike wis telung tahun, samangsa pegat urip, kabeh raja-darbeke iya iku barang gawan lan gona-gini, kaedum/kabage sa­karone (lanang lan wadon) iki yen ora duwe anak. Dene yen duwe anak, kabage uga marang anake. Pembagening barang si bapa lan si biyung padha. Dene pembagene kang tinampa dening siji-sijining anak padha karo (saparo) bapa utawa 1/2 (saparo) biyunge.
m, Yen ana uwong bebojoan salah sawiji ajal/mati (pegat mati) lanang utawa wadon, mangka durung anak-anak/nurunake, lan anggone bebojoan kurang saka telung ta­hun, raja-darbeke “gona” bali marang sing lanang, "gini" bali marang sing wadon, dene gona-gini ka­paro, katampakake marang salah sawijine kang isih u­rip lan hak wewenange kang mati katampakake marang bapa biyung/waris cinakete
n. Yen ana uwong bebojoan salah sawiji ajal iya iku pe­gat mati (lanang utawa wadon), mangka wis anak-anak/nurunake, anggone bebojoan sathihtike wus sajroning telung tahun, kabeh raja-darbeke kabage marang lanang utawa wadon (bapa utawa biyung) kang isih urip, kang wus mati dalah anak-anake kanthi pembagean miturut hak wewenange, iya iku lanang/bapa sapanduman, wa­don/biyung sapanduman, siji-sijining anak 1/2 panduman (satengah panduman). Dene pandumane kang wus ajal/mati tinampakake lan bi­nage marang kabeh anak-anake (kalebu uga anak gawan i­ya iku anak patutan dudu karo bojo nalika ajale) kanthi pembageyan kang padha, dene marang bapa biyung/waris cinakete minangka tandha sih-katresnane kang pungkasan akehe 1/2 (saparo) pandumane siji-sijine anak, mangkono uga marang bojone.
o. Yen ana uwong bebojan ajal/mati bareng, pembagening raja-darbeke, amal-warise kang wenang andum lan nampa anak-anake lan uwong tuwane (bapa biyunge), waris cina­kete kang ajal, kanthi hak wewenang kaya kang kapra­telakake mau, kang perlu diwigatekake uwong bebojoan kang ajal/mati bareng mau duwe anak/turun apa durung, anggone bebojoan ganep telung tahun apa durung, duwe anak angkat apa ora, duwe anak gawan (karo bojo liya ing sadurunge) apa ora, bab iku kabeh kanggo ngawe­kani gona-gini, lan gona-gini raja-darbe tinunggala­ke apa ora, pangedume kang sapisan, kang kapindho lan sapanunggalane, temah bisa gawe marem marang sakabehe.
p. Raja-darbe kang kabage karana mati (pegat mati) utawa raja-darbe kang diamal-waris, iya iku raja-darbe sawise kasuda ragad-ragad kanggo pangruktine sing mati, wiwit geblak tumeka 330 (telung atus telung puluh) dinane. Dadi aja nganti ragad pangrukti iku kajibahake/migu­nakake pepandumane kang mati, sabab kurang trep (mu­rang susila) yen kelakon mangkono, sing mati ora o­leh panduman, apa kelakon sing mati ora dirukti. Umume pangrukti pati mau dadi tanggung jawab/kuwajiba­ne bojo, anak-putu, bapa-biyung utawa waris cinakete.
q. Utamane pembagening amal-waris iku sawise enteking pengetan ruwat kang pungkasan, iya iku 330 (telung atus telung puluh) dina. Nanging sajatine yen nganti kasuwen mangkono, dikuwatirake anane amal-waris kang cicir, ndadekake repot/kasujanan lan sapanunggalane, njalari ndadekake kisruh ing tembe burine. Yen pemba­gening amal-waris caket banget karo ajale uga kurang susila jer saru dinulu.
Manawa ana bab-bab kang perlu banget, ambage amal-wa­ris (tinggalane uwong mati) katetepake sawise 110 (sa­tus sapuluh) dina saka ajale, wektu samono iku wis cukup kanggo ngurusake amal-waris, apa dene cukup kanggo wigatining pangrukti pati.
r. Uwong kang ajal/mati ana kang isih ninggal utang, mula iki iya dadi tambahing beaya/ragad ora mung ngenani pangrukti pati bae, pembagening amal-waris sawise sesanggemane/utang wis padha dilunasi, dene yen durung kudu kajanjekake sapa kang kudu nyauri, mesthi bae sa­rana kinacekan pandumane, Yen uwong tuwa kang ajal, mangka isih ninggal utang, raja-darbeke ora nyukupi yen kanggo nyaur utang/ngesahi, mangka ana tandha buk­tine kang maton, anak-anake kuwajiban nyauri, pratan­dha tresna asihe marang uwong tuwa lan kanggo nglu­hurake asmane.
s. Uwong kang pegatan kang uwis duwe anak, mangka raja-darbene wis binage-bage pisan, anak-anake wis padha oleh panduman pisan, uwong tuwa/bapa biyung kudu tanggung jawab anak-anake, sabab kang dipe­gat bojone, dudu karo anak-anake, anak tetep dadi tanggungane uwong tuwane. Dene samangsa padha oleh bojo uwong liyane, yen bapa utawa biyung kuwalon sanggup nanggung-jawab marang anak kuwalon mau malah kabeneran, nanging uwong tuwane dhewe kudu tansah eling marang rohe/anake, tansah nanggung jawab anake mau nganti wus bisa mentas urip dhewe (golek pangu­pa jiwa dhewe).
3. Panjenengane Rama Panutan anggone paring pitedah-pi­tedah, ngenani pembagening amal-waris, iku mung mligi katujokake marang kadang golongan (murid-muride). Kita kabeh wus nyumurupi ora mesthi sakeluarga dadi muride Panjenengane Rama Panutan. Dadi bisa kadade­yan mbage amal-waris marang anak-anake sing ora nunggal keyakinan, utawa marang sanak-sadulur kang beda keyakinane. Ngenani bab kasebut ing dhuwur iku Panjenengane Rama Panutan paring pitedah-pitedah tambahan mangkene:
a. Yen kita (muride Panjenengane Rama Panutan ) kang ambage amal-waris marang anak-anake kabeh, sanajan ana anak kang ora nunggal keyakinan, raja-darbe kita (gona-gini) hasil saka anggone mbudi-daya sajroning bebrayan/bebojoan, dene anak, saka sih katresnane uwong tuwa marang anak, kalebu uga anak kang isih ana ing kandhutan/wetengan bae nampa pembageyan kang padha. Raja-darbe kita, bisa menyang sapa bae sing dipandhang perlu diwenehi, sanajan menyang uwong liya pisan, sarana eklasing atine hak wewenange raja-darbe diwenehake. Kadang golongan kita yen mbage hak wewenange marang anak kang seje keyakinane, ora ateges meksa marang keyakinane anak-anake. Kang penting/perlu uwong tuwa kudu tumindak adil, jejere uwong tu­wa ora kena mbedak-bedakake anak (mban-cindhe mban-siladan).
b. Kadang golongan kang bebarengan lan sadulur kang ora nunggal keyakinan arep mbage amal-waris (tinggalane uwong tuwa) wajib padha dirembug/musyawarah sing apik-apik, ngelingana anggone dadi sadulur, ora ke­na mbedak-bedakake keyakinan. Conto wis akeh, ana­ning amal-waris bisa nuwuhake pedhoting paseduluran, ana sing nganti lali karo sadulur tega marang patine.
Kadang golongan kabeh linarang tumindak srakah, ora adil, nakal lan nistha, luwih-luwih kongsi hamiwiti prakara kang ndayani sulayaning paseduluran.
Kita kudu sepi ing pamrih, tegese ora mung arep mi­kolehake awake dhewe, kabeh panemu/iguh pratikele bisaa ditampa/dirujuki/disetujoni dening sadulur-sa­dulure.
Samangsa pirembugan ora oleh putusan kang golong-­gilig/akur, prayoga ngawuningakake marang Pamarintah amrih tinata ing saadil-adile.
Eling-dieling sabisa-bisa aja padha prakaran ngenani amal- waris, sabab kajaba saru dinulu, mesthi dadi reng­ganging pasaduluran. Kang menang lan kang kalah durung mesthi oleh katentreman uripe saka barang amal ­waris mau.
6. Kanggo amekani kadadeyan mawarna-warna aja kongsi anak-putu dalah sanak-sadulur padha congkrah, su­laya lan prekaran ngenani pembagening amal-waris. Prayogane uwong tuwa nalika isih urip ambage amal­ waris luwih dhisik, utawa ninggal layang wasiyat, nerangake pembagening amal-waris marang siji-siji­ning anak, iki iya durung mesthi bisa kena kanggo pathokan kaleksanane pembagene amal-waris, sa­bab bisa kelakon ana anak sing ala watake/srakah/melik panduman sing akeh dhewe layang wasiyat diobong/ dirusak.
Kudu kelingan nyonto kuwi suwargi Rama Panutan sa­durunge seda wis ambage amal-waris marang putra-2.
7. Samangsa ana uwong tinggal raja-darbe/bandha, ora ana kang hak nampa amal-warise, kagawa ora duwe anak-turun, uwong tuwa lan waris-warise, sawise kaundhangake ing sajroning wektu 5 (limang) tahun dening Pamarintah, mangka kanyata ora ana kang pratela yen dadi anak-­turune, uwong tuwa/warise, raja-darbe/donya-brana mau dadi hak wewenange:
a. Kang 1/3 (sapretelon) marang kang rumeksa/ngurusi sarta bebrayan papan dununge uwong mau.
b. Pisungsung ing kothak Bale Suci Agung Gedhong Pran-Soeh ing Jagalan Munthilan.
c. Liyane marang Pamarintah.
Dene tumindaking pambagene supaya tumata lan ngadil kapasrahake marang Pamarintah.


















***A***
Perangan 37 (katelung puluh pitu)
DHAWUH-DHAWUH SAKA PANJENENGANE SUWARGI RPS.SASTROSOEWIGNYO MARANG PRIBADINE/UMUM TUMUJU PARA KADANG GOLONGAN/SISWANE

1. Dhumateng pribadine para siswa.
a. Sdr.Martaradana, Ngleri, Playen, Gunungkidul, Ngayo­gyakarta:
Mangkene:”Saungkurku yen padha kangen karo aku, suwe ora katemu, fotoku sing gedhe nyekeli kem­bang lan nganggo keris, sing ana omahmu Ngleri, tangisana/ditangisi, nyuwun kapethuk uriping foto.”
b. Sdr.Poedjosoewito, Jeruk, Kepek, Wonosari, Gunung­kidul, Yogyakarta mangkene:
“Yen padha peteng atine, tapa kaya jaman Nabi Musa, sembahyang madhep ngalor ngetan, mandeng lintang kang gedhe dhewe, rada mengleng mangiwa, kanthi munjuk atur: Dhuh Rama Pran-Soeh, kawula nyuwun sih pepadhang Paduka (kawula nyuwun pinaringan Pepadhang).”
“Nak Poedjo, sakulone sumurmu wis dak anggo petak, kena kanggo syarat sing kurang Utusan lan butuh katentreman.
Nak Poedjo, yen donya iki ana Nak poedjo 2 (loro) Agama bisa dadi.”
c. Sdr. Martasuwita, Semanu, Wonosari, Gunungkidul, Yogya­karta. Nalika Panjenengane dhong tindak Semanu, nya­re omahe Sdr. Martasuwita, esuk-esuk saka wungu sa­re, tindak pawon, banjur lenggah ana lawang butulan sing madhep mangetan pas pancer blumbang. Bareng mriksani ing elore blumbang, banjur ngandika:”Nak Marta, kuwi lo elor blumbang yen digawe su­mur cethek banget, 7 (pitung) meter rak wis metu banyune.”
d. Sdr.Martasuyitna, Ngleri, Playen, Wonosari, Gunung­kidul, Yogyakarta, mangkene:”Nak Yitna, yen ana "Panca-baya", utawa huru-hara", kudu eling marang RPS. Satrosoewignyo, sarta ngucapake "Panca-baya" unine mangkene: Panca-baya saka wetan, tinulak bali mangetan, tunggangane sapi rutih, kalungana kala-cakra, rajah iman slamet, slamet saka karsane Rama Pran-Soeh, Rama Pran-Soeh sesembahan kawula, Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo ranutan kawula (Nalika ngucapake sapisanan madhep mangetan, ngidul, ngulon, ngalor, mung­gah lan medhun/mangisor). Anggone ngucapake cukup sapisan madhep mangetan kaya kasebut dhuwur.
e. Sdr. R. Harjasudarma, Bathang, Sleman, Yogyakarta mang­kene:
I. Yen nandur tembako, wiwit juni tanggal 15 tekan 27. Yen nandur pari ing mangsa ketiga, wiwit sasi Mei tanggal 15 tekan 27.
II. Titikane Nabi kuwi akeh, sing dadi Utusane Gusti Allah ora akeh, Utusane Gusti Allah titikane duwe Mukjijat lan ngampil ngelmu telung prang­kat. Titikane sanajan duwe Mukjijat kayadene Nabi Suleman bisa omong-omongan karo kutu-kutu walang­ataga, nanging ora ngampil ngelmu telung prangkat, musti ora bisa nimbulake Agama. Yen Wali, iya iku Sunan KaliJaga, duwe Mukjijat lenga Jayeng Katon, nanging ora ngampil ngelmu telung prangkat, mula ora nimbulake Agama mung nerusake Agama Islam.
f. Sdr. Sudadya, Semanu, Wonosari, Gunungkidul, Yogyakarta, mangkene:”Yen kumpul/andon saresmi karo bojo, aja wayah awan. Bab iki mahanani ngringkihake marang turun/anak, ing lahir lan batin.
g. Sdr.R.Suromujana, Penamping, Kl. Gowongan, Kc. Jethis, Yogyakarta, mangkene:
I. Aja wedi karo bangsaning Jim, setan, lelembut, sa­bab ratune wis dak kalahake.
II. Yen mlebu ing Astana-Waja: Sapisan Sembahyangan, kapindho, tangan tengen napak jrambah, banjur bokong tumuli lungguh.
2. Dhawuh marang kabeh kadang golongan/siswane, mangkene:
1. 0ra kena dadi potang dhuwit/renterneer.
2. Ora kena dadi kusir andhong, kusir grobak.
3. Ora kena ngingu babi lan bebek.
4. Ora kena mangan karo mlaku.
5. Ora kena foto karo angguyu (katara untune).
6. Ora kena ngguyu cekakakan.
7. Ora kena ngombe nganggo tangan kiwa (kajaba yen kedhe), iyakena.
8. 0ra kena dadi jagal.
9. Ora kena duwe pakareman.
10. Ora kena ngingu jenggot.
11. Yen bisa gawe omah, sanajan seka watu/bata (gedhong), kudu nganggo saka (cagak kayu).
12. Lawang mlebu kamar paturon, kudu ana Simbul "A" lan panah cacahe 7 (pitu) ngener "A".
13. Yen arep mapan turu, lungguh/munggah ing amben/tempat tidhur bokonge dhisik, ora kena sikile dhisik sing munggah, sabab paturon kanggo papane semadi (sembahyangan).
14. Dina Slasa Kliwon tumeka Jumuah pon, padha pasa mutih/nganyep (mangan ora nganggo uyah).
15. Yen njenengake anak, nganggo pathokan aksara Jawa: ing ngarep dhewe aja nganggo aksara: MA, KA , TA, BA , RA, NA.
Aksara kang ngarep dhewe lan buri dhewe digung­gung, dijupuki telu-telu kudu isih turah 1 (siji) utawa 2 (loro). Upamane: A m r i n t a .
Aksara sing ngarep dhewe "A" ana 1 (siji)
Aksara sing buri dhewe "TO" ana 7 (pitu)
Gungunge ana 8 (wolu) dijupuk telu-telu isih turah 2(loro).
Aksara Jawa gunggunge ana 20 (rong puluh) aksara. Kayata:

16. Ora kena gawe saserike marang kadang golongan dhewe, luwih-luwih nganti ngetokake luh.
17. Yen arep ngedegake omah, kudu pasa sadina sawe­ngi, ora mangan ora ngombe lan ora turu, iya iku Upama: Anggone arep ngedekake ana dina Rebo Paing. Dina Salasa Legi tumeka malem Rebo Paing, malem Rebo Paing sawengi wutuh/natas ora kena turu tumeka dina Rebo Paing esuk kena buka (mangan, ngombe).
18. Ora kena padha ngedol ngelmuku (ngelmune Rama Resi Pran-Soeh Sastrosoewignyo).
19. Sesuk sapungkurKu, sing calon nerusake lelakonKu anakku Wenang.
20. Besuk sapungkurKu, BALE SUCI MUNTHILAN, dadi PU­SATING JAGAD. Sakiwa tengene BALE SUCI, omah gedhong-gedhong, lan dalan jembar/gedhe.
21. Kadang Gunungkidul syarate ngubengi alun-alun Wo­nosari saka lor wetan (pojok lor wetan) mangiwa.
22. SapungkurKu aja padha nyembah gambar/foto utawa kijing/tenger. Iya iku fotone lan kijinge/tengere RPS.Sastrosoewignyo.
23. SapungkurKu fotoku/gambarKu aja digawe wewujudan "RECA”.
24. Yen nirakatake anak lanang iku biyunge. Yen nirakatake anak wadon iku bapakne. Napakake anake lanang utawa wa­don bisa akeh kasile, samangsa biyunge kang napakake/nirakatake.
25. Nalika Rama RPS. Sastrosoewignyo tindak Logantung, Semin, Gunungkidul, ana ing omahe Bp. Mentajiwa iya bapakne Ny. Hadi­subroto, Ny. Martabudiyana, Panjenengane ngandika mang­kene:
a. Yen lara kuping dadakan, tambane kembang turi abang kapipis banyune ditetesake ing kuping.
b. Lara weteng dadakan, tambane bengle gedhe diparut diwenehi uyah, nuli kaombe.
c. Tembako sing thukul ana ing tritisan, godhonge diremet kanggo nglomoti wetenge.
d. Lenga mambu ing sajeroning senthir murub kanggo klomot.
e. Kunir dimamah, nuli diulu lan ana sing diklomotake. Lara panas tambane: klobot 3 (telung) ontong, pari 3 (te­lung) uli, dibanyoni nganggo banyu kali tempuran, banjur kagodhog, diombe lan kanggo klomot.
26. Aja padha nglalekake jawane, bapa ora kena nyupatani, pegawe kudu tresna marang pangkate, uwong tani tresnaa marang lemah, ing sendhang Logantung iki, banyune "Banyu­panguripan" kena kanggo tamba.
27. Uwong lara sing wus banget, tumeka ing lelaku/sakarate suwe ora inggal mati/ajal, banjur disembahyangake, rampung nyembahyangake sikile banjur dioklek munggah mudhun ambal kaping pitu. Yen kabul panuwune yen isih arep di­paringi waras, bisa inggal waras, yen pancen wus dikar­sakake ora waras, tumuli enggal ajal/mati. Amrih cethane perlu dakwenehi katerangan mangkene: Uwong sing lara diujurake ngalor, sikile loro sa­lonjor dirapetake, anggone nyembahyangake ana sa­cedhake sikile, madhep ngalor. Rampung sembahyangan sarana panuwunan mangkene: Dhuh Hama Pran-toeh kawu­la nyuwun ... (jenenge sapa) yen taksih badhe dipun paringi waras, nyuwun enggal pinaringan waras, dene yen boten pinaringan waras nyuwun enggal ka­pundhuta, kawula mesakaken anggenipun lelampah ka­dangon. Sikile sing lara (dlamakan tengen kacekel nganggo tangan kiwa, dene dlamakan kiwa dicekel nganggo tangan tengen nuli sikil loro/dlamakan loro Pisan ditekuk/dioklek munggah, banjur mudhun. Dioklek kaping pitu, iya iku munggah ping pitu, mudhun ping pitu.

Dhawuh pangandika saka Suwargi Rama RPS Sastrosoewignjo kakutip saka Layang Wasiyat

1. Gusti Allah utusan marang umat diparingi ngelmu telung prangkat, 1.Cahyaning Allah, 2.Utusane Allah, 3.Rupa padha tetep satrune Allah kuwi luput, sing duwe satru kuwi Adam iya kawula (yen nyuwun katemu nyawane dhewe-dhewe rak ora katemu Nyawane Utusan, iya Wahyu Sejatining Kakung/Putri), kuwi ora bisa cedhak/wani karo Gusti Allah, Gusti Allah ora kagungan satru.
2. Ijab Roh iku iya ora kena, hukume yen arep dadi manungsa maneh kudu nganti bisa katam jelas. Perkawinan sing wa­done wis ngandhut luwih dhisik, kuwi jenenge wis tumin­dak zina (mlanggar Angger-angger 11 (sawelas) bagean larangan No. 1.)
3. Pran-Soeh ora duwe wakil, kang kena diwakili kuwi Resi Pran- Soeh. Yen kena diwakili wakile banjur duwe pami­lih, yen bakal marang anggone bregas-bregas saguh, dhasar disembah-sembah dadi titah kang dhuwur dhewe, nek diwa­kilake kaya lelakonku rak mesthi ora saguh.
4. Jisime uwong mati ora kena ditumpuk, sarta Tenger ora kena dirusak.
5. Pasareyane bapa lan si biyung ya dikober-koberake ora ketang mung satahun sapisan, eling dieling manungsa kang wus bisa bali kuwi mung tinggal angin 3 (telu) tunggal, sarta aji kang suwarane thiyut-thiyut kaping telu ijih dianggo.
6. Yen padha semadi ora kena ndumuk jing tengah, kudu ndumuk papane suci ana ing kiwa, sing sapa iya sapa-­sapa jing ijih ndumuk kang tengah, tandha durung ka­tam jelas.







***A***

KIDUNGAN
MINANGKA PENGETAN SEJARAHE RAMA
RESI PRAN-SOEH SASTROSOEWIGNJO
NALIKA MERTAPA ANA HING PASISIR KIDUL
NAMPA WAHYU KAPISAN

J A W A : SUDIRAWARNA
Lampah 12, pedhotan 5-7.

Kacriteng pupuh,
SANG BRATALAYA WASI,
Ungguling yuda,
Lan KENYA WANDASARI,
Luluh gya nabda,
Mrih tapa somyeng ramya,
Tri dasek warsi,
Yun nimbulken lakonnya.

-----------------------

D U R M A

1.
Mundurraras Wasi Palam Bratalaya,
Dahat amati ragi,
Amesu sarira,
Cegah dhahar lan nendra,
Mrih sembada king kinapti,
Cipteng wardaya,
Mangudi nugreng widdi,
2.
Duk samana Sang Wasi suwiteng Nata,
Adwija tunggil wirid,
Antuk sihing Nata,
Tinunggal pra sentana,
Karana dahat undhagi,
Amilut karsa,
Lebda cucut respati,
3.
Wasis beksa luwes sasolah bawanya,
Swara rum raras bening,
Bisa den luk sanga,
Gandem dhasar wirama,
Mapan tan kuciwenq gendhing,
Marina kinarya,
Abdi pamaca tulis.
4.
Wis kawentar sawiji tan ana padha,
Suprandene Sang Wasi,
Tan umuk-umukan,
Sumungah sesongaran,
Marmanya keh para janmi,
Mudha myang wredha,
Julwestri pan samya sih.
5.
Wit Sang Wasi tuhu luhur bebudennya,
Welasan yun ngayomi,
Mring kang kasangsaran,
Rilan sung pangorbanan,
Wau yen rinenggeng tulis,
Tan ana telas,
Tinulis telung sasi.
6.
Kacarita Sang Wasi ruditeng driya,
Krana tan tegel uning,
De wantu Sang Nata,
Dupeh darbe panguwasa,
Sarake nora sinirik,
Srakah melikan,
Tan sirik tan atampik.
7.
Pindha Kala myang Godhayitma manjanma,
Weh panggugah Sang Wasi,
Enget tranging cipta,
Dhedhasaring wardaya,
Kang suka oleh kasucin,
Sirik dursila,
Tanngap sarasing osik.
8.
Temah enget kalane lagya memaca,
Lakyan pra sidik mursid,
Yeku Seh Molana,
Kang bangkit wawan sabda,
Lawan ingkang Maha Suci,
Tanapi uga,
Narendra ing Matawis.
9.
Sultan Agung saben-saben bangkit panggya,
Ratu Kidul Sang Dewi,
Kerep minta sraya,
Myang sakeh wadyanira,
Setan dhemit ejim besit,
Pra brekasakan,
Lelembut jro jaladri.
10.
Melenging tyas kadya tugu sinukarta,
Madeg prawireng galih,
Wasi Bratalaya,
Kaduga mapakana,
Merang lamun tan undhagi,Pan samya titah,
Tan tulus lila lalis.
11.
Semadyeng tyas pan arsa banting sarira,
Trus ngatas mring Hyang Widdi,
Wus sawelas warsa,
Denira tapa brata,
Sirih, mutih, pati geni,
Met mapan sonya,
Sabeng kali myang tasik.
12.
Pasisiran yen dalu tapa ngrambang,
Datan adarbe ajrih,
Langen ing samodra,
Plembungan dhestharira,
Ngangkah tengahing jaladri,
Daksina-daya,
Kratonira Sang Dewi.
13.
Santoseng tyas nirbaya myang nirwikara,
Akirnya tan aseling,
Kongsi sawlas ratya,
Nityasa tapa ngambang,
Mangkya winursiteng tulis,
Ratri wekasan,
Alun kagiri-giri.
14.
Lir kinerbur ombaknya mangambak-ambak,
Manaut mring Sang Wasi,
Gya binuwang tebah,
Sigra bali mangangkah,
Datan darbe walang galih,
Milala pejah,
Lamun tan bangkit panggih.
15.
Lan Sang Kenya Ratu-ratuning Udaya,
Tekad wetah Sang Wasi,
Suka kerem toya,
Sinarap ing minarda,
Gumolong giliging galih,
Pan kongsi prapta,
Wancinya madya ratri.
16.
Kongsi kesel nora kasil kang sinedya,
Kagol-kogeling galih,
Pan sanget nalongsa,
Ngraos dahat sangsara,
Gya minggir minggah ing sisik,
Angga gel-gelan,
Threthekan marga atis.
17.
Kabeneran duk samana padhang bulan,
Seh Maolanan keksi,
Nulya ingunggahan,
Ambrangkang sempoyongan,
Marlupa lesu aletih,
Asayah lungkrah,
Prandene prapta nginggil.
18.
Temah lenggah asendhen wit nagapuspa,
Asta kekalih nuli,
Cecekelan sela,
Bantheng prucul wastannya,
Trus nalangsa mring Hyang Widdi,
Karanta-ranta,
Kandhas ing sanubari.
19.
Lir udrasa tambuh-tambuh darunanya,
Apes dennya dumadi,
Tansah kogel gela,
Enget wit timur mila,
Wus tinilar mring sudarmi,
Karanta-ranta,
Lila tumuli lalis.
20.
Angelangut anelongsa Sang Atapa,
Angin emoh lumaris,
Lir bela sungkawa,
Alun kawlawan ombak,
Jangkrik walang munya seling,
Pindha ngrerepa,
Weh lipur mring Sang Teki.
21.
Pan kawarna tan antara nulya nebdra,
Bawane lapa arip,
Apayah kalintang,
Mangkana adiling Hyang,
Trus sare supena uning,
Lir wewentehan,
Ngraos anon jaladri.
22.
Samodragung tanpa tepi mawalikan,
Dangu dennya mriksani,
Sesining samodra,
Kinedhepken gya sirna,
Ilang sipating jaladri,
Agyanta rupa,
Temah dadya wanadri.
23.
Madyeng wana keh wreksagung geng ngrembaka,
Tinunggalan waringin,
Geng luhur kalintang,
Sang Wasi mawas kagyat,
Anon peksi salah rupi,
Mokal nglengkara,
Ngedhangkrang munggweng wringin.
24.
Cucuk lancip netra bang mirah dalima,
Mawa wangkawa wingit,
Abra mara kata,
Lurik jali wulunya,
Gedhenya sajago keksi,
Buntut jelamprah,
Cakar ajalu mingis.
25.
Jroning cipta wau Wasi Bratalaya,
Lagya tumon puniki,
Beburon mangkana,
Ing donya datan ana,
Tanapi gawok mring wringin,
Tan mantra wreksa,
Pindha Kraton kaeksi.
26.
Tuhu pelak Kraton kang sipat mandira,
Prabawa wingit rungsit,
Alun-alun jembar,
Sinaponan pra janma,
Ana kang ngawe Sang Wasi,
Ngungun Sang Tapa,
Peksi kang mokal anis.
27.
Kawistara wanita sulistyeng warna,
Angagem busanadi,
Kapraboning Nata,
Mrepeki mring Sang Tapa,
Gya pinethukaken aglis,
Tanya tinanya,
Sang Wasi ing tyas runtik.
28.
Kenya ngaku Nta daksinaudaya,
Ya kenya Wandasari,
Sesilihing Nata,
Kang mangreh pra seluman,
Lelembut lan setan eblis,
Jroning samodra,
Nenggih samodreng pati.
29.
Bratalaya tanpa krana tambah duka,
Wit sinilih kang warni,
Narpestri akrodha,
Temah diya-diniya,
Timbul panca-kara sengit,
Rikma Sang Kenya,
Den ukel mring Sang Wasi.
30.
Karsanira Sang Kenya yun rinampungan,
Kenya glis angles manjing,
Jro angga Sang Tapa,
Luluh dadya sajuga,
Gya ana swara dumeling,
Mangsit Sang Brata,
Tapa tri dasekwarsi.
31.
Kinen ngalor ngulon mentar switeng Nata,
Kidul Tidhar teteki,
Guwa somyeng ramya,
Timbul lakon kang nyata,
Para lakon den tengahi,
Swara tlas wungya,
Sang Wasi nuting wangsit.
32.
Kang kawahya ing ngarsa mesi carita,
Purweng Wahyu Sang Wasi,
Ilhaming Pangeran,
Kenya asilih warna,
Ilmu Sejatining Estri,
Tanpi sabda Hyang,
Titi rengganing rawi.
33.
Pinengetan tedhaking Wahyu kapisan,
Mring dutaning Hyang Widdi,
Wasi Bratalaya,
Ing sanga likur tanggal,
Agustus nujweng sutengsi,
Sengkalan nira,
Ngles manjing Wasi wani. (1890).


























***A***

6 komentar:

  1. Mengapa utusan selalu ditolak ditempat dimana dia turun....
    Mengapa semua seakan-akan buta dan tuli....
    Semua serba tersamar padahal Dia ada bersama-sama dengan kita ...
    Berkali-kali dari jaman Adam hingga hari ini tak henti-hentinya Dia memanggil kita...Meluruskan jalan kita tapi seakan kita tak peduli dan bahkan menganggap Dia yang menciptakan kita kurang waras karena berteriak-teriak mengurusi orang lain...
    Seandainya kita mau mengerti Dia merendahkan diri untuk kita,merasakan lapar dahaga juga untuk kita...

    Semoga lekas sembuh Mas...
    Dunia yang sakit ini membutuhkan pertolongan Mu wahai Sang Juru Selamat....

    BalasHapus
  2. sering kita harus melakukan sesuatu yang tidak kita inginkan, tapi lakukanlah kalau itu memang perintah dari Romo

    Salam, penganut

    BalasHapus
  3. banyak tafsir tentang mimpi mengenai dawuh dari romo, bahkan seperti kejadian turunnya Wahyu Sedjatining Kakung pernah saya alami

    BalasHapus
  4. nuwun idzin copy paste kagem piyambak


    Salam (A)

    Budi
    Cikarang

    BalasHapus
  5. Monggo menawi badhe copy paste, mugi-mugi saged kaparingan pepadhang.

    BalasHapus
  6. Top 10 BEST Slots by Payout Percentages - Mapyro
    Best Casinos by 제천 출장마사지 Payout Percentages. #10. Play Casinos by Payout Percentages 아산 출장마사지 on Mapyro. Find the Top 동해 출장안마 10 Casinos by 평택 출장샵 Payout Percentages. #9. Pragmatic Play. 목포 출장마사지

    BalasHapus

Silahkan tulis komentar anda